AN NIDA'
 Masail Manasikil Hajji wal 'Umroh
H.Abu Royhan
 

 

 

 

 

 


 Soal Jawab

 

 

 

 

SEPUTAR HAJI & UMROH 

 

 

 


MASAIL HAJI LAN UMROH

 

1. Lamis malmus nalika thawaf. 3

2. Umrah sunnah sakdurunge hajji. 9

3. Njaluk di dungakake dening Haji. 15

4. Nafar tsani Lebih Afdlol 20

5. Mbalang jumrah saka mburi . 23

6. Ngganteni mbalang Jumrah. 28

7. Ihram saka Jeddah. 34

8. Jama Qashar ing Arafah lan Mina. 44

9. Dam sebab nganggo pakaian kang dijahit 54

10. Walimah hajji. 58

11. Keharamane Bumi Madinah 62

12. Shalat ing Perluasan Masjid. 65

13. Shalat ing hijir Ismail ngandap mizab. 70

14. Shalat ing Raudlah . 76

15. Shalat Arbain ing Masjid Nabawi. 80

16. Ziarah makam Rasulullah SAW. 85

17. Muhrimah nganggo masker. 92

18. Mbayar dam lewat bank utawa muqimin ajir. 96

19. Asal usulipun Thowaf. 99

20. Mitos Hajar Aswad. 110

21. Thawaf Qudum cukup kelawan thawaf Umrah. 123

 

 

1.      Lamis malmus nalika thawaf.

Masalah.

Mayoritas umat Islam ing masyarakat kita punika sami nderek faham bilih gegepokan kulit antawis kakung lan estri ingkang mboten wonten hubungan mahram punika mbatalaken wudlu, sahingga nalika thawaf dados repot kerana thawaf mbetahaken suci saking hadast, ing mangka angel sanget anggenipun ngreksa saking gegepokan kulit saking ajnabiyah.

Pertanyaan.

a. Menapa wonten qaul saking ulama Syafiiyyah, ingkang

ngendikaaken mboten batal gepokan kaliyan ajnabiyah ?.

b. Kados pundi miderek madzhab sanesipun Syafiiy?

c. Kados pundi jalan keluaripun tumrap tiyang nalika

nindakaken thowaf ? menapa prayogi pindah madzhab ?

Jawab.

a.Wonten, nanging qaulipun kelompok alit, mboten batal tumrap tiyang ingkang dipun gepok (malmus), dene tumrap ingkang nggepok (mulamis) tetep batal wudlunipun.

Keterangan saking kitab :

1.      Al Idlah hal. 220-221

2.      Mizan al Kubra juz : I hal. 120.

3.      Rahmatul ummah juz : I hal. 13.

4.      Bughyatul Mustarsyidin hal. 10.

, .

 

Lan setengah saking bala kang sumrambah dumadi ing sak jerone thawaf, iku senggolan ing wong wadon kerana desekan, ula prayogane tumrape wong lanang aja ndesek wadon lan tumrape wong wadon aja ndesek wong lanang, kerana dikuawatirake mbatalake wudlune.

Nalika senggolan kulit antarane lanang lan wadon, mangka dadi batal wudlune tumrape kang nyenggol, dene tumrape kang disenggol miturut ulama pendereke Imam Syafiiy ana qaul loro.

Miturut qaul kang luwih shahih iku batal wudlune, iki kang ditetepake ing akeh akehe kitabe ulama Syafiiyyah.

Dene qaul kang kapindo, ora batal wudlune, iki qaul kang dipilih dening golongan kang shithik saka pendereke Imam Syafiiy ( Al Idlah hal. 220-221).

Miderek madzhab sanesipun Imam Syafiiy, bilih senggolan kulit pria wanita mboten mbatalaken wudlu, kejawi menawi anggenipun senggolan kanti syahwat, dene menawi mboten syahwat inggih mboten batal, menika miturut Imam Ahmad lan Imam Malik.

Benten malih Imam Abu Hanifah, bilih senggolan ingkang mbatalaken wudlu menika syarat menawi intisyar / ereksi utawi tegange dzakar. Keterangan saking

kitab :

  1. Mizan al Kubra juz : I hal. 120.
  2. Rahmatul ummah juz : I hal. 13.

, .......

Lan diantarane qaule Imam Syafiiy sejatine senggolane lanang kang baligh marang wadon iku mbatalake wudlu kelawan sekabehe kahanan, kejaba yen wadon mau ana hubungan mahram tumrape wong kang nyenggol, beda kelawan qaule Imam Malik lan Imam Ahmad, yen senggolan iku kelawan syahwat mangka mbatalake, dene yen ora kelawan syawat ya ora mbatalake. Beda meneh kelawan qaule Imam Abu Hanifah, menawa senggolan kulit iku mbatalake kelawan syarat intisyar, tegange dzakar. Mula batale jalaran senggolan lan intisyar kelawan bebarengan

Dene tumrape wong kang di senggol pada karo wong kang nyenggol ing ndalem batale wudlu, miturut madzhabe Imam Malik lan qaul kang luwih unggul saka qaul lorone Imam Syafiiy lan uga salah sijine riwayat lorone Imam Ahmad.

(Mizan al Kubra juz : I hal. 120) mengkono uga ing kitab : Rahmatul ummah juz : I hal. 13.

c. Jalan keluaripun tumrap tiyang nalika nindakaken thowaf tetep nderek dateng qaul saking penderekipun Imam Syafiiy sinaosa saking golongan minoritas, jamaah ingkang sekedik, ingkang penting ngatos atos njagi ampun ngantos tumindak secara sengaja nyenggol ajnabiyah, dene menawi kesenggol (malmus) nderek qaul tsani mboten batal wudlunipun.

Mboten perlu pindah madzhab jalaran taqlid dateng madzhab sinaosa netepi qaul dloif, menika langkung utami katimbang intiqalul madzhab, kerana awratipun ngempalaken syarat syaratipun. Kados keterangan saking Kitab : Bughyatul Mustarsyidin hal. 10.

Sejatine nderek qaul utawa netepi dalan kang dloif ing ndalem Madzhab, kelawan netepi syarate iku luwih utama katimbang taqlid madzhab liya (intiqal/pindah madzhab) kerana abote ngumpulake syarat syarate.

(Bughyatul Mustarsyidin hal. 10).

 

Kesimpulan.

Gepokan kulit kaliyan ajnabiyah punika hukumipun miturut Imam Syafii mbatalaken wudlu , dene miturut ulama Syafiiyyah pendertekipun Imam SyafiiI wonten qaul kalih, qaul awwal ngukumi batal dene miturut qaul tsani tumrap lamis tetep batal nanging tumrap malmus mboten batal. Dene miderek Imam Ahmad lan Ian Malik gepokan punika mbatalaken wudlu menawi kanti syahwat, menawi tanpa syahwat inggih mboten batal. Benten malih menggahipun Imam Abu Hanifah senggolan punika batal menawi intisyar /dzakaripun tegang menawi mboten intisyar inggih mboten batal.

Tumrap tiyang ingkang nembe thawaf mboten kerana angel lan rekaos sanget ngreksa saking gepokan kaliyan ajnabiyah punika, mila prayogi nderek qaul tsani saking Ulama Syafiyyah ingkang ngukumi mboten batal. Mboten perlu intiqalul madzhab jalaran taqlid dateng qaul dlaif ingkang tunggil madzhap punika langkung utami katimbang pindah madzhab, amergi angelipun netepi syarat ingkang kedah dipun tuhoni. Langkung gampil nderek ulama Syafiiyah ingkang mboten mbatalaken.

 

2. Umrah sunnah sakdurunge hajji.

Masalah.

Jamaah haji gelobang 2 kaprahipun kanti hajji tamattu sak sampunipun umrah rampung nengga dumuginipun wukuf Arafah nggadahi wadal ingkang longgar, kagem ngisi wekdal kejawi jamaah ing Masjidil Haram sami nindakaken umroh sunnat, kaprahipun mendet miqat saking Tanim, kadang wonten ingkang saking Jironah. Kepara wonten ingkang ngatah ngatahaken umroh sunnat menika, prasasat saben dinten nindakaken ngantos ambal ambalan. Ing mangka tiyang menia nindakaken hajji lan umroh ingkang setunggal paket wajib, lan dereng cekap, nembe umroh wajib, hajji nipun dereng katindakaken kok dipun pisah kanti umroh sunnah.

 

Soal.

Menapa wonten dasaripun lan tuntunanipun umroh sunat qoblal hajji menika ? Lan Menapa wonten dasaripun lan tuntunanipun ngatahaken umroh sunat ?.

Jawab .

Wonten, tindakipun kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu

alaihi wasallam ingkang umroh sak derengipun hajji kanti ambal ambalan.

Keterangan saking kitab :

Al Qira li Qashidi Ummil Qura hal. 606- 608

1- : , :

1. Hadits dipun riwayataken saking shahabat Ibnu Umar RA. Panjenengane ngendika :

Rasululullah Sallallahu alaihi wa sallam nindakaken umroh sak derengipun nindakaken hajji.

(HR.Al Bukhari lan Abu Daud).

Ibnu Umar RA. dipun suwuni pirsa umroh sak derengipun haji , Panjenengane njawab : Ra papa tegese kena. Imam Buhari ngriwayataken hadits :No. 1689

2- : ǡ : : :

 

2. Hadits dipun riwayataken saking shahabat Abu Ishaq deweke kanda : Aku takon marang Masruq, Atha lan Imam Mujahid, nuli pada njawab :

Rasululullah Sallallahu alaihi wa sallam nindakake umroh ing wulan Dzul Qodah sak durunge hajji.

Abu Ishaq nuli kanda : Barra bin Azib RA.

ngendika : Rasululullah Sallallahu alaihi wa sallam

nindakaken umroh ambal kaping pindo ing wulan

Dzul Qodah sak derengipun nindakaken hajji

. (HR.Al Bukhari No. 1689).

3 -

 

3. Hadits dipun riwayataken saking Aisyah RA.

Panjenengane ngendika : Rasululullah Sallallahu alaihi wa sallam nindakaken umroh ambal kaping pindo ing wulan Dzul Qodah, lan nindakaken umroh sepisan

ing wulan Syawal (HR.Imam Turmudzi).

4.-

( )

4. Hadits dipun riwayataken saking Anas RA. :

Rasululullah Sallallahu alaihi wa sallam nalika mustakane katon ireng , Panjenengane miyos kanggo nindakake umroh. (HR.Imam Syafii).

Ngendikane Anas RA.: Rasululullah Sallallahu alaihi wa sallam nalika mustakane katon ireng tergese katon ireng rambute mulai tuwuh sakwise cukur kanggo tahallul haji.

, , ,

Artosipun bilih Kanjeng Nabi mboten nate ngundur umrohipun ngantos wulan Muharram , malah panjenengane miyos tumuju dateng miqot wonten ing wulan Dzil hijjah kagem nindakaken umroh malih.

Saking menika nedahaken bilih umroh dipun tindakaken ambal ambalan, sahingga gamblang lan perwaca bilih ingkang katindakaken Kanjeng Nabi menika sampun dados pakulinan tumrap panjenengane nalika mustakane katon ireng tergese katon ireng rambute mulai tuwuh sakwise cukur kanggo tahallul haji, panjenengane miyos tumuju miqot kangge nindakaen umroh malih.

Menawi sampun kanyata gamblang lan perwaca bilih Kanjeng Nabi nindakaken kanti ambal ambalan lan ngatah ngatahaken nindakaken umroh punika sunnah tumrap kita kanti mutlak.

( Al Qira li Qashidi Umil Qura : 606- 608 ).

 

Kesimpulan.

Umrah sunnat sak derengipun haji hukumipun shah tur utami, dasar lan tuntunanipun hadits Shahih tindakipun Kanjeng Nabi Sallallahu alaihi wa sallam ingkang nindakaken umrah sak derengipun haji wonten ing wulan Syawal lan Dzul Qadah, mekaten ugi ngatah ngatahaken umrah sunnat ugi dipun anjuraken dasar tuntunanipun ugi hadits Shahih tindakipun Kanjeng Nabi Sallallahu alaihi wa

sallam ingkang nindakaken umrah kanti ambal ambalan. Sami ugi sak derengipun utawi sak sampunipun haji.

 

3. Njaluk di dungakake dening Haji.

Masalah.

Sampun dados pengadatan ing masyarakat kita nalika dumugi musim pemberangkatan calon jamaah haji, sanak kadang tanggi tepalih sami silaturrahim dateng calon haji. Lajeng katah tiyang ingkang sami nyuwun dateng ingkang bade tindak haji, supados dipun dungakaken wonten ing tanah suci Makkah lan Madinah, langkung langkung wonten ing papan papan ijabah. Mekaten ugi nalika haji sami kundur. Ing mangka ndunga, nyuwun dateng Allah menika rak saget nyuwun piyambak mboten usah nyuwun tulung tiyang sanes, lan saget saking pundi mawon mboten kedah saking Makkah lan Madinah.

 

Soal

1. Menapa wonten dasar tuntunanipun Quran utawi Hadits, nyuwun didungakaken tiyang ingkang nembe ibadah haji ?.

2. Menapa wonten dasaripun Quran utawi Hadits bilih tiyang ingkang nembe kundur haji dunganipun langkung mandi ?

 

Jawab :

Njih, wonten hadits ingkang ndawuhaken , malah Kanjeng Nabi piyambak nyuwun dipun katutaken dunganipun Shahabat Umar bin Khaththab nalika panjenenganipun nyuwun pamit bade nindakaken umrah. Mekaten ugi katah hadits ingkang ngendikakaken bilih tiyang ingkang nembe kundur haji punika langkung dipun ijabahi panyuwun lan donganipun .

Keterangan saking kitab :

1.      Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 40.

