AN NIDA'
  Edisi Wulan dzul Hijjah 1428 H
 

 


   
 Khuthbah Jum'ah

Agunge Dina Arafah

Mulyane Dina Arofah

Asyru Dzil Hijjah

Mangayubagya Warso Enggal

Kisah Pangobanan Nabi Ibrahim Alaihis Salam

Mangayubagya Tahun Baru Hijriyah

Mawas diri

Luwese Agama Islam

Mangayu Bagya Jamaah Haji

Khutbah Jumah Tsaniyah

Edisi Wulan Dzul Hijjah

1

Agunge Dina Arafah

$ $ $ $ $ $ $ $ $ $

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang-terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken sadengah perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat saking ngarsa dalem Allah Taala, Amiin.

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Kita sedaya sampun sami ngawuningani bilih wekdal punika sampun lumebet ing wulan Dzulhijjah, kalebet wulan ingkang mulya menggahipun Allah, Kados dawuhipun Allah ing surat At Taubah:

 

Sejatine wilangane sasi sak jerone setahun, mungguhe Allah Taala iku ana rolas sasi mengkono iku wus katulis ing sak jerone lauh mahfudh nalika Allah nitahake pira-pira langit lan bumi, saking rolas sasi mahu ana sasi papat kang di mulyakake, (yaiku sasi Dzul Qodah, Dzulhijjah, Muharram lan Rajab), mulyaake sasi papat mahu kalebu katetepane agama kang jejeg. Mula sira aja pada nganiaya awake ana ing wulan-wulan mulya mahu kanti tumindak mashiyat (QS.At Taubah 36).

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Wulan mulya punika mboten wonten tegese, menawi kita mboten mulya aken kanti tumandang ngamal ibadah, piwalesipun ugi bade dipun tikel-tikelaken dening Allah Taala, langkung-langkung wonten ing sedasa dinten ing awalipun wulan punika, miderek dawuh dalem Rasulullah Sallallahu alaihi wasallam:

 

 

Ora ana dina kang luwih kinasihan mungguhe Allah, kang digunakake kanggo ngibadah marang Allah, katimbang saking dina sepuluhe wulan Dzulhijjah, pasa saben-saben dinane sepuluh mahu bisa mbandingi pasa setahun, lan ngibadah shalat ana ing saben saben wengine dina sepuluh mahu, bisa mbandingi njungkung ngibadah ing Lailatul Qadar (HR. Turmudzi Ibnu Majjah, Nasai)

 

Pramila eman sanget menawi wekdal ingkang sae punika mboten kita ginakaken kangge ngumawula wonten ngarsanipun Allah, langkung-langkung woten ing dinten kaping sanganipun wulan Dzulhijjah punika, ingkang dipun wastani dinten Arafah wancinipun sederek kita ingkang ngibadah haji sami njungkung ngibadah ing ara-ara Arafah, kanti wukuf ngagem busana sarwa seta, nyadong rahmatipun Allah Taala. Jalaran ing dinten Arafah punika, Allah nggelar lan nyebar rahmatipun, ngijabahi dunga panyuwunan, saha ngesokaken maghfirah lan pangapuntenipun dateng para kawula ingkang sami purun mulyakaken lan njungkung ngibadah ing dinten Arafah.

Kados ingkang sampun kadawuhaken dening Kanjeng Nabi:

 

 

"Nalika wus tumeka wektune dina Arafah, Allah Taala nyebar rahmate, ora ana dina kang luwih akeh Allah merdikakake kawulane sangka neraka, katimbang dina Arafah, Sing sapa wonge nyuwun marang Allah Taala ing dina Arafah, saka kebutuhan dunya lan akhirat, mangka Allah mesti ngijabahi ing panyuwune, Dene pasa ing dina Arafah iku bisa nebusi dosa setahun kang wis kliwat lan setahun kang diadepake

 

Pramila kita ugi ampun ngantos musprakaken kesempatan punika, samiya kersa tumandang ngamal ngibadah, nyadong rahmat lan ngatah-ngatahaken dunga panyuwunan, sukur prihatos siyam ing dinten Arafah, ngengeti semanten agungipun rahmat kanugrahanipun Allah Taala .

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Kanjeng Nabi paring bebingah tumrap tiyang ingkang purun shiyam ing dinten Arafah, kanti pinaringan pangapunten dosanipun dening Allah Taala saking dosa setahun ingkang kepungkur, lan setahun ingkang dipun adepi. Miderek ngendikanipun sahabat Ibnu Abas, punika ngisyarataken, bilih tiyang ingkang purun nindakaken shiyam ing dinten Arafah bade dipun paringi yuswa menangi tahun ngajeng. Pramila tumrap tiyang ingkang mboten purun siyam dinten Arofah, mbok bilih pancen mboten pinaringan saget pinanggih tahun ingkang bade dumugi. Mugi-mugi kita pinaringana pitulung saget tumandang ngibadah langkung-langkung shiyam ing dinten Arafah, saha panjang yuswa kangge taat lan ngibadah dateng ngarsa dalem Allah Taala, Amiin.

