AN NIDA'
 Masail Udhhiyyah
H.Abu Royhan
 

 

 

 

 

 

 


 Soal Jawab

 

 

 

  SEPUTAR sembelihan 
qurban & 'aqiqah
 

 

 

 

 


MASAIL UDHHIYYAH

1. Daging qurban dipun pendet kangge jaminan panitia.

Pertanyaan :

Panitia korban punika dumunungipun kados dene wakil kangge nyembelih lan mbagi daging qurban tumrap tiyang ingkang qurban (mudhohhi), katah kedadosan sak derengipun dipun bagi, panitia langkung rumiyin mendet daging korban dipun masak kangge jaminan panitia ingkang sami tumandang.

Kados pundi hukumipun panitia mendet daging qurban kangge jaminan sak derengipun dipun bagi ?.

 

Jawab :

Mboten kenging, kejawi menawi tiyang ingkang korban ingkang makilaken sampun nentokaken sebagian kangge panitia utawi wakil ingkang dipun pasrahi kanti ukuran tertentu ingkang sampun cetha. Menawi tiyang ingkang korban mboten ngikraraken lan nentokakien bagianipun korban kangge panitia, hukumipun mboten kenging mendet rumiyin sak derengipun dipun bagi, amergi hak ipun panitia namung nyembelih lan mbagi.

Keterangan saking Kitab Al Bajuri Juz . I hal : 387.

{ } ,

(Dawuhe mushonnif : umpamane mbagi zakat) artine kaya dene nyembelih qurban , aqiqah lan mbagi tebusan lan kang dinadzari, Lan ora wenang tumrape wakil, ngalap sewiji wiji, kejaba yen wong kang makilake wis nentokake kanggo wakil mahu, kelawan ukuran kang chetha saka qurban mau. (Kitab Al Bajuri Juz . I hal : 387).

 

Kesimpulan.

Panitia mboten kenging mendet daging korban sak derengipun dipun bagi, sebab panitia dumunungipun minangka wakil ingkang mboten nggadahi hak kejawi miturut pasrahipun mudhohhi ingkang makilaken. Hak ipun namung nyembelih lan mbagi miturut pasrahipun mudhohhi, sahingga menawi bade mendet daging kangge kepentingan menika menawi sampun wonten aturipun mudhohhi nentokaken kangge wakil utawi panitia punika, tanpa wonten pasrah bilih panitia saget mendet rumiyin, mboten kenging panitia mendet sak derengipun mbagi.

 

2. Daging qurban nadzar lan larangan neda.

Pertanyaan :

Nalika wonten tiyang qurban kanti nadzar , lajeng piyambakipun tumut neda dagingipun.

a. Menapa piyambakipun wajib nyembelih qurban malih ?

b. Larangan neda daging qurban nadzar menika berlaku

kagem sinten mawon ?.

Jawab :

Miderek qoul ingkang rojih, lan nashipun Imam Syafii tiyang kala wau mboten wajib nyembelih qurban malih, nanging wajib nempuhi reginipun daging ingkang dipun teda. Dene hukum haram menika lumampah kangge tiyang ingkang qurban nadzar lan sedaya keluarga ingkang wajib nafkahipun.

Keterangan saking kitab :

1. Al Bajuri Juz : 2 hal . 310.

2. Kifayatul Akhyar Juz : 2. Hal. 241.

1.{ }

,

1. Wong kang Qurban iku ora kena mangan sithik wae saka daging qurban kang dinadzari, (dawuh ora kena mangan ) tegese Ora wenang tumrap wong kang qurban mangan danginge qurban sinajan mung sitik wae, lamun wong kui mangan, mangka deweke ketempuan.

Dawuh Ora wenang tumrap wong kang qurban mangan danginge qurban kui uga lumaku kanggo wong kang wajib di nafkahi. (Al Bajuri Juz : 2 hal . 310).

2. . ,

2. Ora wenang tumrap wong kang qurban mangan danginge qurban sinajan mung sitik, lamun wong kui mangan , mangka deweke ketempuan. Lan ora wajib ngilekake getih kang kaping pindo sebab deweke wis nglakoni wajibe lan perkara kang dadi tanggungane. Iki dedalan kang rojih, lan Imam Syafii RA. wis ngenash /netepake yeng wong kang mangan daging qurban nadzare wajib ngganti regane kaya wajibe nempuhi wong liya kang ngrusakake. (Kifayatul Akhyar Juz : 2. Hal. 241),

 

Kesimpulan.

Tiyang ingkang qurban kanti nadzar mboten kenging neda dagingipun qurban. Menawi neda dagingipun wajib nempuhi, nanging mboten mbatalaken korbanipun lan mboten wajib nyembelih korban malih. Sedaya daging lulang lan sanesipun wajib dipun shodaqohaken, tiyang ingkang korban sak keluarganipunhara ngalap korbanipun senaosa namung lulang utawi sungunipun. Dene ingkang ketatrapan awisan neda punika tiyang ingkang qurban lan tiyang ingkang wajib dipun nafkahi.

3. Daging qurban lan sunat neda.

Pertanyaan :

Tiyang ingkang qurban (mboten qurban wajib/nadzar) punika ingkang langkung sae nderek neda dagingipun menapa mboten ?

Jawab :

Tumrap tiyang ingkang qurban sunnat punika ingkang langkung utami nderek neda dagingipun .

Utaminipun namung sekedik sekedar sak iris kalih iris supados saget tumut nedi dagingipun kerana tabarruk.

Keterangan saking Kitab :

  1. Fathul Wahhab Juz : II hal. 189.
  2. Al Muhadzdzab Juz : I hal.239.
  3. Al Iqna Juz : II hal. 281.

1.

Lan disunnatake kanggone wong kang qurban sunnat mangan saka qurbane, lan uga wenang aweh marang wong sugih, nanging orang milikake marang wong sugih, lan wajib nyedeqahake daginge qurban, dene kang luwih utama nyadaqahake kabeh qurbane kejaba mung pirang pulukan kang dipangan minangka ngalap barokah, mengkono iku disunnatake.

( Fathul Wahhab Juz : II hal. 189).

2.

Menawa qurban kui sunnat , mangka uga disunnatake tumrape wong kang qurban mangan saka daginge

( Al Muhadzdzab Juz : I hal.239 ).

3.