2.      Syarafu Ummati Muhammadiyyah hal. 156

, : , , : ,

Diriwayatake sangka Salim bin Abdillah bin Umar sangka Bapakne Salim. : Pernah Umar nyuwun idzin Kanjeng Nabi Sallallahu alaihi wa sallam arep nindakake umrah, nuli Kanjeng Nabi ngidzini lan ngendika : Aja lali ya aku dungana. utawa Aku katutna ya ing dungamu

Katah hadits ingkang ndawuhaken bilih tiyang ingkang nembe nindakaken haji punika mustajabah doanipun. Keterangan saking kitab

1. Al Qira li Qashidi Ummil Qura hal 40.

2. Al Mutajirur Rabih hal. 404.

3. Syarafu Ummati Muhammadiyyah hal. 156

: : , ,

Diriwayatake sangka Ibnu Amr , deweke cerita : Kanjeng Rasul Sallallahu alaihi wa sallam tahu ngendika : Wong kang pada nindakake haji lan umrah iku tamune Allah, menawa pada nyuwun mesti diparingi, lan menawa pada dunga mesti pada di ijabahi, lan menawa pada nggunakake banda mesti bakal di ijoli

( Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 40.)

: :

,

Diriwayatake sangka Ibnu Umar , deweke cerita : Kanjeng Rasul Sallallahu alaihi wa sallam wis ngendika : Nalika sira ketemu wong kang lagi bali sangka nindakake ibadah haji uluka salam lan salamana marang deweke, lan nyuwuna marang hajji kuwi supaya di suwunake ngapura sak durunge deweke mlebu omahe , sebab deweke iku diapura dosane.

( Al Mutajirur Rabih hal. 404).

:

:

 

Diriwayatake sangka Abdullah , deweke kanda : Aku tahu krungu Nabi Sallallahu alaihi wa sallam ngendika : Sing sapa wonge teka saka haji, olehe haji kerana murih ridlane Allah, mangka wong iku diapura dosane lan bisa nyafaati marang wong kang di dungakake

( Syarafu Ummati Muhammadiyyah hal. 156),

Kesimpulan.

Nyuwun dipun dungakaken dening tiyang ingkang bade nindakaken haji, saha mangayu bagya nalika nembe kundur saking nindakaken ibadah haji punika terang wonten tuntunanipun lan dasaripun hadits saking dawuh dawuhipun Kanjeng Nabi Sallallahu alaihi wa sallam, bilih Tiyang ingkang nembe nindakaken ibadah haji punika langkung ijabah doanipun, langkung langkung nalika haji nembe dumugi saking tanah suci Makkah sak derengipun mlebet griyanipun. Pramila prayogi kita sami tabarruk kaliyan para haji nalika nembe sami kundur, nyuwun dipun dongakaken kados dawuh Nabi SAW

 

4. Nafar tsani Langkung Afdlol.

Masalah.

Nalika dinten Nahar dumugi dinten Tasyriq jamaah haji sami wonten ing Mina perlu mbalang Jumrah, dinten Tasyriq ingkang ngantos tanggal 13 Dzul Hijjah wekdalipun sami kangge mblang jumrah tiga. Nanging ugi dipun wenangaken namung dumugi tanggal 12 Dzul Hijjah, lajeng sami wangsul wonten ing Makkah dipun sebat Nafar Awwal. Nanging ugi wonten ingkang nelasaken dinten Tasyriq ngantos tanggal 13 Dzul Hijjah nembe nilaraken Mina ingkang dipun wastani Nafar Tsani. Ing bab menika wonten pilihan tumrap Jamaah hajji, mendet Nafar Awwal menapa Nafar Tsani, tentu kekalihipun wonten dasar dawuh lan tuntunanipun.

Soal.

Pundi ingkang langkung utami antawisipun Nafar Awwal menapa Nafar Tsani ?.

Jawab.

Nafar Tsani langkung utami , Sinaosa Nafar awwal menika dipun wenangaken anaging nyampurnaaken dumugi dinten tasyriq kaping tiga ingkang dipun sebat Nafar tsani punika langkung afdlol, kados keteranganipun Ibnu Hajar Al Haitami wonten ing Kitab Syarhul Idlah :

Nafar awwal ini senajan diwenangake nanging ngundur tumeka dina tasyriq kang kaping telu iu luwih utama. (Syarh al Idlah 412)

Ngendika Syaikh Sulaiman Kurdi wonten ing kitab : Hawasyil Madaniyyah :

 

,

Sapa wonge karep budal saka Mina ing kaping pindone dina tasyriq mangka diwenangake lan ora ana dam tumrap deweke, nanging kang luwih utama ngakhirake budal ing akhire dina tasyriq( Hawasyil Madaniyyah Juz II hal . 264 ).

Ing bab menika Allah paring dawuh :

,

Sing sapa wonge age age ing Mina rong dina, mangka ora dosa tumrap deweke, lan sapa wonge ngakhirake nganti dina kaping telu uga ora dosa.

Kesimpulan.

Tumrap Jamaah haji nalika wonten ing Mina wiwit dinten Nahar dumugi akhir dinten Tasyriq wonten pilihan kalih nalika bade bidal nilaraken Mina, mendet Nafar Awwal berangkat dinten tasyriq kaping kalih utawi Nafar Tsani bidal dinten kaping tiga dinten tasyriq. Bidal dinten kaping kalih saking dinten tasyriq tanggal 12 Dzul hijjah dipun westani Nafar Awwal punika dipun wenangaken. Ananging nyampurnaaken dumugi dinten tasyriq kaping tiga tanggal 13 Dzul Hijjah ingkang dipun sebat Nafar tsani punika langkung afdlal,

 

5.     Mbalang Jumrah seka mburi.

Masalah.

Mbalang Jumrah Aqobah kalebet wajib haji, ingkang

rumiyin wujudipun Aqobah punika rumiyin setengah lingkaran, mbalangipun namung saking arah ngajeng amergi sumuripun namung separo. Milai musim haji tahun 2005 wonten perombakan jumrah aqobah diperluas sepanjang kirang langkung 15 M bentukipun oval, mbalangipun kongan saking arah ngajeng wingking. Sahingga langkung lancar jalaran medianipun langkung wiar saget menampung jamaah langkung katah, lan saget ngirangi resiko desekan ingkang langkung katah.

Dados mbalangipun saking arah ngajeng wingking saget kanti pertimbangan keselamatan.

Soal.

1. Kados pundi hukumipun mbalang jumrah Aqobah mboten saking arah ngajeng ?. (miturut asalipun Aqobah sak derengipun dipun rombak).

2. Saking arah pundi mbalang ingkang langkung afdlal ?.

 

Jawab.

  1. Mbalang Jumrah Aqobah mboten saking arah ngajeng hukumipun kenging .
  2. Dene ingkang langkung utami saking arah ngajeng madep dateng jumrah kerana itba Nabi.

Keterangan saking kitab :

1.      Hawasyil Madaniyyah Juz. II hal . 259 .

2.      Qasthalani Syarah Al Bukhari IV hal 171.

3.      Al Idlah Juz.II hal. 312

4.      Syarhul Idlah Juz.II hal. 360.

5.      Al Mughni hal. 274.

6.      Bughyatul Mustarsyidin hal. 117

1.     

  1. Saka endi arah olehe mbalang mangka nyukupi, senajan saka arah nduwure jumrah sekira anggone mbalang ing panggonane balangan

(Hawasyil Madaniyyah Juz. II hal . 259)

.2

2.Para ulama wis mufaqat ngenani carane mbalang jumrah Aqobah, saka ngendi wae arahe mbalang Aqobah iku wenang pada uga madep marang arahe Aqobah, utawa ndadekake Aqobah ing sisih tengene utawa kiwane, utawa saka arah nduwure utawa ngisore utawa tengahe, sulayane ing perkara iki mung ngenani cara mbalang kang luwih utama.

(Syarah Al Bukhari IV hal 171).

2. Mbalang Aqobah ingkang langkung utami punika saking ngajeng, madep dateng arah Aqobah, kerana nderek Kanjeng Nabi :

3.

3. Qaul kang shahih tur kang pinilih ing dalem ngadeke lan carane mbalang Aqobah , iku ngadek ing ngisore Aqobah ing tengahe jurang kanti ndadekake Mekah ing arah kiwane, lan Mina ing arah tengene sarana madep marang Aqobah nuli mbalang ( Al Idlah Juz.II hal. 312 )

Dawuh menika adedasar dawuh hadits shahih riwayat Imam Al Bukhari lan Imam Muslim :

4.

{ }

4. Hadits diriwayatake saka Shahabat Ibnu Masud Radliyallahu anhu : Sejatine Kanjeng Nabi Sallallahu alaihi wa Sallam iku ndadekake Baitullah ing arah kiwane, lan Mina ing arah tengene, lan Kanjeng Nabi mbalang kelawan krikil pitu( Syarhul Idlah Juz.II hal. 360 ).

5.

 

5. Lan ndadekake Mekah ing arah kiwane, lan Mina ing arah tengene sarana madep marang Aqobah nuli mbalang lan ora perlu mandek ing sandinge aqobah ( Al Mughni hal. 274).

6.

6.Lan disunnatake ndadekake Mekah ing arah kiwane, lan Mina ing arah tengene sarana madep marang Aqobah nalika mbalang kerana nderek Kanjeng Nabi.

(Bughyatul Mustarsyidin 117 )

Kesimpulan.

Mbalang jumrah Aqobah ingkang kalebet rukun haji punika mbalangipun ing dinten Nahar lan saking arah pundi kemawon mbalangipun kenging lan shah. Dene ingkang langkung utami saking arah ngajengipun kanti madep dateng Aqobah, dene Mekah wonten arah kiwa lan Mina ing arah tengenipun kerana nderek kanjeng Nabi.

6.    Ngganteni mbalang Jumrah.

Masalah .

Mbalang Jumrah ing dinten tasyriq punika kalebet wajib haji ingkang kedah katindakaken dening saben tiyang ingkang nindakaken Ibadah haji, nanging menawi wonten udzur saget dipun wakilaken dateng tiyang sanes. Dene tata cara mbalang kangge tiyang ingkang nggantos tiyang sanes , punika kok wonten pemanggih ingkang werni werni. Wonten ingkang ngendikaaken kedah ngrampungaken mbalang tigang jumrah kangge awakipun piyambak , nembe wangsul dateng jumrah ula kangge mustanib (tiyang ingkang nyuwun dipun gentosi). Mangka kasunyatanipun awrat lan rekaos sanget menawi kedah kanti cara mekaten.

Soal.

Menapa wonten qoul ingkang ngengingaken mbalang jumrah tiga kanti cara : mbalang jumrah ula kaping pitu kangge awakipun piyabak, lajeng kaping pitu kangge mustanib tetep wonten ing setunggal panggenan, lajeng nuju wonten ing jumrah wustha inggih ngaten punika , mekaten ugi wonten ing jumrah Aqobah.

 

Jawab.

Wonten qoul ingkang ngengingaken mbalang jumrah nggantos tiyang sanes ingkang mboten kedah nyampurnaaken tigang jumrah kangge awak ipun piyambak langkung rumiyin.

Keterangan saking kitab :

  1. Al Mughni hal . 287 .
  2. At Tahqiq wal Idlah : 74.
  3. Tafsir Ibnu Katsir Juz. Hal.

1. ,

1.Wong kang dipasrahi supaya mbalang kanggo awake dewe disik, nuli kanggo wong kang masrahi, lan wenang yen deweke anggone nindakake mbalang ing panggonan sawiji ( tegese mbalang jumrah swiji ambal kaping pitu, mboko siji kanggo awake dewe, nuli mbalang kaping pitu kanggo wong kang makelake kaping pitu ora pindah papan, tetep ing panggonane, kaya mengkono sak banjure nganti rampung jumrah telu ).( Al Mughni hal . 287 ) .

2. ,

2Wenang kanggo wong kang ngganteni, mbalang kanggo awake dewe ambal kaping pitu, nuli kanggo wong kang digenteni saben saben jumrah saka jumrah telu, kanti tetep ngadek ing panggonane

3. ,

3.Ora diwajibake nyampurnaake jumrah telu kanggo awake dewe nuli bali maneh marang jumrah ula, lan sak teruse kanggo wong kang diganteni, Iki mitutut qaul kang luwih bener saka qaul lorone Ulama, kerana ora ana dalil kang majibake mengkono kui, semono uga cara mengkono iku banget ngebotake lan rekasa anggone nandangi. Allah Taala dawuh :

{ }

Lan Allah ora andadekake agama iku sulit kanggo sira kabeh

4. : " " :" " : { } ( )

4.Tegese Allah ora meksa meksa sira ing perkara kang sira kabeh ora pada kuasa. Lan Allah ora netepake perkara kang kang abot kanggo sira kabeh kejaba ndadekake jalan keluar kang longgar, Ya merga iku Kanjeng Nabi Sallallahu alaihi wasallam dawuh ;

Aku di utus kelawan nggawa agama kang lurus tur gampang.

Nabi Sallallahu alaihi wasallam dawuh marang Muadz lan Abi Musa nalika ngutus karone minangka pemimpin ing negara Yaman. Gawea bungah sira wong loro aja gawe bubar, lan gawea gampang sira aja gawe angel

Ibnu Abas ngendika ngenani dawuhe Allah :

{ }

Tegese Allah ora ndadekake agama ira sempit, nanging Allah njembarake kanggo sira kaya agamane Bapa Nabi Ibrahim AS. (Tafsir Ibnu Katsir).

5. : { } , , ( : 74 )

5. Nabi Sallallahu alaihi wasallam ngendika :

{ }

Pada nggawea gampang sira lan aja nggawe angel sira

Lantaran ora tahu di nukil saka para shahabat Nabi Sallallahualaihi wasallam, nalika pada mbalang jumrah ngganteni anake anake lan wong wong kang pada ringkih, Sak umpama para shahabat tahu nindakake perkara mengkono kui, mesti wae para shahabat nyebutake, kerana iki kalebu perkara kang oleh kawigaten kang kudu di tekakake marang wong liya Wallahu Alam.

(At Tahqiq wal Idlah : 74 ).

 

Kesimpulan.