: $ $ $ $ $ $ $

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

2

 

Mulyane Dina Arofah

* * * * * * * * * * * * * *

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Mangga tansah samiya netepi taqwa lan ajrih dating Allah , tansah manut miturut dateng sedaya dawuh lan printahipun, ugi nyegah lan nebihi sedaya awisanipun, mekaten ugi samiya tobat saking sedaya lampah awon lan dosa. Kanti sabar nindakaken thaat lan nilar mashiyat. Supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahanipun Allah Taala. Sebab Gusti Allah mboten bade niyak niyakaken dateng kesaenan kita, kados dawuhipun :

Sejatine sing sapa wonge taqwa marang Allah, lan sabar, mangka temenan Allah ora bakal niyak niyakake ganjarane wong kang pada ngamal becik (QS.Yusuf : 90)

Sak lajengipun kita sami maklum bilih Allah ndadosaken wulan punika kalebet wulan mulya jalaran kadunungan dinten dinten ingkang mulya inggih dinten Arofah lan dinten Nahar. Dinten ingkang kakersakaken dening Allah minangka kangge nyampurnakaken Islamipun tumrap para sederek kita ingkang pinaringan kanugerahan nindakaken ibadah haji ing tanah suci Makkah. Semantena kita ingkang wonten ing nggriya, ampun ngantos ketilaran sageta ngalap kanugerahanipun Allah kanti nindakaken amal shalih wonten ing wulan punika. Kantah cara lan amal ingkang saget kita tindakaken ing dinten lan wulan ingkang mulya punika. Kanti ngatahaken ibadah, maos maos kalimahipun Allah, saha nindakaken shiyam sunnah , kados dawuh dalem kanjeng Nabi :

Mula pada ngakeh akehna sira kabeh ing dina kuwi kanti maca tahlil, takbir lan dzikir marang Allah, dene pasa sedina ing dina kuwi bisa mbandingi pasa setahun, lan ngamal bagus ing dina kuwi ditikelake kelawan 700 tikelan(HR. Al Baihaqi ).

Semanten agunging kautamen nindakaken ibadah ing dinten kasebat. Langkung langkung shiyam dinten Arofah saget kagem nebusi kalepatan kalih tahun, junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW. nate dipun suwuni pirsa saking muyane dinten Arofah, lajeng Panjenenganipun paring dawuh :

Pasa dina Arofah iku bisa nebusi setahun sing kepungkur lan setahun kang bakal teka (HR. Muslim).

Dene Imam Turmudzi nriwayataken kanti dawuh sanes :

Pasa dina Arofah iku aku neqadake yen Allah bakal nebusi dosa setahun sak bakdane lan setahun sak durunge

( HR. At Turmudzi ).

Dawuh Nabi kasebat miderek ngendikanipun Shahabat ibnu Abas ngisyarataken bilih tiyang ingkang nindakaken shiyam Arofah Insya Allah tasih bade menangi setahun ingkang bade dumugi, jalaran sampun cinawisan tebusaning kalepatan saking ngarsanipun Allah. Tentu sewalikipun tiyang ingkang mboten purun shiyam dinten Arofah, inggih mboten wonten jaminan umuripun dumugi setahun ingkang bade dateng.

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Pramila rahmatipun Allah ingkang kaparingaken ing dinten mulya punika ampun ngantos kita lirwakaken supados kita mboten nandang kapitunan. Jalaran ing dinten Arofah punika wancinipun para jamaah haji sedaya kempal wonten ing oro oro Arofah nindakaken wukuf minangka puncakipun ibadah haji. Mila kita samiya saget ngimbangi dateng sederek kita, sinten mangertos tahun ngajeng kita saget katimbalan wukuf ing oro oro Arofah. Mugi Allah nggampilaken sarana dumugi mrika.

Wusananipun mugi kita kaparingana pitulung saget nindakaken amaliyah kangge mulyaaken lan ngegungaken dinten mulya punika kanti ridlanipun Allah Taala, wekasan manggih kabekjan gesang kita dunya dumugining akhirat.

* * : * *

 

 

3

 

Asyru Dzil Hijjah

* * * * * * * * * * *

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,

Minangka bebukaning atur keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Taala , Amiin. Kados dawuhipun Allah :

"Temenan Allah iku tansah anyertani wong wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe becik (QS. An Nahl :128).

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,

Sak lajengipun kita dinten punika sampun lumebet wonten ing wulan Dzil Hijjah, kalebet wulan ingkang mulya, Jumbuh kaliyan naminipun wulan ingkang kangge nindakaken ibadah haji, langkung langkung sedasa dinten ing awalipun wulan punika. Kanjeng Rasul Sallallahu alaihi wa sallam sampun ngendika :

Luwih utama utamane dinane dunya iku sepuluh dina kang awal sangka sasi Dzilhijjah (HR.Al Bazzar)

Jalaran sedasa dinten punika dinten ingkang kapilih dening Allah lan kadunungan dinten dinten ingkang mulya inggih punika dinten Tarwiyah, Arofah lan dinten Nahar,.Dinten ingkang kakersakaken dening Allah minangka kangge nindakaken ibadah haji.. Ngantos kagem sumpah kanti dawuhipun Allah :

* *

Demi wektu fajar, lan wengi wengi kang sepuluh (QS. Al Fajr : !-2)

Miderek pengendikanipun Syaikh Ibnul Qoyyim Al Jauziyah wonten ing kitab At Tibyan fi Aqsamil Quran, bilih fajar ingkang kadamel sumpah punika fajaripun dinten Nahar, inggih pungkasanipun sedasa dinten awalipun wulan Dzulhijjah punika . Dene dalu ingkang kakersaaken ing dawuh punika dalunipun dinten Arofah, kerana dalu punika langkung utami utamining dalu sak lebetipun setunggal tahun. Jalaraan syetan mboten nate ngraos ina , nistha lan langkung njonthong katimbang dalu niku.

