Khuthbah Jum'ah
  Edisi Wulan Muharram 1429 H
, AN NIDA'  
,
 

 


 Khuthbah Jum'ah

1. Tahun Baru Kebak Keprihatosan.

2. Asyrul Muharram

3. Musibah Minangka Pepeling

4. Hijrah Mengku Hikmah

5. Hijrah Nggayuh Karidlan

6. Muharram Galenganing Tahun .

7. Menyambut Tahun Baru

8.Khutbah Jumah Tsaniyah

 

Khutbah Muharram 1429 H

1

 

1. Tahun Baru Kebak Keprihatosan.

* * * * * * * * * *

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita sesarengan ngunjukaken puji syukur saha pengalembana wonten ngarsa dalem Allah Taala, inggih awit saking kanugerahan lan kanikmatan langkung langkung yuswa panjang ingkang kaparingaken dateng kita sedaya.

Ugi mboten kesupen mangga kita samiya tansah netepi taqwa dateng Allah, kanti taqwa ingkang sakestu sarana tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun , wonten ing swasana kados menapa kemawon, kapan mawon, lan wonten ing pundi kemawon, nuju suka utawi berduka, kawontenan sulit utawi gampil, ing kawontenan sepen utawi rame , tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, bade kabika keberkahan saking sedaya arah kalebet saking bumi lan langit, Allah mila sampun dawuh :

"Sekirane penduduk negara iku pada iman lan taqwa, yekti mesti wae tak bukak barakah sangka langit lan bumi.

(Q.S. al-A'rof: 86).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Saklajengipun, dinten menika kita sampun lumebet ing warsa enggal, lan ing wulan enggal.

Nanging gumantosing tahun ing mangsa menika kanti swasana ingkang kebak keprihatosan, dipun tengarani kanti mushibah lan prastawa ingkang matumpa tumpa, gilir gumantos bencana alam ingkang dumados.

Kita sanget prihatos, jalaran mboten sekedik tuwuh bebanten lan korban lahir lan batos. Malah kepara korban jiwa ingkang mboten sekedik saking warga masarakat ingkang mboten dosa nampi pacobenipun Ingkang Maha Kuwaos. Sambet sinambet mboten kendel-kendel, malah kepara sesarengan setunggal daerah kaliyan daerah sanes. Ingkang pungkasan kita mireng banjir bandang ing pundi pundi papan. Mekaten ugi tanah longsor lan gunung jugrug mbeta korban atusan jiwa. Wontenipun alam nembe mboten bersahabat kaliyan kita. Bumi, toya, angin lan grama sedaya kongang dados ancaman lan bebaya tumrap gesanging manungsa .

Saben dinten, enjang lan sonten kita tansah dipun suguhi pawartos ingkang sanget mrihatosaken.

Toya ingkang dados sumber gesanging manungsa kangge ngunjuk lan neda, samenika nembe nesu ngerem wonten ing pundit pundi panggenan, kitha utawi ndesa, sedaya rata kongang dipun blebek dening toya, segara nglepeh, rop, toya mblabar, ngantos lumebet ing pemukiman ngerem menapa kemawon , sedaya sami keplajar pados pangungsen.

Bumi ingkang nuwuhaken taneman lan ingkang ngasilaken tetedan kangge gesanging manungsa saha papan pangenaning manungsa, langkung ganas ngamuk longsor jugruk lan nablek perkampungan, ingkang nuwuhaken bebanten ingkang ageng mboten naming harta benda nanging ugi katah tuwuh korban jiwa.

Mekaten ugi angin, menawi nembe nesu, dumugi tanpa tali wara, mboten ngantos jam jaman ngamuk nuwuhaken kerisakan ingkang ageng agengan. Wit witan, taneman, bangunan pemukiman lan menapa kemawon kongang porak poranda dipun obrak abrik dening angina rebut.

Dereng malih grama menawi duka. Langkung nggegirisi, mboten naming setunggal kalih griya, perusahaan, perkantoran ananging atusan griya kepa sak kampong bongji bong beh, tembungipun. Mengaten ugi ngatos atusan hektar wana kongang ludes dening amukipun sawung abrit.

Dumuginipun mushibah tanpa kanyana-nyana, lan wonten ing saatipun tiyang sami lena tilem ing wanci lingsir dalu, kedadosan mekaten kok jumbuh kaliyan dawuhipun Allah:

Apata penduduk desa-desa kuwi mau pada ngrasa aman saka tumekane pasiksan Ingsun marang wong-wong kuwi mau, ing wektu bengi nalika wong-wong kuwi mau pada turu?

(QS.Al Araf : 97).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Allah maringaken bala lan mushibah punika tentu jalaran saking lampahipun menungsa piyambak. Pramila mangga kita samiya mawas dateng awak kita, samiya purun metani piyambak lepat kita, katimbang manke kita nampi bebendunipun Allah jalaran anggen kita nandang lepat nanging mboten rumaos lepat. Jalaran nalika dumados mushibah katahipun tiyang lajeng sami komentar lan nuding fihak ingkang dipun lepataken. Ing mangka sinten estunipun ingkang lepat? Prayoginipun kita mawas dateng awak kita piyambak-piyambak, Allah mila sampun maringi pepenget dateng kita kanti dawuhipun:

Apa wae mushibah kang ngenani ing sira kabeh iku sabab perbuatannira dewe, Allah wus ngapura sangka sebagian akeh sira kabeh (QS. Asy Syura : 30).

