Khuthbah Jum'ah
, AN NIDA'  
, MAHABBAH NABI
 

 

 

 

 


Edisi Rabiul Awwal 1429

1. Pengetan Maulid Nabi S.A.W.

2. Mahabbah Nabi

3. Risalah Nabi

4. Ilmu lan Ulama

5. Wajibe Slalat Jumah

6.Shalat Jamaah

7. Khuthbah Tsaniyah

 

1

 

 

Pengetan Maulid Nabi S.A.W.

, , * * * * * , * : * *

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita samiya tansah netepi taqwa dateng Allah, kanti taqwa ingkang sakestu sarana tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun , wonten ing swasana kados menapa kemawon, kapan mawon, lan wonten ing pundi kemawon, nuju suka utawi berduka, kawontenan sulit utawi gampil, ing kawontenan sepen utawi rame , tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin . Jalaran Allah mila sampun njanjekaken kanti dawuhipun :

*

"Wong wong kang pada iman lan pada taqwa, tumrap wong wong mahu kabungahan ing ndalem panguripan dunya lan akhirat, ora ana owah owahan kanggo janjine Allah, Kang mengkono mau minangka kabegjan kang agung

(QS.Yunus : 63-64).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Wulan menika wulan Rabiul Auwal inggih wulan Mulud, wulan ingkang mulya lan agung tumrap kita sedaya, jalaran mengku prastawa sejarah ingkang sanget wigatos tumrap kita sedaya umat Islam . Wulan wiyosan Dalem junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam. Cobi kita noleh dateng sejarahing manungsa, kala semanten manungsa ingkang tansah netepi kemusrikan lan kekufuran, ngakeni dateng Pangeran, nanging ugi ndadosaken pangeran pangeran sanes saking kayu watu, reca lan berhala minangka sesembahan. Kawontenan pagesangan ingkang tansah memengsahan lan sesatron, mboten nate wonten katentreman lan katenangan gesang, masyarakat ingkang bodo lan terbelakang, hukum lan pranatan ingkang lumampah hukum rimba, sinten ingkang langkung kiyat, sinten ingkang menang perang, sinten ingkang langkung digdaya punika ingkang kuwasa. Mboten wonten hak hak kamanungsan ingkang pikantuk pangayoman. Langkung langkung kaum wanita sanget dipun remehaken derajatipun, persasat dipun anggep barang, jalaran kawontenanipun ingkang lemah lan ringkih mboten saget diajak perang.

Bangsa Arab kala semanten, bangsa ingkang mboten nate dipun kenal dening bangsa bangsa sanes, mboten nate diperhitungkan dening bangsa sanes, kados ing mangsa menika. Kabudayanipun masyarakat ingkang remen nindes, ngrampas hakipun sanes, mendem mendeman, judi , ngabotohan lan sak pinunggalanipun.

Ananging sak sampunipun kautusipun Nabi Akhir zaman, ingkang ngasto syariat Agami Islam ingkang mranata dateng pagesangan, mboten namung tata cara ngumawula dateng Pangeran, nanging ugi ngrombak samu kawis ingkang mboten jumbuh kaliyan raos kamanungsan, lan raos keadilan, tumuju dateng tatananing pagesangan ingkang enggal, ingkang saget nuwuhaken katentreman saklebetipun pagesangan. Tentu kanti lelampah ing kang sanget awrat, lan wekdal ingkang mboten sekedap. Kawiwitan kanti nanemaken wijining tauhid nyawijekaken dateng Allah minangka Pangeran ingkang dipun imani saha dipun kumawulani. Bangsa Arab ingkang kawontenanipun bumi ingkang cengkar, tandus lan garing, bumi ngentak entak arupi padang pasir lan sela tanpa tetuwuhan, sanget jumbuh kaliyan wateking manungsa bangsa Arab kala semanten, watek keras, angas lan wangkot, brangasan remen nindes dateng sasami, mboten gampil nampi piwucal. Kawontenan manah ingkang mekaten ugi mboten gampil nampi pitutur lan pengajak kesaenan. Mekaten ugi kala semanten Kanjeng Nabi kanti perjuangan ingkang sanget awrat, nelukaken manahipun tiyang Quraisy Makah. Bebasan ndeder wiji ing bumi gersang kebak bebatuan. Pengajakipun Kanjeng Nabi malah dipun adepi kanti sikap permusuhan dening masyarakatipun. Sifat mekaten kados dawuhipun Allah ing Al Quran :

 

Pancen wong wong Arab iku banget kufure lan nifaqe lan memper menawa ora pada mangerti marang hukum hukum kang diturunake Allah marang Utusane, lan Allah iku Dzat Kang Maha Ngudaneni lan Maha Wicaksana

( At Taubah 97).

