Edisi Wulan dzul Hijjah 1428 H
, AN NIDA'  
,   
 

 


 Pangorbanan Lan Patuladan
 Khuthbah Iedul Adha
&
 Khuthbah Jum'ah

10 Dina Purwakaning Wulan

ing Pungkasaning Tahun

Patuladane Nabi Ibrahim Alaihis Salam

Nggayuh Rohmate Allah

Menyambut Tahun Baru

Khutbah Jumah Tsaniyah

Khutbah Iedul Adha

1. Patuladan Lan Pangorbanan

2. Hikmah Ibadah Qurban

3. Khutbah Tsaniyah

 

Edisi Wulan Dzul Hijjah

1

10 Dina Purwakaning Wulan

ing Pungkasaning Tahun

, * * $ $ $ $ $ $ $ $ $

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,

Minangka bebukaning atur keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Taala , Amiin. , Kados dawuhipun Allah :

"Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe becik . (QS. An Nahl :128).

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,

Dinten punika sampun lumebet wonten ing wulan Dzil Hijjah, kalebet wulan ingkang mulya, Jumbuh kaliyan naminipun wulan ingkang kangge nindakaken ibadah haji, langkung langkung sedasa dinten ing awalipun wulan punika. Kanjeng Rasul Sallallahu alaihi wa sallam sampun ngendika :

 

Ora ana dina kang luwih kinasihan mungguhe Allah, kang digunakake kanggo ngibadah marang Allah, katimbang saking dina sepuluhe wulan Dzulhijjah, pasa saben-saben dinane sepuluh mahu bisa mbandingi pasa setahun, lan ngibadah shalat ana ing saben saben wengine dina sepuluh mahu, bisa mbandingi njungkung ngibadah ing Lailatul Qadar

(HR. Turmudzi Ibnu Majjah, Nasai)

Jalaran sedasa dinten punika dinten ingkang kapilih dening Allah lan kadunungan dinten dinten ingkang mulya inggih punika dinten Tarwiyah, Arofah lan dinten Nahar, Dinten ingkang kakersakaken dening Allah minangka kangge nindakaken ibadah haji.

Pramila wonten ing wekdal sedasa dinten ingkang mulya punika sami ngatah ngatahna amal sae lan ngibadah dateng Allah, amergi amal shalih ing wekdal sedasa dinten punika langkung kinasihan menggahipun Gusti Allah kabanding wekdal wekdal sanesipun. Kados dawuh dalem Kanjeng Rasul Sallallahu alaihi wa sallam

: , : , :

Dipun riwayataken dening Shahabat Ibnu Abas RA. Saking Kanjeng Nabi Sallallahu alaihi wa sallam, Panjenengane ngendika :

Ora ana dina dina kang amal shalih ing dina dina kuwi luwih kinasihan dening Allah tinimbang sepuluh dina iki

Rasulullah disuwuni pirsa :

Menapa mboten perang sabilillah ingkang langkung utami ?

Kanjeng Nabi lajeng ngendika :

Ora , ora perang sabilillah kuwi luwih utama, kejaba yen sawijining uwong kang budal perang, kelawan awake lan bandane, nuli deweke ora bali sangka perang mau kelawan nggawa apa apa. tegese ora bali kerana mati syahid.

(HR. Al Bukhari).

Jalaran inggih mulyanipun dinten punika ngantos kapilih dening Allah kagem sumpah kanti dawuhipun Allah :

* *

Demi wektu fajar, lan wengi wengi kang sepuluh(QS. Al Fajr : !-2)

Miderek pengendikanipun Syaikh Ibnul Qoyyim Al Jauziyah wonten ing kitab At Tibyan fi Aqsamil Quran, bilih fajar ingkang kadamel sumpah punika fajaripun dinten Nahar, inggih pungkasanipun sedasa dinten awalipun wulan Dzulhijjah punika . Dene dalu ingkang kakersaaken ing dawuh punika dalunipun dinten Arofah, kerana dalu punika langkung utami utamining dalu sak lebetipun setunggal tahun. Jalaran syetan mboten nate ngraos ina , nistha lan langkung njonthong katimbang dalu niku.

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,

Pramila wonten ing wekdal ingkang kebak kamulyan punika ampun ngantos dipun liwataken kanti tanpa nindakaken amal menapa menapa, kerana kemirahan lan kawelasanipun Allah kedah kita tanggapi lan kita tampi kanthi sak warnining amal sae, supados kita mboten kalebet tiyang ingkang nandang kapitunan. Mugi mugi Allah maringana taufiq lan inayahipun dateng kita sedaya. Saget nindakaken amal shalih saha tambah thaat ibadah dateng ngarsa dalem Allah Taala .

*

* * * * * * *

 

 

 

 

2

 

Patuladane

Nabi Ibrahim Alaihis Salam

$ $ $ $ $ $

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulyaMangga tansah sami netepi taqwa lan thaat dateng Allah ing sak dengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya akhirat, saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Taala, Amiin.