Dados menapa kemawon kedadosan ingkang tumempuh dateng kita, tentu jalaran akibat saking pendamel kita piyambak. Pramila ampun ngantos kita pados kambing hitam, madosi kesalahaning liyan.

Menawi Allah ngersakaken maringi mushibah dateng kawulanipun mboten wonten ingkang saget nduwa kersanipun Allah, ing mangka bala menawi dumados mboten namung tumatrap khusus kangge tiyang-tiyang ingkang dholim kemawon. Kados dawuhipun Allah ing Al-Quran :

Lan sira pada wediya ing siksane Allah, Kang temenan ora mung khusus ngenani wong-wong kang pada dholim wae sangka sira kabeh, lan sira kabeh pada ngertiya sejatine pasiksane Allah iku banget abote(QS. Al Anfal : 25).

Mila kita ugi kedah ikhtiyar lan mbudidaya amrih kita, keluarga saha masyarakat kita sami tansah nuhani darmaning kawula thaat lan ngibadah dateng ngarsa dalem Allah Taala, supados tansah pikantuk karidlanipun Allah lan tebih saking deduka lan bendunipun Allah.

Mugi mugi Allah tansaha ngluberaken rahmat lan hidayahipun dateng kita sedaya kangge ngadepi mangsa ngajeng kanti langkung sae, tambah thaat lan ibadah ipun saha rineksa saking lampah makshiyat lan duraka, wusananipun manggih kabekjan dunya lan akhirat Amiin.

* * : * * *

2

Asyrul Muharram

, * * $ $ $ $ $ $ $

$ $

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,

Minangka bebukaning atur keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Taala , Amiin. , Kados dawuhipun Allah :

"Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe becik . (QS. An Nahl :128).

 

Para sederek sedaya, sampun sesarengan kita kawuningani bilih wekdal punika kita sampun wonten ing sak lebetipun warsa enggal, ingkang kawiwitan kanti wulan Muharram punika, kita tiyang jawi mestani wulan Sura. Kalebet wulan ingkang mulya lan agung menggahipun Allah. Kamulyanipun wulan punika mboten jalaran anggenipun dados purwakanipun tahun, ananging jalaran mila wulan ingkang mengku sejarah ingkang sekelangkung wigatos tumrap sejarah perjuangan Islam, kagem nggayuh kejayaan lan sumiyaripun agami Islam. Mekaten ugi jalaran wulan menika mengku setunggaling dinten ingkang langkung mulya menggahipun Allah, inggih punika dinten Asyura dinten kaping sedasa saking wulan Muharram punika.

Pramila samiya kersa mulyaaken lan ngegungaken wulan Muharram punika kanti nambahi taat lan ngibadah dateng ngarsa dalem Allah, sarana nindakaken pangibadahan ingkang dipun dawuhaken dening agami kita, minangka pengatos atos ampun ngantos kita tumandang ngibadah kanti lampah-lampah ingkang mboten jelas tuntunanipun. Dene cara kita mulyaake wulan Muharram punika antawisipun nindakaken ibadah shiyam, langkung-langkung wonten ing dinten Asyura jalaran shiyam ingkang langkung utami sak sampunipun shiyam Ramadlon, punika shiyam wonten ing wulan Muharram kados ingkang kadawuhaken dening Kanjeng Nabi mekaten:

Luwih utama-utamane pasa sak wise pasa Ramadlon, iku pasa ana ing wulan Muharram (HR.Muslim).

Langkung-langkung shiyam woten ing dinten Asyura inggih dinten tanggal kaping sedasa wulan punika, menggah fadlilahipun saget minangka nebusi dosa lepat setahun ingkang sampun kepengker. Panjenengan dalem kanjeng Nabi nate dipun suwuni pirsa bab punika, kados ing haditst riwayat Imam Muslim:

:

Rasulullah Sallallahu alaihi wa sallam nate disuwuni pirsa sangka kautamane pasa dina Asyura, nuli Panjenengane Rasulullah Sallallahu alaihi wa sallam paring dawuh: Pasa ing dina Asyura iku bisa nglebur dosa setahun kang wis kepungkur. (HR. Muslim).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Prayoginipun anggenipun shiyam ampun namung sedinten ing dinten tanggal sedasa, nanging kasambeta kaliyan dinten tasua, dinten tanggal kaping sanga, kerana tiyang Yahudi ugi sami shiyam ing dinten Asyura, mila supados mboten nyerupani tiyang Yahudi prayogi samiya shiyam wiwit tanggal sanga wulan Muharram punika. Kados dawuh dalem kanjeng Nabi:

Padha pasaha sira kabeh ing dina kang kaping sanga lan kaping sepuluhe wulan Muharram, lan aja pada nyerupani sira kabeh ing lelakone wong Yahudi (HR. Al-Baihaqi).