Pramila wonten ing wekdal sedasa dinten ingkang mulya punika sami ngatah ngatahna amal sae lan ngibadah dateng Allah, amergi amal shalih ing wekdal sedasa dinten punika langkung kinasihan menggahipun Gusti Allah kabanding wekdal wekdal sanesipun.

Kados keterangan hadits dawuh dalem Kanjeng Nabi :

: , : , :

Dipun riwayataken dening Shahabat Ibnu Abas RA. Saking Kanjeng Nabi Sallallahu alaihi wa sallam, Panjenengane ngendika :

Ora ana dina dina kang amal shalih ing dina dina kuwi luwih kinasihan dening Allah tinimbang sepuluh dina iki

Rasulullah disuwuni pirsa :

Menapa mboten perang sabilillah ingkang langkung utami ?

Kanjeng Nabi lajeng ngendika :

Ora , ora perang sabilillah kuwi luwih utama, kejaba yen sawijining uwong kang budal perang, kelawan awake lan bandane, nuli deweke ora bali sangka perang mau kelawan nggawa apa apa. tegese ora bali kerana mati syahid.

(HR. Al Bukhari).

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,

Pramila wonten ing wekdal ingkang kebak kamulyan punika ampun ngantos dipun liwataken kanti tanpa nindakaken amal menapa menapa, kerana kemirahan lan kawelasanipun Allah kedah kita tanggapi lan kita tampi kanthi sak warnining amal sae, supados kita mboten kalebet tiyang ingkang nandang kapitunan. Mugi mugi Allah maringana taufiq lan inayahipun dateng kita sedaya. Saget nindakaken amal shalih saha tambah thaat ibadah dating ngarsa dalem Allah Taala .

* * *

4

 

Mangayubagya Warso Enggal

$ $ $ $ $ $

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,

Mangga tansah sami ningkataken taqwa lan thaat kita-dateng Allah ing sak dengah panggenan lan kawontenan, sami ugi nuju wonten ing masjid papan pangibadahan, utawi ing papan sanes, kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang-terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedaya awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat, saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Taala, Amiin.

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,

Kita sedaya sampun sami ngawuningani bilih wekdal punika kita wonten ing akhiripun wulan Dzulhijjah, ateges wonten ing akhiripun tahun, sekedap malih kita bade lumebet wonten ing warsa enggal hijriyah.

Gilir gumantosing mangsa, rinten lan dalu, mletek lan surupipun serngenge, wekdal terus lumampah mboten wonten kendelipun, detik demi detik, menit demi menit, jam demi jam, ngantos dinten gumantos dinten, wulan gumantos wulan ngantos jangkep tahun sinambet tahun, tahun menika sampun meh purna nilaraken kita sedaya saklaminipun, gumantos warsa enggal ingkang tentunipun mbekta harapan enggal.

Sedaya kala wau estu ngrupekaken tanda keagungan lan panguwaosipun Allah, jalaran sedayanipun mboten lumampah piyambak, ananging tentu wonten ingkang nglampahaken, mboten sanes inggih saking kuwasa lan kersanipun Allah Subhanahu wa Taala. Tumrap kita owah gingsiring kawontenan sageta dados tepa tulada ingkang saget nambahi kandel lan tebelipun iman kita dateng penguwaosipun Allah Taala. Kados dawuh:

 

Saktemene ana ing katitahe langit lan bumi, lan gilir gumantining wengi lan rina, yekti dadi tanda bukti kekuasaane Allah tumrap wong kang pada nduweni akal (Ali Imran 190)

 

Wekdal ingkang tansah lumampah tanpa wonten kendelipun, ateges umuripun donya saya tambah, saya tambah umuripun donya ateges saya caket dateng watesing umur ingkang sampun katentokaken. Sadar utawi mboten kita sedaya punika antri tumuju garis finis, inggih akhiring lelampahan gesang ing ngalam donya punika. Pramila kangge nglajengaken lelampahan gesang puniko, ingkang langkung prayogi tumrap kita, nderek menapa ingkang dipun dawuhaken Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW. dateng Shahabat Abi Dzarin:

Nganyarna sira ing prahu, sebab segara iku jero. Ngalapa sira ing sangu kang sampurna, jalaran lelakone adoh. Ngentengna sira ing gawan, jalaran dalane angel lan rumpil. Lan ngamala sira kelawan ikhlas, karana saktemene Allah banget waspada tansah niti priksa

Poro sederek Kaum Muslimin Rahimakumullah,

Lelampahan panjang wonten ing akhirat mangke mbetahaken sangu ingkang katah lan sampurna, karana sanget tebihipun, saha katah goda lan sandupayanipun. Ing mangka sangu punika kedah kita siapaken wonten ing wanci gesang punika, wujudipun mboten sanes inggih amal shaleh kita sedaya. Saking punika wonten ing warsa enggal punika mangke, kita kedah gumbregah kanti semangat enggal tumandang pados sangu kanthi ngamal ngibadah ingkang ikhlas murih ridlanipun Allah. Mekaten ugi mbudi daya nilar pendamel awon kanti taubat, neja nebihi sedaya mungkarot supados entheng beban kita sowan wonten ngarsa dalem Allah Taala pikanthuk pangapunten dosa lan kalepatan kita.