Mekaten ugi kanti nindakaken amal shaleh saha ketaqwaan ing ngarsa dalem Allah punika minangka sangu sak wanci-wanci tinimbalan. Jalaran mila mboten wonten perkawis ingkang langkung sae kadamel sangu kejawi namung taqwallah. Kados dawuh dalem Allah.

Pada ngudiya sangu sira kabeh (kanggo kamulyan) mangka sak becik-becik sangu iku taqwa, lan wediya sira kabeh ing Ingsun. He, wong kang pada nduweni akal. (Al-Baqarah 197).

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Nembe kepengker kemawon kita sami nindakaken shalat Idul Adha lan ibadah korban, pengadatan masyarakat kita saklebetipun dinten nahar lan dinten tasyrik sami nindakaken ibadah ingkang utami ing dinten kasebat, antawisipun nyembelih korban saha maos takbir muqoyyad bakda saben-saben shalat fardlu. Kekalihipun ibadah kasebat kapurwakan saking zaman Nabi Ibrahim Alaihis Salam, lan kita kadawuhan nderek dateng Panjenenganipun, dawuhipun Allah :

..nderereka sira marang agamane Ibrahim kang lurus, lan Ibrahim iku dudu golongane wong kang pada anyekuthokake (QS.An Nhl :123)

Tentu sedaya wonten sejarahipun, ingkang mila sambet antawis pelaksanaan korban saha waosan takbir. Miderek pangandikanipun Shahabat Ibnu Abas, nalika panjenenganipun Nabi Ibrahim Alaihis Salam tampi dawuh ingkang sepisanan saking ngarsanipun Allah, ing dinten kaping 8 wulan Dzulhijjah lumantar pasumpenan. Nabi Ibrahim lajeng menggalih, menapa inggih leres printah saking Allah utawi saking pangridunipun syetan, jalaran sukaraosing dawuh ingkang sanget mboten masuk akal, ngendi ana Nabi kok didawuhi nyembelih putranipun. Mila dinten kaping 8 dipun wastani dinten Tarwiyah, jalaran Nabi Ibrahim tasih mikir mikir.

Lajeng dalu ingkang kaping kalih tanggal kaping 9 Dzulhijjah, Nabi Ibrahim tampi dawuh malih kanti suka raos ingkang sami, lajeng enjangipun Nabi Ibrahim pirsa lan yakin bilih sakestu punika dawuh saking ngarsanipun Allah ingkang kedah dipun sendikani, mila lajeng dipun wastani dinten Arofah, lajeng Nabi Ibrahim dinten candakipun neja bade ngleksanakaken dawuh nyebelih lan ngilekaken rahipun ingkang putra, mila dinten ingkang kaping tiga utawi tanggal kaping 10 lajerng kawastanan dinten nahar.Nabi Ibrahim lajeng dawuh dateng ingkang putra, kados ingkang sinebat wonten ing surat Ash Shaffat ayat 102

Duh ngger putraningsun, sejatine Rama tampa dawuhe Allah ana ing impen rama didawuhi nyembelih sliramu, mula banjur priye mungguh panemunira?

Lajeng Nabi Ismail kanti tatag perwaca matur dateng ingkang rama :

Duh Kanjeng Rama, sumangga kawula aturi enggal nindakaken menapa ingkang kadawuhaken dumateng Rama, Insya Allah Rama bade manggihaken kawula kalebet golonganipun tiyang tiyang ingkang sami sabar (Ash Shaffat 102)

Nalika Nabi Ibrahim midanget aturipun ingkang putra mekaten punika, Panjenenganipun lajeng rumaos sanget, bilih dunga panyuwunipun sak estu dipun ijabahi dening Allah, inggih nalika panjenenganipun rinten dalu tansah ndedunga kanti aturipun :

Duh Gusti, mugi paduka maringana dateng kula lare ingkang shalih

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Kok umpami Nabi Ismail mboten lare ingkang shalih, tentu suwala lan aturipun

Lho Rama menika dos pundi, menapa mboten klentu, mestinipun ingkang langkung pantes dipun sembelih kangge korban menika rak Rama, ingkang sampun poel

Ananging kasunyatan mboten mekaten, jalaran Ismail mila lare ingkang shalih, mbangun miturut dateng tiyang sepuh. Kekalihipun enggal bade nuhoni perintahipun Allah, kados dawuhipun Al-Quran:

$ $ $

Mula nalika kekarone wis pasrah sumarah lan sedya nindakake dawuh perintahe Allah, pilingane Ismail wis katempelaken ing bumi, pedang ligan kapetelaken ing jangga, Nuli Ingsun ngundang ing deweke, He Ibrahim! sejatine sira wis ambenerake impen mau, Sejatine kaya mengkono Ingsun paring piwales marang wong kang pada agawe becik (Ash Shaaffat: 104-105)

Nalika Jibril sumerep prastawa menika, sak kala njungkel kanti maos takbir:

Kerana ngegungaken dateng Allah, saha ngungun dateng ketaatanipun Nabi Ibrahim.