Ananging kanti kautusipun kanjeng Nabi kanti ngasta risalah agami Islam punika wusananipun Allah maringaken pitedah dateng bangsa Arab kanti perombakan total bangsa Arab, saking kawontenan ingkang kebak kemusrikan dados ketauhidan, saking kesewenang wenangan dados keadilan, saking masyarakat ingkang biadab dados masyarakat ingkang beradab, saking kebengisan lan penindesan dados kebak ing kawelasan, saking kekacauan dados kedamaian, saking memengsahan dados kerukunan, perikemanusiaan lan katresnan, saking arogan dados kebak toleran, saking peteng ndedet lelimengan dados padang trawangan, saking kemunduran dados kemajuan, saking kesesatan dados kaleresan, lestantun dumugi mangsa sak lajengipun hingga titiwanci punika. Punika sedaya jalaran saking pitedah lan kanugerahanipun Allah kanti kautusipun Kanjeng Nabi Muhammad Sallallhu alaihi wa sallam. Kados dawuhipun ing surah Ali Imran :

Yekti temenan Allah Taala wus paring kanugerahan marang para wong wong mukmin, nalika Allah Taala ngutus sawijine Rasul sangka golongane deweke

(tegese ora sangka golongane Malaikat, utawa jin yaiku Kanjeng Nabi Muhammad SAW) kang Rasul mahu macakake ayat ayate Allah marang deweke kabeh, lan nucekake jiwane deweke kabeh sangka dosa dosa, lan uga mulang marang deweke kabeh ing Kitab Al Quran lan hikmah. Senajan deweke kabeh mahu sak durunge yekti ana ing sak jerone sasar kang nyata.(QS.Ali Imran 164).

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Pramila mangga kanti dumuginipun wulan Rabiul Awwal utawi wulan Mulud punika samiya tansah saget syukur dateng Allah, jalaran terang nyata bilih kautusipun Kanjeng Nabi punika, sakestu minangka kanugerahan saking ngarsa Dalem Allah tumrap kita sedaya, sahingga kita saget pinaringan Iman Islam inggih jalaran kautusipun Kanjeng Nabi. Anggen kita syukur sarana kita tambahi lan kita tingkataken anggen kita mahabbah lan tresna dumateng Panjenenganipun Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam. Saha nderek dateng sedaya tindak lampahipun, karana Kanjeng Nabi punika mila ugi minangka patuladan ingkang kedah kita dereki tindak lampahipun. Langkung langkung pitedah ingkang dipun turunaken dateng Panjenenganipun, inggih pitedahipun Al Quran kedah kita dereki. Insya Allah kita kalebet golonganipun tiyang tiyang ingkang beja. Kados dawuhipun Allah ing Al Quran :

*

Wong wong kang pada iman marang Kanjeng Nabi, lan pada mulya ake Kanjeng Nabi, lan pada mbelani Kanjeng Nabi lan nderek marang pepadanging pitiduh kang diturunake marang Kanjeng Nabi, yaiku Al Quran , ya wong wong kang mengkono iku wong kang pada beja beja (QS.Al Araf : 157).

Tiyang ingkang iman, mulyakaken dateng Kanjeng Nabi saha nderek pitedahipun Al Quran , Inggih tiyang ingkang mekaten ingkang nami tiyang ingkang beja menggahipun Allah, kados dawuh Al Quran kasebat.

Mugi mugi kita sedaya pinaringana pitulungan lan kekiyatan saget tansah mulyakaken dateng Kanjeng Nabi, saha nderek pitedahipun Al Quran , wusananipun termasuk tiyang ingkang pinaringan kabekjan saking ngarsa Dalem Allah Subhanahu wa Taala. Amiin.

$ $ $

 

 

 

 

 

 

 

 

2

 

Mahabbah Nabi

* * * * * * * * *

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita tansah samiya ningkataken iman lan taqwa kita dumateng Allah kanti taqwa ingkang sak estu, sarana tansah nindakaken sedaya dawuh lan perintahipun, saha nilar ingkang dados awisanipun, supados kita tansah pinaringan rahmat lan kanugrahan saking ngayunan Dalem Allah Subhanahu wa Taala.

Sampun dados pengadatan masyarakat kita saben saben dumugi wulan Rabiul Awwal, utawi wulan Mulud sami mahargya mulyaaken lan ngegungaken dateng wiyosan Dalem Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam. Kanti cara ingkang mawarni warni, wonten ingkang kanti maos riwayat sugengipun Kanjeng Nabi, wiwit sakderengipun dipun wiyosaken, ngantos dumugi sedanipun. Wonten ingkang kanti shodaqohan, wonten ingkang kanti pengaosan pengaosan ingkang mligi kagem mrengeti wiyosan Dalem Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam, lan sak pinunggalanipun. Sedaya wau dipun seja kangge nglahiraken raos mahabbah lan tresna dateng Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam. Tresna dateng Nabi tentu ugi jalaran tresna dateng ngarsa dalem Allah. Menawi kita ngaken Tresna dateng Allah tentu katresnan punika kedah kita buktekaken. Antawisipun bukti katresnan wau inggih punika nderek dateng tindak lampahipun Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam. Saha ngalap tulada dateng panjenenganipun.