Kejawi ibadah shiyam, ugi wonten amal ingkang sanget dipun anjuraken, inggih punika shadaqah wonten ing dinten Asyura. Mila mangga sami ngatahna amal sosial ingkang saget minangka sarana nyambet katresnan saha silaturrahim antawis kita, lan ugi ageng sanget ganjaran paringipun Allah, Kados keterangan ingkang kasebat ing kitab Irsyadul Ibad, Abu Musa Al Madini ngriwayataken hadits saking sahabat Abdullah bin Umar, bilih Rasulullah Sallallahu alaihi wa sallam sampun paring dawuh:

Sapa wonge pasa ing dina Asyura, mangka kaya-kaya deweke pasa setahun, lan sapa wonge aweh sedekah ing dina Asyura, mangka kaya-kaya wong kuwi aweh sedekah sak jerone setahun

Langkung-langkung nglahiraken kawelasan lan andum katresnan dateng sederek kita kaum dluafa lan lare-lare yatim, punika sanget dipun anjuraken dening agami kita.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mekaten ugi ing dinten Asura kita dipun prayogekaken damel longgar lan kajembaran nafkah kangge sedaya kaluarga. Kanti tanpa lelangkungan lan tetep kanti niyat syukur dateng Allah awit peparingipun kanugrahan rizki, saha niyat damel bingah sedaya keluarga. Tindakan mekaten ugi dipun dawuhaken dening Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wasallam :

Sapa wonge nggawe kajembaran nafkah marang keluargane ana ing dina Asyura, mangka Allah Taala bakal paring kajembarane rizki tumrap wong mahu ana ing sak jerone zaman setahun

(HR. At-Thabrani lan Al-Baihaqi).

Para sederek Kaum Muslimin

Paring nafkah dateng keluarga kanti longgar, menika ampun ngantos dipun wastani boros lan ngliwati bates, nanging ampun ngantos ugi dipun wastani ngirit-irit. Allah paring pepenget:

Sira aja ndadekake tanganira, sira belenggu ing guluira, tegese aja medit, ora infaq babar pisan, lan sira aja mbeberake tanganira , lan sira aja nggelar tanganira byak byuk, tegese boros, bandane di infaqake kabeh. Mengko mundak dicacat tur kapitunan

( QS. Al Isra 29).

Mugi-mugi Allah maringaken rahmat lan pitulungipun, kita sageta mulyaaken wulan Muharram punika kanti tambah thaat lan taqwanipun. Wasana manggih kabekjan dunya ngantos mbenjang dumugining akherat. Amiin

:

$ $ $ $ $ $ $

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

3

 

Musibah Minangka Pepeling

$ $ $ $ $ $ $ $ $ $ $ $ $

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita samiya nambahi taqwa lan taat kita dateng Allah, kanti tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh-dawuhipun Allah, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, wonten ing swasana kados menapa kemawon, nuju bingah utawi sisah, kawontenan jembar longgar utawi rupeg, ing kawontenan rame utawi sepi, tansah netepana taqwa dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat saking ngarsa Dalem Allah Taala.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Ing titi wanci punika bangsa kita nembe berkabung lan kita prihatos jalaran kathahipun mushibah lan bencana ingkang kedadosan wonten ing bangsa kita. Kita mangertos lumantar pawartos, ing pundi pundi papan tansah gilir gumantos, katah prastawa mushibah ingkang dumados. Kita sanget prihatos, jalaran mboten sekedik tuwuh bebanten lan korban lahir lan batos. Malah kepara korban jiwa ingkang mboten sekedik saking warga masarakat ingkang mboten dosa nampi pacobenipun Ingkang Maha Kuwaos.

Sambet sinambet mboten kendel-kendel, malah kepara sesarengan setunggal daerah kaliyan daerah sanes. Ingkang pungkasan kita mireng banjir bandang ing pundi pundi papan. Mekaten ugi tanah longsor lan gunung jugrug mbeta korban atusan jiwa, jalaran dumuginipun mushibah tanpa kanyana-nyana, lan wonten ing saatipun tiyang sami lena tilem ing wanci lingsir dalu, kedadosan mekaten kok jumbuh kaliyan dawuhipun Allah:

Apata penduduk desa-desa kuwi mau pada ngrasa aman saka tumekane pasiksan Ingsun marang wong-wong kuwi mau, ing wektu bengi nalika wong-wong kuwi mau pada turu?

(QS.Al Araf : 97).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Allah sampun paring pepenget kanti dawuhipun

"Sekirane punduduk desa-desa kuwi mau pada iman lan taqwa, mesti wae bakal Ingsun bukak tumrap wong-wong mau barakah sangka langit lan bumi, nanging wong-wong mau pada nggorohake, mula Ingsun tatrapi pasiksan wong-wong mau sebab olehe pada tumindak(QS.Al Araf : 97).

