Khuthbah Jum'ah
 AN NIDA'
  
,H.Abu Royhan
 

 

 

 


Edisi Wulan Syawal 1427 H

 Khuthbah Jum'ah
H.Abu Royhan

1. Hawa Kudu di Jaga

2. Silaturrahim.

3. Halal bi halal 1

4. Nglestareke Nilai Ramadhan.

5.Halal bi Halal 2

6.Minal aidin Wal Faizin

7.Nggaayuh Kabekjan

8.Khutbah Tsaniyah

Khuthbah Jum'ah
,AN NIDA'
 


Edisi Wulan Syawal

 

 

 

,

 

 

 

1. Hawa Kudu di Jaga

2. Silaturrahim.

3. Halal bi halal

4. Nglestareke Nilai Ramadhan.

5.Halal bi Halal 2 .

6.Minal aidin Wal Faizin

7.Nggaayuh Kabekjan

8.Khutbah Tsaniyah

Khutbah Jum'ah Wulan Syawal

1

 

 

Hawa Kudu di Jaga

* * * * * : :

Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,

Mangga kita samiya tansah netepi taqwa dateng Allah, kanti taqwa ingkang sakestu sarana tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun , wonten ing swasana kados menapa kemawon, kapan mawon, lan wonten ing pundi kemawon, nuju suka utawi berduka, kawontenan sulit utawi gampil, ing kawontenan sepen utawi rame , tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, bade kabika keberkahan saking sedaya arah kalebat saking bumi lan langit, Allah mila sampun njanjekaken kanti dawuhipun :

"Sekirane penduduk negara iku pada iman lan taqwa, yekti mesti wae tak bukak barakah sangka langit lan bumi. (Q.S. al-A'rof: 86).

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Wulan Ramadhan nembe kemawon kepengker, swasana masyarakat kita wekdal semanten ketingal sanget gumbregah lan semanget nindakaken sak warnining pangibadahan, mboten namung ingkang wajib nanging ugi amal amal sunnah. Pramila kita estunipun kedah saget nglestantunaken semanget menika kangge wekdal wekdal sak lajengipun. Ampun ngantos kita nandang karugen jalaran amal sae ing wekdal Ramadhan kepengker lajeng wusananipun ing wulan syawal lajeng kita ujan ujanan nuruti dateng karemenan tanpa kendali. Menawi nalika kita shiyam nafsu kita sampun takluklan tunduk, ampun ngantos lajeng kanti alasan mahargya dinten riyadin kita gantos kawon dipun tunggangi dening hawa nafsu kita. Menawi mekaten kedadosanipun nama kita lajeng ngrisak dateng nilai nilai ketaqwaan ingkang sampun kita gayuh kanti ngelak lan luwe nalika shiyam sewulan Ramadhan kepengker. Bab menika Allah sampun paring pepenget dateng kita :

"Sira aja padakaya wong wadon sing ngudari benang tenune, sakwise ditenun kanti kuat " ( QS.An Nahl : 92)

Dawuh menika nggambaraken tiyang ingkang sampun kaleksanan nindakaken kesaenan kanti tlaten, sabar mbaka sekedik open tlaten nanging sinareng sampun kaleksanan malah lajeng dipun risak piyambak. Mekaten ugi kita ingkang wekdal kapengker kanti sabar nindakaken ibadah, sae ingkang fardlu utawi sunnah ing sak lebetipun wulan Ramadhan, lajeng akhiripun sinareng sampun cekap wulan radhan lumebet wulan Syawal lajeng nguja hawa tumindak menapa kemawon ingkang dipun pengini. Tiyang ingkang mekaten badesanget kapitunan jalaran kesaenanipun dipun risakpiyambak kanti anggenipuntansah nuruti dateng hawa nafsunipun. Pramila kita kedah tansah waspada dateng godanipun hawa ingkang dumunung ing sak lebetipun awak kita piyambak menika.

Menawi gesang menika namung sekedar nuruti dateng pepinginan lan pikajengan, sahengga reka dayane sedaya usahane namung amrih saget keturutan pepinginanne, ategestiyang menika sampun ngumawula, menghambakan diri dateng hawa nafsune. Ing mangka tiyang ingkang ngumawula dateng hawa ateges nganggep pangeran dateng hawanipun, tiyang menika badhe mlenceng saking kaleresan, nyebal dateng lampah ingkang sasar, nilar dateng keadilan lan badhe tebih saking pitedah ingkang leres. Kados Allah anggenipun paring dawuh :

lan sira aja nuruti hawa sebab bakal nyasarake sira saking dalane Gusti Allah lan saktemene sapa kang sasar saka dalane Gusti Allah, Tumprap dheweke siksa kang abot sebab olehe pada lali ing dinoa hisab

(Q.S.Shad: 26)

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Langkung langkung kita ingkang tasih sanget prihatos ing mangsa punika, pagesangan saking samu kawis dereng saget pulih, sageta kita punika langkung ngatos atos mindak Allah ndawahaken bebendu ingkang langkung awrat. Gumebyaring dunya mila sanget nyengsemaken, katah tiyang ingkang kesengsem lan kepincut, nanging mboten keconggah, ing mangka imanipun sanget ringkih, lajeng dados stress, wonten ugi ingkang lajeng mblubut lan nekat, nempuh dalan pintas, sing penting keturutan kekarepane, mboten merduleni halal haram, wangun lan saru, leres lan lepat, awon lan sae, sing penting kasil sejane. Inggih tiyang mekaten ingkang sinebat dening Allah kawulane nafsu lan budake hawa, kados wonten ing dawuh :