Sak kala Nabi Ibrahim ugi lajeng nyauti kanti maos kalimah:

Mekaten ugi Nabi Ismail, lajeng nyambet ngegungaken dateng Asma dalem Allah, saha muji mengalembana kanti maos takbir lan tahmid:

Pramila tumrap kita lajeng dipun syariataken maos takbir, tahlil lan tahmid punika jalaran nderek dateng Nabiyullah Ibrahim Alaihis Salam lan putranipun ngantos dumugi telasipun dinten tasyriq, mekaten miturut riwayatipun Shahabat Ibnu Abas.

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Ing dinten lan wulan ingkang agung punika ampun ngantos kita mboten tumandang menapa-menapa, samiya nindakaken punaka ingkang kongang dipun tindakaken, minangka kangge nglahiraken raos kumawula kita dateng ngarsa dalem Allah Taala.

Mugi kita tansah pinaringan pitedah lan pitulungipun Allah, kongang tumandang amal ibadah wonten ing wulan mulya punika, wusana manggih kabegjan dunya dumugi akhirat. Amiin.

* * * : * *

* *

*

 

3

 

Nggayuh Rohmate Allah

, * * * * * * * * , * * * * *

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita sesarengan nambahi taqwa kita dateng Allah, kanti estu estu tansah netepi taat dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun. Ampun ngantos kumawantun nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos nerjang palang awisan ipun Allah.wonten ing kawontenan kados menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit ing alam dunya punika ngantos dumugining akherat, Amiin. Ringkesipun tansah nertepi iman lan taqwa, Inggih namung kanti sarana mekaten, kita bade manggihaken kawilujengan gesang dunya dumugining akhirat.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Gilir gumantosing mangsa mboten kraos sampun ndumugekaken kita dateng satunggaling mangsa ingkang kalebet wulan mulya menggah ipun Allah, jalaran wulan punika kalebet Asyhurul hajj. Kados ingkang sinebat wonten dawuhipun Allah ;

Hajji iku ing wulan wulan kang wis kinaweruhan

Dawuh menika kersanipun bilih wulan ingkang kangge

nindaken ibadah haji punika sampun katentokaken dening Allah wonten tiga wulanipun, inggih punika Syawal, Dzul Qodah lan awal Dzul Hijjah dumugi dinten Arofah. Menika kawastanan bulan hajji tegesipun ibadah hajji namung saget katindakaken wonten ing wulan wulan menika. Pramila mangga kita mulyaaken wulan menika kanti amal ibadah sinaosa mbok bilih kita dereng saget nindakaken ibadah ingkang mila namung mligi saget katindakaken ing wulan wulan menika, inggih punika ibadah hajji. Ananging kita kedah tetep khurmat dateng wulan punika, malah wulan punika ugi kalebet Asyhurul hurum, kados dawuhipun Allah :

Sejatine wilangane wulan mungguhe Allah iku ana rolas wulan ang wis ditetepake ingdalem kitabe Allah ing dinane Allah nitahake bui lan langit, saka 12 wulan au ana patang wulan kang mulya (Dzul Qodah, Dzul Hijjah lan Muharram) kang mengono iku agama kang jejeg mula aja pada tumindak aniaya sira marang awak dewenira ing wulan wulan mau .

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Pramila mangga kita samiya ngatahaken panuwun ing wulan punika dateng ngarsa dalem Allah, langkung langkung panyuwunan pangapunten supados kita pikantuk rahmat lan pangapunten saking ngarsanipun Allah. Kanti ngatah ngatahaken istighfar nyuwun pangapunten dateng Allah, sinaosa katah lan ageng dosa lepat kita dateng Allah kita mboten kenging putus asa kedah ngagengaken roja kita dateng rahmatipun Allah inggih namung panyuwunan pangapunten punika ingkang langkung trep kita kunjuk aken wonten ngarsanipun Allah. Agengipun dosa lepatipun kawula mboten sepintena kabanding rahmat lan maghfirah ipun Allah. Sepinten mawon ageng lan katahipun dosa kita. Dawuh dalem Kanjeng Nabi ngriwayataken saking ngarsanipun Allah :

: , , , .

Allah Taala ngendika :

He, tedak turun Adam , selagine sira nyuwun marang Ingsun lan ngarep arep rahmat Ingsun, mesti wae Ingsun paring pangapura marang dosa dosa ira ora perduli. He anak putu Adam, kok umpama dosa ira iku nganti ngebaki awang awanging langit, nuli sira nyuwun pangapura marang Ingsun, Ingsun paring pangapura marang dosa dosa ira.

He anak putu Adam, kok umpama sira sowan ing ngarsa Ingsun kelawan nggawa kaluputan sak kebake bumi, nuli sira sowan ing ngarsa Ingsun kelawan tanpa nyekutokake ing Ingsun kelawan sawiji wiji, mesti Ingsun bakal paring marang sira kelawan pangapura sak kebake bumi uga (HR. At Turmudzi).

Maasyiral Muslmin Rahimakumullah ,

Minangka tiyang mukmin kita tentu tansah adang adang lan ngagengaken roja, harapan kita dateng rahmatipun Allah, jalaran inggih namung tiyang tiyang kafir mawon ingkang putus asa mboten wonten pangajeng ajengipun dateng rahmatipun Allah. Kados dawuhipun :

Ora putus harapan saka rahmate Allah kejaba wong wong kang pada kafir

Pramila kanti dumuginipun wulan punika mangga kita ngatahaken istighfar saha ngaturaken donga panyuwunan dateng Allah.