Lan sunnat mangan daginge qurban kang sunnat , tegese di sunatake kanggo wong kang qurban kerana di qiyasake kelawan hadyu sunnat kang ditetepake dawuhe Allah :

( Al Iqna Juz : II hal. 281 ).

Kesimpulan.

Tumrap tiyang ingkang korban sunnat, ingkang langkung utami lan sunnat hukumipun nderek neda dagingipun . Malah sunnatipun nyodaqohaken sedaya dagingipun lan wenang maringi dateng tiyang sugih, kejawi namung ngengeh pinten pinten pulukkan supados saget tumut neda daging kurban kerana tabarruk.

 

4. Daging qurban dipun sade kerana angsal bagian katah.

Pertanyaan :

Tiyang ingkang pikantuk pembagian shodaqoh daging korban ngantos kempal katah.

Menapa piyambakipun kenging nyade daging bagian kala wau ?

Jawab :

Tumrap tiyang ingkang nampi daging kurban punika kenging nyade dagingipun menawi piyambakipun kalebet tiyang faqir, dene menawi tiyang sugih mboten kenging nyade, piyambakipun namung kenging nedi lan nyodaqahaken utawi nyuguh tiyang sanes, mboten kenging nyade hakipun kados tiyang ingkang kurban. Keterangan saking kitab :

Busyral Karim Juz. II hal. 127-128.

Tumrape wong feqir bisa nasharufake daging korban kelawan adol utawa liyane tegese marang sepadane wong Islam. Beda karo wong sugih, nalika deweke dikirimi utawa diwehi daging qurban, deweke mung kena nasharufake kelawan sepadane mangan, nyodaqohake lan nyuguh

(Busyral Karim Juz. II hal. 127-128).

 

Kesimpulan.

Tiyang faqir kenging nyade daging qurban ingkang dipun tampi, dene tiyang sugih mboten kenging nyade daging qurban ingkang dipun tampi, hakipun namung kenging nedi, nyodaqohaken lan nyuguh kados dene tiyang ingkang korban sunnat ingkang mboten dipun nadzari. Dados hakipun mboten mutlak. Dene tiyang faqir hak ipun mutlak sahingga saget nasharufaken shadaqoh punika miturut kebetahanipun, saget dipun sade, utawi dipun shadaqahaken tiyang sanes, utawi kangge suguhan.

 

5. Daging qurban dipun paringaken tiyang non muslim.

Pertanyaan :

Kados pundi hukumipun maringaken daging kurban dateng tiyang non muslim ?

Kanti alasan kemasyarakatan. Jalaran masyarakat kita menika majemuk tiyangipun pepak agaminipun, Sahingga sesrawunganipun mboten saget dipun pisahaken, antawis warga muslim lan non ngantos ing perkawis ibadah ingkang berdampak sosial kados dene kurban menika.

Jawab :

Mboten kenging maringaken daging korban dateng sanesipun tiyang Islam. Ngantos tiyang ingkang pikantuk bagian daging korban ugi mboten kenging nyodaqohaken utawi nyade dateng sanesipun tiyang Islam. jalaran qurban menika pasugatan saking ngarsane Allah kangge tiyang tiyang Islam, mboten kenging kangge sanesipun tiyang Islam.

Keterangan saing Kitab :

  1. Al Bajuri Juz.II hal. 301.
  2. Ianatuth Thalibin Juz II hal. 334.
  3. Al Qulyubi Juz.II hal. 254.
  4. Al Iqna Juz. II hal. 282.

1.

Sing bener sejatine ora wenang aweh pangan marang dzimmiyin saka daging korban kelawan muthlak pada uga shadaqah utawa hidyah, sahingga umpama wong wong faqir saka wong Islam nampa shadaqah, utawa wong wong Islam kang sugih sugih nampa hidyah saka korban, mangka haram nyadaqahake marang wong kafir dzimmi senajan mung sithik saka daging qurban mau, semono uga ngedol marang wong wong kui, jalaran qurban iku pasugatan saka ngarsane Allah kanggo wong wong Islam. Iki qaul kang mutamad. (Al Bajuri Juz.II hal. 301).

2.

Disyaratake wong kang pada nampa sadhaqah korban iku saka wong wong Islam, dene wong wong liyane ora wenang diwenehi senajan mung shithik wae saka qurban

(Ianatuth Thalibin Juz II hal. 334).

 

Kesimpulan.

Maringi shadaqoh saking kurban dateng sanesipun tiyang Islam punika mboten kenging, hukumipun haram. Ngantos tiyang Islam ingkang nampi bagian kurban tiyang faqir nampi shodaqoh, utawi tiyang sugih nampi hidyah ugi mboten kenging maringaken utawi nyade dateng tiyang non Islam menika , jalaran korban punika pasugatan saking ngarsane Allah kangge tiyang tiyang Islam, mboten kenging dipun paringaken dateng tiyang sanes. Menawi kepingin maringi daging tiyang sanes saget kanti cara sanes.

 

6. Korban, kulit, sirah lan kikilipun di dol nggo tuku daging.

Pertanyaan :

Katah kedadosan ing mangsa menika panitia korban nyade kulit, sirah lan kikilipun korban , lajeng dipun tumbasaken daging lajeng dipun bagi, supados langkung manfaat. Menapa wonten qoul ingkang ngengingaken ngaten menika ?

Jawab :

Wonten qoul ingkang ngengingaken nyade kulit utawi sirah lan sanesipun ngaten punika, inggih punika qoulipun Imam Abu Hanifah (Imam Hanafi).

Keterangan saking Kitab : Kifayatul Ahyar Juz.II hal, 242.

,

Mungguh Imam Abu Hanifah, Sak temene wenang adol kulit qurban lan nyodaqohake hasile, utawa tuku kelawan duite mahu ing perkara kang bisa dialap manfaat ing omahe. Mungguh kita wenang madakake perkara mahu kelawan daging

Kacarita saking wong kang nganggit Kitab Taqrib kanti nyaritakake qoul kang ghorib (nyleneh) menawa sejatine wenang adol kulit qurban, nuli hasile adol mau di tasharrufake kaya tasharrufe qurban .Wallahu Alam.

(Kitab Kifayatul Ahyar Juz.II hal, 242).

Kesimpulan.