Apa sira ora ngerti wong kang ngalap pangeran hawane (howo dadi sesembahan), Gusti Allah nyasarake wong iku ingatase ilmune, pangrungu lan atine wis dipatri, Gusti Allah ndadekake tutup ing mpripate . Mulo sapa kang paring pituduh sak wuse Gusti Allah, apa sira kabeh ora padha eling

(Q.S. Al-Jasyiyah : 23)

Kathah sanget tiyang amargi nuruti kekajengan hawa lajeng tumindak maksiyat, lajeng korupsi, lajeng ngapusi manipulasi, lajeng mboten ngangge aturan agami. Jalaran agami dianggep ngrepoti, Gusti Rasul nate paring pepenget :

Bakal teka marang manungsa sawijining mangsa , wong-wong ora padha merduleake barang kang di alap, apa halal apa haram (H.R. Bukhari)

Kathah tiyang ingkang nyembah dhateng hawa lajeng mlenceng saking keleresan amargi piyambakipun dipun damel sasar dining Gusti Allah kanthi ilmunipun, dagang nek ora ngapusi jare dudu pedagang, duwe jabatan nek ora korupsi jarene ora pinter, pinter nek ora ngapusi ora kondang , wong golek rizqi halal jarene ora bakal hasil.

Piyambakipun ugi pun kunci pidanget lan manahipun, paningalanipun pun tutup mila piyambakipun mboten midhanget sambatipun tiyang sanes, manahipun sampun pejah, raos welas asih sampun ical, wontenipun namung mikir bathi lan rugi, mboten ngertos saru lan wangun, milik pribadi lan milik tiyang sanes, manfaat menapa mlarati.

Punika wau sedayanipun inggih jalaran kiyatipun hawa nafsu ingkang ucul sak sampunipun diajar kanti shiyam sak wulan,lajeng dumugining riyaya lajeng ujan ujanan nuruti dateng sedaya pepinginan.

Mugi mugi kita tansah pikantuk petedah lan rahmatipun Allah saget ngendaleni dateng nafsu kagem nglajengaken perjuangan kita njejekaken pagesangan [punika kantiridlanipun Allah Ta'ala.

*

*

.

 

 

 

 

2

 

 

Silaturrahim.

 

$ $ $ $ $ $ $ $ $ $ $

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita samiya tansah nambahi taqwa lan ajrih kita dateng Allah, kanti sarana tansah nderek sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar sedaya cegah lan awisanipun. Ajrih menawi ngantos nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ajrih menawi ngantos nerjang awisan lan wewalering Allah.Wonten ing sak dengah kawontenan, tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin. Langkung langkung wonten ing mangsa pagesangan san saya ribet lan syulit punika, kanti taqwallah Insya Allah kita bade manggehaken solusi saking kawontenan sulit menika, malah Allah bade maringaken rizki ingkang kanti tanpa kita nyana. Gusti Allah sampun ngengetaken kanti dawuhipun :

,

Sing sapa wonge taqwa marang Allah, Mangka Allah bakal ndadekake dalan metu tumrap wong mau, Lan Allah bakal paring rizki marang wong kuwi sangka tanpa kanyana nyana (QS. At Thalaq : 2-3).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Sampun dados tradisi lan kabudayan ingkang sahe wonten ing masyarakat kita, bilih ing saben-saben swasana riyaya sami ngleksanakaken halal-bihalal, ngapura-ingapuran, silaturrahim lan ngraketaken pasederekan antawisipun setunggal lan sawenehipun anatawis kita sedaya.

Pengadatan ngaten punika kedah kita lestantunaken minangka kangge ngraketaken silaturrahmi lan raos kekadangan ing antawisipun kita sedaya, kita kedah tansah guyup rukun, bantu-binantu lan tulung-tinulung ing antawis kita sedaya. Dados kwajiban tumrap kita sedaya Umat Islam tansah njagi lan ngraketaken raos pasederekan lan persatuan. Mekaten ugi kita kedah njagi lan nebihaken perkawis ingkang saget nimbulaken keretakan lan karenggangan tumrap kita, jalaran kados pundi kemawon kita punika tetep bersaudara nunggil Iman lan Islam. Kula aturi enget dawuhipu Allah:

"Sejatine wong wong kang pada Iman iku bersaudara, mula pada rukuna antarane sedulurane sira kabeh, lan pada wedia sira kabeh ing Gusti Allah"

(QS. Al- Hujurat: 10).

Maasyiral Muslimin Rahimakumullah,

Kita kedah tansah waspada, ampun ngantos gampil dipun adu, dipun propokasi lan dipun pengaruhi dening golongan ingkang mila mboten remen nyawang kita ummat Islam punika tansah rukun lan bersatu. Pramila pasulayan, padudon, bendeng ceweng, raos iri lan dengki, gegethingan, sentimen, jejengkelan, panyana awon lan sak panunggalanipun ingkang saget ngrenggangaken pasederekan, kedah kita bucal tebih-tebih. Kita kedah tansah ngugemi pepenget Nabi:

ǡ

 

"Sira kabeh aja pada drengken-drengkenan, aja pada bencet-bencetan, aja pada gething-gethingan, aja pada ungkur-ungkurnan lan aja pada ngedoli padolane liyan, lan sira kabeh kawulane Allah iku pada seduluranna, wong Islam iku sedulure wong Islam, wong Islam iku ora kena nganiaya, ora kena ngina, ora kena nggorohi, ora kena ngremehake, taqwa iku ana ing kene... ( Nabi isyarah dateng dadane ambal kaping tiga). (H.R.Muslim).

Para sedek Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah.