 

Saking pungkasanipun ayat kasebat, bilih Allah maringaken bala lan mushibah punika tentu jalaran saking lampahipun menungsa piyambak. Pramila mangga kita samiya mawas dateng awak kita, samiya purun metani piyambak lepat kita, katimbang manke kita nampi bebendunipun Allah jalaran anggen kita nandang lepat nanging mboten rumaos lepat. Jalaran nalika dumados mushibah katahipun tiyang lajeng sami komentar lan nuding fihak ingkang dipun lepataken. Ing mangka sinten estunipun ingkang lepat? Prayoginipun kita mawas dateng awak kita piyambak-piyambak, saklajengipun kita wangsul dateng dawuhipun Allah, jalaran Allah mila sampun maringi pepenget dateng kita kanti dawuhipun:

Apa wae mushibah kang ngenani ing sira kabeh iku sabab perbuatannira dewe, Allah wus ngapura sangka sebagian akeh sira kabeh (QS. Asy Syura : 30).

Dados menapa kemawon kedadosan ingkang tumempuh dateng kita, tentu jalaran akibat saking pendamel kita piyambak. Pramila ampun ngantos kita pados kambing hitam, madosi kesalahaning liyan, kito padosi kesalahan kita piyambak, katimbang kita dipun welehaken dening Allah kanti mushibah ingkang ngenani dateng kita piyambak. Jalaran menawi Allah ngersakaken maringi mushibah dateng kawulanipun mboten wonten ingkang saget nduwa kersanipun Allah, ing mangka bala menawi dumados mboten namung tumatrap khusus kangge tiyang-tiyang ingkang dholim kemawon. Kados dawuhipun Allah ing Al-Quran :

Lan sira pada wediya ing siksane Allah, Kang temenan ora mung khusus ngenani wong-wong kang pada dholim wae sangka sira kabeh, lan sira kabeh pada ngertiya sejatine pasiksane Allah iku banget abote(QS. Al Anfal : 25).

Mila kita ugi kedah ikhtiyar lan mbudidaya amrih kita, keluarga saha masyarakat kita sami tansah nuhani darmaning kawula thaat lan ngibadah dateng ngarsa dalem Allah Taala, supados tansah pikantuk karidlanipun Allah lan tebih saking deduka lan bendunipun Allah.

 

$ $ $

 

 

 

4

 

Hijrah Mengku Hikmah

* * * * * ;

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Langkung rumiyin kula ngajak dateng panjenengan sedaya lan ugi dateng awak kula piyambak mangga kita samiya nambahi taqwa lan thaat kita dateng Allah, kanti tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun Allah, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, wonten ing pundi kemawon kawontenan kita, lan wonten ing swasana kados menapa kemawon, nuju bingah utawi sisah, kawontenan jembar longgar utawi rupeg, ing kawontenan rame utawi sepi , tansah netepana taqwa dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat saking ngarsa Dalem Allah Taala. Langkung langkung wonten ing swasana warsa enggal punika samiya ngenggalaken semangat anggenipun kumawula dateng Allah lan sesambetan dateng sesamining agesang, Kanti semanget hijrah kados ingkang kadawuhaken dening Allah lan kacontokaken dening utusanipun Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam. Dawuh dalem Allah Taala :

*

Sejatine wong wong kang pada iman lan wong wong kang pada hijrah lan wong wong kang pada jihad ing dedalane Allah iku wong wong kang pada ngarep arep rahmate Allah, lan Allah iku Dzat kang akeh pangapurane lan akeh kawelasane

(QS. Al Baqarah 218)

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Hijrah kangge kita ing mangsa punika mboten kedah kanti hijrah badaniyah utawi hijrah secara fisik, ananging hijrah kedah kita tindak aken paling mboten hijrah wonten ing perkawis sekawan .

1.Hijrah mental..

Inggih menika hijrah kanti ngendaleni nafsu. saking nafsu amarah tumuju dateng nafsul lauwwamah lan nafsul muthmainnah . Jalaran nafsu amarah punika tentu tansah ngajak tumuju dateng pendamel awon, kados dawuhipun Allah :

Temenan nafsu iku tansah perintah kelawan penggawe ala (QS.Yusuf : 53)

Tiyang ingkang tansah nuruti nafsu amarah punika tentu tumuju dateng pendamel awon ingkang tansah kedah keturutan pepinginanipun, mboten nggagas nuwuhaken kapitunaning liyan, akalipun sampun tunduk lan nyengkuyung dateng pikajenganing nafsu..

Dene nafsul lauwamah menika kesadaran kangge negur pribadi lan diri sendiri, nafsu ingkang sampun mawas diri, inggih kesadaran kangge merubah pribadi sak derengipun dipun tegur dining Allah. Dawuhipun Allah :

Lan Ingsun sumpah demi jiwa kang akeh olehe nggetuni (QS. Al Qiyamah : 2)

Dene nafsul muthmainnah punika kados ingkang kadawuhaken dening Allah :

Hai jiwa kang anteng , baliya marang Pangeranmu kelawan ridla lan diridlani Pangeranmu. Mlebua ing golongane kawulaKu, lan ingndalem swargaku (QS. Al Fajr : 27-30).

Hijrah mental kita kedah ngantos saget tumuju nggayuh jiwa ing kang muthmainnah supados kita kalebet golonganipun kawula ingkang pikantuk karidlan saking ngarsa dalem Allah Taala..