Wonten qoul ingkang ngengingaken mbalang jumrah tiga kanti cara : mbalang jumrah ula kaping pitu kangge awakipun piyabak, lajeng kaping pitu kangge mustanib tetep wonten ing setunggal panggenan, lajeng nuju wonten ing jumrah wustha inggih mbalang kados ing jumrah ula , mekaten ugi wonten ing jumrah Aqobah. Ateges mboten wajib nyampurnakaken mbalang kangge awakipun piyambak tigang jumrah langkung rumiyin nembe mbalangaken kangge mustanib. Menawi ongang ngaten menika langkung sae, Nanging nyekapaken kanti setunggal lampah kangge awakipun piyambak lan kangge mustanib, mergi mboten wonten ingkang majibaken kedah sampurna kangge awakipun piyambak nembe kangge mustanib. Kasunyatan cara menika sanget masaqat.

 

7.     Ihram saka Jeddah.

Masalah.

Jamah haji Indonesia gelombang kaping kalih punika

jadwal pemberangkatan sampun akhir sahingga saking bandara King Abdul Aziz Jeddah njujuk dateng Makkah, anggenipun wonten Madinah kantun sak sampunipun cekap ibadah hajji nipun. Dados jamaah haji Indonesia nalika ngliwati miqot kawontenanipun ing antariksa ing sak lebetipun pesawat udara, mila anggenipun ngagem pakaian ikhram wiwit saking Indonesia. Nanging wonten ugi ingkang ikhram lan miqot nalika wonten ing Jeddah.

 

Soal.

1. Wonten ing pundi miqot ipun Jamah haji Indonesia ingkang njujuk Mekkah ? pinten jarakipun saking Makkah ?

2. Kados pundi hukumipun ikhram saderengipun mlebet miqat kerana pengatos atos.?

3. Kados pundi hukumipun ngawiti ihram saking Jeddah ?

Jawab.

1. Jamah haji Indonesia nalika njujuk Mekkah mboten saking Madinah kados ingkang dipun tindakaken Jamah haji Indonesia gelombang kaping kalih mila benten kaliyan ingkang njujuk Madinah (Gelombang I). Dene mikotipun Jamah haji Indonesia punika saking Yalamlam jarakipun 120 Km saking kitha Makkah.

Keterangan saking Kitab Al Mughni Hal. 62.

: , , ,

Kaping telu Yalamlam, iku miqate wong wong Yaman, lan wong kang pada ngliwati, dene adohe saka Makkah kurang luwih sekitar 120 KM. Ikhram saka Yalamlam iki penduduk Malaisia, Cina, India, Indonesia lan liya liyane , Haji haji saka Asia Tenggara.

(Al Mughni Hal. 62).

2.      Hukumipun ihram sak derengipun lumebet miqot punika wenang. (Tentu maksudipun miqot Makani) Keterangan saking kitab ;

  1. Qulyubi juz.II Hal. 95.
  2. Al Mughni Hal. 63.

1.{ }

(Perhatian) Kinaweruhan saka kang wis tinutur yen sejatine ndisiki ihram sak durunge tumeka miqote Makani iku wenang beda kelawan miqot Zamani.

(Qulyubi juz.II Hal. 95).

2. , , ,

 

Wong kang ana ing sak jerone kapal udara supaya niyat ikhram nalika ngepasi miqot, yen ora ngerti pas arahe miqot pengati atine, supaya ihram saka adoh. Kelawan sekira yakin yen deweke ora bakal ngliwati miqot kejaba wis ihram , jalaran ihram sakdurunge miqot iku wenang, dene ihram kliwat miqot iku ora wenang. Al Mughni Hal. 63.

  1. Jamah haji Indonesia Ihram saking Jeddah punika hukumipun mboten kenging, amergi Jeddah sampun kaetang lebet miqot, kanti dipun ukur jarak ipun saking Mekah. Jeddah langkung caket katimbang Yalamlam. Jarak saking Mekah - Yalamlam 120 Km, dene Mekah - Jeddah 72 Km.

Keterangan saking Kitab :

  1. Hamis Ianatuth Thalibin juz.II hal. 303
  2. Al Ifshah Ala Masailil Idlah hal. 121.

1.

1.Lan ora wenang kanggo wong kang ihram

ngakhirake ihrame nganti tumeka marang Jeddah.

(Hamis Ianatuth Thalibin juz.II hal. 303).

2.

2. Lan ora wenang ngakhirake ihram nganti tumeka

Jeddah, jalaran Jeddah iku jarake luwih cedak saka

Makkah katimbang Yalamlam.

(Al Ifshah Ala Masailil Idlah hal. 121).

Dipun sayogyakaken kangge Jamah haji Indonesia, ngagem pakaian Ihram saking Indonesia, nanging niyat ihramipun nalika arah arah meh dumugi miqot minangka pengatos atos, dados nalika mendarat wonten Jeddah punika sampun ihram. Menawi mboten mangertos arah arahipun miqot, supados ihram nalika dumugi kira kira kalih marhalah sak derengipun dumugi Makkah kados keterangan ing kitab Al Idlah hal. 121.

Mangka lamun ora bisa ngepasi miqot ngendi, mangka ihram nalika tumuka jarak rong marhalah sangka Makkah, dene lamun samar ora jelas arahe, supaya usaha lan cara ngati ati iku wis cetha ora samar (Al Idlah hal. 121).

Ulama ulama kita netepaken supados ihram saking jarak kalih marhalah saking Makkah. Itibar kaliyan tindakipun Shahabat Umar RA. nalika mendet miqat saking Dzatu Irraqin.

(Ahkamul Fuqaha : 340 hal 385).

Ananging Syaikh Ibnu Hajar Al Haitami ngingingaken ihram saking Jeddah, amergi nganggep bilih Jeddah menika sami jarakipun kaliyan Yalalam. Keterangan saking kitab : Hawasyil Madaniyyah Juz. II hal . 227

Beda kelawan dawuh fatwane Guru kita Ibnu Hajar Al Haitami ya kang diterangake ing kitab Tuhfah, dawuhe :

Kelawan fatwa iki, kinaweruhan menawa wong kang teka saka arah Yaman kelawan lakon nyebrang lautan, tumrap wong kuwi wenang ngakhirake ihrame saka penereYalamlam tumeka marang Jeddah, kerana jarake Jeddah tumeka Makkah iku pada karo jarake Yalamlam, kaya kang wis pada diterangake .

(Hawasyil Madaniyyah Juz. II hal . 259).

Nanging fatwa menika dipun bantah dening ulama katah jalaran kasunyatan saget dipun buktekaken, jarak antawis Makkah dumugi Jeddah langkung caket katimbang Makkah dumugi Yalamlam, kanti kaut jarak ingkang katah, sahingga nyata nyata jarak ipun sanget benten antawis kekalihipun. Keterangan saking Kitab :

Ianatuth Thalibin juz.II hal. 303 - 304.

: .

Ngendika Guru kita Sayyid Al Allamah Yusuf bin Husein Al Baththah nuqil saka Guru kita Sayyid Al Allamah Sulaiman bin Yahya bin Umar Maqbul Rahimahuullahu Taala : Sejatine wong kang ihram saka Jeddah saka penduduk Yaman iku wajib mbayar dam , Lan kabeh wong kang nyocoki kelawan fatwane syeikh Ibnu Hajar saka golongane wong wong Yaman, iku kabeh penemune didasarake marang jarak kang dianggep pada antarane Makkah - Jeddah lan Yalamlam. Ing mangka nyata nyata beda kaya kang wis kinaweruhan. Dene kang nganggep ora wenang ihram saka Jeddah iku kelawan ngalap dasar anggone pada ngukur jarak perjalanan miqot lan Jeddah.

( Ianatuth Thalibin juz.II hal. 303 304 ).

 

Kesimpulan.

Miqotipun Jamaah Haji Indonesia punika wonten ing Yalamlam jarakipun sekitar 120 KM saking Makkah.

Kerana nalika ngliwati miqot kawontenanipun Jamaah Haji wonten ing antariksa ing mangka nalika mendarat wonten ing bandara King Abdul Aziz Jeddah sampun mlebet miqot, pramila dipun sayogyakaken ngagem kain ihram wiwit saking Indonesia minanga pengatos atos dene niyatipun ihram saget saking Indonesia utawi nalika arah arah ngliwati miqot, sahingga nalika mlebet Jeddah sampun ihram.

Dene ihram sak derengipun dumugi miqat punika dipun wenangaken, sebalikipun ihram sak sampunipun ngliwati miqat mboten dipun wenangaken, mila wajib dam.

Ihram saking Jeddah punika mboten kenging, amergi Jeddah langkung caket saking Makkah katimbang Yalamlam, jarakipun Makkah - Jeddah 72 KM, mangka Makkah - Yalamlam 120 KM, menika adedasar kasunyatan kanti mbuktekaken ngukur jarakipun. Dene Ulama wonten ingkang ngengingaken ihram saking Jeddah amergi nganggep jarak Makkah Jeddah sami kaliyan Makkah Yalamlam, ing mangka kasunyatanipun mboten sami.

 

8. Jama Qashar ing Arafah lan Mina.

Masalah.

Jamaah haji nalika wonten ing Arofah lan Mina kaprahipun sami nindakaken shalat fardlu kanti dipun Jama utawi qashar. Ing mangka sak derengipun dumugi Arofah lan Mina sampun sami muqim sak wetawis langkung sekawan dinten wonten ing Makkah, lan ugi jarakipun Mekkah dumugi Arofah lan Mina mboten jangkep kalih marhalah. Nanging sami nindakaken shalat Jama/Qashar kanti alasan bin nusuk, jalaran menawi kanti alasan bis safar terang mboten nyekapi syarat. Miderek Imam Syafiiy haji nalika wonten ing Arofah lan Mina mboten wenang shalat fardlu kanti jama utawi qashar, ananging ulama Syafiiyah katah ingkang ndawuhaken wenangipun jama qashar, malah wonten ugi ingkang ngukumi sunnat jama.

 

Soal.

  1. Kados pundi hukumipun shalat jama lan qashar nalika wonten ing Arofah utawi Mina tumrap jamaah haji ?.
  2. Menapa wonten Ulama Syafiiyah ingkang menangaken shalat jama nalika kesah kirang saking kalih marhalah ?.

Jawab.

  1. Tumrap jamaah haji nalika wonten ing Arofah, Muzdalifah lan Mina nindakaken shalat jama lan qashar punika wonten ulama ingkang ngengingaken, malah ngukumi sunnat shalat jama nalika wonten ing Arofah , Muzdalifah, lan nalika wonten ing Mina. Keterangan saking Kitab :

1. Al Idlah hal. 273.

2. Al Qira li Qaashidi Ummil Qura

1.

1.Nuli sejatine pada wae ingdalem wenange jama kanggone wong kang haji kang muqim (ing Mekkah) lan musafir, lan sejatine anggone wenang jama iku kelawan sebab Nusuk. ( Al Idlah hal. 273 ).

: .

Diriwayatake saka Aswad lan Alqomah, karone ngendika : Setengah saking sampurnane hajji iku ngumpulake shalat Dhuhur lan Ashar jamaah sartane imam ing Arofah. (HR.Said bin Manshur).

Hadits iki nuduhake yen jama ing Arofah iku kelawan adzan siji lan iqomat loro, iki ngendikane Imam Syafiiy lan para murid muride, Abu Tsur, Abu Hanifah lan para murid muride.

(Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 394).

Dene bab qashar nalika wonten ing Arofah punika wonten riwayat :

, : :

Diriwayatake saka Amr bin Dinar :

Dewere ngendika : Jabir bin Zaid dawuh marang aku:

Nyendaka shalat ing Arofah (HR. Said bin Manshur).

. (Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 395).

Dene jama wonten Muzdalifah wonten hadits bilih Kanjeng Nabi nindakaken jama antawis Maghrib lan Isa .

: .

Diriwayatake saka Jabir Radliyallhu anhu ing haditse kang panjang : Sejatine Kanjeng Nabi Sallallhu alaihi wa Sallam iku shalat maghrib lan isya ing Muzdalifah, kelawan adzan sepisan lan iqamat pindo. Lan babar pisan ora shalat antarane shalat loro mau.

Ing hadits iki nuduhake yen jama iku cukup kelawan adzan sepisan lan iqamat loro . Iki dawuhe Imam Ahmad lan luwih shahehe qaul lorone Imam Syafiiy lan uga ulama ulama liya (Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 421). : , : , , , : :

Diriwayatake saka Asyats bin Sulaim, saka Bapakne Panjenengane ngendika : Aku tau budal bareng Ibnu Umar saka Arofah tumuju Muzdalifah, Panjenengane dawuh marang swijine wong supaya adzan lan iqomqat. Panjenengane nuli shalat bareng kita, kabeh ing shalat Maghrib kelawan telung rakaat , nuli noleh marang kita, banjur dawuh : Ayo shalat.

Nuli Panjenengane shalat Isya bareng kita kabeh kelawan rong rokaat. Banjur nimbali ngersakake dahar dalu, Panjenengane di suwuni pirsa ing bab shalate mau. Panjenengane nuli ngendika : Aku wis tau shalat nderekake Kanjeng Nabi Sallallhu alaihi wa Sallam ngene iki HR.Abu Dawud.

(Al Qira li Qaashidi Ummil Qura. 421)

Dene bab wenangipun qashar wonten riwayat bilih Kanjeng Nabi, lan shahabat Ibnu Umar muqim wonten Makkah lajeng nalika wonten Mina nindakaken qashar.

Diriwayatake saka Shahabat Ibnu Umar RA. sejatine panjenengane muqim ana ing Makkah, nalika tindak menyang Mina panjenengane ngashar shalat

(Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal.394).

, :

Diriwayatake saka haritsah bin Wahab al Juzai, deweke iku sedulure Abdullah bin Umar bin Khaththab tunggal Ibu Panjenengane ngendika : Aku wis tau shalat nderekake Kanjeng Nabi Sallallhu alaihi wa Sallam ing bumi Mina bareng karo wong akeh banget, Kanjeng Nabi shalat ngimami kita rong rokaat nalika haji wada (HA.Abu Dawud).

 

Imam Abu Dawud ngendikaaken bilih Haritsah iku wong saka desa Juzaah kang omahe ana ing Makkah.