Saben dinten kita punika sami shalat berjamaah, saben pitung dinten kita shalat Jumah, saben Ramadlan kita shalat Tarawih kanthi jamaah, Ing sak lebetipun jamaah shalat punika sak estunipun mengku hikmah lan piwucal bilih kita sedaya ummat Islam kedah tansah sesarengan ing saklebetipun ngumawula wonten ngarsanipun Allah swt, mekaten ugi ing sak lebetipun gesang bebrayan punika. Kita minangka makmum kedah tangsah nderek dateng imam, menawi Imam klentu lan lepat, makmum kedah ngengetaken dateng imam, dateng sesami makmum kita kedah tansah sesarengan, lurus lan rapet shof lan barisannipun. Kanthi tulada punika kita kaum Muslimin kedah tansah jumeneng kanti dedasar persamaan persatuan lan pasederekan, kangge nggayuh kamulyaning gesang wiwit dunya ngantos mbenjang ing akhirat kanti ridlanipun Allah Taala. Kanti manunggaling seja lan tujuan punika, ateges kita sak estu kedah ambudi daya mempererat tali silaturrahim, sahingga prasasat kita sedaya punika kados dene jasad setunggal Kados dene dawuh dalem Kanjeng Nabi:

 

"Pepadane wong-wong mukmin ingdalem hubungan pasedulurane, welas-winelasane, trisna-tinresnanne, iku kaya dene awak siji. Nalika perangane nggaota badan nuju lara, kabeh badan sekojor ngrasaakake mriyang lan ora bisa turu" (H.R. Bukhary).

Para sederek, mila kados mekaten kedahipun sesami kaum Muslimin anggenipun sambet kekadangan lan sambet raos, kedah saling mendukung lan nyengkuyung ing babakan kesaenan, saling memperkiyat kangge mujudaken kawontenan saha kemanunggalaning ummat wonten ing pundi kemawon jejer kalenggahan lan kawontenan ipun. "Persatuan ndadosaken kita kiyat kekah, dene pasulayan ndadosaken kita ringkih lan lemah". Kados tetembungan : "Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah"

Faham kenging benten, pemanggih kenging mboten sami, organisasi kenging werni-werni, profesi kenging benten-benten, partai kenging macem macem. Ananging Iman, Islam, aqidah lan syariah kita tetep tunggal, nauhidaken dateng Allah lan nderek tuntunan Rasulullah. Ampun ngantos perbedaan faham, organisasi pendapat lan pendapatan dipun damel alasan kangge padudon lan pasulayan. Rasulullah paring piwucal dateng kita bilih kita kenging lan kongang beda:

"Dadiya sira iku kaya tangan loro, aja kaya kuping loro"

 

Artosipun nalika kita tindak asta kalih kita lembeyan, punika tetu sulaya, menawi asta tengen majeng asta kiwa mesti kedah mundur, mboten nate maju mundur bareng, Mugi kita sageta netepi kwajiban kita, sae ingkang sesambetan dateng Allah menapa dene ingkang sesambetan dateng sesamining manungsa.

$ $

$

 

3

 

Halal bi halal

* * * * * * * * : * *

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita samiya tansah nambahi taqwa lan thaat kita dateng Allah, kanti sarana tansah nderek sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar sedaya cegah lan awisanipun , wonten ing pundi kemawon kawontenan kita, swasana kados menapa kemawon, kapan mawon, enjang lan sonten, rinten lan dalu nuju bingah utawi sisah, nuju sulit utawi gampil, ing kawontenan sepen utawi rame , tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin. Allah sampun njanjekaken kanti dawuhipun :

Allah wus paring janji marang wong wong kang pada iman lan pada nindakake amal shalih, tumrap wong wong mahu bakal oleh pangapura lan ganjaran kang agung saka ngarsane Allah (Al Maidah : 9).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Nembe kemawon kita mahargya dinten riyaya dinten kamenangan tumrap kita, sak sampunipun kita sesarengan berjuang perang nglawan mungsuh ingkang tansah ngajak apik apikan aten dateng kita, kanti mbujuk lan ngglembuk amrih kita manut lan miturut dateng pangajakipun. Kanti nggenturaken prihatosan siyam sewulan natas wusananipun kita saget wasul saking madyaning palagan perang nglawan hawa nafsu kita, inggih mengsah kita punika. Mugi kita sakestu wangsul punika kanti ngukup kamenangan nggayuh derajat taqwa wonten ngarsanipun allah Ta'ala. Saha pikantuk pangapuntening dosa lan lepat kita sedaya lantaran anggen kita shiyam Ramadhan wekdal kapengker. Kados ingkang kadawuhaken dening Nabi kita :

"Sing sapa wonge pasa Ramadhan lan ngerteni hukum hukume pasa, uga ngreksa marang apa kang kudu direksa, mangka bakal di apura kabeh dosa kang sak durunge".

(HR.Ibnu Hibban).

Dosa lepat kita ingkang tumanduk dateng Allah sampun kaparingan pangapura, mila kangge nyampurnaaken kita kedah ugi nggayuh pangapura saking kalepatan ingkang tuwuh ing saklebetipun kita gesang sesrawungan ing antawis kita, ingkang sagetipun kita pikantuk pangapunten inggih namung kanti lantaran pikantuk ridlanipun tiyang ingkang sesambetan kaliyan kita. Caranipun inggih kita nglahiraken panyuwunan pangapunten dateng tiyang ingkang sesrawungan kaliyan kita. Mekaten ugi kita kedah kanti gampil ngikhlasaken lan maringi pangapunten dateng sok sintena tiyang ingkang sampun nglahiraken kalepatanipun lan nyuwun pangapunten dateng kita. Kanti mekaten ateges kita sampun terbebas saking beban pribadi sak lebetipun gesang bebrayan punika . Insya Allah kita ugi bade nampi katresnanipun Allah Ta'ala .