Kados dawuhipun Allah Subhanahu wa Taala :

Dawuha Muhammad : Yen sira pancen tresna marang Allah, ndereka marang Ingsun, mesti wae Allah bakal tresna marang sira. Lan Allah bakal ngapura dosa dosanira kabeh, Allah iku Maha Ngapura lan Akeh kawelasane

(QS. Ali Imran 31).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Kita nderek dateng Nabi tentu kerana kita dasaripun tresna dateng Nabi, pramila menapa ingkang sami kita tindak aken minangka nglahiraken katresnan lan kecintaan kita dateng Kanjeng Nabi, mugi mugi tinampiya minangka bukti katresnan kita dateng Allah Taala. Pangajab kita bade pikantuk rahmat lan kawelasan saha pangapunten saking ngarsa Dalem Allah Taala. Jumbuh kados dawuhipun Allah wonten ing Surat Ali Imran kasebat ngajeng .

Tiyang ingkang ngaken tresna mila mbetahaken bukti, mboten cekap pengakuan kemawon. Malah pengakuan ingkang tanpa bukti menika minangka kebohongan. Pramila menika, wonten ing swasana pengetan wiyosan Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam punika, mangga kita katahaken nyebat dateng Asma Dalem Kanjeng Nabi kanti ngatah ngatahaken maos Shalawat dateng panjenenganipun. Jalaran wonten pangandika :

Sing sapa wonge tresna marang sawijining perkara, mesti wong kuwi akeh elinge lan nyebute ing perkara mahu

 

Menika mboten saget dipun selaki, tiyang tresna dateng menapa kemawon tentu telenging manah tansah eling, lan kumantil mantil dateng menapa ingkang dipun tresnani. Kita ngaken tresna Nabi mangga kita ngatahaken maos shalawat , kita maos shalawat ugi nindakaken dawuhipun Allah ing Al Quran :

.

He, wong kang pada iman, pada macaha shalawat sira kabeh marang Nabi, lan pada macakna salam sira kabeh

(QS. Al Ahzab 56 ).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Katresnan kita dateng Kanjeng Nabi bade dados lantaran kempal kita dateng Panjenenganipun mbenjang wonten ing swarganipun Allah, jalaran Kanjeng Nabi nate paring dawuh :

Sing sapa wonge tresna marang Ingsun, mangka wong iku bakal bareng bareng sartaningsun ing swarga.

Hadits sanes ngendikakaken :

, : , : : , : :

Sawijining wong Badui sowan Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam, nuli matur: Duh Rasulallah, mbenjang menapa kedadosan qiyamat menika ?

Kanjeng Nabi Sallallahu alaihi wa sallam lajeng ndangu : Apa persiapanmu kanggo ngadepi dina qiyamat ?

Tiyang wau lajeng matur : Kula mboten nggadah persiapan kangge ngadepi dinten kiyamat, kanti ngamal arupi shalat ingkang katah, utawi shiyam ingkang katah, mboten, mung mawon kula tresna dateng Allah lan utusanipun.

Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam lajeng dawuh :

Sawijining wong kuwi mbesuk ana ing akhirat bakal di kumpulake marang sapa kang di tresnani.

(HR.Bukhari, Muslim)

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Kanti dawuh kasebat kita nglahiraken katresnan dateng Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam punika, bade dumunung ngibadah ingkang nyababaken lumebet dateng swarga, menawi estu estu tresnanipun mboten namung lelamisan. Jalaran kita kedah ngatos atos, katah tiyang ingkang remen maos shalawat, nanging remenipun maos shalawat namung kerana lagunipun, ingkang dipun anggep sekeca lan cocok kalian selerane, mboten kerana tresna malih dateng Kanjeng Nabi. Ngatos atos bab menika, syair shalawat dipun lagokaken, mangga, nanging hakekat kedah tetep jalaran katresnan lan kecintaan kita dateng ngarsa Dalem Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam. Langkung saking menika bukti katresnan punika kita buktekaken, kanti nderek tindak lampahipun saha ngalap tulada dateng Panjenenganipun sak lebetipun gesang punika, mboten namung anggen kita ngibadah dateng Gusti Allah, nanging ugi anggen kita bebrayan wonten madyaning masyarakat, Kados pundi anggen kita srawung pergaulan, menapa dene muamalah kaliyan tiyang sanes, sedayanipun dipun tuladani dening Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wasallam. Wiwit perkawis ingkang katingalanipun sepele, ingkang mila katah dipun sepelekaken dining tiyang, kados ta kita dahar ngunjuk ngagem asta tengen, welas dateng lare, mulyaaken piyantun sepuh lan sanes sanesipun. Menapa malih urusan ibadah mahdlah tentu mutlak kita nderak dateng dawuh lan tindakipun Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam. Kados ingkang nembe kita tindakaken dinten punika, tindak mesjid shalat Jumah kanti siram langkung rumiyin, ngagem wangen wangen, ngagem pakaian pethak, lan sanes ipun. Mekaten ugi tumrap khatibipun, cekap cekak mawon khutbahipun, mangke shalatipun ingkang dipun panjangaken. Jalaran inkang dipun contokaken dening Kanjeng Nabi punika mekaten, kados pangandika:

Kanjeng Nabi punika tansah manjangaken shalatipun lan cekak khuthbahipun

Menawi bab ibadah kemawon kita mboten nderek dateng Kanjeng Nabi, lajeng dateng sinten malih kita nderek? Menapa wonten ingkang langkung sae kita dereki sanesipun Kanjeng Nabi.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Dumuginipun wulan Rabiul Auwal menika, mugi mugi nuwuhaken semanget kita, anggenipun nderek dateng patuladanipun Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam, saha nambahi katresnan kita dateng panjenenganipun, sahengga kita pikantuk syafaat mbenjang wonten ing yaumil qiyamah. Amiin.

$ $ $

 

3

.

 

Risalah Nabi

* * * * * * , * : : *

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita tansah samiya ningkataken iman lan taqwa kita dumateng Allah kanti taqwa ingkang sak estu, sarana tansah nindakaken sedaya dawuh lan perintahipun, saha nebihi sedaya ingkang dados awisanipun, wonten ing sak dengah kawontenan, nuju bingah utawi sisah, nuju cekap utawi kirang, nuju longgar utawi rupeg, nuju rame utawi sepi, kapan mawon wonten pundi mawon lan swasana kados punapa kemawon sageta tansah netepi taat lan ajrih dumareng Gusti Allah Taala, supados kita tansah pinaringan rahmat lan kanugrahan saking ngayunan Dalem Allah Subhanahu wa Taala. Amiin.

Para sederek Kaum Muslimin rahimakumullah,

Dadosa kauningan bilih estunipun kautusipun Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam punika minangka kanugrahan lan kanikmatan ingkang langkung ageng saking ngarsa Dalem Allah Taala dateng sedaya. Jalaran kanti kautusipun Kanjeng Nabi punika Allah paring pitedah dateng sedaya manungsa sak ngalam dunya, dateng sinten ingkang kakersakaken katedahaken dateng margi ingkang leres. Inggih menika agami Islam. Kalebet kita sedayanipun awit rahmat lan fadhalipun Allah saget dados tiyang Islam nampi pitedahipun Allah, inngih lantaran kautusipun Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam, Pramila sampun sakmestinipun tumrap kita kedah tansah syukur dateng Allah kanti tansah thaat dateng Allah lan utusanipun.Awit lantaranipun kita nampi pitedah mboten sanes inggih kerana kautusipun kanjeng Nabi, Kados dawuhipun Allah ing Surat Al Baqarah ;

* *

Kaya anggone Ingsun wus ngutus sawijining utusan sangka golongan ira kabeh, (yaiku Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam) kang rasul mahu macakake ayat ayat Ingsun, lan mbersihake sira kabeh, lan mulang marang sira kabeh ing Al Quan, lan ngilmu hikmah, lan uga mulang sira kabeh ing perkara perkara kang sira kabeh ora pada ngerti, mula sira pada elinga marang Ingsun Allah, Ingsun bakal paring wales ganjaran marang sira kabeh, Lan sira pada syukura marang nikmat peparing Ingsun, aja malah pada ngufuri nikmat kanti pada ngelakoni makshiyat (QS.Al Baqarah : 151-152).

Para sederek Kaum Muslimin rahimakumullah,

Syukur kita dateng Allah ingkang langkung nyata, inggih punika kita nderek dateng sedaya dawuh dawuhipun, ingkang kaasta dening kanjeng Nabi, ugi ngalap tulada nderek tindak lampahipun, kerana pancen pribadinipun menku patuladan ingkang utami saha bebuden ingkang luhur. Jer pancen pribadinipun mila langkung pas lamun ta kadadosaken kaca benggala tumrap kita sedaya. Mekaten ugi pagesangan masyarakatipun Kanjeng nabi kala semanten, prayogi kadadosaken panutan tumrap kita sedaya ing sak tengahing gesang bebrayan bermasyarakat punika. Kehidupan ummat Islam ing zamanipun Kanjeng Nabi kala semanten, ingkang sesambetan kaliyan masalah sosial, saking segi kerukunan, persatuan, solidaritas lan toleransinipun. Ugi babagan ibadahipun, saking segi ketaatanipun saha keikhlasanipun nalika tumandang ngibadah ngumawula dateng ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Taala, sanget sulit kita beberaken. Cekap bab punika kita aturaken gambaranipun kados ingkang kadawuhaken Dening Allah ing Al Quran :

Muhammad iku utusane Allah, lan wong wong kang anyertani deweke, iku wong kang banget kerase marang wong wong kafir, nanging pada banget tresnane marang sepadane. Sira bisa nyawang wong wong mahu pada ruku lan sujud kerana nuprih kanugerahan lan karidlan sangka ngarsane Allah. Tanda tengarane katon ing wajah wajahe wong wong mahu sangka labete sujud. (QS. Al Fatah 29).