Ulama Syafiiyyah kaprahipun mboten ngengingaken nyade lulangipun khewan korban. Nanging Imam Abu Hanifah ngengingaken. Lajeng kasilipun nyade dipun shadaqohaken kanthi ujud arta utawi dipun tumbasaken perkawis ingkang manfaati tumrap keluarganipun tiyang ingkang nampi. Utawi dipun tumbasaken daging lan dipun tasharrufaken kados tasharrufipun korban kanthi arupi daging kados memperipun daging korban. Nanging qoul punika ghorib . Dene katahipun tiyang nindakaken ngaten punika kanti pertimbangan ingkang langkung anfa.

 

7. Korban kanti mbayar arta.

Pertanyaan :

Kedadosan ing mangsa punika tiyang korban namung pasrah arta, upami tiyang ingkang wonten ing paran kentun arta dateng keluarganipun kangge korban.

Kados pundi hukumipun korban kanti nyerahaken wujud arta, mboten kanti nyerahaken khewan kurban ?

Jawab :

Mboten shah korban kanti nyerahaken arta, nanging kedah arupi khewan ternak ingkang sampun tertentu.

Keterangan saking Kitab : Riyadhul Badiah hal. 8.

Ora shah qurban kejaba kelawan khewan ternak, yaiku onta, sapi lan wedus, kerana qurban iku ibadah kang persambungan kelawan khewan, mula ditentokake kelawan khewan ternak, kaya dene zakat ora cukup kelawan liyane

(Riyadhul Badiah hal. 8).

Kejawi menawi pasrahipun punika shifatipun nyuwun tulung lan makilaken supados numbasaken khewan kangge korban kanti nyerahaken arta sak reginipun khewan lan wekdalipun tasih ngongangaken kangge tumbas khewan, mekaten ugi kawontenan ngongangaken kangge mujudaken khewan korban .

Kesimpulan.

Mboten shah korban kanti nyerahaken arta, sebab korban punika ibadah ingkang sampun katentokaken kanti hewan ternak, kejawi menawi shifatipun nyuwun tulung supados dipun tumbasaken khewan kangge korban kanti nyerahaken arta. Lajeng tiyang ingkang dipun pasrahi sagah lan wekdalipun tasih mungkin. Dados tiyang ingkang korban makilaken dateng tiyang wau tumbas khewan korban, nyembelih lan sak mbaginipun daging korban.

8. Korban urunan.

Pertanyaan :

Pinten pinten tiyang urunan kasilipun urunan kangge

tumbas mendo, lajeng niyatipun minangka kangge kurban Kados pundi hukumipun korban kanti urunan kasebat ?.

Jawab :

Mboten cekap minangka kurban, amergi mendo setunggal menika namung nyekapi kangge korban setunggal tiyang, nanging dumawah minangka shadaqah sunnat. Keterangan saking Kitab : Al Bajuri Juz. II hal. 297.

 

Wedus siji iku nyukupi kanggo wong siji, tegese ora bisa nyukupi kanggo luwih saka wong siji. Upama ana uwong kang sekuthon karo wong liya ing wedus siji kanggo kurban mangka ora nyukupi. (Al Bajuri Juz. II hal. 297).

 

Kesimpulan.

Sampun dados ketentuan syara bilih mendo setunggal menika namung nyekapi kangge kurban setunggal tiyang, sahingga tiyang urunan kangge tumbas mendo setunggal mboten cekap kangge kurban tiyang langkung saking setunggal, kejawi dipun atas namaaken setunggal tiyang lan tiyang sanesipun sami ridla. Sinaosa mboten cekap korbanipun nanging saget dumawah minangka shodaqoh sunnat, mboten uspra lan sia sia.

 

9. Korban dipun pesen tiyang , dipun suwun kulitipun.

Pertanyaan :

Wonten tiyang ingkang nyembelih korban, dening tiyang sanes dipun peseni kulitipun bade dipun suwun,

Kados pundi hukumipun maringaken, menapa kenging ?

 

Jawab :

Kenging maringaken dateng tiyang ingkang nyuwun, langkung langkung tiyang ingkang nyuwun menika tiyang feqir ingkang sanget mbetahaken, sinaosa dening tiyang wau namung bade dipun sade ngalap artane. Keterangan saking kitab :

1. Kifayatul Ahyar Juz.II hal. 241-242.

2. Al Qulyubi Juz.IV hal. 254.

1. , ,

Lan qurban iku di dadekake telu.

  1. kanggo wong kang nrima kang lungguh ing omahe (Ora njejaluk tegese wong kang kecukupan ).

2. kanggo wong kang feqir kang njejaluk , lan

3. jare liyane kang loro mau . Iki miturut qoul jadid.

( Kifayatul Ahyar Juz.II hal. 241-242 ).

2. ,

Lan wenang aweh qurban marang wong faqir, supaya di tanjakake kanti didol utawa liyane. Sebagian ulama uga menangake tumrape wong kang nampa qurban nasharupake kelawan adol utawa liyane. (Al Qulyubi Juz.IV hal. 254).

 

Kesimpulan.

Kenging nyuwun kulit kurban kanti pesen wiwit sak derengipun dipun sembelih. Tumrap tiyang ingkang korban ugi wenang maringaken sinaosa mangertos menawi kulit wau namung bade dipun sade, menawi ingkang nyuwun menika tiyang faqir, asal tiyang wau muslim. Sebab tiyang faqir menika anggenipun miliki shadaqoh saking kurban shifatipun mutlak, saget nasharrufaken kangge menapa ingkang dados hajatipun.

 

10. Korban dipun bagi mateng.

Pertanyaan :

Sering kita panggihaken panitia korban nampi khewan korban lajeng dipun sembelih sekaliyan dipun masak, anggenipun mbagi lan nyodaqohaken daging korban punika kawontenan sampun mateng.

Kados pundi hukumipun menawi daging korban dipun bagi kanti mateng sampun dipun masak ?

 

Jawab :

Mboten kenging , amergi wajibipun dipun shadaqahaken kanti tasih mentah (mboten dipun masak ).Keterangan saking Kitab :

1.      Asy Syarqawi Juz : II hal . 465.

2.      Al Qulyubi Juz : II hal. 254.

3.      Busyral karim Juz : II hal. 127.

 

1.

Lan wajib tumrap saben saben wong kang qurban nyodaqahake bagiane qurban kelawan kahanan isih mentah

(Asy Syarqawi Juz : II hal . 465)

2.

Lan wajib anane daging kang den bagi iku kahanan isih mentah ora di dendeng ( Al Qulyubi Juz : II hal. 254 ).