Allah sampun paring dawuh :

"Aweha pangapura sira marang wong wong liya, lan menehana kalonmggaran, Sejatine Allah iku tresna marang wong kang pada agawe becik"

(QS.Al Maidah :13)

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Allah dawuh dateng kita supados kita enggal enggal nggayuh pangapura, saha enggal enggal tumindak sae kangge nggayuh kabekjan lan kamulyan swarga, kanti dawuhipun :

*

Pada age ageya sira kabeh tumuju marang pangapurane Allah Pangeranira kabeh lan marang swarga, kang ambane swarga iku pitung langit lan bumi kang disedyakake kanggo wong kang pada taqwa kabeh (QS Ali Imran : 123)

Pramila ing sak purnanipun kita riyaya punika kita lajeng sami nglaksanaaken halal bihalal, kangge ngapura ingapuran.nindakaken dawuh punika.

Pengadatan kita ngawontenaken halal bihalal mboten saget kita selaki, pancen mboten nate dipun atur dening Al Qur'an menapa dene hadits menggah tata caranipun, nanging ugi kedah kita fahami bilih ajaran kangge nyuwun lan paring pangapunten jelas dipun dawuhaken dening agami kita lumantar dawuh Al Qur'an kasebat, jalaran kasunyatan bilih kanti halal bihalal kados ingkang sampun dadoskabudayan punika nuwuhaken hikmah lan faedah ingkang katah ing sak lebetipun masyarakat kita. Antawisipun kanti halal bihalal sak estu kabangun malih hubungan kekadangan ing antawis kita, menika mboten saget kitaselaki, pasederekan bade langkung raket, katresnan san saya ageng , sahengga makna lan hikmah ingkang kawengku saklebetipun halal bihalal sak sektos mujudaken nilai nilai tuntunan agami kita ingkang sanget wigatos.

Bab silaturrahim punika faedahipun sampun mboten kita mamangi malih, toh kasunyatan kita silaturrahim mboten namung saben saben dinten riyaya, nanging ing dinten riyaya mila langkung kita tengenaken, amergi taksih katah kawigatosan sanes saklebetipun pengadatan menika, antawisipun inggih halal bihalal punika. Kanjeng Nabi sampun ngendika,

,

"Sing sapa wonge kepengin dijembarake rizkine, lan di tunda ajale, mangka becik senenga nyambung paseduluran" (HR.Muslim).

Kita tentu mboten bade kepengin rupek rejekine, lan tentu mboten kepengin diopun cekak umure, Kanjeng nabi jelas sampun maringi resep kados mekaten ,mesti kemawon kita tansah siaga nindakken menapa dawuhipun .

Mugi mugi kita kalebetna ummat ingkang tansah nderek daten dawuh lan tindak lampahipun , lan ugi pikantuk rahmatipun Allah Ta'ala Amin

$ $

$

 

 

 

4

 

 

Nglestareke Nilai Ramadhan.

$ $ $ $ $ : : $

Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,

Minangka purwakaning atur keparenga kula ngakjak dateng awak kula lan panjenengan sedaya, mangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun , lan nebihi sedaya awisanipun, Inggih namung kanti taqwa dumateng Allah punika kita bade kaparingan margi gampil saking sedaya urusan kita. Kados dawuhipun :

Sing sapa wonge taqwa marang Allah, Mangka Allah bakal ndadekakegampang sangka urusane wong mau

(QS. At Thalaq: 4).

para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah

Sak sampunipun kita saged ngraosaken wontenipun manfaat saking shiyam Ramadhan, pramila salah satunggaling kewajiban ingkang taksih kedah kita lampahi injih punika nglaksanakaken lan ngembangaken hikmah-hikmah ingkang terkandung wonten ing sak lebeting Ramadhan; sak hingga atsar utawi kesan ingkang sampun dipun tilaraken dening wulan Ramadhan, sageta mbeta hasil ingkang nyata, arupi tambah sae lan kiatipun mutu lan kualitas keimanan lan keislaman kita.

Perjuangan ingkang mboten lepas saking ujian lan cobaan kangge merangi hawa nafsu sak laminipun setunggal wulan kepengker, sageta mbeta hasil arupi soyo kiatipun pondasi keimanan kita dumateng Allah swt, lan wonten sak nginggiling pondasi keimanan ingkang kiat kasebat, kita bangun keislaman kita sak hingga langkung meningkat mutu lan kwalitasipun katimbang wekdal-wekdal ingkang sampun.

Mangga kita berusaha supados iman kita sedaya, sampun ngantos namung dados kalimat ingkang gampil pun ucapaken utawi namung dados semboyan kosong ingkang mboten wonten wujudipun. Mangga kita berusaha sekuat tenaga ningkataken iman kita, sak hingga iman kasebat saged dados pendorong kagem nindakaken amal-amal sholeh minangka sarana kita kagem ngupaya karidhan saking ngarsanipun Allah swt. Sesarengan mangga kita renungaken pangandikanipun Allah swt wonten ing al-Qur'an, surat al-Hujurat ayat 15:

$

"Sak temene wong-wong kang podo iman yaiku wong-wong kang pada iman marang Allah lan utusa-Ne, banjur ora mamang maneh lan pada gelem berjuang ana agamane Allah nganggo banda lan awake. Ya wong-wong kang kaya mangkono iku wong-wong kang pada temen".

Para sederek kaum muslimin rahimakumullah.