Mugi Mugi Allah maringana pitedah lan pitulung dateng kita saget nindakaken dawuh lan printahipun, nambahi thaat lan ibadah kita ing wulan mulya punika , ugi tansah kaparingan rahmat lan maghfirah saking ngarsa dalem Allah Taala.

$ $ $ : $ $: $ $

4

 

Menyambut Tahun Baru

$ $ $ $ $ $ $ $ $ $

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,

Mangga tansah sami ningkataken taqwa lan thaat kita-dateng Allah ing sak dengah panggenan lan kawontenan, sami ugi nuju wonten ing masjid papan pangibadahan, utawi ing papan sanes, kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang-terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedaya awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat, saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Taala, Amiin.

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,

Kita sedaya sampun sami ngawuningani bilih wekdal punika kita wonten ing akhiripun tahun , sekedap malih kita bade lumebet wonten ing warsa enggal .

Gilir gumantosing mangsa, rinten lan dalu, mletek lan surupipun serngenge, wekdal terus lumampah mboten wonten kendelipun, detik demi detik, menit demi menit, jam demi jam, ngantos dinten gumantos dinten, wulan gumantos wulan ngantos jangkep tahun sinambet tahun, tahun menika sampun meh purna nilaraken kita sedaya saklaminipun, gumantos warsa enggal ingkang tentunipun mbekta harapan enggal.

Sedaya kala wau estu ngrupekaken tanda keagungan lan panguwaosipun Allah, jalaran sedayanipun mboten lumampah piyambak, ananging tentu wonten ingkang nglampahaken, mboten sanes inggih saking kuwasa lan kersanipun Allah Subhanahu wa Taala. Tumrap kita owah gingsiring kawontenan sageta dados tepa tulada ingkang saget nambahi kandel lan tebelipun iman kita dateng penguwaosipun Allah Taala. Kados dawuh:

 

Saktemene ana ing katitahe langit lan bumi, lan gilir gumantining wengi lan rina, yekti dadi tanda bukti kekuasaane Allah tumrap wong kang pada nduweni akal (Ali Imran 190)

 

Wekdal ingkang tansah lumampah tanpa wonten kendelipun, ateges umuripun donya saya tambah, saya tambah umuripun donya ateges saya caket dateng watesing umur ingkang sampun katentokaken. Sadar utawi mboten kita sedaya punika antri tumuju garis finis, inggih akhiring lelampahan gesang ing ngalam donya punika. Pramila kangge nglajengaken lelampahan gesang puniko, ingkang langkung prayogi tumrap kita, nderek menapa ingkang dipun dawuhaken Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW. dateng Shahabat Abi Dzarin:

Nganyarna sira ing prahu, sebab segara iku jero. Ngalapa sira ing sangu kang sampurna, jalaran lelakone adoh. Ngentengna sira ing gawan, jalaran dalane angel lan rumpil. Lan ngamala sira kelawan ikhlas, karana saktemene Allah banget waspada tansah niti priksa

Poro sederek Kaum Muslimin Rahimakumullah,

Lelampahan panjang wonten ing akhirat mangke mbetahaken sangu ingkang katah lan sampurna, karana sanget tebihipun, saha katah goda lan sandupayanipun. Ing mangka sangu punika kedah kita siapaken wonten ing wanci gesang punika, wujudipun mboten sanes inggih amal shaleh kita sedaya. Saking punika wonten ing warsa enggal punika mangke, kita kedah gumbregah kanti semangat enggal tumandang pados sangu kanthi ngamal ngibadah ingkang ikhlas murih ridlanipun Allah. Mekaten ugi mbudi daya nilar pendamel awon kanti taubat, neja nebihi sedaya mungkarot supados entheng beban kita sowan wonten ngarsa dalem Allah Taala pikanthuk pangapunten dosa lan kalepatan kita.

Sawenehing Ulama paring dawuh: Ara ana kebungahan kang luwih akeh tumrap wong mukmin, katimbang saka olehe diparingi pangapura dosane

 

Pramila punika kita kedah ngraos bingah pikantuk maghfirah saking ngarsa dalem Allah, Ngungkuli kebingahan kita pikantuk banda donya. Mila kebingahan punika kedah kita padosi lan kita suwun, sarana taubat lan istighfar. Jalaran tiang ingkang taubat prasasat kados mboten gadah lepat. Kados dawuh dalem Kanjeng Nabi:

 

Wong kang taubat (kelawan sak temene) saka dosane mangka kaya-kaya wong mau ora nduwe dosa (HR. Al-Baihaqi)

Temtunipun wonten ing wekdal ingkang bade dateng kita lajeng langkung ngatos-atos, kanti ngginakaken wekdal ingkang sak sae-saenipun kanti nindakaken amal shaleh saha ketaqwaan ing ngarsa dalem Allah minangka sangu sak wanci-wanci tinimbalan. Jalaran mila mboten wonten perkawis ingkang langkung sae kadamel sangu kejawi namung taqwa dateng ngarsa dalem Allah. Kados dawuh dalem Allah.