Imam Turmudzi uga ngriwayatakke hadits iki lan ngendika yen hadits iki Hasan Shahih, Haritsah iku omahe ana ing Makkah upama ora wenang qashar kanggo wong Mekkah, Haritsah mesti ngendika : Kita kabeh pada nyampurnakake, utawa Kanjeng Nabi ngendika marang kita

pada nyampurnakna sira kabeh aja pada ngashar shalat.

Mula tetep dadi keputusan kanggone wong wong Mekkah ngashar shalat ana ing Mina iku sunnat.

(Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 531-532).

Miderek keterangan saking Al Qira bilih ulama kita punika sulaya pemanggih wonten ing perkawis alasanipun jama, dawuhipun :

: , , , ,

Lan Ulama kita pada sulaya penemu : perkara

Anggone njama Kanjeng Nabi sallallahu alaihi wa sallam iku apa sebab mutlake lungan, apa jalaran adoh, apa alasan nusuk (ibadah haji), Sing cetha kelawan alasan nusuk, sahingga njama iku wenang kanggo wong njaban Mekah, wong Mekkah lan wong Muzdalifah.

(Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 394).

  1. Wonten Ulama Syafiiyah ingkang menangaken shalat jama nalika kesah jarak kirang saking kalih marhalah inggih menika qoulipun Imam Bandaniji ngugemi lahiripun hadits, kados keterangan ing Kitab :Bughyatul Mustarsyidin hal. 77

Kanggo kita ana qoul kang menangake njama ing ndalem lungan kang cedak, iki qoul kang dipilih Syeikh Bandanijiy, dene miturut lahire dawuh hadits diwenangake njama senajan ana ing omah / ora nuju lungan, kaya keterangan ing Syarahe Imam Muslim. Imam Al Khaththabi ngriwayatake saka Abi Ishaq ing wenange jama ing omah kerana ana hajat, senajan ora kerana wedi, ora kerana udan, ora kerana lara, lan kelawan qoul iki dawuh Imam Mundzir. (Bughyatul Mustarsyidin hal. 77).

 

Kesimpulan.

Shalat jama lan qashar nalika wonten ing Arofah utawi Mina tumrap jamaah haji miturut sawenehing ulama hukumipun wenang sinaosa sampun muqim wonten Mekkah, dados wenangipun jama lan qashar shalat punika bisababin nusuk mboten lissafar jalaran mboten jangkep marhalatain. Sahingga kawenangan punika berlaku kangge penduduk Makkah ingkang dipun sebat Makkiy, menapa dene penduduk sak njawinipun Makkah ingkang dipun sebat Ufuqiy, sae tumrap musafirin menapa dene muqimin kados keterangan ing kitab Al Idlah, kanti illat linnusuk.

Wonten Ulama Syafiiyah ingkang menangaken shalat jama nalika kesah kirang saking kalih marhalah, inggih punika qoul ingkang dipun pilih Syeikh Bandanijiy, dene miturut lahiripun dawuh hadits dipun wenangaken njama senaosa mboten nuju kesahan, kados keterangan ing Syarahipun Imam Muslim. Imam Al Khaththabi ngriwayataken saking Abi Ishaq ing wenangipun jama senaosa mboten nuju kesahan kerana hajat, mboten kerana ajrih, mboten kerana jawah, mboten kerana sakit, mekaten dawuhipun Imam Mundzir.

 

9. Dam sebab nganggo pakaian kang dijahit nalika ikhram.

Masalah.

Jamaah haji umumipun saking kalangan umat Islam ingkang tasih sanget awam babakan kawruh langkung langkung masalah ingkang sesambetan kaliyan manasik haji, mila mboten sekedik kedadosan ingkang asifat pelanggaran ingkang sering katindakaken dening jamaah haji, antawisipun muharramatil ikhram ingkang dipun terjang, amergi pancen katah sanget ingkang kirang dipun fahami dening kaprahipun jamaah haji. Mekaten ugi sak umpami wonten kesadaran bilih pelanggaran punika wonten damipun, nanging mboten dipun fahami menapa damipun. Kados tiyang ingang dereng tahallul ngagem sruwal utawi pakaian saanesipun ikhram.

Soal.

Menapa dam ingkang kedah ka bayar dening hajji ingkang nembe ikhram dereng tahallul ngangge pakaian ingkang dipun jahit, kadosta clana dalem umpaminipun ?

 

Jawab .

Tiyang menika wajib mbayar dam tahyir wa taqdir, inggih menika milih antawisipun nyembelih menda, utawi shiyam tigang dinten, utawi paring teda tigang sha dateng enem tiyang miskin. Kados keterangan saking kitab :

  1. Al Idlah hal. 476.
  2. Durusul Fiqhiyyah Al Halaqatur Rabiah hal.130
  3. Al Bajuri juz I. hal. 332.
  4. Ianatuth Thalibin juz. II. Hal. 324.

 

Dene nglakoni perkara kang dilarang, rupane kaya wong kang nyukur rambut, utawa ngethok kuku, utawa nganggo sandangan jahitan, utawa nganggo wewangen, utawa nglengani rambut sirah, utawa jenggot, utawa tumandang ngalap seneng kang sak liyane farji kelawan syahwat, mangka wajib tumrap wong mau nyembelih wedus utawa aweh pangan wong miskin enem, saben seben wong miskn siji, setengah sho, utawa pasa telung dina, wong kui kena milih antarane perkara telu.( Al Idlah hal 476 )

: , , , , ,

Dam tahyir lan taqdir iku wedus qurban utawa, utawa pasa telung dina utawa shadaqah telung sha kanggo enem wong miskin.

Dene sebab wajibe dam tahyir lan taqdir iku ana wolu,

1. cukur, 2. ngethok kuku, 3. lelengan, 4. wewangen, 5. nganggo sandangan, 6. wathi .

(Ad Durusul Fiqhiyyah Al Halaqatur Rabiah hal.130).

{ } , , , , ...

(Kapindo dam wajib ) Ijen ijene ana wolu, 1. dam cukur, 2. dam ngethok kuku, 3. dam nganggo sandangan , 4. dam lelengan, 5. dam wangen wangen, 6. dam wathi Dene dam kang Kapindo iku dam wajib sebab enak enakan yaiku dam tahyir dam kang kena milih, ana kalane wedus, utawa pasa telung dina, utawa shadaqah kelawan telung

sha kanggo enem wong miskin. (Al Bajuri juz I. hal. 332).

Wamitsluhu fi Ianatith Thalibin juz. II. Hal. 324.

 

Kesimpulan.

Tiyang ihram ingkang nindakaken muharramatul ihram utawi nerjang larangan ihram ing mangka dereng tahallul punika wajib dam. Dene damipun tiyang ihram ingkang ngangge sandangan punika dipun wastani dam tahyir wa taqdir, inggih menika milih antawisipun tigang perawis nyembelih menda, utawi shiyam tigang dinten, utawi paring teda tigang sha dateng enem tiyang miskin, saben saben tiyang miskin setunggal setengah sha.

 

10. Walimah hajji.

Masalah.

Sampun dados pengadatan wonten ing masyarakat, nalika dumugi mangsa bidalan haji, saben calon jamaah haji ngawontenaken acara muwaddaah / pamitan haji. Acara kasebat minangka ajanging silaturrahim saha pengaosan ingkang intinipun kangge pamit lan panyuwunan doa pangestu, dateng sedaya keluarga sanak kadang lan mitra pitepangan. Wonten ugi ingkang ngawontenaken acara syukuran sak sampunipun wangsul saking haji. Wonten mangsa sak lajengipun upacara menika sering sinebat walimatus safar utawi walimatul hajji. Kados kados lajeng dados rerangken ibadah haji ingkang kedah dipun tindakaken sak derengipun bidal haji.

Soal.

Kados pundi sakestunipun upacara menika menggah tuntunan agami kita ?.

 

Jawab.

Ningali kasunyatan acara kasebat minangka ajanging silaturrahmi lan ugi wonten ajlis ilmi / pengaosanipun ugi kangge majlis dzikir lan doa panyuwunan sauger mboten dipun campuri kemakshiyatan, hukumipun sunnat jalaran katah manfaatipun. Lan nalika nembe wangsul saking kesahan mila dipun sunnataken ngawontenaken walimah dipun wastani walimah naqiah. Keterangan saking Kitab :

  1. Qulyubi Juz II hal. 151.
  2. Al Fiqhul Wadlih juz I hal.673.

Lan disunnatake sawijine wong iku neja marang keluargane kelawan nggawa hadiyah, teka marang wong kang lagi bali seka lelungan senajan mung cedak kanti nggawa hadiyah, lan supaya ana uwong kang di kongkon ngabarake tekane, menawa pancen keluargane durung pada ngerteni. Aja marani keluargane ing wektu bengi, lan supaya njujuk ing masjid kang paling cedak lan sholat rong rokaat minangka netepi sunnate teka saka lungan . lan keluarga supaya nggawe walimah kang diarani walimah naqiah.

(Qulyubi Juz II hal. 151).

Disunnatake kanggo wong kang lagi mulih marang desane seka lunga haji nyembelih unta utawa sapi, utawa wedus, anggo wong wong feqir, miskin lan tangga teparone lan uga sanak kadange, minangka kanggo taqorrub marang Allah Azza wa Jalla, kaya ang di tindakake dening Nabi Sallallahu alaihi wa sallam. (Al Fiqhul Wadlih juz I hal.673).

Kesimpulan.

Pengadatan masyarakat ngawontenken upacara Pamit haji utawi syukuran kundur haji kanti ngleksanaaken majlis dzikir lan doa saha majlis ilmi kanti pengaosan, punika sampun sae, amergi ing ngriku saget kagem sarananipun taawun, taallum, tasyakkur, lan taqorrub lan taabud dateng Allah. Sauger mboten lelangkungan jalaran hukumipun mila sunnat ngawontenaken walimah nalika nembe dumugi saking kesahan kados ingkang katindakaken dening Kanjeng Nabi, dene naminipun walimah Naqiah, mung mawon kedah dipun jagi ampun ngatos kecampuran kemakshiyatan.

 

11. Keharamane Bumi Madinah.

Masalah.

Istilah haramain menika sampun maklum maksudipun bumi haram Makkah lan Madinah, kekalihipun dados tujuan ummat Islam ingkang sami nindakaken Ibadah haji. Kekalihipun anggadahi kehurmatan lan fadhilah ingkang mboten dipun miliki masjid sanes. Nanging bab keharamanipun menapa sami ? Wonten wekdal wekdal ingkang mboten kenging kangge shalat sunnat ingkang tanpa sabab kejawi wonten ing haram Makkah, Ing riku mboten nate nyebat Madinah. Ing angka wonten istilah haromain Makkah Madinah.

Soal.

Kados pundi estunipun keharamanipun Madinah menapa sami kaliyan keharamanipun Makkah ? sambetipun kaliyan nindakaken shalat shalat sunnat muthlak wonten ing papan kekalihipun, saha fadlilahipun kangge nindakaken shalat?.

Jawab.

Mboten sami antawis haramipun Makkah lan Madinah , wonten ing bab wenangipun shalat sunnat ing wekdal wekdal karohah. Wonten ing Madinah tetep dipun makruhaken dene wonten ing Makkah dipun wenangaken. Kados keterangan ing kitab Al Bajuri Juz I hal. 191.

Lan kejaba harame Mekkah, harame Madinah, Madinah iku pada wae karo liyane mengkono uga Baitul Muqaddas, mangka ora di jaba ake shalat ing karone Madinah lan Baitil Muqaddas. Dene shalat ing Makkah iku mung dihukumi khilaful aula (nulayani kautaman) ana ing wektu wektu makruhah iki

(Al Bajuri juz. I hal. 191-192).

Dene fadlilahipun kangge tumandang ibadah shalat ugi cetha bentenipun adedasar dawuh hadist kados ing keterangan saking kitab :

Al Qira liqashidi Ummil Qura hal. 656.

: :

Hadits diriwayatake saka Abi Hurairah RA. : Panjenengane ngendika : Kanjeng Rasulullah Sallallahu alaihi wasallam wis dawuh : Shalat ing masjid Ingsun iki, luwih utama katimbang sewu shalatan ing masjid masjid liyane, kejaba Masjidil Haram, shalat ing Masjidil Haram luwih utama katimbang satus shalat ing masjid iki, ya masjid Madinah (HR.Ahmad).

Al Qira liqaashidi Ummil Qura hal. 656.

 

Kesimpulan.

Jelas mboten sami antawis haramipun Makkah lan Madinah, saking arah hukum ing bab wenangipun nindakaken shalat sunnat ing wekdal wekdal karohah. Wonten ing Makkah dipun wenangaken, dene wonten Madinah tetep dipun makruhaken . Mekaten ugi ing bab fadlilahipun ugi benten shalat wonten ing Madinah langkung utami tikel kaping sewu katimbang wonten ing masjid masjid sanes, kejawi Masjidil Haram. Shalat wonten Masjidil Haram kautamenipun satus tikelan katimbang wonten masjid Nabawi ing Madinah.

 

12. Shalat ing Perluasan Masjid.

Masalah.

Papan pengibadahan wonten ing pundi kemawon mangsa menika tentu ngalami perluasan kerana kawontenan kapasitas ingkang sampun mboten nyekapi kagem nampung jamaah, langkung langkung masjid masjid tilaran sejarah. Kalebet masjid Nabawi ing Madinah lan masjid masjid sanesipun, tentu sampun katah ngalami ewah ewahan amergi dipun bangun lan dipun wiaraken, amrih saget nyekapi kapasitasipun kagem nampung jamaah. Sahingga tiyang ingkang saget nindakaken ibadah wonten ing papan aslinipun tentu sanget winates jumlahipun. Ing mangka wonten dawuh dawuh hadits ingkang sambet kaliyan fadlilahipun ibadah ingkang katindakaken ing papan kasebat. Dawuh menika namung berlaku kala semanten, menapa ugi tetep berlaku ngantos sepanjang wekdal.

 

Soal.

Kados pundi shalat ing Masjid Nabawi ing mangsa sak menika, ingkang mboten wonten ing aslinipun masjid Nabawi jalaran sampun dipun perluas, menapa pikantuk fadlilah kados dawuhipun Kanjeng Nabi ?

 

Jawab.