Supados dados golonganipun tiang-tiang iman ingkang sejati, kasunyatan bab punika sanes perkawis ingkang gampil. Keimanan ingkang kukuh lan kuat bade maujud sak sampunipun ngliwati perjuangan lan mapinten-pinten ujian, milai ingkang alit ngantos ingkang ageng. Saking saged lan mbotenipun tiang ngadepi ujian lan cobaan punika, saged kita dadosaken ukuran kangge ningali kiat lan mbotenipun keimanan tiang kasebat. Lan saking pangandikanipun Allah wonten surat al-Hujurat ayat 15 kasebat nginggil, ugi saged kita simpulaken bilih kesediaan berkorban mawi banda lan awakipun wonten ing agaminipun Allah, estu mujudaken syarat mutlak kagem tiang-tiang ingkah bade nggayuh predikat iman ingkang sejati. Kesediaan berkorban kala wau menawi wonten ing agami Islam pun westani: Jihad fi sabiilillah.

Jihad fi sabiilillah saestunipun mboten namung sekedar istilah ingkang nggadahi makna ingkang sempit, ingkang dening tiang-tiang ingkang mboten remen kaliyan Islam, asring dipun maknani kanti makna negatip injih punika perang. Anging jihad fi sabilillah nggadahi makna ingkang langkung wiar, injih punika usaha ingkang giat kangge mujudaken keluhuran lan kejayaan agami Islam.

Para sederek kaum muslimin rahimakumullah

Mbok menawi masalah usaha lan ngupaya kagem keluhuran lan kejayaan agami kita, agami Islam punika, perlu kita aturaken wonten ing kesempatan ingkang sae punika, sebab kados pundi warna lan corak-ipun agami Islam wonten ing daerah ngriki wonten ing masa depan, punapa soyo maju utawi malah mundur, katah sambetipun kaliyan: kados pundi semangat lan api jihad ingkang pun miliki dening penduduk daerah mriki. Kita sedaya kedah sadar, bilih antawis Islam lan jihad kados dene mata rantai ingkang mboten saged dipun pisahaken satunggal lan sawenehipun. Islam tanpa jihad bade lumpuh lan mboten nggadahi daya kekuatan. Islam tanpa wontenipun jihad, mboten bade nggadahi arti punapa-punapa lan mboten bade ngasilaaken punapa-punapa.

Sesarengan mangga kita gatosaken dawuhipun Rasulullah saw:

"Sing sapa wonge kang mati lan dewek-e durung tau jihad utawa ngrentek-ke atine kangga jihad, mangka wong mau mati kanti netepi cabang siji saking sifat munafik".

 

Pramila mangga, minangka hikmah shiyam ingkang sampun kita lampahi setunggal wulan nutuk punika, sageta kita wujudaken wonten ing semangat lan tekad kita kagem ningkataken perjuangan lan jihad kita demi keluhuran lan kejayaan Islam.

Para sederek kaum muslimin rahimakumullah

Ananging sayang, kangge ngiataken lan usaha perjuangan keluhuran Islam wonten ing daerah kita punika, kasunyatan taksih wonten hambatan ingkang pokok, injih puniko: perpecahan wonten ing kalangan kita ummat Islam, kirang persaudaraan, taksih terpecah-pecah, malah kadang-kadang ngantos kedadosan permusuhan. Kawontenan ingkang kados mekaten, kejawi mboten nguntungaken kagem usaha keluhuran Islam, ugi malah nguntungaken musuh-musuh lan golongan-golongan ingkang mboten remen kalian Islam.

Awit saking punika, mangga suasana ingkang sae punika, kita hiasi kanti ngatah-ngatahaken silaturrahim dumateng sederek-sederek kita, kangge ngiataken ukhuwwah islamiyyah kita. Rasulullah saw paring pangandikan:

"Sapa wae kang nyata-nyata iman marang Allah lan dina akhir, mangka becik nglaksanakna silaturra him"

Punapa malih wonten ing suasana lebaran ingkang saling apuran-apuranan punika mangga sageta kita manfa'ataken kangge ngicali raos panguneg-uneg lan hubungan ingkang kirang sae diantara kita kaum muslimin, sak hingga samangke maujud raos saling asih, saling sayang lan raos persatuan ingkang kiat diantara kita. Persatuan ingkang kiat estu mujudaken syarat mutlak kagem kejayaan lan keluhuran agami kita, agami Islam wonten ing tembe ngajeng.

Mugi-mugi Allah swt tansah paring taufik lan hidayah dumateng kita sedaya dalam rangka usaha kita mujudaken kejayaan lan keluhuran Islam wonten ing daerah kita punika.

: $ $ $ $ $

$ $

$ $

5

 

Halal bi Halal 2

, * * * * * * * * : :

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita samiya tansah netepi taqwa dateng Allah, kanti taqwa ingkang sakestu sarana tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun , wonten ing swasana kados menapa kemawon, kapan mawon, lan wonten ing pundi kemawon, nuju suka utawi berduka, kawontenan sulit utawi gampil, ing kawontenan sepen utawi rame , tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin Allah sampun njanjekaken kanti dawuhipun :

Sejatine wong wong kang pada iman lan pada taqwa marang Allah, tumrape wong wong mau oleh kebungahan urip ana ing dunya lan ing akhirate.