3.

 

Lan wajib daging iku diwenehake kelawan isih mentah durung dimasak ( Busyral karim Juz : II hal. 127 ).

 

Kesimpulan.

Nyodaqohaken daging korban kedah tasih mentah, mboten kenging dipun matengi kanti dipun masak , miderek katah pengendika saking para fuqaha hukumipun wajib nyodaqohaken kanti kawontenan mentah. Benten kaliyan aqiqah utaminipun dipun masak, lan dipun shodaqohaken kanthi sampun mateng .

 

11. Korban namung dipun paringaken tiyang setunggal.

Pertanyaan :

Kados pundi hukumipun menawi qurban namung dipun paringaken dateng tiyang setunggal ?

 

Jawab :

Kenging lan sampun nyekapi, menawi tiyang ingkang dipun paringi tiyang faqir utawi miskin. Keterangan saking Kitab :

1. Fathul Muin hal. 63.

2. Fathul Wahhab Juz. II hal.189.

3. Al Jamal Juz.V hal. 259.

1.

Lan wajib nyodaqohake qurban senajan mung marang wong faqir siji kelawan sewiji wiji kanti isih mentah.

(Fathul Muin hal. 63).

2.

Lan nyukupi aweh qurban marang wong miskin siji, lan qurban mau kanti isih mentah durung dimasak

(Fathul Wahhab Juz. II hal.189).

3.{ }

 

Lan wajib nyodaqohake daginge saka qurban kui, kerana lahire dawuhe Allah Taala: Lan pada aweha pangan sira marang wong kang kesrakat tur feqir tegese banget faqire lan cukup milikakake marang wong miskin siji.

(Al Jamal Juz.V hal. 259).

Kesimpulan.

Wajib anggenipun nyodaqohaken daging kurban, lan

nyekapi menawi dipun paringaken dateng setunggal tiyang miskin minangka milikaken dateng tiyang faqir miskin kala wau kanti tasih mentah mboten dipun masak. Tiyang ingkang korban menawi korban ingkang mboten dipun nadzari saget mendet saing korban menika nanging mboten kenging langung saking sak protigan.

 

12. Korban dipun pasrahaken panitia tanpa shighat taukil.

Pertanyaan :

Kaprahipun wonten masyarakat tiyang kurban pasrah dateng panitia kanti tembung ingkang cekak : Niki khewan korban kangge kula tanpa pernyataan makilaken, lajeng panitia anggenipun nyembelih pasrah dateng jagal tukang sembelih.

Kados pundi pelaksanaan kurban kanti cara mekaten punika cekap menapa mboten ?

 

Jawab :

Kurban kanti cara pasrah ngaten punika miderek Imam Haramain lan Imam Al Ghazali sampun kaanggep cekap. Sebab sampun mengku niyat nalika masrahaken dateng wakil sinaosa mboten wonten tembung makilaken.

Keterangan saking kitab Syarah Muhadzdzab.

( Ahkamul Fuqoha no.189 hal.183 ).

:

 

Sak umpama wong kang qurban ngucap : wedus iki tak dadekake minangka qurban apa cukup ucapan kang nentokake lan neja seka niyat qurban lan sembelihane ? Ing perkara iki ana wajah loro, kang luwih kuat miturut akehe para ulama, yeng mengkono mau ora cukup. Dene Imam Haramain lan Imam Al Ghazali, luwih ngunggulake qoul kang nyataake cukup. Kerana anggone wis mengu niyat (Ahkamul Fuqoha no.189 hal.183)

 

Kesimpulan.

Miderek Imam Haramain lan Imam Ghazali pasrah ngaten menika sampun cekap, mergi piyambakipun sampun niyat ing manahipun nalika masrahaken, bilih khewan menika kangge korban sinaosa mboten wonten atur taukil kangge nyebelih lan nyodaqahaken dateng panitia utawi tiyang ingkang dipun pasrahi, amergi sedaya sampun maklum.

 

13. Korban lulangipun kangge ngopahi tukang mbeleh.

Pertanyaan :

Kados pundi hukumipun qurban kulitipun kangge

opah jagalipun? utawi dipun sade langkung rumiyin, artanipun kangge ongkos jagalipun ?

Jawab :

Hukumipun haram mboten kenging nyade kulit qurban, menapa malih kangge ngongkosi tukang jagalipun, keterangan saking kitab :

  1. Nailul Author Juz.V Hal. 137.
  2. Busyral Karim Juz.II Hal.128.
  3. Al Bajuri Juz.II hal. 311.

1.{ }

Dawuhe Sayyidina Ali : supaya aku ora aweh sinajan mung sitik wae saka qurban marang tukang jagale, Dawuh iki nuduhake menawa tukang sembelihe ora kena diwenehi saka qurban mau najan mung sithik, ora ngono kui sejatine kang dikersakake dawuh mau, nanging kersane dawuh kui ora kena di wenehi kerana penggaweane njagal, ora liyane.

( Nailul Author Juz.V Hal. 137).

2.{ }

}Lan ora wenang adol sewiji wiji sangka qurban { tegese qurban sunnat lan ora kena ngrusakake nganggo cara liya, uga ora kena aweh opahe tukang jagal saka qurban kui, senajang mung kulite qurban ora kena, balik ongkose jagale kudu ditanggung wongkang qurban. (Busyral Karim Juz.II Hal.128).

3.{ } { }

 

(Lan ora kena adol), tegese haram tumrape wong kang qurban ngedol sebagian saka qurbane, tegese saka daginge utawa wulune, utawa kulite. Lan haram uga ndadekake sebagian saka qurban minangka kanggo ongkos tukange nyembelih . Senajan qurban sunnat . (haram uga ndadekake sebagian saka qurban minangka kanggo ongkos tukange nyembelih) tegese mengkono iku maknane pada wae ngedol. Yen aweh marang tukang jagale ora kerana neja ngopahi, nanging kanthi neja shadaqoh mangka ngono iku ya ora haram(Al Bajuri Juz.II hal. 311).

 

Kesimpulan.

Hukumipun haram ngopahi tukang sembelih ngangge kulit korban utawi sanesipun saking korban wau, mekaten ugi haram nyade kulit utawi perangan sanes ipun korban, sami ugi kangge ngongkosi tukang sebelih utawi mboten. Menawi maringi shodaqoh saking korban mboten jalaran anggenipun tumandang nyembelih hukumipun mboten haram. Dene ongkosipun nyembelih dados tanggel jawabipun tiyang ingkang korban.