Dawuh dalem Kanjeng Rasulullah Sallallahu alaihi wasallam

..

 

Shalat ing masjid Ingsun iki, luwih utama katimbang sewu shalatan ing masjid masjid liyane, kejaba Masjidil Haram......

Punika tetep lumampah sepanjang mangsa mboten namung kagem nalika dawuh, tegesipun shalat ing masjid ingkang sampun ngrupekaken perluasan ugi pikantuk kautaman kados ingkang kadawuhaken Kanjeng Rasulullah Sallallahu alaihi wasallam , dados mboten namung kangge masjid asli ingkang kabangun dening Kanjeng Nabi kemawon, sinaosa sampun kawiaraken dumugi sepinten kemawon fadlilahipun ugi tetep saget dipun gayuh sinaosa mboten wonten ing papan asli masjid ingkang kabangun Kanjeng Rasulullah Sallallahu alaihi wasallam. Keterangn saing kitab :

Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 681. ing Bab 45.

: : : , :

Hadits diriwayatake saka Abi Hurairah Radliyallahu anhu : Panjenengane kanda : Kanjeng Rasulullah Sallallahu alaihi wasallam wis dawuh : Umpama masjid iki dibangun nganti tumeka tanah Shana, iki tetep masjid Ingsun .

Abu Hurairah Radliyallahu anhu ngendika :

Njabane masjid iku uga kaya njerone masjid .

Shahabat liyane uga ngriwayatake hadits marfu tumeka Kanjeng Nabi Sallallahu alaihi wasallam, Panjenengane ngendika : Iki masjid Ingsun, ngendi wae kang di tambahake iku uga kalebu masjid Ingsun, senajanta tumeka tanah Shana tetep wae iki masjid Ingsun.(Al Qira hal. 681).

Kesimpulan.

Shalat wonten ing masjid Nabawi ingkang sampun diperluas punika tetep saget pikantuk fadlilah lan kautaman kados dene shalat wonten ing masjid ingkang tasih asli. Fadlilah shalat ing papan ingkang sampun ngrupeaken perluasan, punika sami kalian fadlilah masjid aslinipun ingkang kabangun dening Nabi. Dados dawuh Kanjeng Nabi ngengingi kautamanipun shalat ing masjid Nabawi punika tetep berlaku sepanjang masa sinaosa masjid dipun bangun kanti dipun wiaraken dumugi pundi mawon. Mboten namung kangge papan asli ingkang kabangun dening Kanjeng Nabi kala semanten kemawon. Malah kepara sinaosa mboten wonten lebetipun bangunan masjid, kados wonten ing plataranipun masjid kerana jamaah ingkang mbludak dumugi sak njawining masjid, tetep mawon saget nggayuh fadlilah kados kersanipun dawuh Nabi, miderek dawuh ngendikanipun Abu Hurairah Radliyallahu anhu :

Njabane masjid iku uga kaya njerone masjid .

 

13.Shalat ing hijir Ismail ngandap mizab.

 

Masalah.

Ing antawisipun sunnat sunnatipun thawaf punika shalat sunnat sak sampunipun thawaf wonten ing maqam Ibrahim utawi ing hijir Ismail ing ngandap mizab utawi talang mas, perkawis menika sanget dipun idamaken dening para jamaah haji, ngantos dipun rencangi desekan amergi katahipun jamaah. Tentu nindakaken shalat sunnat wonten ing Hijir Ismail punika sanget ageng fadlilah ipun. Nanging ugi wonten ulama ingkang anggadahi pemanggih bilih shalat ing Hijir Ismail punika mboten wonten dasaripun malah tindakan menika dipun anggep minangkasatunggaling kebodohan. Kasunyatan ugi mboten saget dipun selaki, bilih katahipun jamaah sami ngajengaken shalat wonten ing papan kasebat lan ugi kasunyatan mboten wonten awisan.

 

Soal.

Kados pundi hukumipun shalat wonten ing Hijir Ismail ing ngandapipun Mizab lan ing wingking Maqam Ibrahim ?.

Jawab.

Shalat sunnat kalih rakaat sak sampunipun rampung thawaf

punika hukumipun sunnat, langkung utami malih menawi wonten ing Khalfal Maqam utawi ing Hijir Ismail, dene runtutipun ingkang langkung utami ing Khalfa Maqam Ibrahim, lajeng wonten ing lebet Kabah, wonten ing Hijir Ismail, lan wonten ing Masjidil Haram, kados keterangan saking kitab :

1. Al Idlah hal 245.

2. Syarhul Idlah hal. 288.

3. Al Bajuri juz. 314.

4. Ianatuth Thalibin Juz. 300.

Sunnate iku shalat rong rakaat ing mburine Maqam Ibrahim, yen ora isa ing mburine Maqam Ibrahim kerana desekan utawa sebab liyane, supaya shalat ing Hijir Ismail, yen ora bisa nindakake ing kono ya ing Masjidil Haram, yen ora bisa ya ing tanah haram. ( Al Idlah hal 245 ).

( ) :

(Dawuhe Ibnu Hajar : Ing Hijir ) tegese ing ngisore talang kaya keterangan ing kitab Majmu lan liyane, Hijir Ismail iku luwih utamane bagiane Kabah, kerana dawuhe Ibnu Abbas, Radliyallahu an huma, : Yen sejatine Hijir Ismail iku pilihane papan shalat .( Syarhul Idlah hal. 288 ).

Lan supaya shalat sak wise rampung thawaf kelawan rong rakaat, kang luwih utama nindakake shalat rong rakaat iku ana ing mburine Maqam Ibrahim, nuli ing Hijir Ismail, nuli ing masjid Haram, nuli ing tanah haram, ing endi wae karep lan kapan wae karep, ora pot sunate shalat rong rakaat kui, kejaba sebab matine wong ang thawaf (Al Bajuri juz.314 ).

Dipun riwayataken dening Imam Ahmad saking Said ibnu Jubair saking Aisyah Radliyallahu anha. Panjenengane Matur marang Kanjeng Nabi :

: : , :

Duh Rasulullah ! sedaya garwa Panjenengan sanesipun kula sampun nate sami lumebet ing Baitullah, Rasulullah lajeng dawuh : Sliramu kongkona marang Salimah (Juru kuncine Kabah ) supaya mbukakake lawange Kabah kanggo sliramu. Aku banjur kongkonan marang Salimah . Nuli Salimah kanda : Kula mboten sanggup mbika pintu Kabah sami ugi ing zaman jahiliyah lan ing zaman Islam wonten ing wanci dalu.

Kanjeng Nabi lajeng ngendika :

Shalata sira ing Hijir Ismail, jalaran saktemene kaum ira iku wis nyilik ake Kabah nalika pada mbangun . ( HR.Ahmad ).

Dados shalat ing Hijir Ismail punika kautamenipun sami kaliyan shalat ing lebet Kabah. Shalat ing Hijir Ismail punika dipun sunnataken sak sampunipun rampung thawaf, amergi kalebet sunnatipun thawaf.

Imam Bukhari ngriwayataken hadist bilih Kanjeng Nabi nindakaken shalat sunnat kalih raaat bakda thawaf wonten ing khalfal maqam.

: :
ǡ ǡ : " "

Diriwayatake saka Amr bin Dinar, deweke kanda :

Aku tau krungu Ibnu Umar Radliyallahu anhuma iku ngendika : Kanjeng Nabi nalika rawuh ing Masjidil haram langsung thawaf ing Baitullah ambal kaping pitu, nuli shalat rong rakaat ing mburine Maqam Ibrahim, nuli metu tumuju marang Shafa, Lan temenan Allah Taala wis dawuh : Yekti temenan ing pribadine Nabi Sallallahu alaihi wa sallam utusane Allah iku maujud tulada kang bagus ( HR.Al Bukhari no. 154 ).

 

Kesimpulan .

Shalat sunnat ing Hijir Ismail lan Khalfal Maqam punika hukumipun sunnat sak sampun nyampurnakaken thawaf, kerana nderek tindakipun Nabi Sallallahu alaihi wa sallam. Dene shalat ing Hijir Ismail punika kautamenipun sami kaliyan shalat ing lebet Kabah. Runtutipun papan ingkang ageng fadlilahipun inggih punia, ing mburine Maqam Ibrahim, nuli ing Hijir Ismail, nuli ing masjid Haram, nuli ing tanah Haram.

 

14. Shalat ing Raudlah.

Masalah.

Raudlah punika sawenehing papan ingkang sanget minulya wonten ing Madinah, sahingga ummat Islam ingkang dumugi Masjid Nabawi tentu sami merdi merdi ngupaya amrih saget nindakaken ibadah wonten ing Raudlah punika kanti shalat utawi doa utawi maos maos dzikkir. Sinaosa kedah kanti rekaos amergi desekan lan suk sukan umat Islam sami berusaha saget wonten ing papan kasebat. Tentu amergi wonten keyakinan bilih papan menika sanget istimewa kangge nindakaken ibadah lan ndunga dateng Allah, ndadosaken sugesti tumrap ingkang saget ngibadah

wonten ing papan menika.

Soal.

Menapa estunipun Raudlah punika? Lan kados pundi hukumipun nindakaken shalat wonten ing Raudlah punika ?.

Jawab.

Raudlah punika satunggaling panggenan ing masjid Nabawi ing antawisipun makam lan mimbaripun Nabi ingkang tansah kangge shalat lan ibadah kanjeng Nabi lan para shahabatipun, ugi papan kangge turunipun wahyu. Kados dawuh Nabi ingkang nyebataken :

Diriwayatake saka Abi Hurairah RA. Sejatine Rasulullah Sallallahu alaihi wa sallam iku ngendika : Antarane dalemku lan mimbarku ana pertamanan saka pertamanane swarga, dene mimbarku ana ing khaudhku (telaga).(HR.Bukhari Muslim).

Karana sanget mulyanipun papan menika sahingga saben tiyang kepingin nindakaken ibadah ing papan kasebat. Dene fadlilahipun kados keteranganipun Imam Nawawi ing Kitab Al Idlah : hal. 467.

: { } :

Lan kasebut ing kitab Shahih Bukhari Muslim,

Diriwayatake saka Abi Hurairah RA. Saka Rasulullah Sallallahu alaihi wa sallam Panjenengane iku ngendika :

(mimbarku iku ana ing khaudhku) Imam Al Khaththabi ngendika : Maknane dawuh hadits kui : Sing sapa wonge netepi ngibadah ing sandinge mimbar ku, mangka wong iku bakal diombeni saka banyune telaga ku mbesuk dina qiyamat (Al Idlah : hal. 467).

Syaikh Ibnu Hajar Al Haitami ugi ngendika ing Syarhul Idlah hal. 493.

:{ }

Nuli swijine wong kui nekani ing Raudlah, lan ing kono ngakeh ngakehake dungo lan shalat, Lan wis tetep dawuh Nabi kang kasebut ing kitab Shahih Bukhari Muslim, Diriwayatake saka Abi Hurairah RA. Saktemene Rasulullah Sallallahu alaihi wa sallam ngendika :

Antarane dalemku lan mimbarku ana pertamanan saka pertamanane swarga, dene mimbarku iku ana ing khaudhku (telaga). Lan wong mau supaya ngadek ing sandinge mimbar lan ndunga ( Syarhul Idlah hal. 493).

Kesimpulan.

Raudlah punika satunggaling panggenan ing masjid Nabawi ing antawisipun makam lan mimbaripun Kanjeng Nabi ingkang tansah kangge shalat lan ibadah kanjeng Nabi lan para shahabatipun, ugi papan kangge turunipun wahyu, kados keterangan hadits riwayat Imam Bukhari Muslim. Imam Al Khaththabi ngendika : Maknane dawuh hadits kui : Sing sapa wonge netepi ngibadah ing sandinge mimbar ku, mangka wong iku bakal diombeni saka banyune telaga ku mbesuk dina qiyamat . Karana sanget mulyanipun papan kasebat mila memper lajeng sedaya tiyang Islam ingkang dumugi Madinah kumedah kedah dumugi wonten ing Raudlah punika. Jalaran ugi dipun sugesti kanti hadits dawuh dalem Kanjeng Nabi SAW. ing hadits ingkang shahih riwayat Imam Bukhari Muslim. Ingkang dawuh sok sintena tiyang ingkang saget shalat lan ndunga wonten ing ngriku mbade dados lantaranipun dumugi swarga lan ngunjuk toya tlaganipun Kanjeng Nabi.

 

15. Shalat Arbain ing Masjid Nabawi.

Wonten satunggaling amaliyah tumrap jamaah haji ingkang sanget dipun tengenaken, ing mangka sakestunipun amaliyah punika mboten kalebet manasik haji. Inggih punika shalat fardlu 40 wedal ing Masjid Nabawi secara berturut turut ingkang lajeng dipun wastani shalat Arbain. Nalika jamaah haji ziarah wonten ing Madinah mila amaliyah ingkang langkung wigatos inggih shalat Arbain punika. Wedal muqimipun ing Madinah ugi namung pas kagem nindakaken shalat Arbain punika. Tentu sedayanipun jalaran wonten dawuh ingkang sanget ndorong dateng Jamaah haji nggayuh fadlilah amaliyah punika. Mboten sekedar gugon tuhon nanging terang lan gamblang wonten dawuh tuntunanipun. Bilih bumi haramain punika mila namung Mekah lan Madinah. Mekaten ugi masjid Haromin punika Masjidil Haram lan Masjid Nabawi ing Madinah Al Munawwarah.

Soal.

Kados pundi tuntunanipun lan fadlilahipun shalat Arbain ing masjid Nabawi punika ?.

Jawab.

Nindakaken ibadah Shalat wonten Masjid Nabawi, punika mila kalebet amaliyah ingkang sanget dipun anjuraken dening syariat agami kita, langkung langkung kangge saben saben tiyang ingkang ziarah wonten Madinatun Nabi amergi fadlilahipun ingkang tikel matikel ngantos kaping sewu kabanding masjid sanes kejawi Masjidil Haram.

Kados keterangan ing hadits dawuh dalem Kanjeng Nabi.