Sawenehing Ulama paring dawuh: Ara ana kebungahan kang luwih akeh tumrap wong mukmin, katimbang saka olehe diparingi pangapura dosane

 

Pramila punika kita kedah ngraos bingah pikantuk maghfirah saking ngarsa dalem Allah, Ngungkuli kebingahan kita pikantuk banda donya. Mila kebingahan punika kedah kita padosi lan kita suwun, sarana taubat lan istighfar. Jalaran tiang ingkang taubat prasasat kados mboten gadah lepat. Kados dawuh dalem Kanjeng Nabi:

 

Wong kang taubat (kelawan sak temene) saka dosane mangka kaya-kaya wong mau ora nduwe dosa (HR. Al-Baihaqi)

Temtunipun wonten ing wekdal ingkang bade dateng kita lajeng langkung ngatos-atos, kanti ngginakaken wekdal ingkang sak sae-saenipun kanti nindakaken amal shaleh saha ketaqwaan ing ngarsa dalem Allah minangka sangu sak wanci-wanci tinimbalan. Jalaran mila mboten wonten perkawis ingkang langkung sae kadamel sangu kejawi namung taqwa dateng ngarsa dalem Allah. Kados dawuh dalem Allah.

Pada ngudiya sangu sira kabeh (kanggo kamulyan) mangka sak becik-becik sangu iku taqwa, lan wediya sira kabeh ing Ingsun. He, wong kang pada nduweni akal. (Al-Baqarah 197).

 

Para rawuh Jamaah Jumah ingkang minulya,

Ing wusananipun mangga kita muhasabah dateng slira pribadi kita piyambak-piyambak, minangka petangan lan evaluasi ing akhir tahun punika, sepinten sangu ingkang sampun kita persiapaken, sepinten untung utawi rugi ingkang sampun kita gayuh wonten ing wekdal ingkang sampun kelampah. Petangan punika faedahipun minangka kangge nggayuh kauntungan ingkang langkung ageng wonten ing mangsa ingkang badhe dateng. Untung tumrap kita menawi katah ibadah lan amal shaleh kita. Kosok wangsulipun rugi tumrap kita menawi katah maksiyat lan dosanipun. Menawi kita sekinten sampun untung, Alhamdulillah, kita gayuh kauntungan ingkang langkung ageng, nanging menawi tasih rugi wajib kita miwiti babak enggal, kita bucal tebih-tebih kebiasaan lan pakulinan ingkang mboten sae kita gantos kanti amal kesaenan ing pangajab kesaenan punika sageta nglebur pendamel awon ingkang sampun kelajeng, kados ingkang sampun kedawuhan wonten ing hadits:

Wediya sira ing Allah, ana ing endi wae pangggonan ana sira, la kaelekan iku tut burenana kelawan kebecikan, jalaran kebecikan iku bisa nglebur kaelekan

 

Mugi-mugi Allah paring kekiyatan dateng kita sedaya kangge ngibadah lan ngumawula wanten ngarsa dalem Allah, kangge nggayuh kabegjan dunya punika menapa dene Akherat. Allahumma Amien.

: * * *

* * * *

 

 

5

 

Mangayubagya Tahun Baru Hijriyah

* * * * * * : *

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita samiya nambahi taqwa lan taat kita dateng Allah, kanti mbudi daya amrih saget tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun Allah, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun , wonten ing pundi kemawon kawontenan kita, lan wonten ing swasana kados menapa kemawon, nuju bingah utawi sisah, kawontenan jembar longgar utawi rupeg, ing kawontenan rame utawi sepi , tansah netepana taqwa dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat saking ngarsa Dalem Allah Taala.

 

Bapak bapak, para sederek jamaah Jumah Rahimakumullah,

Dinten punika kita wonten ing pungkasaning tahun inggih tahun hijriyah, mboten kraos lumampahing wekdal sampun ndumugekaken kita pucuking tahun . Ateges kita sampun meh lumebet warsa enggal. Pengadatan masyarakat kita sami mapak dumuginipun warsa enggal kanti lelampah ingkang maneka warna minangka mahargya dumuginipun warsa enggal. Katahipun masyarakat sami nindakaken perkawis ingkang mboten jelas jluntrungipun naming sami ngetutaken pengangen angen ipun piyambak. Ingkang prayogi tumrap kita samiya ngawontenaken evaluasi lan muhasabah dateng lelampah ingkang sampun kepengker. Sasmpun katah sanget kita nampi nikmat kanugrahanipun Allah ingkang anyertani nikmat panjangipun yuswa lan umur kita ngantos titiwanci punika. Ananging sepinten amal ibadah lan kumawula kita saha syukur kita dateng ngarsa dalem Allah. Tentu sanget mboten sebanding kaliyan nikmat kanugrahan kasebat. Malah kepara kita katah sanget anggenipun nglirwakaken dating kwajiban kita dateng Allah, mekaten ugi dosa lepat kita, jalaran anggen kita duraka saha nerak dateng wewaleripun Allah tentu mboten wicalan saking katahipun. Pramila wonten ing wekdal pungkasaning warsa punika ingkang langkung pas kita metang dateng lelampah kita piyambak, kangge ngadepi mangsa ngajeng supados langkung ngatos atos saha ndandosi lampah ingkang kirang prayogi. Allah paring dawuh :

 

Hai wong kang pada iman pada wediya sira ing gusti Allah, lan becik supaya saben saben pribadi ningali lan niti niti ing apa wae kang wis dilakoni kanggo ngadepi mangsa kang diadepi. Lan wediya sira ing Gusti Allah. Temenan Allah iku Dzat Kang Maha Waspada ing apa wae kang sira tindakake.(QS. Al Hasyr 18).

Para sederek Kaum Muslimin Rahimakumullah,

Temtunipun wonten ing wekdal ingkang bade dateng kita lajeng langkung ngatos-atos, kanti ngginakaken wekdal ingkang sak sae-saenipun kanti nindakaken amal shaleh saha ketaqwaan ing Ngarsa Dalem Allah minangka sangu sak wanci-wanci tinimbalan. Jalaran mila mboten wonten perkawis ingkang langkung sae kadamel sangu kejawi namung taqwa dateng Ngarsa Dalem Allah. Kados dawuh dalem Allah.