 

14 . Korban lulangipun kangge ndandosi bedug.

Pertanyaan :

 

Kados pundi hukumipun ngginakaken lulang qurban kangge nggantos bedug utawi lemek lenggah ?

Jawab :

Kengeng menawi qurban sunnat mboten qurban ingkang dipun nadzari. Kados keterangan ing Kitab :

  1. Al Iqna juz. II hal. 281.
  2. Ianatuth thalibin juz.II hal. 333.

1.

 

Lan wenang keduwe wong kang qurban ngalap manfaat lulange qurban sunnat, kaya wenange ngalap manfaat tumrape wong kang qurban saka kurban mau, kaya ta nggunakake kulit kanggo gawe timbo wadah banyu, utawa sandal, utawa sepatu. Dene nyodaqohake kulit mau luwih utama . Lan ora wenang ngedol kulite, lan nyewakake, kerana nyewakake iku jenenge ngedol manfaat.

( Al Iqna juz. II hal. 281 ).

3.{ } , .

 

( Dawuh : nyodaqohake kulitqurban ) egese kang luwih utama ndadekake kulit kurban minangka shadaqoh, lan wenang tumrape wongkang qurban ngalap manfaat kanggo awake dewe, kaya ta ndadekake kulit kanggo timbo, utawa sandal, lan uga wenang nyilihake arang wong liya. Lan haram tumrap wong kang qurban lan ahli warise ngedol ulit qurban mengkono uga perangan kang liya, uga hara nyewakake lan aweh kulit kanggo opah tukange nyembelih minangka mbales nggone nyembelih

Kerana anane hadits : Sing sapa wonge ngedol lulang qurban mangka ateges wong kui ora qurban

Lan kerana ilange milike wong kang qurban kelawan olehe disembelih qurban mau, mula qurban iku ora bisa diwaris, Dene sungune qurban iku pada karo kulite qurban ing ndalem hukum hukume kang wis tinutur..

(Ianatuth Thalibin juz.II hal. 333 ).

 

Kesimpulan.

Tumrap tiyang ingkang korban sunnat kenging ngalap manfaat saking lulangipun korban, umpami kangge ndandosi bedug utawi ndamel sandal utawi kadamel lemek lan sanesipun, nanging mboten kenging nyade utawi nyewakaken barang kasebat, mekaten ugi tumrap ahli warisipun. Dene menawi korban wajib sedayanipun kedah dipun shodaqohaken, Tiyang ingkang korban mboten kenging ngalap sinaosa namung lulangipun .

 

15. Korban klebet nadzar menapa mboten.

Pertanyaan :

Sampun biasa dumados ing masyarakat tiyang sesrawungan punika takon tinakonan. Nalika wonten tiyang nuntun menda dipun tangleti tiyang sanes, kanggo apa ? jawabipun : arep kanggo korban.

Menapa ngaten punika dados nadzar korbanipun ?.

 

Jawab :

Mboten dados korban nadzar sebab namung sekedar njawab lan ngertosaken tiyang ingkang tanglet. Menawi mboten kerana pitakon tentu tiyang menika mboten ngucapaken tetembungan ngaten menika.

Keterangan saking Kitab : Sulaiman Kurdi Juz. II hal. 304.

Al Alamah Sayyid Umar Al Bashriy ngendika ana ing

hasyiah kitab Tuhfah : (pinggirane kitab Tuhfah).

Prayogane status qurban nadzar iku selagine ora neja aweh khabar, dene nalikane sejane mung ngabari tegese iki wedus karepaku minangka qurban mangka ora ana ketentuan ( tegese ora nentokake wedus kui kudu kanggo qurban ) lan ya mung lumaku minangka jawaban saka wong kang takon (ora tumiba nadzar).

Mengkono uga kang kedadeyan ing wong kang lugu iki : yaiku wong kang tuku wedus kanggo qurban, nuli ketemu wong liya, banjur di takoni : Kanggo apa wedus iki ? wong mau njawab : Iki kanggo qurbanku .

(Sulaiman Kurdi Juz. II hal. 304).

 

Kesimpulan.

Ucapanipun tiyang menika mboten ndadosaken korbanipun wajib minangka korban nadzar, jalaran piayambakipun namung njawab dateng tiyang ingkang tanglet, mboten anggadahi niyat kejawi namung sekedar aweh khabar dateng tiyang ingkang tanglet. Mboten wonten niyat ndadosaken khewan minangka nindakaken kesanggupan pribadinipun kanti wajib kedah nindakaken korban menika.

16. Korban dipun pindah dateng papan sanes.

Pertanyaan :

Menawi wonten tiyang ingkang korban nanging anggenipun nyembelih lan mbagi dagingipun wonten ing papan sanes, mboten wonten ing kampungipun piyabak. Kados pundi hukumipun ?

 

Jawab :

Mindah Qurban punika hukumipun khilaf , miderek Qoul shohih hukumipun jawaz. Keterangan saking Kitab : Kifayatul Ahyar Juz : 2. hal.242.

{} .

 

Panggonane qurban iku ana ing desane wong kang qurban, dene mindah qurban iku ana wajah loro, njabakake mindah zakat, dene kang shohih ing bab qurban iki wenang mindah qurban sangka desane wongkang qurban.(Kifayatul Ahyar Juz : 2. hal.242).

 

 

Kesimpulan.

Mindah qurban hukumipun wenang, sae khewanipun dereng dipun sembelih utawi sampun, mindah qurban punika tentu wonten pertimbangan kemashlahatan. Sinaosa wonten pendapat ingkang nolak wenangipun mindah kurban. Ananging kerana kemashlahatan, antawisipun demi pemerataan, demi syiar, lan kemaslahatan sanes, mindah korban langkung anfa.

 

17. Korban kangge tiyang ingkang sampun seda .

Pertanyaan :

Wonten tiyang ingkang nyembelih kurban utawi aqiqah kangge tiyang ingkang sampun seda, ing mangka mboten mashiyataken kangge kurban utawi aqiqah menika .

Menapa cekap lan shah qurban utawi aqiqahipun ?

Jawab :

Miderek dawuhipun Imam Rafii kurban utawi aqiqah ipun shah lan cekap sinaosa mboten washiyat kangge kurban utawi aqiqah menika. Wonten ugi ulama ingkang mboten nganggep cekap, lajeng namung dumawah shadaqoh sunnat.