(QS. Yunus 63-64).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Sampun dados tradisi lan kabudayan ingkang sae wonten ing masyarakat kita bilih saben saben dinten riyaya sami ngleksanaaen halal bi halal, ngapura ingapuran, silatur rahim lan ngraketaken kekadangan antawis satunggal lan sawenehipun. Pramila swasana menika kedah ida dadosaen minanga momentum kagem ngraketaken raos pasederean saha nggrengsengaken silaturrahi ing antawis kita sedaya. Ita kedah tansah guyup rukun, trisna tinresnanan, welas winelasan, Bantu binantu, lan tulung tinulung antawis kita sedaya. Sahingga wajiban tumrap kita sedaya uimat Islam tasah njagi lan rumeksa dateng raos pasederekan lan kemanunggalan. Mekaten ugi kedah tansah ngreksa lan nebihaken saking perkawis ingkang saget nuwuhaken keretakan lan karenggangan tumrap sesambetan kita, jalaran kados pundi kemawon kita punika tetep bersaudara nunggil iman lan Islam, kula aturi enget dawuhipun Allah :

 

Sejatine wong wong kan pada iman iku bersaudara mula pada rukuna antarane seduluranira kabeh, lan pada wediya sira marang Allah ( QS. Al Hujurat : 10 ).

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Manungsa mboten bade uwal saking khilaf lan lepat, ingkang tundanipun bade nandang dosa menggahipun Allah. Dene dosa lan lepat ingkang kasandang dening mnungsa punika wonten werni kalih,

Sepisan : dosa lepat ingkang tumanduk dateng ngarsanipun Allah, ingkang sering dipun wastani huququllah..

Kaping kalih : dosa lepat ingkang tuwuh sak lebetipun ita sesrawungan gesang bebrayan muasyarah antawisipun sesamining manungsa, ingkang sering dipun wastani huququl adamiy.

Ingkang dosa kekalihipun punika saget pikantuk pangapunten lan kalebur dening Allah kanti miturut cara caranipun piyabak piyambak. Dosa huququllah sagetipun pikantuk pangapunten saking ngarsanipun Allah inggih menawi kita tobat lan istighfar nyuwun pangapunten dateng Allah, Pramila pangajab kita kanti shiyam kita sewulan sak lebetipun Ramadlan kepengker kita pinaringan pangapunten lan maghfirah saking ngarsa dalem Allah Taala. Sahingga kwajiban kita kedah ikhtiyar kanti nglahiraen panyuwunan pangapunten nyuwun halal saha ridlanipun tiyang ingkang kita damel lepat.

Nyuwun utawi paring pangapunten dating tiyang sanes punika ila boten perkawis ingkang gampil engteng, nanging mbetahaken swasana ingkang jubuh lan endukung, kalebet swasana idul fitri punika , satunggaling momentum ingkang tepat kangge ngleksanaaken halal bihalal, lan ngapura ingapuran , inggih saat ipun manah kita sami lilih lan luluh.

Pengadatan kita sami salam salaman sinarengan atur pangapunten setunggal lan sawenehipun . Kanjeng Nabi paring dawuh :

 

Endi endi ana wong Islam loro kang pada ketremu , nuli pd slamn krone, mngk esti dilebur dosane wong loro uwi sk durunge krone pepishan (HR.Ahmad).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Wonten ing masyarakat kita pengadatan sai ngawontenaen upacara halal bi halal wonten ing wulan Syawal sak purnanipun kita umat Islam nindakaken pengibadahan shiyam wajib sewulan natas . Kanti Suka lan gumbira upacara punia sami dipun lesanakaken. Prasasat kados dene prajurit ingang nembe wangsul saking madyaning peperangan ageng kanti nggayuh kamenangan . Mila sami dipun pahargya kanti kebak kabingahan. Emenangn punika inggih anggenipun kasil nelukaken hawa nafsu kanti shiyam sewulan muput. Sahinnhga dosa lepat dipun apunten dening Allah , lan ugi dipun halalaken kalepatan antawis sesami anak adam kita sedaya punika. Saklajengipun kita gesang bebrayan lan sesrawungan ing madyaning masyarakat sampun uwal saking beban beban kalepatan, jalaran kita sampun sami mbebasaken lan ngridlaaken beban beban pribadi kanthi jembar lan longgaring manah lan tulusing batos. Pangajap ita Allah ugi bade maringaken kawelasan dateng kita kados dawuhipun ing Al Quran :

Aweha pangapura sira marang wong liya, lan aweha kalonggaran, Sejatine Allah iku Dzat Kang maha tresna marang wong kang pada agawe becik(QS. Al Maidah : 13).

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Saklebetipun pengadatan kita halal bi halal punika kanyata mengku paedah ingkang katah, ing antawisipun silaturrahim.kanti halal bihalal sakestu kabangun malih hubungan kekeluargaan antawis kita . Punika kanyatan ingkang boten saget dipun selaki, pasederekan bade langkung raket lantaran silaturrahim. Ningali saking hikmah ingkang mekaten, sinaosa zamanipun Nabi mboten nate wonten upacara halal bihalal, ananging makna lan hikmah ingkang kawengku saklebetipun upacara halal bi halal sakyetos mujudaken nilai nilai tuntunan agami Islam ingkang sanget wigatos.

Menggah faedahipun silaturrahim sampun terang tumrap kita mboten mamang malih, sinten tiyang ingkang mboten mbetahaken ? Inggih punika jembar lan longgaripun rizki saha panjangipun umur, kalih perkawis punika ngrupekaken kabetahan tumrap sedaya tiyang gesang . Dawuh Nabi :

Sapa wonge kepengin di jembaraken rizkine, lan di tunda ajale, mangka senenga nyambung paseduluran (HR.Muslim).

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Mugi mugi kita kaparingana manah ingkang jembar longgar gampil paring lan nyuwun pangapunten dateng sesami, remen silaturrahim sahingga tansah pikantuk rahmatipun Allah Subhanahuwa Taala . Amin .

* * * * * * *

6.