 

Pada ngudiya sangu sira kabeh (kanggo kamulyan) mangka sak becik-becik sangu iku taqwa, lan wediya sira kabeh ing Ingsun. He, wong kang pada nduweni akal. (Al-Baqarah 197).

 

Para rawuh Jamaah Jumah ingkang minulya,

Ing wusananipun mangga kita muhasabah dateng slira pribadi kita piyambak-piyambak, minangka petangan lan evaluasi ing akhir tahun punika, sepinten sangu ingkang sampun kita persiapaken, sepinten untung utawi rugi ingkang sampun kita gayuh wonten ing wekdal ingkang sampun kelampah. Petangan punika faedahipun minangka kangge nggayuh kauntungan ingkang langkung ageng wonten ing mangsa ingkang badhe dateng. Untung tumrap kita menawi katah ibadah lan amal shaleh kita. Kosok wangsulipun rugi tumrap kita menawi katah maksiyat lan dosanipun. Menawi kita sekinten sampun untung, Alhamdulillah, kita gayuh kauntungan ingkang langkung ageng, nanging menawi tasih rugi wajib kita miwiti babak enggal, kita bucal tebih-tebih kebiasaan lan pakulinan ingkang mboten sae kita gantos kanti amal kesaenan ing pangajab kesaenan punika sageta nglebur pendamel awon ingkang sampun kelajeng, kados ingkang sampun kedawuhan wonten ing hadits:

Wediya sira ing Allah, ana ing endi wae pangggonan ana sira, la kaelekan iku tut burenana kelawan kebecikan, jalaran kebecikan iku bisa nglebur kaelekan

Mugi-mugi Allah paring kekiyatan dateng kita sedaya kangge ngibadah lan ngumawula wanten ngarsa dalem Allah, kangge nggayuh kabegjan dunya punika menapa dene Akherat. Allahumma Amin

. : * * * * * * *

 

 

 

 

 

 

 

 

Khutbah Jumah Tsaniyah

, * * * * * * * * * * : * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * *

* *

 

 

 

Khutbah Iedul Adha

1

 

Patuladan Lan Pangorbanan

x۳* x ۳* x۳* * * * * * * * * * * * * * * *

 

Para sederek Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah.

Minangka purwakaning atur mangga kita sesarengan ngunjukaken syukur dateng ngarsa dalem Allah, awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpa kawical wical, langkung langkung rahmat kawilujengan lan yuswa panjang dateng kita sedaya , sahingga enjang punika kita tasih saget menangi malih dinten riyaya Iedul Adha, lan saget makempal ing masjid punika kanti tanpa manggih rubeda satunggal punapa.

Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Taala , Kados dawuhipun Allah :

"Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe becik . (QS. An Nahl :128).

 

Para sederek Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah

Wonten ing dinten punika tanggal 10 Dzulhijjah, sedaya jamaah haji sami kempal ing bumi Mina, kempal jutaan kaum muslimin muslimat, jaler estri, enem sepuh, ageng alit, saking pundi-pundi nagari, wonten ingkang mlampah suku, wonten ingkang nitih kendaraan, wonten ingkang nyabrang seganten lan wonten ingkang miber ngambah nggegana, wonten ingkang bidal sak keluarganipun lan wonten ingkang badan sepata, lan nilaraken keluarganipun, sarana rekaos lan awrat saget dumugi ing tanah suci Makkah, wusananipun sedaya makempal manunggal dados setunggal ing bumi suci Makkah, tanpa mbentenaken ras lan warnining pakulitan, suku bangsa tuwin basa, pejabat utawi rakyat. Sedayanipun sami drajadipun wonten ngarsanipun Allah, minangka kawula, sedaya kedah angrasuk busana sarwa seta. Sedaya sami siaga nuhoni timbalan dalem Allah Taala. Punika sedaya mertandani, bilih sedaya manungsa anggadahi hak ingkang sami, sedaya minangka kawula, pundi ingkang langkung taqwa punika ingkang langkung mulya menggahipun Allah Taala.

 

Mekaten ugi kita sedaya ing enjang punika, sami bidalan nilaraken dalem papan dunung kita, sami kempal ing papan punika, semanten katahipun, kanti mboten sarana dipun kerahaken, mboten dipun ongkosi, lan mboten wonten seja kerana pados kauntungan dunya. Namung semata-mata nuhoni timbalan saha murih ridlanipun Allah Taala. Minangka nglahiraken tanda syukur kita, atas nikmat kanugerahan saha rahmat peparingipun Allah dateng kita sedaya. Jalaran Allah sampun paring dawuh dateng kita :

* *

*

Temen sejatine Ingsun Allah wis paring marang sira, nikmat kebecikan kang akeh, mula sira nindakna shalat kerana Pangeranira, lan sira nyembeliha qurban, saktemene wong kang gething ing sira iku wong kang cures.