Pada ngudiya sangu sira kabeh (kanggo kamulyan) mangka sak becik-becik sangu iku taqwa, lan wediya sira kabeh ing Ingsun. He, wong kang pada nduweni akal. (Al-Baqarah 197).

Para rawuh Jamaah Jumah ingkang minulya,

Ing wusananipun mangga kita introspeksi lan muhasabah dateng slira pribadi kita piyambak-piyambak, minangka petangan lan evaluasi ing akhir tahun punika, sepinten sangu ingkang sampun kita persiapaken, sepinten untung utawi rugi ingkang sampun kita gayuh wonten ing wekdal ingkang sampun kelampah. Petangan punika faedahipun minangka kangge nggayuh kauntungan ingkang langkung ageng wonten ing mangsa ingkang badhe dateng. Untung tumrap kita menawi katah ibadah lan amal shaleh kita. Kosok wangsulipun rugi tumrap kita menawi katah maksiyat lan dosanipun. Menawi kita sekinten sampun untung, Alhamdulillah, kita gayuh kauntungan ingkang langkung ageng, nanging menawi tasih rugi wajib kita miwiti babak enggal, kita bucal tebih-tebih kebiasaan lan pakulinan ingkang mboten sae kita gantos kanti amal kesaenan. Ing pangajab kesaenan punika sageta nglebur pendamel awon ingkang sampun kelajeng, kados ingkang sampun kedawuhan wonten ing hadits:

Wediya sira ing Allah, ana ing endi wae pangggonan ana sira, la kaelekan iku tut burenana kelawan kebecikan, jalaran kebecikan iku bisa nglebur kaelekan.

Mugi-mugi Allah paring kekiyatan lahir batin dateng kita sedaya, kangge nglajengaken lelampah kanti ngibadah ingkang istiqomah ngumawula wanten ngarsa dalem Allah, kangge nggayuh kabegjan wiwit dunya punika dumugi akherat. Allahumma Amien.

* * *

*

 

6

Kisah Pangobanan

Nabi Ibrahim Alaihis Salam

$ $ $ $ $ $

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Mangga tansah sami netepi taqwa lan thaat kita dateng Allah ing sak dengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat, saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Taala, Amiin.

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Nembe kepengker kemawon kita sami nindakaken shalat Idul Adha lan ibadah korban, pengadatan masyarakat kita saklebetipun dinten nahar lan dinten tasyrik sami nindakaken ibadah ingkang utami ing dinten kasebat, antawisipun nyembelih korban saha maos takbir muqoyyad bakda saben-saben shalat fardlu. Kekalihipun ibadah kasebat kapurwakan saking zaman Nabi Ibrahim Alaihis Salam. Tentu sedaya wonten sejarahipun, ingkang mila sambet antawis pelaksanaan korban saha waosan takbir. Miderek pangandikanipun Shahabat Ibnu Abas, nalika panjenenganipun Nabi Ibrahim Alaihis Salam tampi dawuh ingkang sepisanan saking ngarsanipun Allah, ing dinten kaping 8 wulan Dzulhijjah lumantar pasumpenan. Nabi Ibrahim lajeng menggalih, menapa inggih leres printah saking Allah utawi saking pangridunipun syetan, jalaran sukaraosing dawuh ingkang sanget mboten masuk akal, ngendi ana Nabi kok didawuhi nyembelih putranipun. Mila dinten kaping 8 dipun wastani dinten Tarwiyah, jalaran Nabi Ibrahim tasih mikir mikir.

Lajeng dalu ingkang kaping kalih tanggal kaping 9 Dzulhijjah, Nabi Ibrahim tampi dawuh malih kanti suka raos ingkang sami, lajeng enjangipun Nabi Ibrahim pirsa lan yakin bilih sakestu punika dawuh saking ngarsanipun Allah ingkang kedah dipun sendikani, mila lajeng dipun wastani dinten Arofah, lajeng Nabi Ibrahim dinten candakipun neja bade ngleksanakaken dawuh nyebelih lan ngilekaken rahipun ingkang putra, mila dinten ingkang kaping tiga utawi tanggal kaping 10 lajerng kawastanan dinten nahar.

Nabi Ibrahim lajeng dawuh dateng ingkang putra, kados ingkang sinebat wonten ing surat Ash Shaffat ayat 102

Duh ngger putraningsun, sejatine Rama tampa dawuhe Allah ana ing impen rama didawuhi nyembelih sliramu, mula banjur priye mungguh panemunira?

 

Lajeng Nabi Ismail kanti tatag perwaca matur dateng ingkang rama :

 

Duh Kanjeng Rama, sumangga kawula aturi enggal nindakaken menapa ingkang kadawuhaken dumateng Rama, Insya Allah Rama bade manggihaken kawula kalebet golonganipun tiyang tiyang ingkang sami sabar ( Ash Shaffat 102)

Nalika Nabi Ibrahim midanget aturipun ingkang putra mekaten punika, Panjenenganipun lajeng rumaos sanget, bilih dunga panyuwunipun sak estu dipun ijabahi dening Allah, inggih nalika panjenenganipun rinten dalu tansah ndedunga kanti aturipun :

Duh Gusti, mugi paduka maringana dateng kula lare ingkang shalih

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Kok umpami Nabi Ismail mboten lare ingkang shalih, tentu suwala lan aturipun