Keterangan saking Kitab : Qulyubi Umairah IV.Hal 255.

.

Imam Rofii ngendika :

Wus sak mestine tumiba qurban kanggo wong kang wis mati senajan ora mashiyatake, amergo qurban kuwi kalebu wernane shadaqah. Lan kacarita saka Abul Abbas As Sarraj gurune Imam Bukhari yen Panjenengane ngatamake Al Quran kanggo Rasulullah Sallallahu alaihi wa sallam luwih saka sepuluh ewu khataman, lan Panjenengane uga nyembelih qurban kanggo Rasulullah Sallallahu alaihi wa sallam kelawan wilangan semono kuwi uga akehe.

( Kitab Qulyubi Umairah Juz IV. Hal 255 ).

Kesimpulan.

Korban utawi aqiqah kangge tiyang ingkang sampun seda hukumipun kenging lan shah miturut qoulipun imam Rafii, sinaosa mboten dipun washiyataken, jalaran aqiqah utawi korban punika kalebet werninipun shadaqah sahingga tumrap tiyang ingkang sampun seda bade nambahi kesaenan. Mekaten ugi tumrap ingkang ngaqiqahi ugi dados kesahenan, tumrap ingkang dipun shodaqohi nampi kemanfaatan.

 

18. Nyembelih aqiqah kangge walimahan.

Pertanyaan :

a. Kados pundi hukumipun tiyang aqiqah, kanti walimahan lajeng aqiqahipun minangka kangge suguhan ?

b. Pundi ingkang langkung utami kangge maringaken aqiqah kanti dipun undang menapa dipun kintunaken ?

Tasih arupi mentah menapa sampun dipun masak ?

Jawab :

a. Hukumipun kenging aqiqah kangge acara walimahan kanti dipun masak lajeng minangka suguhan kados walimah walimah sanesipun.

Keterangan saking kitab :

1.      Fathul Wahhab Juz.II hal. 190.

2. Qulyubi wal Umairah Juz. IV hal.256.

1.

Lan sunnat masak daging aqiqah kaya walimah walimah liyane, kejaba sikile mangka diwenehake mentah marang bidane kerana hadits riwayate Imam Al Hakim kang bakal diterangake, Disunnatake masak aqiqah kelawan sarwa manis kerana ngarep arep manise budi pakertine bocah. Jalaran Kanjeng Nabi Sallallahu alaihi wa sallam iku seneng marang perkara kang manis manis lan seneng marang madu. (Fathul Wahhab Juz.II hal. 190).

2.

Lan disunnatake masak daging aqiqah senajan aqiqah kang dinadzari, bener mengkono kui, mung wae diwenehake pupune kelawan mentah marang bidane, kang luwih utama pupu kang tengen, dene utamane masak aqiqah iku kelawan manis kaya walimah liyane.

(Qulyubi wal Umairah Juz. IV hal.256).

 

Kesimpulan.

Walimahan kanti suguhan saking daging aqiqah punika wenang lan shah, amergi aqiqah punika utaminipun dipun shadaqahaken kanti sampun mateng, sahingga wenang emawon ndael suguhan saking daging aqiqah lan ngundang tiyang tiyang ingkang dipun shadaqahi.

Dene utaminipun aqiqah punika dipun shodaqohaken kanti dipun kentunaken dateng tiyang ingkang dipun shadaqahi kanti sampun dipun masak, mboten kanti dipun undang dahar kembul kanti walimahan, sinaosa mekaten punika ugi wenang lan tetep shah aqiqahipun.

 

19. Nyembelih menda siji niyat kalih, qurban lan aqiqah

Pertanyaan :

Wonten tiyang nyembeleh qurban ing dinten nahar kanti niyat qurban, nanging ugi niyat aqiqah.

Kados pundi hukumipun nindakaken setunggal pendamelan kanti niyat kalih ngaten punika ?.

Jawab.

Miderek Imam Ramli cekap lan shah kekalihipun, dene miderek Imam Ibnu Hajar namung nyekapi kangge salah setunggalipun qurban utawi aqiqahipun.

Keterangan saking kitab :

1. Itsmidul ain hal. 77.

2. Bughyatul Mustarsyidin hal. 257.

3. Al Bajuri Juz. II hal. 304.

.1

Lamun niyat swijine wong niyat aqiqah lan qurban, mangka ora hasil kejaba mung salah sawiji, iki mungguhe Imam Ibnu Hajar. Dene mungguhe Imam Ramli bisa kasil sekabehane(Itsmidul ain hal. 77.).

2.

 

Menawa ana swijine wong nyembelih wedus siji, kanti niyat qurban lan aqiqah, mungguh Imam Ramli nyukupi kanggo karone, dene ungguh Iam Ibnu Hajar mung nyukupi kanggo salah sijine ( Bughyatul Mustarsyidin hal. 257.)

3.

Lamun ana swijine wong nyembelih wedus siji, kanti niyat qurban lan aqiqah, mangka ora cukup, Nanging Imam Ramli mertelakake menawa mengkono iku bisa nyukupi

( Al Bajuri Juz. II hal. 304 ).

Kesimpulan.

Masalah punika khilaf, wonten qoul ingkang ngengingaken nyembelih khewan menda setunggal kanti niyat kalih, aqiqah lan qurban, inggih punika dawuhipun Imam Ramli, bilih nyekapi lan shah kekalihipun. nanging miderek Imam Ibnu Hajar namung dumawah nyekapi salah setunggal.

 

20. Nyembelih sapi setunggal kangge aqiqah tiyang pitu

Pertanyaan :

Wonten tiyang pitu urunan tumbas lembu setunggal lajeng dipun sembelih kangge aqiqah, awalipun urunan angge aqiqah, nanging sinareng sampun kasembelih asunyatan sejanipun werni werni wonten ingkang pancen aqiqah, wonten ingkang neja tumbas daging, lan sanes sanesipun.

Kados pundi hukumipun aqiqah sapi setunggal kangge tiyang pitu ? Lan kados pundi menawi mboten sedaya niyatipun kangge aqiqah ?

 

Jawab :

Aqiqah kanthi lembu setunggal saget nyekapi kangge tiyang pitu, sinaosa tiyang pitu niyatipun werni werni tumrap ingkang niyat aqiqah tetep shah mboten wonten labetipun tiyang ingkang niyatipun benten . Keterangan saking kitab Asy Syarqawi Juz.II hal. 471.