: :

Hadits diriwayatake saka Abi Hurairah RA. : Panjenengane ngendika : Kanjeng Rasulullah Sallallahu alaihi wasallam wis dawuh : Shalat ing masjid Ingsun iki, luwih utama katimbang shalat kaping sewu ing masjid masjid liyane, kejaba Masjidil Haram, shalat ing Masjidil Haram luwih utama katimbang satus shalat ing masjid iki, ya masjid Madinah (HR.Ahmad). Al Qira liqaashidi Ummil Qura hal. 656.

Imam Muslim ugi ngriwayataken hadits ingkang sami isinipun kaliyan hadits ngajeng wau:

Diriwayatake saka Abi Hurairah RA. : Panjenengane ngendika : Kanjeng Rasulullah Sallallahu alaihi wasallam wis dawuh : Shalat ing masjid Ingsun iki, luwih utama katimbang shalat kaping sewu ing masjid masjid liyane, kejaba Masjidil Haram. (HR.Muslim).

Imam Nawawi ugi dawuh ing kitab Al Idlah :

Prayoga tumrap wong kang ana Madinah sak suwene ana ing Madinah shalat limang wektu kabehe dilakoni ana ing masjide Kanjeng Rasulullah Sallallahu alaihi wasallam, lan prayoga niyat Itikaf ana ing masjid kono kaya katerengan kang wus disik ing masjidil Haram

( Al Idlah : 456 ).

Ugi wonten keterangan ingkang sami kita panggihaken wonten ing kitab Al Qira li Qaashidi Ummil Qura :

Lan prayoga aja nganti kepotan salat ferdlu ing masjid Nabawi kelawan jamaah selagine isih manggon ana ing Madinatun Nabi (Al Qira liqaashidi Ummil Qura 679).

Dene shalat arbain wonten Masjid Nabawi sanget dipun anjuraken kanti dawuh ingkang langkung mligi, jalaran ageng sanget fadlilahipun kados keterangan ing hadits dawuh dalem Kanjeng Nabi:

:

Diriwayatake saka Anas bin Malik RA. : Satemene Kanjeng Rasulullah Sallallahu alaihi wasallam wis dawuh : Sing sapa wonge shalat ing masjid Ingsun iki, kelawan patang puluh shalatan , tanpa kepotan shalat siji wae, mangka wong mau bakal dicatetbebas seka neraka, bebas saka siksa lan uga lebaran saka shifat munafiq (HR.Ahmad). (Al Qira : 677).

Kesimpulan.

Shalat wonten ing masjid Nabawi sanget dipun anjuraken amergi fadlilahipun langkung utami katimbang shalat kaping sewu ing masjid sanes, kejawi masjidil haram. Mekaten ugi shalat fardlu katindakaken sekawan dasa wekdal kanti mboten pedot wonten ing masjid Nabawi ingkang dipun sebat Shalat Arbain. Fadlilahipun saget mbebasaken saking neraka lan siksa ugi sifat kemunafikan.

 

16. Ziarah makam Rasulullah SAW.

Masalah .

Ziarah ing Madinatul Munawwarah langkung langkung ing maqam Rasulullah punika sanget dipun sayogyakaken kangge para jamaah haji, ngantos prasasat ziarah Madinah menika kados dene perangan saking manasik haji. Nanging kedah dipun fahami bilih ziarah lan sedaya pengibadahan ing Madinah menika mboten wonten sambetipun kalian manasik haji. Ananging ngengeti agungipun fadlilah nindakaken ibadah ing masjid Nabawi, amergi kalebet papan suci saha minulya awit sabda Nabi, mila lajeng sami dipun seja dening sedaya jamaah ingkang nindakaken haji sami ziarah lan jamaah ing Masjid Nabawi punika. Mekaten ugi ziarah ing maqam Nabi ingkang dumunung wonten Masjid Nabawi punika kalebet ibadah ingkang wigatos. Kangge nglahiraken mahabbah dateng Nabi saha ngaturaken shalawat lan salam langsung saking caketipun maqam Nabi, ingkang sanget gamblang dipun dawuhaken dening Allah wonten ing kitab suci Al Quran. Ananging wonten ugi ingkang nganggep bilih ziarah maqam Nabi saget ndumugekaken dateng kemusyrikan.

 

Soal.

Kados pundi hukumipun Ziarah ing maqam Nabi wonten ing Madinatul Munawwarah menika ?

Jawab.

Ziarah ing Maqam Rasulullah Sallallahu alaihi wasallam punika hukumipun sunnah lan kalebet ahammil qurubat. (penting pentinge ibadah kepareg marang Allah).

Keterangan saking kitab :

Al Idlah hal. 447.

Ianatuth Thalibin juz. II. Hal. 313.

Syaraful Ummatil Muhammadiyyah hal. 26.

Imam Nawawi ngendika bilih kangge tiyang ingkang sampun kaleksanan nindakaken ibadah haji, nalika bidal nilaraken Makkah supados nuju wonten ing Madinah perlu ziarah, jalaran agungipun kautaman.

1. : :

1. Nalika para Jamaah haji lan mutamirin pada budal saka Makkah, supaya pada tumuju marang Madinatur Rasul Sallallahualaihi wa sallam, kerana ziarah bumine Rasul Sallallahualaihi wa sallam, jalaran ziarah Madinah iku kalebu setengah saking luwih wigatine ibadah kepareg lan luwih kasile penggawean. Imam Al Bazar lan Dara Quthni RA. ngriwayatake hadits saka Ibnu Umar Radliyallahu anhuma, Panjenengane Ngendika : Rasulullah Sallallahualaihi wa sallam wis dawuh : Sing sapa wonge ziarah qubur Ingsun, mangka wajib tumrap wong kui oleh syafaat Ingsun (Al Idlah hal. 447).

2 .

2. Al hasil ziarah qubur Nabi Sallallahualaihi wa sallam, kalebu luwih utamane ibadah kepareg, mula prayoga supaya ngreksa aja nganti ninggalake ziyarah iki ing mangka deweke kuasa apa maneh wis kaleksanan nindakake ibadah haji, jalaran hake Nabi Sallallahualaihi wa sallam marang umate iku agung banget.( Ianatuth Thalibin juz.II. Hal. 313 ).

Sayyid Muhammad bin Sayyid Alwi Al Maliki ulama Makkah ngendika ing kitabipun Syaraful Ummatil Muhammadiyyah bilih setengah saking kautamanipun umat menika lan benten kaliyan ummat sanes amergi qubur mulyanipun Nabi lan Bendara kita Sallallahualaihi wa sallam punika maklum kinaweruhan menggah kita kanti yaqin, sahingga umat ipun saget dumugi sinaosa kanti awrat lan rekaos nempuh perjalanan ingkang sanget tebih perlu ziarah ing papan mulya kasebat. Jalaran maqam menika papan ingkang sanget mulya minanga papan tumurunipun rahmat saking ngarsanipun Allah saben wekdal. Kados dawuhipun :

:{ }

Qubur mulya (makam Rasul) iku panggonan tumurune rahmate Pangeran kaya keterangan ing hadits kang diriwayatake saka Kaab Radliyallahu anhu : Ora mletek fajar kejaba mesti tumurun 70.000 malaikat nganti pada ngepung ing qubure Kanjeng Nabi Sallallahualaihi wa sallam, nuli pada miber kelawan swiwine lan pada maca shalawat kanggo Kanjeng Nabi nganti tumeka wektu sore, nuli para malaikat mau pada bali munggah. Banjur tumurun 70.000 malaikat liya sahingga pada ngepung ing qubure Kanjeng Nabi Sallallahualaihi wa sallam . kelawan swiwine lan pada maca shalawat kanggo Kanjeng Nabi 70.000 malaikat ing wektu bengi lan 70.000 malaikat ing wektu rina. (Syaraful Ummatil Muhammadiyyah hal. 26).

Ziarah makam Rasul ugi kerana ngaturaken shalawat ing ngarsa dalem Kanjeng Nabi saking sak caket kuburipun amergi ageng sanget kautamenipun, kados keterangan hadits riwayatipun Imam Bukhari :

Sing sapa wonge maca shalawat ana ing sandinge kubur ku, mangka Allah masrahake shalawat mau marang Malaikat kang nekakake marang aku , lan Allah bakal nyukupi perkara dunyane lan akhirate wong mau, lan Aku bakal maringi syafaat utawa nekseni wong mau mbesuk dina qiyamat. (HR.Al Bukhari).(Ianatuth Thalibin juz. II. Hal. 313).

 

Kesimpulan.

Ziyarah Makam Rasul punika dipun sunnataken langkung langkung tumrap tiyang ingkang nindakaken haji utawi umrah sanget dipun prayogekaken ziyarah wonten ing Madinah perlu ziarah masjid Nabawi lan maqam Nabi amergi kalebet saweneh saking ahammil qurubat. Kanti anggenipun shalat ing Masjid Nabawi saha maos shalawat ing makam mulya Nabi.

 

17. Muhrimah nganggo masker.

Masalah.

Jamaah haji Indonesia katah ingkang anggenipun tata tata kangge nyawisaken perlengkapan haji wiwit saking tanah air, kalebet anggenipun antisipasi kawontenan lan iklim wonten ing tanah suci. Nalika wonten Madinah ingkang sanget arep udaranipun, wonten ing Arofah nalia wukuf lan mabit ing Muzdalifah oro oro ingkang terbuka, lan wonten ing Mina lan sak pinunggalanipun. Ing antawisipun nalika ihram katah wonten ing papan ingkang terbukakatah bleduk. Kangge ngirangi pengaruh awon tumrap kesehatan dipun anjuraken ngagem masker ingkang sampun kacawisaken wiwit saking griya. Ing mangka masker menika nutupi sebagian sirah, sahingga tumrap tiyang putri muhrimah nuwuhaken keraguan.

Soal.

Ados pundi hukumipun tiyang estri ingkang nembe ihram (muhrimah) ngangge masker?.

Jawab.

Tiyang estri nalika ihram ngangge masker hukumipun haram , sebab masker punika temempel dateng rahi lan terang nutupi sak perangane rahi. Kejawi perawis ingkang nutupi rahi nanging mboten temempl ing rahi kados dene cadar ingkang dipun pasang ing ngajengipun wajah. Keterangan saking kitab :

Kifayatul Ahyar hal. 228.

  1. Ianatuth Thalibin juz 2. hal. 323.
  2. Al Mughni Fi Fiqh Hajji wal Umrah hal. 120.

!. , , .

1. Rahine wadon iku pada karo sirahe wong lanang anggone kudu kabuka. Tumrap wadon kudu nutupi sekabehe sirah lan badane nganggo sandangan kang dijahit. Lan kena tumrap wadon nutupi rahine kelawan sandangan utawa kain, kanti syarat ora temempel ing rahine, pada uga kerana hajat utawa ora, umpamane kerana hawa panas utawa adem utawa kerana kwatir ana fitnah lan liya liyane. Upama tutup mau ngenani rahine kelapan penggawehane dewe manga wajib bayat fidyah. (Kifayatul Ahyar hal. 228).

2.

2. Lan haram kanggone wong wadon ora haram kanggone wong lanang, nutupi sebagian wajah kelawan perkara kang di wilang wilang nutupi.(Ianatuth Thalibin juz 2. hal. 323).

3. , ,

3. Ora wenang kanggone wadon nutupi rahine, ing mangkadeweke lagi ihram, ngendika Ibnu Quddamah ing Kitab Al Mughni Aku ora tau ngerti perkara iki di enggo pasulayan kejaba hadits ang diriwayatake saka Asma, deweke tau nutupi rahine ing mangka deweke lagi ihram, Ing hadits ini mengku pemahaman yen deweke nutupi rahine kelawean cadar ( kain selubung tutup rahi ) kerana hajat. Mula ora ana pasulayan ing bab iki.

(Al Mughni Fi Fiqh Hajji wal Umrah hal. 120).

Kesimpulan.

Nutupi wajah kangge tiyang estri ingkang nembe ihram hukumipun haram sami ugi sebagian utami sedayanipun wajah. Kalebet tiyang ingkang ngangge masker sebab jelas nutupi sebagian rahi tur temempel wonten ing rahi, kejawi tutup rahi ingkang mboten melekat / temempel dateng rahi , kados dene cadar ingkang dipun pasang sak ngajenipun wajah, mboten temempel ing wajahipun punika mboten haram nanging menika kemawon menwi kerana hajat. Kados hadits riwayat saking Asma binti Abubakar.

 

18. Mbayar dam lewat bank utawa muqimin ajir.

Jamaah haji Indonesia umumipun haji tamattu , ingkang tentu wajib mbayar dam tamattu . Cara pembayaran dam ingkang katah dipun tindakaken para jamaah haji punika liwat Bank Rujhi, utawi para ajir mukimin Makkah. Mekaten ugi kangge qurban lan dam dam sanesipun. Praktekipun para jamaah haji namung cekap nyerahaken arto Real sak reginipun hewan ingkang kangge dam utawi qurban sak penyembelihanipun. Lan sak sampunipun ,jamaah haji mboten mangertos proses sak lajengipun, kados pundi sembelihanipun lan ugi tasharrufipun, namung mitados sak wetahipun dateng tiyang wau.

Soal.

Kados pundi hukumipun pelaksanaan mbayar dam utawi qurban kanti cara pasrah ingkang mekaten punika ?.

 

Jawab.

Pembayaran dam utawi qurban kanti cara kasebat hukumipun shah.

Keterangan saking kitab :

  1. Al Hawasyil Madaniyah 2/271.

2. Al Bajuri juz. II hal. 296.

Sampun lumampah dados pengadatan tumrap tiyang Jawi nalika wonten sederekipun ingkang bidal wonten ing tanah suci Makkah nderek titip supados dipun tumbasaken hewan korban wonten ing Makkah sekaliyan sak nyembelihipun, ing mangka piyambakipun wonten ing tanah Jawi. Ngaten menika kanti masrahaken arta dateng tiyang ingkang dipun pasrahi sak reginipun menda wonten ing Makkah. Sejanipun supados saget pikantuk ganjaranipun kurban ingkang tikel matikel kerana dipun sembelih wonten ing bumi haram Makkah, Nyatanipun para ulama ugi nerangaken shahipun cara ngaten menika, kados keterangan ing ngandap punika.