Minal aidin Wal Faizin

* * * * * * * * : : *

Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,

Minangka purwakaning atur keparenga kula ngajak dateng awak kula lan panjenengan sedaya, mangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun , lan nebihi sedaya awisanipun, Inggih namung kanti taqwa dumateng Allah punika kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin. Jalaran inggih namung kanti iman lan taqwa punika kita sedaya bade manggih kawilujengan , Allah sampun njanjekaken kanti dawuhipun :

Lan Ingsun nyelametake marang wong wong kang pada iman lan wong kang pada tansah netepi taqwa.

(QS : Fushshilat : !8).

Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,

Wekdal punika kita tasih wonten ing swasana Idul fitri, pengadatan masyaraat kita ing sak dengah panggenan nalika pinanggihan kaliyan sanak sederek, mitra pitepangan sami ngucapaken :

Sinarengan atur panyuwunan pangapunten. Punika satunggaling kabudayan ingkang utami sanget, jalaran tetembungan punika estunipun ngrupekaken dunga, ingkang nalika ngucapaken kalimah menika ateges ndungakaken sae dateng sederek kita . Dunga punika asal wetahipun :

Ingkang cara jawinipun :

Mugi mugi Gusti Allah ndadosaken kula lan panjenengan kalebet golonganipun tiyang tiyang ingkang nggayuh kamenangan lan tiyang tiyang ingkang pikantuk kebahagiaan tur tinampi amal ibadahipun

Ningali suka raosipun dunga menika, ateges kita saling ndungakaken sae dateng sederek kita, lajeng dipun sertani panyuwunan pangapunten. Menggah maknanipun dunga punika bilih kita ingkang nembe kemawon purna nindakaken jejibahan shiyam Ramadlon punika sa estunipun mila nembe mentas nindakaken jihad akbar, perang agung, inggih merangi hawa nafsu. Nembe wangsul saking palagan kanti ngukup kamenangan. Pramila nalika kita pinanggihan kaliyan sederek kita lajeng sami ngaturaken pandunga, ngucapakan selamat atas kemenangan punika. Kanti manah ingkang tulus dada ingkang jembar, wajah ingkang sumringah, sarana ngulungaken asta salaman mertandani kita saling ngapura ingapuran, sahingga hubungan silaturrahim antawis kita san saya raket kanti prastawa idul fitri punika. Menapa dene Allah ugi ngluberaken maghfirah ipun dateng kita lantaran anggen kita ngibadah sak lebetipun wulan Ramadlon kanthi shiyam saha shalat tarawih saben dalunipun. Kanthi mekaten hablum minallah lan hablum minannas insya Allah cekap sedayanipun. Inggih wonten ing swasana mekaten punika mbok bilih ketaqwaan menika memuncak minangka bukti wangsul kita dateng fithrah ingkang bersih saking sedaya dosa lan kalepatan, bebasan kados dene bayi ingkang nembe lahir saking nggua garbanipun ibu. Jumbuh kaliyan dawuh dalem Kanjeng Nabi Sallallahu alaihi wa sallam ;

Sing sapa wonge nglakoni pasa Ramadlon lan nindakake shalat sunnat bengine kanthi iman lan amrih karidhan, mangka wong kui metu sangka dosane kaya nalika deweke dilahirake ibune (HR,Ibnu Majjah lan al Baihaqi).

Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,

Sak lajengipun kita kedah tetep njagi ketaqwaan kita saha kebersihan iman kita saking sedaya tindak ingkang ngotori lan ngrisak dateng iman lan taqwa punika. Nilai fithrah lan semangat ketaqwaan punika kuciwanipun mboten nate saget awet , jalaran kasunyatan syawal dereng telas taqwanipun sapun kandas, riyayanipun dereng rampung taqwanipun sampun suwung, badane kliwat mashiyate sampun kumat. Ing mangka mestinipun ketaqwaan punika kedah kida jagi sageta lestantun, ampun ngantos namung sesaat nalika dinten reiyadi kemawon, mangsa sa lajengipun kita kedah njagi lan ngupakara semangat ketaqwaan amrih tetep istiqamah, ampun ngantos gampil kejlomprong dumawah ing kadurakan. Mekaten ugi kita nggayuh pangapunten dateng sesami punika inggih sak wanci wanci, mboten kedah nengga dumuginipun riyaya , kapan kita lepat enggal enggal nyuwun apura lan nyuwun karidhan dateng ingkang dipun damel lepat. Age age nggayuh pangapura saha tumindak sae kados dawuhipun allah :

*

Pada age ageya sira kabeh tumuju marang pangapurane Allah Pangeranira kabeh lan marang swarga, kang ambane swarga iku pitung langit lan bumi kang disedyakake kanggo wong kang pada taqwa kabeh (QS Ali Imran : 123)

Dawuh punika ringkesipun mengku kalih perkawis ingkang kedah katindak aken kanthi segera :

Sepisan,

Segera nyuwun pangapura, tegesipun enggal enggal tobat ngirangi lan mareni lampah mashiyat. Jalaran mboten nami tobat menawi mboten endel lan mareni lampah awonipun, malah nami ngremehaen dateng pangeran menawi tobat nanging tasih kemawon wongsal wangsul kumat mbaleni laku mashiyat.

Kaping kalih ,

Enggal enggal tumandang nindaaken amal sholeh kangge nggayuh kanugrahan swarganipun Allah, ingkang kacawisaken kangge para kawulanipun ingkang tansah netepi taqwa.