Menawa sapi siji utawa onta siji kanggo aqiqah pitung anak mangka iku wenang. Mengkono uga umpama urunan wong pitu pada uga kabeh ngarepake aqiqah utawa mung sebagian kang neja aqiqah, dene liyane ngarepake daging, kaya keterangan kang wis kliwat ing bab udhhiyyah

.( Asy Syarqawi Juz.II hal. 471 ).

 

Kesimpulan.

Hukumipun shah lembu setunggal kangge tiyang / lare pitu, utawi tiyang pitu urunan kangge tumbas lembu setunggal niyatipun kangge aqiqah, sinaosa sebagian tiyang pitu kala wau niyatipun boten kangge aqiqah, nanging namung sekedar ngalap dagingipun. Ngaten punika mboten nglabeti dateng tiyang ingkang niyat aqiqah. Dados saben saben tiyang miturut niyatipun piyambak piyambak, mboten saget nampi labet lan pengaruh saking niyatipun tiyang sanes.

 

21. Nyembelih khewan madep wonten pundit ?.

Pertanyaan :

Nalika nyembelih khewan utaminipun ingkang nyembelih lan khewanipun madep dateng arah pundi ?.

 

Jawab :

Cara nyebelih hewan menda umpaminipun ingkang paling sae madep dateng arah qiblat, caranipun hewan dipun rebahaken ing sisih kiwanipun kanti sirah ing sisih kidul gulu ngajeng ing sisih kilen, buntutipun ing arah ler, dados sukunipun khewan wonten arah kilen, lajeng ingkang nyembelih wonten ing sisih wetanipun khewan majeng ngilen arah qiblat. Kados keterangan ing Kitab Tahrir Hamis Syarqawi Juz, II hal. 467.

{ }

(Lan ngadepake khewan sembelihane), tegese hewan kang disembelih marang arah qiblat kerana nderek Kanjeng Nabi, wis ngriwayatake ing hadits Imam Bukhari lan Imam Muslim, lan uga wong kang nyembelih supaya madep qiblat

(Tahrir Hamis Syarqawi Juz, II hal. 467).

Kesimpulan.

Nyembelih khewan ingkang utami madep qiblat, nderek kanjeng Nabi Sallallahu alaihi wasallam, sami ugi tiyangipun utawi khewanipun ingkang dipun sembelih, amergi arah qiblat punika langkung mulya mulyanipun arah, adedasar hadits shahih riwayat Imam Bukhari lan Imam Muslim.

 

22. Nyembelih khewan dening wong fasiq

Pertanyaan :

Kados pundi sembelihanipun tiyang Islam ingkang fasiq ? lan kados pundi hukumipun neda daging ipun ?

Jawab :

Hukumipun shah sembelihanipun, mekaten ugi halal neda dagingipun, dasaripun saking kitab :

1. Al Bajuri Juz. II hal : 299.

2. Thabaqatusy Syafiiyyah (Ahkamul Fuqoha 88 hal.84 ).

1.

Wong fasiq utawa kafir ahli kitab kang halal sembelihane lamun ngabarake, menawa deweke wis nyembelih wadus iki umpamane mangka halal mangan sembelihane

.(Al Bajuri Juz. II hal : 299).

2.

Sejatine sawijineng daerah menawa kalebu daerah Islam, nuli kita ketemu sawijine wong kang ora ana tengarane kafir, mangka kita kena mangan khewan sembelihane lan kena shalat dadi mamum ing mburine

( Ahkamul Fuqoha no. 88 hal. 84 ).

 

Kesimpulan.

Sembelihanipun tiyang Islam sinaosa fasiq punika tetep shah lan dagingipun tentu inggih halal dipun teda. Ngantos kita ugi shah shalat jamaah mamum ing wingkingipun tiyang fasiq. Dados kefasiqanipun mboten nglabeti dateng sembelihanipun dados batal, tetep sah lan halal neda daging sembelihanipun tiyang fasiq. Kados ing daerah kita ingkang mayoritas masyarakatipun Muslim, punika neda deaging sembelihanipun tiyang daerah niku halal, kejawi menawi nyata ingkang nyembelih tiyang ingkang wonten tengaranipun kafir.

23. Nyembelih khewan ora ndang mati.

Pertanyaan :

Sembelihan secara syariy sampun cekap nanging khewan tasih gesang mboten enggal pejah, lajeng langsung dipun tugel gulunipun lan dipun betheti.

Kados pundi hukumipun?

Jawab :

Anggenipun mejahi sak sampunipun dipun sembelih hukumipun makruh, dene dagingipun tetep halal. Anggenipun nengga ngantos nyata sampun pejah hukumipun sunnat.

Keterangan saking kitab :

  1. Al Bujairimi alal Khatib Juz.IV. hal .250.
  2. Al Qulyubi Juz.IV hal. 243.

1. ,

Lan dimakruhake misahake sirahe sembelihan sak kal, nambah olehe motong, medot gulu, motong nggaota saka khewan sembelihan, ngobah obahake, lan mindah papane, nganti matine khewan mau.

(Al Bujairimi alal Khatib Juz.IV hal .250).

2.

 

Disunnatake nglakokake alat sembelihane (peso) alon alon kelawan maju mundur , lan aja ngasah peso sembelihane ing mangka khewan sembelihane weruh, lan aja nyembelih swiji khewan ing ngarepe khewan liyane ing mangka khewane uga weruh, lan aja misahake sirahe, aja nambahi motonge luwih saka kang didawuhake, aja medhot gulune, aja motong nggaotane sak durunge matine, aja mindah saka panggonan nyembelihe sak durunge matine, lan supaya ngumpulake ing

panggonane sembelihan kelawan alon alon

(Al Qulyubi Juz.IV hal. 243).

Kesimpulan.

Makruh hukumipun nandangi khewan ingkang sampun dipun sembelih nanging dereng oncat nyawanipun, sunatipun nengga ngantos khewan wau sampun nyata pejah, mindah saking panggonanipun kemawon mboten kenging saderengipun pejah. Nanging kemaruhan punika tetep mboten nglabeti dateng shahipun sembelihan, dados neda dagingipun tetep halal hukumipun.