 

Lho Rama menika dos pundi, menapa mboten klentu, mestinipun ingkang langkung pantes dipun sembelih kangge korban menika rak Rama, ingkang sampun poel

 

Ananging kasunyatan mboten mekaten, jalaran Ismail mila lare ingkang shalih, mbangun miturut dateng tiyang sepuh. Kekalihipun enggal bade nuhoni perintahipun Allah, kados dawuhipun Al-Quran:

 

$ $ $

 

Mula nalika kekarone wis pasrah sumarah lan sedya nindakake dawuh perintahe Allah, pilingane Ismail wis katempelaken ing bumi, pedang ligan kapetelaken ing jangga, Nuli Ingsun ngundang ing deweke, He Ibrahim! sejatine sira wis ambenerake impen mau, Sejatine kaya mengkono Ingsun paring piwales marang wong kang pada agawe becik (Ash Shaaffat: 104-105)

 

Nalika Jibril sumerep prastawa menika, sak kala njungkel kanti maos takbir:

 

Kerana ngegungaken dateng Allah, saha ngungun dateng ketaatanipun Nabi Ibrahim.

Sak kala Nabi Ibrahim ugi lajeng nyauti kanti maos kalimah:

Mekaten ugi Nabi Ismail, lajeng nyambet ngegungaken dateng Asma dalem Allah, saha muji mengalembana kanti maos takbir lan tahmid:

Pramila tumrap kita lajeng dipun syariataken maos takbir, tahlil lan tahmid punika jalaran nderek dateng Nabiyullah Ibrahim Alaihis Salam lan putranipun ngantos dumugi telasipun dinten tasyriq, mekaten miturut riwayatipun Shahabat Ibnu Abas.

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Ing dinten lan wulan ingkang agung punika ampun ngantos kita mboten tumandang menapa-menapa, samiya nindakaken punaka ingkang kongang dipun tindakaken, minangka kangge nglahiraken raos kumawula kita dateng ngarsa dalem Allah Taala.

Mugi kita tansah pinaringan pitedah lan pitulungipun Allah, kongang tumandang amal ibadah wonten ing wulan mulya punika, wusana manggih kabegjan dunya dumugi akhirat. Amiin.

: $ $ $ $ $ $ $ $

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

7

 

Mawas diri

$ $ $ $ $ $

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Mangga tansah sami netepi taqwa lan taat dateng Allah, wonten ing pundi kemawon kawontenan kita, kawontenan rame utawi sepi, terang-terangan utawi rahasia, kanthi tansah nindakaken sedaya perintah lan nebihi sedaya cegah, nindakaken sedaya dawuh lan nebihi sedaya pepacuh, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan, saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Taala, Amiin.

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Mangga sesarengan kita sak wetawis noleh wingking dateng lelampah ingkang sampun kita tindakaken salebetipun gesang kita, menapa ingkang sampun kita tindakaken ing wekdal kepengker, jalaran wanci punika kita wonten ing akhiripun tahun, mboten dangu malih kita bade lumebet ing warsa enggal. Pramila prayogi kita ngawontenaken petangan tumrap ngamal kita. Inggih namung kita piyambak ingkang mangertos menapa amal ingkang sampun kita tindakaken, awon utawi sae. Petangan mekaten dipun wastani muhasabatun nafsi, insya Allah bade mbekta dampak positif tumrap kita sedaya, kangge nggayuh kawontenan mongso ngajeng ingkang langkung sae, menawi kita panggihaken tumindak kita ingkang mboten sae, tentunipun kita kedah ikhtiyar lan mbudidaya ndandosi, amrih saget nilaraken lan nggantos kanti lelampah ingkang sae. Menawi kita panggihaken amal ingkang sampun sae, inggih arupi amal ibadah lan kethaatan ingkang jumbuh kaliyan tuntunan syariat agami, sageta kita jagi lan kita reksa istiqomah ipun, syukur saget dipun tingkataken ingkang langkung sae. Allah sampun paring dawuh:

 

 

Hai wong kang pada iman pada wediya sira ing gusti Allah, lan becik supaya saben-saben pribadi ningali lan niti-niti ing apa wae kang wis dilakoni kanggo ngadepi mansa kangbakal teka. Lan wediya sira ing Gusti Allah. Temenan Allah iku Dzat Kang Maha Waspada ing apa wae kang sira tindakake (QS.Al Hasyr 18)

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Wonten ing pagesangan kita ing ngalam dunya punika, kita kongang tumindak menapa kemawon, miturut pikajengan kita, lan dereng wonten petangan menapa-menapa saking ngarsanipun Allah, nembe mangke wonten ing ngalam akhirat kita dipun petang ngamalipun, nanging kita sampun mboten saget tumindak menapa-menapa malih. Ateges kita mangke mboten kongang malih ndandosi amal kita, kantun raos getun keduwung, ingkang tanpa faedah, jalaran mboten wonten kemampuan kangge ngrebah. Pramila mumpung tasih pinaringan kesempatan ngrebah lan ndandosi ing ngalam praja punika, prayogi kita ngawontenaken petangan dateng pribadi kita sak derengipun kita dipun petang wonten ing ngarsanipun Allah ing yaumil hisab mangke. Wonten pangandika:

 

Pada ngetunga sira kabeh ing amal-amal ira kabeh, sak durunge sira di hisab dening Allah

Kanti petangan menika menawi kita panggihaken lampah lan amal kita ingkang mboten jumbuh kaliyan pranatan syariat agami kita, ateges lampah dosa lan duraka dateng ngarsanipun Allah, prayogi enggal kita tobati lan kita tambeli kanti amal ingkang sae, supados mboten sanget-sanget anggen kita getun lan nelangsa ing tembe wingkingipun mangke, nalika kita kadangu wonten ing ngarsa dalem Allah SWT.