Pramila ketaqwaan ingkang kita gayuh kanti awrat lan lara lapa, kanti ngelak lan luwe, shiya Ramadlan sewulan muput

Ampun ngantos wusananipun ita risak piyambakkanti nuruti dateng pikajenganipun hawa nafsuing sak lebetipun riyadin punika. Gusti Allah paring pepenget :

"Sira aja padakaya wong wadon sing ngudari benang tenune, sakwise ditenun kanti kuat " ( QS.An Nahl : 92)

 

Gambaranipuntiyang ingkang kanti sabar ;lan tlaten tumindak ibadah saben dintenipun, nanging wusananipun lajeng dipun risak piyambak kanti lampah mashiyat lan dosanipun. Pramila angga ita lajengaken semangat ketaqwaan kita punika ngantos sak terasipun, apun ngantos kita nandang karugen , tekor lan nemahi kebangkrutan. Dawuh dalem Kanjeng Nabi Muhamad Sallallahu alaihi wa sallam :

Wong kang bangkrut sangka umatku ya iku : wong kang sowan ing ngarsa Pangerane nggawa ganjarane shalat, zakat pasa, nanging deweke sowan Pangerane uga nggawa dosa jalaran misuhi lan ndakwa wong liya lan mangan bandane wong liya, nuli ganjarane wong kuwi di jupuk diwehake wong kang di pisuhi, wong kang di dakwa, wong kang di pangan bandane nganti entek kebecikane wong mahu, ing mongko durung rampung tanggungane, nuli wong mau diuncalake marang neraka .

Mugi mugi kita kaparingana pangreksa saking lampah ingkang ngrisak ngamal shalih lan kaparingana istiqomah, saya tambah thaat lan ibadahipun . Amin .

 

* * * * * * *

 

7.

Nggaayuh Kabekjan

 

* * * * * * * * * : * *

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Mangga tansah samiya netepi taqwa lan taat dateng ngarsa Dalem Allah kanti ambudi daya amrih saget nindakaken sedaya dawuh lan printahipun, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, sarana tansah angrungkebi Iman lan Islam ing saklebetipun gesang punika, ngantos pejah netepana Iman lan Islam sahingga pungkasan kita pinaringan khusnul khatimah.

Kados dawuhipun Allah :

 

He wong wong kang pada iman, Pada wediya sira kabeh

ing Gusti Allah kelawan sak nyatane wedi ing Gusti Allah, lan aja mati temenan sira kabeh kejaba sira kabeh minangka wong Islam .(QS. Ali Imran 102)

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Dados kauningan bilih amalipun manungsa miderek prinsip ajaran agami Isla punika kaperang dados kalih warni :

1)      Amal dunya 2) Amal Akhirat.

Alih kalihipun amal kasebat saget dumunung ibadah menawi dipun sej murih kridlanipun Allh Taala . Pramila menika prayogi sedy amal it sinosa rupi aamal dunya, menapa malih menawi rupinipun amal akherat , dipun niyatana pados karidlanipun Allah Taala supados kalebet Ibadah ingkang pikantuk ganjaran mbenjang ing akhiratipun. Jalaran Allah mila sampun paring dawuh supados kita ngudi perkawis akhirat nanging ugi mboten nyupekaken perkwis dunya . Dwuhipun Allah ing Al Quran :

 

 

Lan ngudiya sira ing apa kang wis diparingake Allah marang sira kabeh saka kebahagyiaan akhirat, lan sira aja lali bagian ira kabeh sangka kanikmatan dunya. Sira gaweha becik marang wong liya kaya olehe Allah wis agawe becik marang sira, lan sira aja gawe kerusakan ing lumahing bumi . Sejati Allah ora seneng marang wong kang gawe kerusakan. (QS. Al Qashshash : 77) .

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Dawuh kasebat minangka pepenget tumrap kita , bilih kekalihipun perkawis dunya utawi akhirat kedah kita gayuh kadadosna minangka sarana ibadah ampun ngantos nglirwakaken salah satunggalipun, kepara mboten dipun leresaken menawi mentingaen salah saatunggalipun. Ados dawuh dale Rasulullullah Sallallahu alaihi wa sallam

.

Ora kalebu becik becik ira kabeh wong kang tinggal dunya kerana njungkung akhirat, lan uga ora kalebu becik wong kang tinggal akhirat kerana mbujung dunyane, sahingga deweke nggaayuh karo karo karone kabeh ( tegese nggayuh dunya kanggo kepentingan akhirate ) kerana dunya kang bagus iku bisa kanggo sangu nekakake marang akhirat. Lan sira aja ana kang dadi beban tumrap wong liya.

Pramila menapa kemawon aktivits kita, kalebet nyambut damel kita kaniyatana pados rizki kangge sarana sangunipun ibadah saha nafkahipun keluarga supados kalebet tumandang amal ibadah ingkang bade tampii piwales ganjaran saking ngarsa dalem Allah Taala , kados dawuhipun Kanjeng Nabi :

Sing sapa wonge manjing wektu sore kanti kahanan sayah

kekeselen sangka olehe nyambut gawe, mangka ing wektu sore

kuwi uga deweke oleh pangapura. (HR.Turmudzi).

Kanti mekaten beja sanget menawi saget ngarahaken samukawis tumindak kangge nggaayuh karidlanipun Allah sahingga sakestu kita tumitah punika tansah ngumawula dateng ngarsa dalem Allah, jumbuh kliyan kersanipun Allah nitahaken dating kita supados tnsh ngibadah lan ngumawula wonten ngayunan dalem Allah Swt. Mugi kita tansah pinaringan pitedah lang pitulung saget netepi darmaning kawula.

* * * * *

* *

 

 

 

 

 

 

 

 

9

 

Khutbah Jumah Tsaniyah

* * * * * * * : . * * * *

* * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * *

* *