Para sederek Kaum Muslimin rahimakumullah,

Pancen masyarakat kaum Muslimin wekdal semanten kawontenanipun ugi hydrogen, wonten ingkang sugih wonten ingkang miskin, wonten ingkang mimpin lan wonten ingkang dipun pimpin. Ananging tiyang tiyang ingkang miskin mboten nate ngraos dipun ina lan dipun remehaken, mboten nate cemas ngadepi perkawis gesangipun. Mekaten ugi tiyang tiyang ingkang sugih mboten nate kuwatos dipun seriki lan dipun drengkeni dening tiyang tiyang ingkang fakir lan miskin. Inggih amergi sedayanipun sami nuhoni dateng perintahipun Allah lan Rasulipun, langkung langkung ngengingi masalah hak hak sosial. Mboten nate terlintas pikiran ipun para aghniya kepengin nindes lan aniyaya dateng para dhuafa, malah pepinginanipun tansah nulung dateng ingkang ringkih, amrih saget sesarengan menikmati kebahagyaaning gesang punika. Mekaten ugi hubungan antawisipun pemerintah lan rakyatipun ingkang dipun perintah. Ketaatan, kepatuhanipun masyarakat ingkang dipun perintah mboten ndadosaken tiyang ingkang merintah bersikap sewenang wenang, Pasederekan antawisipun kaum pendatang (Kaum Muhajirin) lan kaum pribumi (Kaum Anshar) sanget raket, malah kepara ngelangkungi pasederekan ningkang nunggil keturunan. Mboten nate tuwuh raos serik, meri lan drengki sak umpami wonten Kaum Muhajir ingkang langkung sukses katimbang kaum pribumi.

Malah kepara kaum pribumi lila berkorban nglabeti Kaum Muhajir, ngalah lan ngutamakaken Kaum Muhajir, gambaran mekaten kados dawuhipun Allah :

*

 

Lan Kaum Anshar iku pada ngutamakake Kaum Muhajir, ngalahake awake dewe, senajan awake dewe ing kahanan susah, Lan sing sapa wonge diparingi pangreksa sangka bakhile atine dewe, ya wong wong kang mengkono iku wong kang pada oleh kabegjan. (QS. Al Hasyr : 9).

Kawontenan mekaten sedayanipun mboten sanes inggih awit jalaran ingkang kadadosaken landesan lan pranatan gesangipun sami, inggih punika syariat agami Islam, ingkang kaasta dening Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahualaihi wa sallam. Pramila gesangipun Kaum Muslimin kala semantensakestu kedah kadadosaken patuladan tumrap pagesangan kita ing mangsa punika.

Mekaten sak perangan saking kisah nyata gambaran kehidupan komunitas Muslim ing zamanipun Kanjeng Nabi, ingkang kedadosan 14 abad kepengker, ingkang nggambaraken kehidupan Nabi lan para shahabatipun, inggih punika anggenipun Kanjeng Nabi ndeder wijining tauhid dateng masyarakatipun. Lan ugi anggenipun mbangun masyarakat kanti nanemaken tuntunan syariat Islam, ingkang sekawit masyarakat jahiliyah saha kabudayan ingkang sanget risak lan bertentangan kaliyan pranatan agami Islam. Ananging wusananipun sedaya kasil dipun rombak lan berubah dados kabudayan ingkang jumbuh kaliyan tuntunan syariat agami Islam. Sedaya kawontenan mekaten terus berkembang ngantos zaman kita menika, inggih kawiwitan kanti kautusipun Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahualaihi wa sallam. Mugi kita kaparinganna pitedah lan tetepipun Iman Islam, ngantoso pejah kita kaparingan khusnul khatimah. Amiin.

* * * *

 

 

 

4

 

. Ilmu lan Ulama

* * * , * * * * * * * * * * *

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Mangga tansah samiya netepi taqwa lan taat dateng ngarsa Dalem Allah, kanti berusaha amrih saget nderek sedaya peraturanipun, nindakaken dawuh lan printahipun, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, Kanti tansah netepi taqwallah ing saklebetipun gesang punika, pangajab kita mugi tansah kaparingan kabekjan wiwit gesang ing ngalam dunya punika, ngantos dumugi ing ngalam akhirat. Amiin.