2. Hijrah kultural.

Inggih menika hijrah saking keterbelakangan tumuju dateng kemajengan. Kawontenan kita ingkang tasih katah katilar dening kemajengan, kedah dipun ikhtiyari supados langkung saget nggayuh kawontenan ingkang langkung sae. Kados dene kawontenan lare lare ingkang cekap katah mboten saget sinau lan menempuh pendidikan, mekaten ugi jumlah tenaga kerja ingkang langkung ageng katimbang wontenipun lapangan pakaryan,

Mekaten ugi kabudayan ingkang saya ngrisak dateng akhlaq lan moralipun masyarakat kanti dalih kebebasan ber kreasi, lan sak pinunggalanipun. Punika kedah kita budidaya aken amrih mboten ngobro ombro, syukur saget gumantos pengadatan lan dados kabudayan ingkang laras kaliyan tuntunan agami Islam.

3.Hijrah Sosial.

Inggih menika hijrah saking saking kondisi sosial kita ingkang nembe ketaman bencana, jalaran mboten namung fisik ingkang dados korban nemahi kerisakan, nanging kawontenan sosial ugi nemahi katah kerisakan. Hubungan pasederekan, tetanggan lan sesrawungan katah risak dados korban musibah, Punika kedah dipun usahani kanti hijrah tumuju dateng konndisi sosial ingkang langkung sae. Tiyang pinter pirang pirang, nanging tiyang bener arang arang. Mila semanget hijrah kedah tumanem wonten ing manahipun saben saben tiyang Islam sepanjang zaman.

4.Hijrah Material.

Hijrah Material. Punika upaya perubahan kangge nggayuh kawontenan ingkang langkung sae ing babagan ekonomi, kita kedah gumbregah kedah cancut tali wanda, mboten kenging kedlarung, berlarut larut ing swasana sungkawa nggetuni dateng kawontenan, kedah semangat makarya kangge nggayuh kebahagyaan dunya lan akhirat, dunyane nggayuh baldatun thayyibatun warabbun ghafur, akhirate beja mulya slamet saking siksa akhire mlebet swarga. Aminn.

* * * * * *

*

 

 

 

 

 

 

5

 

Hijrah Nggayuh Karidlan

$ $ $ $ $ $ : $

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita samiya nambahi taqwa lan taat kita dateng Allah, kanti mbudi daya amrih saget tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun Allah, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, wonten ing pundi kemawon kawontenan kita, lan wonten ing swasana kados menapa kemawon, nuju bingah utawi sisah, kawontenan jembar longgar utawi rupeg, ing kawontenan rame utawi sepi, tansah netepana taqwa dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat saking ngarsa dalem Allah Taala.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Kita sedaya sami ngawuningani bilih wulan Muharram punika minangka kawitanipun tahun hijriyah, inggih tahun Islam, Wulan Muharram mila mengku sejarah ingkang sanget wigatos tumrap perkembangan dakwah Islam. Jalaran awal kemenangan Islam lan kejayaan Islam punika kapurwakan kanti prastawa jengkar dalem Rasulullah Sallallahu alaihi wa sallam, saking kita Makkah tumuju dateng Madinah ingkang kala semanten tasih dipun wastani kita Yatsrib.

Hijrahipun Rasulullah SAW. lan para shahabatipun nilar negari Makkah mboten jalaran ajrih ngadepi mengsah tiyang-tiyang kafir Quraisy saha ancamanipun, ugi mboten jalaran kalah perang, melarikan diri tinggal glanggang colong playu punika mboten, nanging jalaran nindakaken dawuhipun Allah Taala. Prastawa hijrah punika mila mbetahaken bebanten lan pangorbanan ingkang ageng tumrap Nabi lan para shahabatipun, mboten sekadar nilar setunggaling papan tumuju dateng panggenan sanes. Bidalipun para sahabat punika kanti kebak ancaman, intimidasi lan terror. Ananging tekat ingkang sampun bulat, manah manteb lan ikhlash, para sahabat nilaraken sanak keluarga ingkang sanget dipun tresnani, arta banda ingkang katah, bale griya lan sedaya hak milik ipun, sedayanipun dipun tilaraken lan kalilakaken jalaran mundi dawuhipun Allah lan Rasulipun. Tekad ingkang mekaten kerana ugi dipun semangati lan dipun sugesti dening dawuh Dalem Allah Taala:

Sapa wonge hijrah ing dalane Allah, mangka deweke mesti bakal nemu bumi iki minangka panggonan kang jembar, lan rizki kang akeh, lan sapa wonge metu sangka omahe kerana hijrah tumuju marang karidlane Allah lan utusane tumuli pati sumusul ing deweke, mangka temen-temen ganjarane ing ngarsane Allah. Lan Allah iku Dzat Kang akeh pangapurane lan Dzat Kang akeh kawelasane (QS.An Nisa : 100).