1.

1 Para Imam kita nerangake wenange masrahake marang wong kang halal sembelihane kanggo nyembelih qurban. Lan uga para imam kita mertelakake wenange masrahake tuku khewan lan sak nyembelihe

2.

 

2. Lan wenang kanggone wong kang korban masrahake hewan korbane marang wong liya kang muslim tur tamyiz senajan ora masrahke nyembelihe, dene umpama makilake nggone nyembelih iku ya cukup saka niyate wongkang dipasrahi korban, malah senajan upama ora ngerti sejatine wong kang korban iku ya ora papa . (Al Bajuri juz. II hal. 296).

Kesimpulan.

Jamaah haji tamattu ingkang kedah mbayar dam, praktekipun anggenipun ngleksanaaken kanti pasrah dateng ajir muqimin Makkah, kanti masrahaken arta real sak reginipun hewan ingkang kangge dam utawi kurban. Miturut keterangan ing ngajeng cara ngaten menika kalebet shah kanti akad wakalah utawi ijarah. Ngantos upami ajir mboten mangertos kurban utawi da kangge sinten kemawon sampun cekap, sebab niyat menia cekap dening tiyang ingkang kurban utawi haji ingkang mbayar dam nalika masrahaen dateng wakil utawi ajir. Kasunyatan cara ngaten punika mila sanget katah kelampah, amergi jamaah haji mboten purun repot ngurusi dam utawi kurban.

 

19. Asal usulipun Thowaf dadi manasik kang paling mbedani.

Masalah.

Manasik haji lan umrah menika kedadosan saking werni werni nusuk/ibadah ingkang sanget mligi, tegesipun anggenipun nindakaken inggih namung jalaran nindakaken haji utawi umrah, sae ingkang minangka rukun, wajib utawi sunnatipun. Kados dene ihram, talbiyah, wukuf, mabit , mbalang jumrah, sai. tahallul, kejawi thawaf. Sedaya manasik haji lan umrah namung mligi katindakaken dening tiyang ingkang nembe nindakakaken ibadah haji lan umrah, kejawi thawaf kalebet nusuk haji lan umrah ananging saget katindakaken dening tiyang ingkang mboten haji lan umrah. Mila ibadah menika sanget istimewa kabanding manasik sanesipun. Tentu ibadah menika wonten sejarahipun.

 

Soal.

  1. Kados pundi asal usulipun thawaf menika sahingga sanget benten kaliyan manasik sanesipun, saget katindakaken sakdengah wekdal, lan mboten mligi kangge tiyang nindakaken ingkang haji lan umrah ?
  2. Kados pundi fadlilahipun thawaf punika ?.

Jawab.

Thawaf punika asal usulipun amalipun para Malaikat nalika ngraos lepat dateng ngarsanipun Allah, amrih saget pikantuk pangapuntenipun Allah mila lajeng sami thawaf ing Baitil Makmur. Kados keterangan ing kitab :

  1. Al Qiraa li Qaashidi Ummil Qura hal. 261.
  2. Mawaidlul Ushfuriyah hal. 7.

: { }{ } , : ,

Di ceritakake saka Ali bin Husain, temanan wis ditakokake saka mula bukane thawaf , Panjenengane jawab :

Nalikane Allah dawuh marang para Malaikat : Sejatine Ingsun wis ndadekake Adam minangka khalifah ing bumi, Malaikat munjuk atur : Kenging menapa Paduka ndadosaken khalifah ing bumi tiyang ingkang bade damel risak wonten ing bumi .

Allah nuli ngendika : Ingsun luwih pirsa marang apa kang sira ora pada ngerti.

Malaikat nduwe penyana yen ature ditolak dening

Pangerane, mula pada ngrasa luput nuli pada thawaf ngubengi arasy kerana pada wedi marang dukane Allah. Nuli dititahake Baitil Mamur kanggo para Malaikat , nuli Allah paring dawuh :

Pada mbanguna omah ana ing bumi kelawan padane Baitil Mamur kanggo Ingsun .

Allah banjur perintah para Malaikat supaya pada thawaf ngubengi bangunan mau kaya dene penduduk langit pada thawaf ing Baitil Mamur.

(HR. Al Hafidh Abul Faraj).

( Al Qiraa li Qaashidi Ummil Qura hal. 261 ).

Kados keterangan ingkang sami Syaikh Muhammad bin Abu Bakar Al Ushfuri wonten ing kitab Mawaidhul Ushfuriyyah ngendikanipun,

{ } .

Kaya dawuhe Allah Taala :

2.Lan elinga nalika Pangeranira paring dawuh marang para Malaikat, : Saktemene Ingsun arep andadekake sawijineng khalifah ing nduwure bumi, Malaikat pada matur : Kenging punapa Paduka ndadosaken khalifah ing bumi tiyang ingkang bade damel risak ing bumi lan mutahaken rah, ing mangka kula sedaya tansah sami maos tasbih kanti puji pengalembana Paduka lan tansah mahanucekaken dateng Paduka ?.

Nuli Allah ngendika : Saktemene Ingsun pirsa marang apa wae kang sira ora pada ngerti.

Malaikat pada wedi, nuli pada mubeng ing kiwa tengene Arasy ambal kaping pitu, nuli Allah paring pangapura marang para Malaikat, Allah banjur perintah supaya Malaikat pada mbangun omah ing nduwure bumi, sahingga nalika anak Adam pada nandang dosa nuli mada thawaf ngubengi omah kuwi mau ambal kaping pitu, Allah bakal paring pangapura kaya olehe ngapura marang para Malaikat.

Para Malaikat banjur pada tumurun lan mbangun Kabah ing bumi.(Mawaidhul Ushfuriyah hal. 7).

Dados thawaf punika asalipun tindakipun para Malaikat ingkang sami rumaos lepat dateng Allah, kepingin pikantuk pangapuntenipun Allah, sami thawaf ngubengi Arays utawi miturut riwayat sanes Baitil Mamur. Lan Allah dawuh dateng para Malaikat supados mbangun Kabah kangge thawaf para anak putu Adam nalika lepat supados kaparingan pangapuntenipun Allah kados para Malaikat wonten ing langit thawaf ing Baitil Mamur.

Thawaf kejawi minangka rukunipun haji lan umrah, ugi minangka pahurmatanipun Masjidil Haram kangge sinten kemawon ingkang mlebet ing Masjidil Haram sinaosa mboten nindakaken haji lan umrah .

Dene fadlilahipun, ing antawisipun kangge nggayuh maghfirahipun Allah kados kalih keterangan ing ngajeng, lan keterangan saking kitab :

  1. At Targhib wat Tarhib hal. 51.
  2. Al Matjarur Rabih hal.410-412.
  3. Al Qiraa li Qaashidi Ummil Qura hal. 35.

1...

...

1.Ana dene thawafira ing Baitullah sak wise amal amal liyane, mangka sak temene sira thawaf kelawan tanpa dosa tumrap sira, lan Malaikat nekani ing sira sahengga nyelehake tangan lorone ing antarane welikat loro ira, lan pada ngendika : Terusna amal ira , temenan wis diapura dosa dosa ira kang wis kepungkur.

(HR.Ath Thabrani lan Al Bazar).

(At Targhib wat Tarhib hal. 51).

Hadits panjang menika nerangaken fadlilahipun sedaya manasik haji, ing bab menika namung kanukil pungkasanipun hadits ingkang ngendikaaken fadlilahipun thawaf kemawon.

2.Hadits riwayat saking Abdullah bin Umar RA. ingkang panjang, ing akhiripun hadits Kanjeng Nabi ngendika :

, .

Sing sapa wonge thawaf ing Baitullah, ora ngangkat deweke , lan ora nyelehake deweke ing delamakan lorone kejaba Allah mesti nyatet kebagusan kanggo deweke, lan nglebur keluputane lan Allah ngangkat derajate .

(HR.Ibnu Hibban lan Ibnu Huzaimah).

( Al Matjarur Rabih hal.410 ).

:

Hadits riwayat saking Ibnu Abbas Radliyallahu anhuma. Deweke ngendika, Kanjeng Rasulullah Sallallahualaihi wa sallam dawuh :

Saben dina Allah nurunake 120 rahmat kanggo para jamaah haji ing Baitil Haram, 60 rahmat kanggo wong ang pada thawaf, 40 rahmat kanggo wong kang pada shalat, lan 20 rahmat kanggo wong kang pada ningali marang Baitullah .(HR.Al Baihaqi)

( Al Matjarur Rabih hal.411).

Hadits ingkang sanget panjang akhiripun hadits nerangaken fadlilahipun thawaf, saking Shahabat Abi Hurairah RA. ngendika :

:

Abi Hurairah RA. krungu Kanjeng Rasulullah Sallallahualaihi wa sallam dawuh :

Sing sapa wonge thawaf ing Baitullah kelawan ambal kaping 7, lan ora guneman kejaba maca :

Mangka Allah bakal nglebur sepuluh kaelekan lan nyatet sepuluh kebagusan lan ngangkat sepuluh derajat kamulyan.(HR.Ibnu Majah ).

( Al Matjarur Rabih hal.412 ).

3. {.. }

3. Hadits riwayat saking Ibnu Umar Radliyallahu anhuma saking Kanjeng Nabi Sallallahualaihi wa sallam ngendika : Nalika swijine wong wis nekani akhir thawafe ing Baitullah mangka deweke metu sangka dosane kaya dinane ibune nglahirake deweke.

(HR.Ibnu Hibban ).

(Al Qiraa li Qaashidi Ummil Qura hal. 35).

Kesimpulan.

Thawaf satunggaling ibadah ingkang sanget khusus namung saget katindakaken wonten ing Masjidil Haram mboten saget ing papan sanes. Thawaf kalebet salah satunggaling rukun saking haji lan umrah, Satunggaling manasik haji ingkang saget dipun pisah minangka ibadah ingkang ndewe, saget katindakaken sakdengah wekdal ingkang mboten wonten sambetipun kaliyan haji lan umrah. Dene manasik sanesipun namung mligi katindakaken nalika haji utawi umrah.

Kautaman lan fadlilahipun thawaf katah lan agung sanget, antawisipun kangge nggayuh maghfirah, derajat kamulyan lan kasaenan saking ngarsa dalem Allah. Kados katah keterangan saking hadits dawuh dalem Kanjeng Nabi Sallallahualaihi wa sallam.

 

20. Mitos Hajar Aswad.

Masalah.

Saben saben Jamaah haji tentu anggadahi pepinginan saget ngusap utawi nucup Hajar Aswad, ngantos dipun rencangi rekaos amergi desekan dipun tempuh, amrih saget ngusap lan nucup Hajar Aswad, wonten ingkang namung cekap kangge kemareman lan kebanggaan, saget crios dateng tiyang sanes menawi saget hasil ngusap lan nucup Hajar Aswad. Ing mangka tumandang ngibadah, langkung langkung kedah kanti lampah awrat lan rekaos, eman sanget menawi mboten dipun dasari kawruh lan ilmi sahingga mboten mangertos jluntrungipun namung sekedar kangge kemareman, menapa malih namung kangge kebanggaan. Jalaran mila mboten sekedik tiyang ingkang namung kanti tujuan ngaten menika, mboten mangertos tuntunanipun amal ingkang katindakaken.

 

Soal.

Menapa estunipun Hajar Aswad punika?

Lan kados pundi hukum lan fadlilahipun ngusap utawi nucup Hajar Aswad punika ?.

Jawab.

Hajar Aswad, miturut tembungipun artosipun sela cemeng, dene ing bab menika ingkang dipun maksud Hajar Aswad punika sela ingkang wonten ing Kabah arah rukun utawi pojok kidul wetan ingkang dados papan kawitanipun thawaf, ingkang inggilipun 3 dzira kirang 7 nyari (Kirang langkung 1.5 M) saking ngandap. Hajar aswad punika sela asal saking swarga ingkang warna asalipun petak.

Keterangan saking kitab :

  1. Syarhul Idlah hal. 242.
  2. Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 292.

.1 , .

 

1.Hajar Aswad iku watu kang ana ing pojoke Kabah, sisihe lawang Kabah saking arah wetan. Pojok iki diarani Ruknul Aswad, (pojok ireng). Dene duwure Hajar Aswad saka bumi iku telung dzira, kurang pitung nyari. (Syarhul Idlah hal. 242).

 

2.

 

2. Hadits riwayat saking Ibnu Abbas Radliyallahu anhuma. Deweke ngendika, Kanjeng Rasulullah Sallallahualaihi wa sallam dawuh :

Hajar Aswad iku watu kang tumurun saka swarga, rupa asale banget putihe, luwih putih katimbang poan, nanging dadi ireng sebab lupute bani Adam.

(HR.At Turmudzi).

3. :

3. Hadits riwayat saking Ibnu Abbas Radliyallahu anhuma. Saktemene Kanjeng Nabi Sallallahualaihi wa sallam wis ngendika, Hajar Aswad iku watu saka swarga. (HR.An Nasai).

( Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 292 ).

Dene hukumipun ngusap utawi nucup Hajar Aswad punika Sunnat kerana nderek dateng tindak dalem Kanjeng Nabi

Sallallahualaihi wa sallam.

Kados keterangan saking kitab :

1. Al Idlah hal. 206.

2. Al Mughni hal. 199-200 .

3. Busyral karim juz.2 hal.98.

4. Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 280.

1.

Disunnatake madep marang Hajar Aswad kelawan rahine, nuli nyerak, kanti syarat ora nglarakake wong liya sebab desekan, banjur ngusap lan nucup ing Hajar Aswad kanti tanpa nyuwara kang cetha saka anggone nucup. Lan sujud marang Hajar Aswad. Nuli mbaleni nucup lan sujud marang Hajar Aswad ambal kaping telu.(Al Idlah hal. 206).

2.

, .