Mekaten ugi samu kawis kesulitan lan kerubetan kita kaparingana jalar keluar saking ngarsanipun Allah, jalaran Allah mila sampun paring dawuh,

Lan sing sapa wonge taqwa marang Allah, mangka Allah mesti ndadek ake dalan metu tumrap wong mau

(QS.Ath Thalaq : 2).

 

Tiyang gesang tentu ngadepi masalah, langkung langkung ing mangsa menika, raosipun gesang menika saya awrat lan sulit. Pramila mboten wonten cara tumrap kita kangge nggayuh margi wilujeng kejawi nyaket lan ningkataken taat lan taqwakita dating Allah Taala. Kanti mekaten Insya Allah margi medal sakingsamu kawis masalah bade kaparingaken saking ngarsa dalem Allah Taala.

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Kwajiban kita minangka kawula wonten ngarsanipun Allah, punika ngumawula lan ngibadah datang ngarsanipun Allah syukurngantossaget nggayuh derajat taqwa. Nanging kita kedah mangertos bilih kwajiban ibadah lan taqwa dateng Allah punika mboten bade saget kita tindakaken kejawi kanti dasar ngilmi, dene ngilmi sagetipun kita mangertosi kedah kita gayuh kanti thalabul ilmi. Dados kita gesang punika kedah ikhtiyar pados ngilmi lan ngicali shifat bhodo kita. Jalaran kita mboten saget nindakaken kwajiban kita kanti kawontenan bhodo tanpa ngilmi. Sifatb hodo punika estunipun minangka penyakitipun manungsa ingkang ngancam dateng kawilujenganing manungsa, mboten wonten obat lan tamba ingkang langkung mujarab kejawi ilminipun para alim ulama, lan mboten wonten ingkang saget ngobati lan njampeni penyakit bhodo menika kejawi para alim lan ulama. Amergi para alim ulama punika mila sampun pikantuk otoritas saking Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahualaihi wa sallam kadadosaken minangka warisipun para Nabi, kanti pangandikanipun

:

Para ulama iku minangka warise para Nabi

 

Pramila bhodo punika dipun wastani penyakit, jalaran tiyang sakit punika mboten nate ngraosaken eca nalika dahar, mekaten ugi tumandang ngibadah tumrap tiyang bhodo keraospahit lan getir, mboten nate saget ngraosaken manisipun ngibadah. Mekaten ugi bhodo punika minangka mengsah ingkang sanget mbebayani, jalaran tiyang ingkang bodho menika tansah dipun sasaraken dening sifat bodhonipun, tansah nerak lan nerjang datang perkawis ingkang dipun awisi dening Gusti Allah, ingkang dipun ancam badhe ketatrapan pasiksan saking ngarsanipun Allah, nanging rumaosipun tiyang bhodo wau sae lan leres, ing mangka bade nuwuhaken kerisakan lan kasengsaran tumrap piyambakipun, lan ugi kepara tumrap tiyang sanes.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Pramila mangga samiya mbudi daya amrih usada kagem ngicali sifat bhodo kita kanthi thalabul ilmi, pados ngelmi lantaran para ulama, Amergi kita mila dipun dawuhi dening Gusti Allah supados sami pados ilmi dateng para ulama, kanti dawuhipun ing kitab Al Quran :

Pada takona sira ing ahli dzikir (para ulama) lamun sira iku isih pada bhodo

Kanti ilminipun para ulama punika ingkang bade dados obat lan jampinipun penyakitipun para manungsa. Sarana ilminipun para ulama bade anjalari dados saenipun kawontenan gesang punika. Kawontenan baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur namung saget tercapai menawi ilminipun para ulama kadamel pedoman lan pitedah salebetipun gesang punika.

Ananging kasunyatan mangsa punika sampun katah manungsa ingkang mlajar nilaraken para ulama, amergi ulama dipun anggep ngrepoti, ngewuh ewuhi tumrap kemajengan, apa apa ra kena, ra oleh, ngene ra entuk ngono haram, iki dilarang, lan sak pinunggalanipun. Agama cukup diakoni, nek gelem dilakoni, ra perlu dilakoni. Menawi sampun mekaten sikapipun tiyang dating agami, menika sanget mbebayani bade nuwuhaken pendangkalan agama, inggih saking pola hidup ingkang sampun terpengaruh kaliyan faham kebendaan lan blabur materialisme. Nabi sampun nate paring pepenget kanti dawuhipun :

:

, , .

Bakal tumeka sawijining mangsa marang ummatku, ing mangsa iku ummatku pada lumayu sangka para ulama lan fuqaha, mangka nuli Allah bakal maringi pacoban marang ummat kui kelawan telung pacoban ,

Sepisan : Allah bakal ngilangi berkahe sangka nyambut gawene.