Lan wusananipun terang lan nyata bilih hijrahipun Rasulullah SAW. punika mengku hikmah lan piwucal ingkang sanget wigatos. Inggih punika mujudaken setunggaling strategi perjuangan lan siasat kangge nggayuh cita-cita perjuangan Islam.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Sak sampunipun hijrah kirang langkung 8 tahun, tetela dados kasunyatan bilih Umat Islam ngraosaken hikmah saking prastawa hijrah punika, kasunyatan pangorbananipun mboten sia-sia, umat Islam saya ngrumbaka, ketingal sanget kemajengan lan perkembangan Islam. Sahingga Umat Islam kepengin sanget ngrebat kita Makkah minangka tanah kelahiran tumrap kaum Muhajirin, saha papan suci tumrap sedaya kaum muslimin. Sak estu pepinginanipun Umat Islam dados kasunyatan, kanti pitulunganipun Allah, kita Makkah ingkang dipun kuaosi tiyang kafir Quraisy, saget karebat dening kanjeng Nabi lan sedaya shahabatipun ingkang wicalanipun mboten kirang saking sedasa ewu tiyang. Tentu tiyang kafir Quraisy miris ngadepi Kanjeng Nabi ingkang kaderekaken wadyia bala umat Islam segelar sepapan. Kanti tanpa pangorbanan lan pertumpahan darah kitha Makkah sampun kasil kabedhah. Abu Sufyan benggolipun tiyang Quraisy teluk lan tundhuk, menyerah dateng ngarsa dalem kanjeng Nabi lan ngikraraken mlebet Islam. Mekaten ugi tiyang-tiyang sanes berbodong-bondong same nelakaken syahadat lumebet Islam.

Prastawa bedhahipun Nagari Makkah punika kados ingkang kagambaraken wonten ing dawuhipun Allah:

$ $ $

 

Nalika wus tumurun pitulunge Allah, lan kamenangan, lan sira nyawang para manungsa pada mlebu marang agamane Gusti Allah kelawan grombol-grombol. Mula macaha tasbih sira kelawan pujine Pangeranira, lan sejatine Allah iku Dzat Kang akeh anggone nerima taubat. (QS.An Nashr 1-3).

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Prastawa hijrahipun Rasulullah punika kedah kita damel piwucal lan patuladan, semanget hijrah kedah tansah tumanem ing saben saben manahipun tiyang Islam. Dene hijrah punika wonten werni kalih:

Sepisan : hijrah qalbiyah, hijrah secara mental.

Kaping kalih : hijrah badaniyah, hijrah secara fisik.

Wondene hijrah ingkang kedah kita tindak aken punika hijrah ingkang sepisan, inggih hijrah secara mental tegesipun nilar pendamel lan lelampah awon tumuju dateng kesahenan. Kados ingkang kadawuhaken ing Al-Quran :

Lan ing perkara kang ala, mangka sira ninggalna (QS. Al-Muddatstsir : 5).

Dawuh ipun Allah kasebat ugi kadawuhaken dening Rasulullah Sallallahu alaihi wasallam :

Kang aran wong Islam sejati yaiku wong kang lisane lan tangane orang ngganggu wong liya (tegese, wong liya aman sangka gangguan penggaweane lan lisane), dene wong kang hijrah yaiku wongkang ninggalake perkara kang dilarang dening Allah. (HR. Bukhari, Muslim).

Hijrah secara mental mekaten tentu wajib tumrap sedaya umat Islam sepanjang zaman, kangge hijrah tumuju kesaenan saha nggayuh kemenangan.

Wusananipun mangga kita samiya mawas ing pribadi kita, punapa kita sampun nderek tindak Rasul hijrah menapa dereng? Mugi swasana warsa enggal hijriyah punika sageta nyemangeti dateng kita nindakaken hijrah secara mental, kultural, sosial lan material tumuju dateng kawontenan ingkang langkung sae, nggayuh kemenangan lan kejayaan Islam ing masa depan. Mugi-mugi Allah tansah mitulungi lan ngijabahi.

$ $ * : $ $ $ $ $ $

 

 

 

 

 

 

 

6

 

Muharram Galenganing Tahun .

$ $ $ $ $ $ $ $

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita tansah samiya ningkataken iman lan taqwa kita dumateng Allah kanti taqwa ingkang sak estu, sarana tansah nindakaken sedaya dawuh lan perintahipun, saha nilar ingkang dados awisanipun, supados kita tansah pinaringan rahmat lan kanugrahan saking ngayunan Dalem Allah Subhanahu wa Taala.

Sak lajenipun mangga kita sak wetawis menggalih kanti wening dateng gumantosing tahun ingkang nembe kita lampahi, Bilih pergantian tahun miderek agami kita punika mboten ngrupekaken perkawis ingkang luar biasa, lan ugi mboten mengku perkawis ingkang asifat mistik, ugi mboten minangka isyarat lan sasmita ingkang saget diramal ramal.. Prastawa gumantosing tahun estu minangka prastawa alami ingkang sampun lazim mesti dumados jalaran lumampahing wekdal ingkang sampun dumugi wancinipun. Ingkang sakestunipun kalebet saweneh saking bukti tanda tanda panguwaosipun Allah Taala.