(Al Kautsar 1-3)

 

Nikmat kanugerahannipun Allah dateng kita punika mila katah sanget, tentu kita mboten bade sanggup ngetang nikmat peparing wau, mila sampun sak mestinipun kita Syukur dumateng Allah kanti nindakaken dawuh lan perintahipun, kados nindakaken shalat lan ngleksanaaken ibadah korban, kados ingkang kacon-tokaken dening Bapa kita Nabiyullah Ibrahim Alaihis salam.

Pangorbanan ageng saking Nabiyullah Ibrahim Alaihis salam kados ingkang kasebat ing Al-Quran, punika mboten namung sekedar minangka sejarah lan carios kemawon, ananging dados dasar syariat ibadah korban, saha tulada tumrap kita sedaya. Nalika panjenenganipun pinaringan pacoben dening Allah, supados nyembelih putranipun inggih Nabi Ismail Alaihis salam, dawuh kasebat katampi kanti sabar lan ridla, saha katindakaken kanthi ikhlas murih karidlan saking ngarsa dalem Allah.

 

Maasyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Mangga lajeng sak wetawis kita gatosaken menggah ingkang putra, pun Nabi Ismail Alaihis salam, Panjenenganipun ngrupekaken patuladan ingkang kedah dipun damel kiblat dening para putra remaja lan pemuda. Panjenenganipun satunggaling putra ingkang sholih lan bektos dateng tiyang sepuh. Kanti sabar lan ridla nampi qadla ipun Allah, sahingga ikhlas lila legawa berqurban nyembadani dawuhipun ingkang rama, sinaosa kedah nyawa ingkang namung setunggal setunggalipun ingkang kedah dipun qurbanaken. Nabi Ismail tanpa suwala, kanti tawakkal lan tatag manahipun matur dateng ingkang rama:

 

Duh Kanjeng Rama, sumangga kawula aturi enggal nindakaken menapa ingkang kadawuhaken dumateng Rama, Insya Allah Rama bade manggihaken kawula kalebet golonganipun tiyang tiyang ingkang sami sabar

(Ash Shaffat 102)

 

Inggih wujudipun putra ingkang setya tuhu mbangun miturut dateng tiyang sepuh, ikhlas lan ridla labuh labet dateng agami, nadyan kedah ngorbanaken jiwa, ngaten punika, ingkang kawastanan putra ingkang sholih, ingkang dados kekudanganipun saben saben tiyang sepuh. Putra ingkang mekaten kedah kadamel tulada tumrap para putra remaja lan pemuda, minangka putra lan generasi ingkang sholih lan sholihat.

 

 

Maasyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Mbok bilih inggih namung kanti pangorbanan ingkang ageng, kabahagyianing gesang punika bade saget dipun gayuh, kasebat ing setunggaling dawuh:

 

Sengara kagayuh kamulyan, kejaba kanti ngliwati sengsaraning pangurbanan

 

Ananging pangorbanan punika kedah kanti linandesan keyakinan iman lan itikad ingkang kiyat, jalaran pangorbanan ingkang tanpa kadasaraken dateng keimanan tentu namung bade siya-siya muspra tanpa tanja. Gusti Allah sampun paring dawuh :

 

Dudu banda banda lan anak anak ira kabeh kang bisa nyaketake sira marang Ingsun senajan sithik wae, kejaba wong kang iman lan ngamal sholih, iya wong wong kang kaya mengkono iku kang bakal merkoleh piwale skang tikel-matikel, sebab olehe pada ngamal wong wong mahu, lan wong-wong mahu bakal sentosa ing panggonan kang luhur (As Saba 37).

 

Maasyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Wusananipun kanti riyaya ing dinten punika, mangga kita sageta mendet itibar lan tulada saking keluarga Nabi Ibrahim Alaihis salam.

Panjenenganipun Bapa Ibrahim minangka jejering tiyang sepuh, ingkang wicaksana lan wibawa, ugi taat lan patuh, kanti ikhlas lan ridla mundi dawuhipun Allah, sinaosa kedah ngorbanaken putra. Nabi Ibrahim setya dateng garwa, lan tresna dateng putra, tabah lan tawakkal nampi kasunyatan pacobenipun Allah.

Ismail minangka putra ingkang sholih, thaat ngestokaken dawuhipun Allah Pangeranipun, bektos lan mbangun miturut dateng tiyang sepuh. Menawi kita sedaya, Bapak, Ibu lan putra saget ngalap piwucal lan tulada dateng keluarga Nabi Ibrahim punika, Insya Allah kita sedaya ugi bade kaparingan rahmat lan maghfirah saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Taala.

Mugi mugi Allah tansah midanget lan ngijabahi dunga panyuwun kita, andadosaken keluarga ingkang sakinah manggih kabegjan dunya ngantos akhirat. Amin.

* * *

*

 

 

 

Khutbah Iedul Adha

2

 

Hikmah Ibadah Qurban

* * * * * * * * * * * * * * * * * * *

 

Para sederek Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah.

Mangga kita sesarengan ngunjukaken puji syukur saha pengalembana wonten ngarsa dalem Allah Taala, inggih awit saking kanugerahan lan kanikmatan langkung langkung yuswa panjang ingkang kaparingaken dateng kita sedaya sahingga enjang menika kita kaparingan saget menangi malih dinten riyadin Idul Adhha punika kanti kebak kabingahan lan kebahagiaan. Panyuwun kita mugi katampia sedaya amal ibadah kita wonten ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Taala. Amiin.