Kapindo : Allah bakal nguwasakake marang ummat kui panguasa kang dlolim. Kaping telu : Ummat kuwi bakal metu sangka dunya kelawan tanpa iman

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Mangga dadosa kawigatosan dawuh Nabi kasebat, supados kita pinaringan pangreksa dening Allah saking tigang pacoben kasebat. Mboten sanes kita samiya caket kaliyan para ulama kanti tolabul ilmi ngalam ngilmu saking para ulama, supados gesang kita anggenipun ngumawula dateng Allah saha gesang sesrawungan wonten ing mdyaning masyarakat tansah netepi pranataning agami. Ampun ngantos dados tiyang Islam namung asal katingalanipun sregep lan aktif tumandang, nanging nyatanipun cara gesang , cara ngibadah ngawur tanpa dasar ilminipun para ulama ingkang nyumber saking Al Quran lan Hadits. Allah mboten kersa nampi ngamalipun kawula ingkang tanpa dasar ilmi, Ibnu Ruslan paring dawuh :

*

Kabeh wong kang tanpa ngilmu kok nglakoni *

amale di tolak ora ditampa malah didukani

Pramila menapa kemawon ngamal ingkang kita tindak aken kedah dipun dasari kanti ngilmi ingkang cekap, langkung langkung ibadah wajib ingkang kita tindakaken, kadosta shalat fardlu kita, kados pundi caranipun sesuci wudlu ingkang leres, kados pundi syarat lan rukunipun shalat ingkang kita tindak aken, wajib tumrap kita mangertosi sedayanipun, caranipun mutlak mesti kedah kangti tholabul ilmi lan ngaji.

Mekaten ugi cara cara muamalah, sesrawungan, dol tinuku, utang piyutang , sewa sinewa, silih sinilih lan sanes sanesipun sedayanipun dipun atur kanti syariat agami kita. Mila wonten mriki dumunungipun wajib tholabul ilmi tumrap kaum muslimin lan muslimat kados ingkang sampun kita kawuningani dawuhipun saking Nabi.

Wusananipun mangga samiya migatosaken dateng kwajiban pados ilmi punika kanti sak drajat sak pangkat miturut kemampuanipun, syukur menawi saget saben dinten, mboten saget harian, inggih seminggu sepisan, setengah wulanan, paling mboten lapanan, nanging ampun ngantos dados tiyang Islam babar pindah mboten nate nindakaken jejibahan tholabul ilmi. Mugi mugi Allah maringaken pitedah lan pitulung dateng kita, saget nindakaken kwajiban ibadah kanti istiqamah. Amiin.

* * * : * * * * * *

 

5

Wajibe Slalat Jumah

, * * * * * * * * * : * *

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita samiya tansah nambahi taqwa lan thaat kita dateng Allah, kanti sarana tansah nderek sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar sedaya cegah lan awisanipun , wonten ing pundi kemawon kawontenan kita, swasana kados menapa kemawon, kapan mawon, tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin. Allah sampun njanjekaken kanti dawuhipun :

Allah wus paring janji marang wong wong kang pada iman lan pada nindakake amal shalih, tumrap wong wong mahu bakal oleh pangapura lan ganjaran kang agung saka ngarsane Allah (Al Maidah : 9).

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Kita sampun sami mangertosi bilih shalat Jumat punika wajib hukumipun tumrap kita sedaya, tiyang Islam ingkang akil baligh, shifat kakung tur muqim mboten nuju dados musafir. Nalika sampun kapiyarsa pangundanging shalat, wajib tumrap kita nilaraken sedaya kegiatan lan tetungkulan, tumuju dateng papan pengibadahan nindakaken kwajiban shalat jumah. Sahingga ngantos dipun haramaken nindakaken aktifitas ekonomi, dol tinuku, buruh binuruh lan samukawis kegiatan. Kados dawuh Dalem Allah ing surat Jumat kasebat ngajeng, ingkang sukaraosipun :

He ...wong kang pada iman, nalika wus diundangake pangundanging shalat Jumah, pada enggala gegancangan tumuju nindakake shalat , lan pada ninggala dol tinuku. Kang mengkono iku luwih becik tumrap sira kabeh, menawa sira kabeh pada ngerti (QS. Al Jumah : 9).

Wonten ing ayat kasebat mengku kalih perkawis : 1. perintah . 2. larangan.