Kaprahipun wonten ing swasana gumantosing warsa mekaten punika, kita nembe sami enget dateng umur ingkang sampun dipun liwati. Inggih jalaran keribetan, kesibukan, lan problem gesang ingkang gilir gumantos mboten wonten rampungipun, sahingga ngantos nyupekaken dateng Pangeranipun, ingkang sampun maringaken samukawis kanikmatan lan kanugrahan. Wusananipun tentu kita piyambak ingkang bade manggihaken jawabanipun ayat menika :

He eling eling manungsa, apata kang wus mbujuk marang sira nganti sira duraka marang Pangeranira Kang Maha mulya? (QS. Al Infithar : 6).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Kita sedaya tentu sadar bilih wekdal terus obah lumampah, nilaraken pagesangan kita wiwit detik demi detik, dinten demi dinten, ngantos tahun gumantos tahun. Saben detik wekdal lumampah umur kita saya tambah. Saya tambah umur kita, saya caket kita dateng wates umur kita. Rumaos utawi mboten, sadar utawi mboten, kita menika nembe sami antri tumuju garis finish. Mila wonten ing kawontenan mekaten, kita nembe rumaos bilih sangu ingkang kita kempalaken kangge akherat mbenjang tasih sanget sekedikipun. Ing mangka ajal kita menawi dumugi sak mangsa mangsa tanpa taliwara, tanpa sraba sraba, wusananipun nuwuhaken raos getun keduwung pinanggih wingking , kados ingkang dipun isyarataken dening Allah wonten ing Al Quran :

Duh Gusti Pangeran kula, mbok inggiha Panjenengan tunda ajal (pejah) kula sekedap kemawon, supados kula saget sedekah lan dados golonganipun tiyang ingkang sami shalih shalih

(QS. Al Munafiqun : 10).

Raos getun keduwung lan penyesalan mekaten kok dumuginipun tentu randat, nalika sampun telas kesempatanipun kangge ndandosi diri. Mila tumrap kita ingkang tasih kongang tumandang, ampun ngantos nengga dumuginipun wekdal ingkang mbeta penyesalan mekaten . Mumpung tasih padang rembulane, tasih jembar kalangane. Wonten ing swasana warsa enggal punika sami gumbregah ngadepi mangsa ngajeng kanti semangat ingkang enggal, niyat ingkang enggal kagem nggayuh kawontenan ingkang langkung sae.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Ananging tumrap kita tiyang jawi asring dumuginipun mangsa warsa enggal ingkang kapurwakan kanti wulan Muharram, ingkang kita mestani wulan Sura punika, sering dipun tampi kanti sikap ingkang mawerni werni. Mekaten ugi dipun pahargya kanti lampah ingkang neka neka. Ingkang sedayanipun tanpa dasar ingkang gumathok, kejawi namung ngetutaken dateng pengangen angen utawi nalurekaken para leluwur ingkang mboten saget dipun teges jluntrungipun.

Pramila tumrap kita nalika lumebet wonten ing swasana mekaten, menawi bade mulyaaken lan ngegungaken wulan Muharram punika, kanti nambahi thaat lan ngibadah dateng ngarsa dalem Allah, sarana nindakaken pangibadahan ingkang dipun dawuhaken dening agami kita, minangka pengatos atos ampun ngantos kita tumandang ngibadah kanti lampah lampah ingkang mboten jelas tuntunanipun. Dene cara kita mulyaaken wulan Muharram punika antawisipun nindakaken ibadah shiyam, langkung langkung wonten ing dinten Asyura jalaran shiyam ingkang langkung utami sak sampunipun shiyam Ramadlon, punika shiyam wonten ing wulan Muharram, kados ingkang kadawuhaken dening Kanjeng Nabi mekaten :

( )

Luwih utama utamane pasa sak wise pasa Ramadlon, iku pasa ana ing wulan Muharram (HR.Muslim).

Mugi mugi Allah tansah maringaken rahmat lan hidayahipun dateng kita, kanti pinaringan panjang umur ingkang manfaat lan wilujeng dunya akhirat. Amin

* * * * * *

*

 

7

 

Menyambut Tahun Baru

$ $ $ $ $ $ $ $ $

$

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,

Minangka purwakaning atur mangga kita sesarengan ngunjukaken syukur dateng ngarsa dalem Allah, awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpa kawical wical, langkung langkung rahmat kawilujengan lan yuswa panjang dateng kita sedaya , sahingga wekdal punika kita tasih saget menangi malih warsa enggal punika saha kita saget makempal ing masjid punika kanti tanpa manggih rubeda satunggal punapa.

Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Taala , Kados dawuhipun Allah :

"Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe becik . (QS. An Nahl :128).

 

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,

Kita sedaya nembe kemawon lumebet wonten ing warsa enggal. Gilir gumantosing mangsa, rinten lan dalu, mletek lan surupipun serngenge, wekdal terus lumampah mboten wonten kendelipun, detik demi detik, menit demi menit, jam demi jam, ngantos dinten gumantos dinten, wulan gumantos wulan ngantos jangkep tahun sinambet tahun, tahun kepengker purna nilaraken kita sedaya saklaminipun, gumantos warsa enggal ingkang tentunipun mbekta harapan enggal.

Sedaya kala wau estu ngrupekaken tanda keagungan lan panguwaosipun Allah, jalaran sedayanipun mboten lumampah piyambak, ananging tentu wonten ingkang nglampahaken, mboten sanes inggih saking kuwasa lan kersanipun Allah Subhanahu wa Taala.

Tumrap kita owah gingsiring kawontenan sageta dados tepa tulada ingkang saget nambahi kandel lan tebelipun iman kita dateng penguwaosipun Allah Taala.