 

2.Disunnatake ngusap lan nucup marang Hajar Aswad kanti tanpa nyuwara , nuli sujud marang Hajar Aswad kelawan nyelehake bathuke, yen orang bisa mangka ngalap cukup kanti ngusap kelawan tangane nuli dicucup tangane, yen ngono ya kangelan disunatake ngusap kelawan tongkat, utawa sepadane nuli nucup marang apa kang bisa nggepok Hajar Aswad mau. Menawa ora kuasa mangka isyaraha marang Hajar Aswad. Mengkono mau disunnatake saben saben sak ubengan, lan ora perlu isyarah kelawan cangkeme marang nucup Hajar Aswad.(Al Mughni hal. 199-200)

3.

 

  1. Lan setengah saking sunnat sunnate thawaf,iku mlaku ing sak jerone thawaf, ngusap lan nucup Hajar Aswad, lan supaya ngenthengake anggone nucup kelawan sekira ora nyuwara saka nggone nucup. Menawa nganti nyuwara mangka malah dadi makruh hukume. Lan nyelehake bathuke marang Hajar Aswad, mengkono iku kerana ittiba nderek tindake Kanjeng Nabi ing perkara telu mau, lan disunnatake uga mbaleni siji sijine kelawan kaping telu ing saben saben ubengan.

(Busyral karim juz.2 hal.98).

4. ,

 

Nucup Hajar Aswad lan ngusap rukun yamani iku kalebu saka sunnate haji tumrape wong kang kuasa nindakake, dene kanggone wong kang ora kongang cukup ngusap Hajar Aswad miturut cara kang bakal diterangake mburi, Dene nggone dikumpulake antarane nucup lan ngusap Hajar Aswad ora rukun yamani, iku kerana kumpule kautamane karone taqbil lan istilam.

(Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 280).

Dene dawuh hadits lan fadlilahipun taqbil lan istilam katutur ing ngandap punika. Hadits dawuh lan tindak dalem Kanjeng Nabi Sallallahualaihi wa sallam lan para shahabatipun katah sanget ingkang ngendikakaken bab menika, pramila tumrap kita nindakaken taqbil lan istilam kanti niyat itba Nabi lan para shahabatipun. Hadits kiasebat antawisipun :

: ,

, :

 

Diriwayatake saka Ibnu Umar Radliyallahu anhuma, Panjenengane ngendika : Kanjeng Nabi Sallallahualaihi wa sallam madep marang Hajar Aswad banjur ngusap Hajar Aswad, nuli lati lorone di tempelake Hajar Aswad sak wetara suwe kanti muwun, banjur Kanjeng Nabi noleh, dumadakan Umar bin Khaththab ana ing mburine uga nangis, Kanjeng Nabi nuli ngendika : He Umar ! ing kene iki banyu luh disuntak. (HR. Imam Syafii). (Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 281).

Riwayat sanes ngendikaaken tindakipun kanjeng Nabi nalika rawuh ing Makkah tentu ngawiti kanti taqbil lan istilam dateng Hajar Aswad. Kados riwayat dening Imam Bukhari lan Muslim ngandap punika.

:

Diriwayatake saka Ibnu Umar Radliyallahu anhuma, Panjenengane ngendika : Kanjeng Nabi Sallallahualaihi wa sallam nalika rawuh ing Makkah esti ngusap Hajar Aswad. (Muttafaq alaih).

Riwayat sanes : Kanjeng Nabi Sallallahualaihi wa sallam ngusap lan nucup Hajar Aswad. (HR.Al Bukhari).

 

Dene para shahabat ingkang nindakaken taqbil lan istilam punika antawisipun Shahabat Umar bin Khaththab RA.

: : ѡ ڡ

 

Diriwayatake saka Shahabat Umar bin Khaththab Radliyallahu anhuma, Panjenengane marani Hajar Aswad banjur nucup, nuli ngendika : Sejatine aku ngerti kowe kui mung watu, kang ora bisa aweh kemlaratan lan kemanfaatan, Umpama aku ora weruh dewe Kanjeng Nabi Sallallahualaihi wa sallam nucup marang sira Hajar Aswad, ora bakal aku nucup marang sira . (HR.Al Bukhari).

Dateng Shahabat Umar bin Khaththab Radliyallahu anhuma, punika kanjeng Nabi dawuh ampun ngantos pepinginan taqbil lan istilam nglarakaken tiyang sanes .

: : ,

Saking Abdur Rahman bin Al Harits deweke kanda : Bilih Rasulullah Sallallahu alaihi wasallam dawuh marang Shahabat Umar RA. : Hai Pak Abu Hafsh sampeyan iku wong kang rosa, aja ndesek wong liya kerana tumeka ing pojok Kabah (Hajar Aswad), kui nglarakake wong kang ringkih, nanging nalika sampeyan nemu kahanan longgar, ngusapa Hajar Aswad, dene yen ora macaha takbir lan nerusna thawaf .

(HR. Ahmad lan Syafii).

(Al Ifshah Ala Masailil Idlah hal. 206).

Dene fadlilahipun taqbil lan istilam dateng Hajar Aswad punika kangge damel paseksen lan ngalap syafaat ugi kangge panebus kalepatan, kados ketarang punika :

:

Saking Aisyah Radliyallahu anha Panjenengane ngendika : Bilih Rasulullah Sallallahu alaihi wasallam dawuh : Pada gaweha seksi kebagusan sira kabeh ing iki watu, sak temene watu iki besuk dina qiyamat bakal nduwe syafaat lan bakal nyafaati , watu iki besuk duwe lisan lan lambe loro, bakal nyekseni marang sapa wae kang ngusap deweke.(HR.Ath Thabrani)

( Al Matjarur Rabih hal.415 ).

:

Diriwayatake saka Ibnu Umar Radliyallahu anhuma, Sejatine Kanjeng Nabi Sallallahualaihi wa sallam ngendika : Ngusap Hajar Aswad lan rukun Yamani iku bisa mbusek kaluputan pirang pirang kelawan mbusek temenan.(HR. Ahmad lan Ibnu Hibban).

(Al Qira hal. 287).

: . : .

Diriwayatake saka Atha : Nate Kanjeng Nabi Sallallahualaihi wa sallam disuwuni pirsa : Duh Rasulullah, menapa sebabipun Paduka katah ngusap dateng rukun Yamani ?. Kanjeng Nabi Sallallahualaihi wa sallam nuli ngendika :Aku ora nekani ing rukun Yamani babar pisan kejaba Malaikat Jibril Alaihis salam mesti jumeneng ing sandinge rukun Yamani, tansah nyuwunake ngapura marang sapa wae kang ngusap rukun Yamani. (Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 296).

 

Kesimpulan.

Hajar Aswad punika sela asal saking swarga ingkang warna asalipun petak, dumunung wonten ing Kabah arah rukun utawi pojok kidul wetan ingkang dados papan kawitanipun thawaf, inggilipun 3 dzira kirang 7 nyari (Kirang langkung 1.5 M) saking bumi.

Nucup lan ngusap (taqbil lan istilam) Hajar Aswad saha rukun Yamani hukumipun sunnat kerana nderek dateng Kanjeng Nabi Sallallahualaihi wa sallam. Dene fadlilahipun ageng sanget kagem nebusi kalepatan saha ngalap paseksen lan ugi ngajeng ajeng syafaatipun mbenjang dinten qiyamat.

 

21. Thawaf Qudum cukup kelawan thawaf Umrah.

Masalah.

Thawaf Qudum menika thawaf kangge pahurmatan Masjidil Haram ingkang katindak aken dening sinten mawon ingkang dumugi wonten ing Masjidil Haram nanging tumrap haji tamattu dumugi sampun ihram umrah tentu kemawon ugi langsung thawaf angge umrahipun. Lajeng kados pundi thawaf qudumipun ? menapa kedah thawaf piyambak piyambak kangge thawaf qudum lan thawaf umrah. Pramila bab menika betah keterangan supados jamaah ingkang tasih awam saget langkung gamblang, menapa ingkang kedah katindakaken kawitan nalika lumebet wonten ing Masjidil Haram .

 

Soal.

1. Kados pundi hukumipun thawaf qudum punika?.

2.Tumrap Haji Tamattu menapa kedah thawaf piyambak

piyambak kangge thawaf qudum lan thawaf umrah?.

Jawab.

1. Thawaf Qudum punika hukumipun sunnat . Mboten wontenkwajiban menapa menapa tumrap tiyang ingkang nilaraken.

Dumunungipun Thawaf Qudum punika minangka Tahiyyatul Bait , ingkang dipun sunnataken kangge tiyang ingkang lumebet Baitullah. Kados dene tahiyyatul masjid dipun sunnataken kangge tiyang ingkang lumebet masjid.

Kados keterangan saking kitab:

1.Al Mughni hal. 170.

2. Al Idlah hal. 204-205.

3. Syarhul Idlah hal. 239-240.

4. Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 261.

5. Busyral Karim juz.2. hal.96.

 

: , ,

Para imam tiga, Imam Abu Hanifah, Imam SyafiI lan Imam Ahmad, anggadahi pemanggih bilih thawaf qudum punika hukumipun sunnat.

: , , .

Disunnatake anane thawaf iku minangka kawitane mlebu Mekkah, Kerana sak temene Kanjeng Nabi Sallallahualaihi wa sallam nalika mlebu Mekah iku kawitane perkara kang ditindakake iku thawaf , dene tumrape wong wadon kang lagi khaidh lan nifas utawa wong kang wedi kepotan wukuf ing Arafah, mangka kena tinggal thawaf qudum lan ora ana kwajiban apa apa, amerga thawaf qudum iku sunnat . (Al Mughni hal. 170).

Sejatine thawaf qudum iku sunnat ora wajib, mula upama ninggalake thawaf qudum ora ana kwajiban apa apa.

(Al Idlah hal. 204).

,

Nalika mlebu Masjidil haram, prayoga aja ketungkul shalat tahiyatil masjid lan liya liyane, Nanging nejaha marang Hajar Aswad lan ngawitana Thawaf Qudum, sebab Thawaf Qudum iku minangka tahiyatil Masjidil haram. Lan Thawaf Qudum iku sunnat kanggone wong kang mlebu Masjidil haram pada uga kahanane wong kang ihram utawa ora minangka wong kang ihram.

(Syarhul Idlah hal. 239-240).

:

Saking Aisyah Radliyallahu anha Panjenengane ngendika : Bilih Rasulullah Sallallahu alaihi wasallam nalika rawuh ing Makkah kawitane perkara kang ditindakake iku wudlu nuli thawaf .

(HR.Bukhari lan Muslim).

(Al Qira li Qaashidi Ummil Qura hal. 261).

 

2. Dene tumrap tiyang ingkang ihram umrah kerana haji tamattu cekap kanti thawaf umrahipun nyekapi kangge thawaf qudum mboten perlu mujudaken thawaf piyambak.

Kados keterangan ngandap punika:

1.Al Mughni hal. 170.

2. Al Idlah hal.205.

3. Syarhul Idlah hal. 241.

4. Busyral Karim juz.2. hal.96.

1. ,

1.Thawaf qudum iku katon rupane kudu di wujudake tumrape wong kang mlebu Makkah sak durunge wukuf Arofah yaiku wongkang haji ifrad utawa haji qiran , Dene kanggone wong kang ihram umrah kerana haji tamattu mangka ora katon rupane thawaf qudum , nanging nalika dewee thawaf umrah wis nyukupi kanggo karone thawaf qudum lan umrah. (Al Mughni hal. 170).

2.

. , , .

2. Lan ngertiya sejatine thawaf qudum iku katon rupane penggawean mung kanggo wong kang nindakake haji ifrad lan qiran, nalikane wong mau ihram saka sak njabane Makkah, lan mlebu Makkah sak durunge wukuf, Dene wong Makkah, kanggone wong kuwi ora ana rupane thawaf qudum, kerana ora ana tembung teka tumrap deweke. Dene wong kang ihram kerana umrah, ora ana rupane thawaf qudum, nalika deweke thawaf kerana umrah, mangka wus nyukupi kanggo deweke sangka thawaf umrah lan qudume. Kaya dene shalat fardlu kang bisa nyukupi kanggone shalat tahiyyatul masjid. Sahingga upama ana wong kang umrah deweke thawaf kelawan niyat thawaf qudum, mangka wis nyukupi uga kanggo thawaf umrahe . (Al Idlah hal.205).

3.

Sejatine nalika thawaf kanggo umrah iku diganjar uga kanggo thawaf qudum, kaya wong kang shalat fardlu, uga di ganjar saka sahalat tahiyyate. Syarhul Idlah hal.241).

4.

Beda kelawan wong kang umrah lan haji kang mlebu Makkah sakwise wukuf , mangka tumrap wong kuwi kang dipurih nindakake thawaf rukun, mula ora shah nglakoni sunat kelawan thawaf qudum, utawa liyane sak durunge thawaf rukun. Sahingga upama wong mau neja thawaf liyane thawaf fardlu, mangka tetep tumiba fardlu, lan tetep klebu thawaf qudume ing ndalem thawaf fardlu

mau. (Busyral Karim juz.2. hal.96).

 

Kesimpulan.

Thawaf Qudum punika hukumipun sunnat, Para imam tiga, Imam Abu Hanifah, Imam SyafiI lan Imam Ahmad, mufaqat bilih thawaf qudum punika hukumipun sunnat . Mboten wonten kwajiban menapa menapa tumrap tiyang ingkang nilaraken. Kados dene tahiyyatul masjid dipun sunnataken kangge tiyang ingkang lumebet masjid. Mekaten ugi Thawaf Qudum punika minangka Tahiyyatul Bait , ingkang dipun sunnataken kangge tiyang ingkang lumebet Masjidil Haram. Dene tumrap tiyang ingkang ihram umrah kerana haji tamattu cekap kanti thawaf umrahipun nyekapi kangge thawaf qudum mboten perlu mujudaken thawaf piyambak, nanging ganjaranipun thawaf qudum tetep saget dipun kasilaken sinaosa pendamelanipun namung nindakaken thawaf rukun, sebab masalah mekaten menika kalebet perkawis ingkang dipun sebat masalah indiraj.

 

 

 

 AN NIDA'
 Masail Manasikil Hajji wal 'Umroh
 

 

 

 

 

 

 


 Soal Jawab

 

 

SEPUTAR HAJI & UMROH