Ugi mboten kesupen mangga kita samiya tansah netepi taqwa dateng Allah, kanti taqwa ingkang sakestu sarana tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun , wonten ing swasana kados menapa kemawon, kapan mawon, lan wonten ing pundi kemawon, nuju suka utawi berduka, kawontenan sulit utawi gampil, ing kawontenan sepen utawi rame , tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, bade kabika keberkahan saking sedaya arah kalebet saking bumi lan langit, Allah mila sampun dawuh :

"Sekirane penduduk negara iku pada iman lan taqwa, yekti mesti wae tak bukak barakah sangka langit lan bumi. (Q.S. al-A'rof: 86).

Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah.

Wonten tigang prastawa penting ingkang dumados ing wulan Dzil Hijjah punika,

1. Tanggal 9 Dzul Hijjah kala wingi wukuf Arofah Inti pokok ipun ibadah hajji. Sahingga wulan punika dipun wastani Dzul Hijjah wulan Hjji, jalaran ibadah punika katindakaken wonten ing wulan menika kawiwitan ing dinten Arofah punika. Ibadah haji ingkang sakmenika nembe nedeng nedengipun katindakaken dening jutaan umat Islam ing tanah suci Makkah ingkang dumugi saking pundi pundi negari kaum muslimin muslimat, jaler estri, enem sepuh, ageng alit, wonten ingkang mlampah suku, wonten ingkang nitih kendaraan, wonten ingkang nyabrang seganten lan wonten ingkang miber ngambah nggegana, wonten ingkang bidal sak keluarganipun lan wonten ingkang badan sepata, lan nilaraken keluarganipun, sarana rekaos lan awrat saget dumugi ing tanah suci Makkah, wusananipun sedaya makempal manunggal dados setunggal ing bumi suci Makkah, tanpa mbentenaken ras lan warnining pakulitan, suku bangsa tuwin basa, pejabat utawi rakyat. Sedayanipun sami drajadipun wonten ngarsanipun Allah, minangka kawula, sedaya kedah angrasuk busana sarwa seta. Sedaya sami siaga nuhoni timbalan dalem Allah Taala. Punika sedaya mertandani, bilih sedaya manungsa anggadahi hak ingkang sami, sedaya minangka kawula, pundi ingkang langkung taqwa punika ingkang langkung mulya menggahipun Allah.

2. Shalat Ied ingkang kita tindakaken punika, mboten namung kita nanging atusan yuta ummat Ummat Islam ing lumahing bumi punika sami kempal wonten ing masjid masjid, alun alun, lapangan lan papan papan sanes, sedaya lenggah sami rendah, berdiri sama tinggi, sedaya metelaken sirahipun wonten ing bumi sujud wonten ngarsa dalem Allah. Sedaya ngraos alit lan apes wonten ngarsanipun Allah ingkang Maha Agung.

Shalat Ied punika ngrupekaken ikrar bersama kagem ngegungaken lan ngluhuraken Asma dalem Allah. Sedaya anggadahi tekat ngumawula namung dateng Allah kanti ngajeng ajeng karidlan lan maghfirah saking ngarsanipun Allah Taala.

3. Prastawa ingkang kaping tiga inggih punika anggenipun dipun syariataken ibadah Qurban.

Ibadah qurban punika minangka sarana taqorrub nyaketaken diri dateng Allah, minangka bukti kethaatan dateng Allah, kanti nglilakaken sak perangan hak milik kita, banda kita ingkang arupi hewan ternak menda utawi lembu lajeng kasembelih minangka qurban. Kita kedah yakin bilih ingkang bade katur dateng ngarsanipun Allah sanes daging menapa dene rahipun khewan qurban, ananging kethaatan, keikhlasan, ketaqwaan dateng Allah ingkang bade kunjuk dateng ngarsanipun Allah. Kados dawuh Al Quran :

Ora pisan pisan bakal tumeka ing ngarsane Allah daging daginge unta lan getihe, ananging taqwanira kang bakal nggayuh karidlane Allah (QS. Al Hajj : 37).

Babar pindah daging lan rahipun qurban mboten bade kunjuk dateng ngarsanipun Allah, ananging amalan taqwanipun ingkang bade dumugi wonten ngayunan dalem Allah, dene dagingipun qurban manfaatipun wangsul dateng sesami minangka amal sosial.

Sahingga gamblang bilih syariat qurban punika anggadahi manfaat ganda, saking arah kalih, hablun minallah minangka kumawula kita, nuhoni dawuhipun Allah kanti ikhlas. Dene hablum minannas ipun minangka amal sosial.

Saking arah sanes, qurban estunipun bade ngengetaken manungsa supados giat mbangun ekonomi ingkang sahe saha ndidik semangat pribadi lan jiwa ingkang sosial lan tanggap dateng urusan kemasyarakatan. Sedayanipun tentu katindakaken kerana Allah lan namung murih dateng karidlanipun.