Kados dawuh:

 

Saktemene ana ing katitahe langit lan bumi, lan gilir gumantining wengi lan rina, yekti dadi tanda bukti kekuasaane Allah tumrap wong kang pada nduweni akal (Ali Imran 190)

 

Wekdal ingkang tansah lumampah tanpa wonten kendelipun, ateges umuripun donya saya tambah, saya tambah umuripun donya ateges saya caket dateng watesing umur ingkang sampun katentokaken. Sadar utawi mboten kita sedaya punika antri tumuju garis finis, inggih akhiring lelampahan gesang ing ngalam donya punika. Pramila kangge nglajengaken lelampahan gesang puniko, ingkang langkung prayogi tumrap kita, nderek menapa ingkang dipun dawuhaken Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW. dateng Shahabat Abi Dzarin RA . :

Nganyarna sira ing prahu, sebab segara iku jero. Ngalapa sira ing sangu kang sampurna, jalaran lelakone adoh. Ngentengna sira ing gawan, jalaran dalane angel lan rumpil. Lan ngamala sira kelawan ikhlas, karana saktemene Allah banget waspada tansah niti priksa

Para sederek Kaum Muslimin Rahimakumullah,

Lelampahan panjang wonten ing akhirat mangke mbetahaken sangu ingkang katah lan sampurna, karana sanget tebihipun, saha katah goda lan sandupayanipun. Ing mangka sangu punika kedah kita siapaken wonten ing wanci gesang punika, wujudipun mboten sanes inggih amal shaleh kita sedaya. Saking punika wonten ing warsa enggal punika, kita kedah gumbregah kanti semangat enggal tumandang pados sangu kanthi ngamal ngibadah ingkang ikhlas murih ridlanipun Allah. Mekaten ugi mbudi daya nilar pendamel awon kanti taubat, neja nebihi sedaya mungkarot supados entheng beban kita sowan wonten ngarsa dalem Allah Taala pikanthuk pangapunten dosa lan kalepatan kita.

Sawenehing Ulama paring dawuh: Ara ana kebungahan kang luwih akeh tumrap wong mukmin, katimbang saka olehe diparingi pangapura dosane

Pramila punika kita kedah ngraos bingah pikantuk maghfirah saking ngarsa dalem Allah, Ngungkuli kebingahan kita pikantuk banda donya. Mila kebingahan punika kedah kita padosi lan kita suwun, sarana taubat lan istighfar. Jalaran tiang ingkang taubat prasasat kados mboten gadah lepat. Kados dawuh dalem Kanjeng Nabi:

 

Wong kang taubat (kelawan sak temene) saka dosane mangka kaya-kaya wong mau ora nduwe dosa (HR. Al-Baihaqi)

Temtunipun wonten ing wekdal ingkang bade dateng kita lajeng langkung ngatos-atos, kanti ngginakaken wekdal ingkang sak sae-saenipun kanti nindakaken amal shaleh saha ketaqwaan ing ngarsa dalem Allah minangka sangu sak wanci-wanci tinimbalan. Jalaran mila mboten wonten perkawis ingkang langkung sae kadamel sangu kejawi namung taqwa dateng ngarsa dalem Allah. Kados dawuh dalem Allah.

 

Pada ngudiya sangu sira kabeh (kanggo kamulyan) mangka sak becik-becik sangu iku taqwa, lan wediya sira kabeh ing Ingsun. He, wong kang pada nduweni akal.

(Al-Baqarah 197).

Para rawuh Jamaah Jumah ingkang minulya,

Ing wusananipun mangga kita muhasabah dateng slira pribadi kita piyambak-piyambak, minangka petangan lan evaluasi sepinten sangu ingkang sampun kita persiapaken, sepinten untung utawi rugi ingkang sampun kita gayuh wonten ing wekdal ingkang sampun kelampah. Petangan punika faedahipun minangka kangge nggayuh kauntungan ingkang langkung ageng wonten ing mangsa ingkang badhe dateng. Untung tumrap kita menawi katah ibadah lan amal shaleh kita. Kosok wangsulipun rugi tumrap kita menawi katah maksiyat lan dosanipun. Menawi kita sekinten sampun untung, Alhamdulillah, kita gayuh kauntungan ingkang langkung ageng, nanging menawi tasih rugi wajib kita miwiti babak enggal, kita bucal tebih-tebih kebiasaan lan pakulinan ingkang mboten sae kita gantos kanti amal kesaenan ing pangajab kesaenan punika sageta nglebur pendamel awon ingkang sampun kelajeng, kados ingkang sampun kedawuhan wonten ing hadits:

Wediya sira ing Allah, ana ing endi wae pangggonan ana sira, la kaelekan iku tut burenana kelawan kebecikan, jalaran kebecikan iku bisa nglebur kaelekan

Mugi-mugi Allah paring kekiyatan dateng kita sedaya kangge ngibadah lan ngumawula wanten ngarsa dalem Allah, kangge nggayuh kabegjan dunya punika menapa dene Akherat. Allahumma Amin

. : * * * * * *

*

8

 

Khutbah Jumah Tsaniyah

, * * * * * * * * * * : * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * *

* *