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Miturut etangan, saya tambah tahunipun ateges tambah katah umuripun, ananging san saya suda, lan saya sekedik sisa umur kita. Tasih wonten kesempatan kagem ndandosi ingkang awon, lan ningkataken kesaenan. Ampun ngantos kita semaya lan nunda-nunda dateng amal ingkang saget kita tindakaken. Jalaran kita mboten mangertos kapan dumuginipun ajal kita. Shahabat Umar Bin Khaththab nate paring dawuh:

 

 

Nalika sira manjing wektu esuk aja nunggu tekane wektu sore, nalika sira ing wektu sore aja nunggu tekane wektu esuk, gunakna wektu uripira sak durunge katekan pati ira, lan gunakna wektu sehatira sak durunge katekan lara

Pramila kita kedah tansah semanget ngadepi gesang menika, ampun ngantos mlempem sak kepenake mawon, mumpung kita tasih gesang, mumpung tasih sehat, jalaran dumuginipun sakit, kadang-kadang tanpa sangkan paran, langkung-langkung pati, ugi kongang dumigi tanpa taliwara. Bade menapa malih ingkang kita tengga, jalaran mangsa lan wekdal, punika terus lumampah, jatah gesang kita saya telas terlibas lumampahing wekdal. Ampun ngantos kita nandang kapitunan jalaran mboten purun tumandang, ing mangka wekdal kita gesang punika saya tambah umure, saya telas jatahe, mboten malah saya tebih lan dangu saking mangsa ajale. Mila mangga kita matek aji mumpung, kados dawuhipun Kanjeng Nabi:

 

: .

 

Ngalapa untung sira ing kesempatan lima, sak durunge katekan ling perkara,

1.      mangsa enommu sak durunge katekan mangsa tuamu.

2.      mangsa sehatmu sak durunge katekan mangsa laramu.

3.      mangsa sempatmu sak durunge katekan mangsa sempitmu.

4.      mangsa cukupmu sak durunge katekan mangsa feqirmu.

5.      mangsa uripmu sak durunge katekan mangsa patimu

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Wekdal punika kita tasih enem katimbang mbenjang, mumpung tasih enem menapa nengga menawi sampun sepuh, mumpung tasih sehat lan rosa, menapa nengga nek wis ringkih lan lara ra isa apa, mumpung tasih sempat lan kober, menapa nengga menawi ribet katah tetungkulan, mumpung tasih sugih lan cekap, menapa nengga nek wis bangkrut kukut ra deduwen apa apa, mumpung tasih pinaringan sugeng, menapa nengga dumugining seda, tentu bade nandang getun keduwung lan nelangsa.

Mugi gilir gumantosing mangsa punika dadosa pepenget tumrap kita, tambah thoate, tambah ibadahe, suda mashiyate lan tetep manteb, kandel lan tebel, kenceng methentheng Iman Islame. Amiin. Tansah kaparingan rahmat lan kanugrahan, kesarasan katentreman saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Taala. Amiin.

: $ $ $ $ $ $ $ $

 

 

 

 

8

 

Luwese Agama Islam

* * * * * * * * *

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita samiya tansah netepi taqwa dateng Allah, kanti taqwa ingkang sakestu sarana tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun , wonten ing swasana kados menapa kemawon, kapan mawon, lan wonten ing pundi kemawon, nuju bingah utawi sisah, nuju sulit utawi gampil, ing kawontenan sepen utawi rame , tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kawilujengan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin. Jalaran inggih naming kanti iman lan taqwa punika kita sedaya bade manggih kawilujengan , Allah sampun njanjekaken kanti dawuhipun :

Lan Ingsun nyelametake marang wong wong kang pada iman lan wong kang pada tansah pada netepi taqwa. (QS : Fushshilat : !8).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Saklajengipun, gesangipun manungsa punika sak estunipun namung nulat lan niru dateng menapa ingkang dipun sawang saking lingkunganipun, perubahan tentu wonten, nanging ewah ewahan punika tentu mboten tebih saking ingkang sampun wonten, langkung langkung lampah lan tumindaking manungsa. Pramila pakulinan ingkang sae mangga samiya dipun lestantunaken lan dipun reksa, tanpa kedah nolak perkawis inggal ingkang milalangkung sae. Wonten kalam hikmah ingkang prayogi tansah kita ugemi :

Nglestarekake perkara lawas kang becik, lan ngalap perkara anyar kang luwih becik

Samu kawis sak lebetipun kita gesang punika mesti tansah ngadepi perkawis enggal ingkang tata lahiripun langkung nyengsemaken, langkung langkung bab tradisi lan budaya ing masyarakat. Sauger perkawis menika mboten pertentangan kaliyan pranatan lan hukum agami kita tentu mboten wonten alasan kangge nolak barang enggal kasebat, kanti tetep nglestantunaken lan njagi ingkang lami ingkang mila sae. Contonipun, zaman rumiyin mboten wonten tiyang qorban sarana arisan, haji arisan, montor arisan, punika sedaya barang enggal. Ingkang wigatos sejanipun iobadah, caranipun gentosan tiyang katah kanti tulung tinulung, sauger sedaya sami ridlanipun tentu mboten wonten alanganipun, jer menika naung minangka sarana hasiling seja. Sejanipun ngumawula dating ngarsa dalem Allah Taala. Prinsipipun punika musyarakah mboten wonten fihak ingkang dipun rugekaken , malah kepara nguntungaken kerana kanti cara tulung tinulung tumuju dating kasaenan. Ingkang bab menika sampun terang menggah dawuhipun :