 

24. Nyembelih khewan pisaune uwal utawa ganti pisau.

Pertanyaan :

Nalika nyembelih khewan mendo misalipun, pisau uwal nalika dereng sampurna sembelihanipun, utawi

gantos pisau kerana kirang landep.

Kados pundi hukumipun sembelihan punika?

Lan halal menapa mboten dagingipun?

Jawab :

Sembelihan menika hukumipun shah, lan dagingipun ugi halal, menawi enggal enggal dipun wangsuli, mekaten ugi nalika gantos pisau jalaran pisau ingkang rumiyin mboten landep, utawi gantos tiyang ingkang nyembelih, kanti syarat pisau ingkang awal dereng dipun angkat saking gulunipun khewan lan pisau ingkang kangge gantos sampun dipun tempelaken ing gulunipun khewan , keterangan saking Kitab : Bughyatul Mustarsyidin hal. 256.

 

Syaikh Ibnu Hajar wis manteb cecekelan ing kitab Tuhfah, yen halal sembelihane khewan kang disembelih nuli tangane uwal kerana polahe hewan, utawa pisaune lepas, nuli enggal dibalekake kelawan tumuli ing masalah loro iki. Lan mengkono uga nalika nyembelih nganggo pisau kang kethul, ing mangka dewerke wis motong sebagian kang wajib, nuli disusuli kelawan pisau kang liya sak durunge ngangkat pisau kang awal, pada uga isih tinemu urip kang tetep utawa ora, nalika nandangi nyembelih kang kaping pindo. ( Bughyatul Mustarsyidin hal. 256 ).

 

Kesimpulan.

Sembelihan tetep shah lan dagingipun ugi halal, nalika nyembelih pisau uwal saking gulune khewan sebab polahe hewan, sauger enggal tumuli anggenipun mbangsuli nyembelih. Mekaten ugi nalika gantos pisau kerana kethul utawi gantos tiyang ingkang nyembelih, kanti syarat pisau ingkang kangge nyusuli sampun tumempel ing gulu khewan sakderengipun pisau ingkang awal dipun angkat.

 

25. Nyembelih khewan nganggo mesin.

Pertanyaan.

Kados pundi hukumipun nyembelih khewan kanti mesin ? Amergi tumrap pedagang besar, utawi perusahaan ingkang nyediaaken daging ing mangsa punika tentu sembelihanipun mboten manual, ananging ngginaaken alat modern mesin.

 

Jawab.

Hukumipun sembelihan kanti mesin menika shah lan dagingipun halal, menawi cara pemotonganipun netepi syarat syarat antawisipun :

  1. Ingkang motong tiyang muslim.
  2. Alat mesin ingkang dipun ginaaken penyembelihan netepi syarat syarat penyembelihan syariy.

Keterangan saking kitab :

  1. Bujairimi alal Minhaj Juz. IV hal. 286.
  2. Al Jamal alal Minhaj Juz. V hal. 251.

( Ahkamul Fuqaha 341. hal. 385 ).

,

 

Sembelihan iku disyaratake anane paneja nindakake nyembelih khewan kang diseja lan jinise. Lamun iki wis di tindakake ateges wis cukup senajan penyanane lan jinise ora tepat. ( Ahkamul Fuqaha 341. hal. 385 ).

: " "

 

Disyaratkat alat pemotongane kudu kahanane tajam sehingga bisa natoni, kaya tha pisau seka wesi, bambu, watu, peluru, emas lan perak, ejaba balung aya dene untu lan kuku. Kaya dawuh hadits riwayat Imam Bukhari lan Muslim, : Apa wae kang bisa ngilekake getih sak liyane untu lan kuku, lan ing kono disebut Asmane Allah, mula mangana sembelihan kui.

Dipadakake kelawan untu lan kuku kabeh jinis balung. ( Ahkamul Fuqaha 341. hal. 386 ).

 

Kesimpulan.

Sembelihan kanti alat mesin punika shah lan dagingipun halal, kanti syarat ingkang motong tiyangipun kedah tiyang Islam, alat pemotongipun kedah netepi syarat syarat penyembelihan secara syari. Inggih punika kedah landep tur mboten asal saking jinisipun balung, kados dene kuku lan untu. Kados dawuh hadits ingkang terang perwaca riwayatipun Imam Bukhari lan Muslim, menawa gaman apa wae kang bisa natoni lan ngilekake getihe khewan, tur nalika nyembelih kanti nyebut Asmane Allah , mangka sembelihan iku shah lan halal dipangan. Dados sembelihan kanti mesin menawi alat pemotongipun saking wesi utawi logam ingkang sanget landepipun, ingkang nglampahaken mesinipun tiyang Islam terang sah lan halal.

 

MASAIL UDHHIYYAH

1. Daging qurban dipun pendet kangge jaminan panitia. 2

2. Daging qurban nadzar lan larangan neda. 4

3. Daging qurban lan sunat neda. 7

4. Daging qurban dipun sade kerana angsal bagian katah. 9

5. Daging qurban dipun paringaken tiyang non muslim. 11

6. Korban, kulit,lan sirah ipun di sade kanggo tuku daging.14

7. Korban kanti mbayar arta. 16

8. Korban urunan. 18

9. Korban dipun pesen tiyang , dipun suwun kulitipun. 20

10. Korban dipun bagi mateng. 21

11. Korban namung dipun paringaken tiyang setunggal. 23

12. Korban dipun pasrahaken panitia tanpa shighat taukil. 25

13 . Korban lulangipun kangge ngopahi tukang mbeleh. 27

14 . Korban lulangipun kangge ndandosi bedug. 30

15. Korban klebet nadzar menapa mboten 33

16. Korban dipun pindah dateng papan sanes. 36

17. Korban kangge tiyang ingkang sampun seda . 37

18. Nyembelih aqiqah kangge walimahan. 39

19. Nyembelih menda setunggal niyat qurban lan aqiqah 41

20. Nyembelih sapi setunggal kangge aqiqah tiyang pitu 43

21. Nyembelih khewan madep wonten pundi. 46

22. Nyembelih khewan dening wong fasiq 47

23. Nyembelih khewan ora ndang mati. 49

24. Nyembelih khewan pisaune uwal utawa ganti pisau. 51

25. Nyembelih khewan nganggo mesin. 54

 

 AN NIDA'
 Masail Fiqhiyyah
,
 

 

 

 

 

 


 Soal Jawab

 

 

 

  SEPUTAR sembelihan 
qurban & 'aqiqah