Saking segi sanesipun berqurban punika kinarya sarana mediasi nggalang dateng kemanunggalan umat, saha sarana nyaketaken antawis tiyang ingkang sugih, lebih luwih, lan ingkang miskin sarwa kekirangan, sahingga mboten wonten garis pemisah antawis kekalihipun. Menawi estu estu saget nggadahi fungsi mekaten qurban menika, tentu gesangipun manungsa tansah tenang lan ayem tentrem. Tiyang tiyang miskin mboten nate rumaos kesia sia lan ina, malah rumaos dipun tresnani lan dipun welasi, sahingga mboten cemas ngadepi pagesangan punika. Mekaten ugi ingkang sugih mboten nate kuatos dipun drengkeni lan dipun mengsahi dening tiyang miskin. Sahingga ugi mboten nate wonten raos nindes lan nganiaya dateng fakir miskin, malah raos tresna lan welas ingkang tansah tuwuh ing manahipun.

Mekaten ugi sesambetan antawis pemerintah lan ingkang dipun perintah, antawis pendatang lan penduduk asli, sedaya tansah gesang berdampingan kanti sae mboten nate tuwuh kecemburuan, raos iri lan drengki. Kados ingkang kagambaraken dening Allah ing dawuhipun :

Tumrape wong wong fekir kang pada hijrah kang di usir sangka desane lan bandane, mung kerana murih kanugerahan lan karidlan sangka Allah, lan wong wong kuwi tansah mitulungi agamane Allah lan utusane. Ya wong wong kang kaya mengkono kuwi wong kang pada bener. (QS. Al Hasyr : 8).

Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah.

Mekaten antawisipun hikmah anggenipun dipun syariataken ibadah qurban, minangka ibadah raos kumawula dateng ngarsanipun Allah, lan ugi minangka amal ingkang berfungsi sosial ingkang sanget dipun raosaken manfaatipun dening para manungsa. Menawi syariat punika saget kaleksanaaken kanti sae, tentu sedaya ummat Islam bade ngraosaken lan nekseni keagunganipun syariat agami punika. Bilih syariat agami kita punika tansah mbekta dateng keseimbangan antawis perkawis kalih hablun minallah lan hablun minannas, antawis duniawi lan ukhrawi, mekaten ugi sanget ngormati dateng akal, njagi katenangan jiwa lan jasmani, sahingga bade sampurna kebahagyaanipun manungsa, sae akal, jiwa menapa dene raga jasmaninipun. Mugi mugi Allah maringaken bukti saking kebenaran syariat agaminipun, kanti maringaken hikmah saking ibadah qurban punika. Sahingga para kawulanipun ngraosaken berkah lan faedah ingkang katah ing dinten riyaya qurban punika. Saya gumbregah nindaaken thaat ibadah dateng ngarsanipun Allah Taala, lan ugi ibadah sosial remen tetulung lan welas asih dateng sesami, kangge nggayuh kabekjaning gesang dunya lan akhirat.

Kaum Muslimin Muslimat, Rahimakumullah

Kita nindakaken ibadah qurban ugi kerana nderek tindak dalem Bapa kita Nabi Ibrahim Alaihis salam. Dawuhipun Allah ing Al Quran :

..nderereka sira marang agamane Ibrahim kang lurus, lan Ibrahim iku dudu golongane wong kang pada anyekuthokake (QS.An Nhl :123)

Panjenenganipun nampi ujian ingkang sanget awrat saking ngarsanipun Allah, nanging sedaya ujian kala wau tinampi kanti sabar wusananipun Allah ngangkat derajatipun Nabi Ibrahim jalaran mila lulus ujian. Tumrap kita nampi pacoben saking Allah kanti mushibah ingkang katah, kados pundi kita nyikapi, menawi saget nampi kanti sabar lan ridlo ugi ngalap hikmah, sahingga imanipun saya tambah, saya mempeng ngibadah, Insya Allah kta bade kaparingan drajat ingkang langkung luhur menggahipun Allah. Kawontenan kita bade langkung sae, manah langkung tentrem, Insya Allah kawontenan pagesangan kita bade manggih karaharjan lan kemakmuran.

Allah sampun paring pangandika janjekaken dateng kita:

Sing sapa wongeamal shalih nindak ake kebecikan, lanang utawa wadon, ing mangka wong iku beriman, mesti wae wong iku tak paringi panguripan kang makmur.

(QS. An-Nahl: 97)

Akhiripun mangga kita sami nyuwun dateng ngarsa Dalem Allah, mugi-mugi kita saget ngunduh buah lan hikmahipun Idul Adha ingkang ngajak dateng kita anggadahi semangat pangurbanan kanti raos keikhlasan supados tansah tumanem konjem wonten ing sak lebetipun manah kita sedaya, sahingga kita saget nggayuh kawilujengan, katentreman lan kanugrahan saha kebahagiaan, wusananipun manggih kabekjan lan pikantuk karidlan saking ngarsa dalem Allah swt. Amiin ya Robbal 'alamiin.

* * * * * * *

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Khutbah Tsaniyah

Liiedil Adhha

* * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * *

* * *