Pada tulung tinulunga sira kabeh marang perkara kang becik lan kanggo taqwa marang Allah, lan aja tulung tinulung ing perkara kang tumuju laku dosa lan memungsuhan. (QS. Al Maidah : )

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Katah perkawis ingkang sarwa inggal ingkang mboten nate kita panggihaken ing wekdal rumiyin. Kados dene musabaqoh, tembung sakniki lomba, utawi festifal, wonten lomba takbiran festifal shalawatan. Menika barang inggal, nanging sedaya naming minangka sarana kangge ngetingalaken syiar , saengga lajeng katingal sanget syiar agami lantaran perkawis perkawis enggal punika.. Bab menika wonten dawuh ingkang ngendikakaken :

Sing sapa wonge ngegungake syiare Allah, mangka sejatine iku setengah saking taqwane pira pira ati. (QS.Al Maidah : ).

Mugi mugi sedaya ikhtiyar lan budi daya ingkang kalebet enggal, ingkang kanti tujuan ngetingalaken syiar agaminipun Allah pikantuka ridlanipun Allah, sahengga agami kita saya sumunar cahyanipun, nggayuh kejayaan demi izzul Islam wal muslimin.

Wusananipun kaum muslimin saget ngraos bangga kanti Islamipun , mboten tidha thida ngetingalaken identitas keIslamanipun wonten ing sakdengah panggenan lan sepanjang zaman kanti rahmat lan ridlanipun Allah Taala. Amiin.

* * : $ $ $ $ $

 

 

 

 

9

 

Mangayu Bagya Jamaah Haji

* * * * * * * * : $ $ $ $

 

Bapak bapak, para sederek jamaah Jumah Rahimakumullah,

Mangga kita samiya tansah nambahi taqwa lan ajrih kita dateng Allah, kanti sarana tansah nderek sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar sedaya cegah lan awisanipun. Ajrih menawi ngantos nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ajrih menawi ngantos nerjang awisan lan wewalering Allah.Wonten ing sak dengah kawontenan, tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin. Langkung langkung wonten ing akhir punika, kanti taqwallah katah emut lan nyebut dating asma dalem Allah kita bade manggihaken katentremaning manah kita. Gusti Allah sampun paring dawuh :

Eling eling kelawan dzikir ing Gusti Allah bakal nentremake ati (QS. Al )

Saklajengipun mangga kula aturi pirsa bilih kita wekdal punika wonten ing saklebetipun pungkasaning warsa. Lan akhiripun wulan Dzul hijah wancinipun sederek kita ingkang nindakaken ibadah haji sami kundur saking tanah suci Haramain nindakaken nusukain. Kita ingkang wonten nggriya dereng duimugi giliran katimbalan sowan tindak ibadah haji samiya remen nderek bingah lan mahargya kunduripun jamaah haji. Jalaran para jamaah haji punika tamunipun Gusti Allah, ingkang nembe kundur kanti bersih saking dosa lan kalepatan amergi sampun kaparingan maghfirah saking ngarsanipun Allah. Sahingga doanipun langkung gampil dipun ijabahi dening Allah. Gusti Rasul Sallallahu alaihi wasallam sampun ngendika :

, ,

Wong kang pada nindakake haji lan umrah iku tamune Allah, menawa pada nyuwun mesti wae diparingi, lan menawa pada dunga mesti pada di ijabahi, lan menawa pada nggunakake banda mesti bakal di ijoli .

Pramila kita ampun ngantos sungkan samiya kepareng mahargya para jamaah haji kerana ngalap syafaat lan donganipun, saha nderek dateng dawuhipun Rasulullah, amergi pancen tumindak ngaten punika dipun dawuhaken dening Nabi, mboten sekedar kabudayan lokal daerah kita, nanging ing pundi kemawon umat Islam tentu nderek Rasulullah ingkang sampun dawuh lan ngendika mekaten :

,

Nalika sira ketemu wong kang lagi bali sangka nindakake ibadah haji uluka salam, lan salamana marang deweke, lan nyuwuna marang hajji kuwi supaya di suwunake ngapura sak durunge deweke mlebu omahe , sebab deweke iku diapura dosane.

Bapak bapak, para sederek jamaah Jumah Rahimakumullah,

Dados mahargya kunduripun sederek kita ingkang nembe kundur haji punika terang dipun dawuhaken dening agami kita, saha katah sanget kautamen lan kesaenan ingkang saget kita khasilaken, malah kanjeng nabi dawuh supados ngalap donga nalika haji punika kundur sak derengipun lumebet dateng nggriyanipun. Mekaten ugi Haji punika saget nyafaati dateng tiyang ingkang dipun dungaaken mila ampun ngantos katilaran ngalap dunganipun para haji ingkang nembe kundur, Dawuhipun Kanjeng Nabi :

Sing sapa wonge teka saka haji, kang olehe haji kerana murih ridlane Allah, mangka wong iku diapura dosane lan bisa nyafaati marang wong kang di dungakake

Mugi mugi kita kaparingana rahmat lan pitulunipun Allah, saget enggal sumusul nindakaken kwajiban kanti mergi gampil,. Ziarah Baitullah nindakaken haji lan umrah Amiin.

* * *

 

10

 

Khutbah Jumah Tsaniyah

* * * * * * * : . * * * *

* * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * *

* *