  1. Perintah enggal enggal tumandang shalat Jumat, perintah ing ayat punika nedahaken makna wajib, sahingga dosa tumrap tiyang kakung mukallaf ingkang nilaraken kwajiban kasebat tanpa udzur.
  2. Larangan, wonten ing ayat menika nedahaken makna haram, sahingga samu kawis kegiatan lan tetungkulan haram dipun tindakaken nalika sampun kapiyarsa pangundanging shalat Jumat, lumantar adzanipun shalat Jumat.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Perintah lan laranganipun Allah kasebat katah dereng dipun fahami saha dipun tuhoni dening katahipun tiyang Islam. Bukti mboten saget kita selaki, bilih kasunyatan saking tiyang Islam ingkang katah punika namung semanten ingkang sami nuhoni dawuh tindak jumatan. Tasih katah ingkang dereng purun ngleksanaken kwajiban shalat Jumat. Kok umpami tiyang Islam sedaya sampun nindakaken kwajiban punika, mesti mawon masjid kita punika mboten amot nampung katahipun jamaah. Malah mboten sekedik tiyang Islam ingkang mboten tindak Jumatan amergi tasih sibuk nindakaken pakaryanipun. Tumrap kita poma di poma, ampun ngantos nilaraken kwajiban shalat Jumah punika kejawi wonten udzur, langkung langkung menawi ngantos nilaraken shalat jumah kaping tiga secara tumuli tanpa wonten udzur ingkang menangaken, tiyang punika cinatet minangka tiyang munafiq, kados dawuh hadits :

Sing sapa wonge tinggal shalat Jumah nganti ambal kaping telu kanti tanpa udzur, maka wong iku wong munafiq.(HR. Ibnu Hibban lan Ibnu Huzaimah).

Ing mangka tiyang munafiq punika kalebet golonganipun tiyang ingkang dados isen isene neraka. Dawuhipun Allah:

Sejatine wong wong munafiq iku bakal manggon ing tingkatan kang paling asor sangka neraka, Lan sira ora bakal nemu wong kang mitulungi ing wong wong munafiq iku.

(QS. An Nisa : 145).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Allah nglarang sedaya kegiatan lan pakaryan nalika wancinipun shalat Jumat. Kejawi nalika sampun dipun tindakaken shalat Jumat kita dipun parengaken nglajengaken nindakaken aktivitas ekonomi nggayuh kanugerahanipun Allah, kados dawuhipun :

Lan nalika wis di tekani shalat Jumat, pada sumebara sira kabeh ing nduwure bumi, lan pada goleka kanugerahane Allah. (QS. Al Jumah :10).

Para sederek

Wonten ing ayat punika ugi mengku perintah supados bubar nggayuh kanugerahane Allah sak sampunipun kita tindakaken Shalat Jumat, Ananging kersanipun dawuh kasebat, bilih perintah ingkang wonten ing ayat punika mboten nedahaken hukum wajib. Artosipun mboten wajib tumrap kita nalika sampun cekap rampung shalat Jumat lajeng enggal bubar nglajengaken pendamelan, punika mboten. Amergi ing ayat punika namung nedahaken makna wenang kemawon. Jalaran dumawahipun perintah sak sampunipun larangan. Miderek para ulama ahli ushul bilih nalika wonten perintah ingkang dumawah sak bakdanipun larangan menika nedahaken ibahah, tegesipun wenang mboten wajib, wonten satunggaling qaidah ngendikakaken

Perintah kang tumiba sak wise larangan iku nuduhake makna wenang.

Pramila nalika kita sampun rampung nindakaken shalat Jumat, kita mboten kedah enggal bubar kerana dawuh perintah kasebat, nanging kita cekapaken langkung rumiyin amaliyah bakda shalat fardlu, kadosta maos maos aurad bakda shalat, lajeng ndunga lan nindakaken shalat sunat badiyah. Mboten perlu keseksa ndang bubar. Malah prayogi nindakaken dawuh Nabi supados maos surat fatihah, surat ikhlash lan muauwidzatain nalika sampun rampung shalat Jumat sak derengipun menyat saking palenggahan, Dawuhipun Kanjeng Nabi :

:

( )

Hadits dipun riwayataken saking Aisyah RA. bilih Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam paring dawuh Sing sapa wonge maca surat qul huwallahu ahad, quil audzu bi rabbil falaq lan qul audzu bi rabbinnas pitung ambalan sak wiseshalat jumah, mangka Allah Subhanahu wa Taala bakal paring pangreksa marang deweke sangka kaelekan nganti tumeka Jumat kang bakal teka

(HR. Ibnus Sunniy).

Mugi mugi kita kaparingana pitedah lan pitulung, saget nuhoni kwajiban shalat jumah, saha purun nindakaken ngibadah sunnah. Lan mboten klentu maham dateng dawuhipun Allah. Wusananipun kita kaparingan rahmat lan pangreksa saking ngarsanipun Allah Subhanahu wa Taala.

$ $ $ $

 

 

 

6

 

 

Shalat Jamaah

$ $ $ $ $ $ $ $ $ $ : : $

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga tansah sami netepi ajrih lan taqwa dateng Allah Taala , kanti tansah nindakaken dawuh lan perintahipun Allah saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun Allah , supados gesang kita tansah pikantuk kanugerahan saking ngarsa dalem Allah wiwitdunya ngantos akherat.

Sak lajengipun mangga kita tingkataken ibadah kita dateng Allah, langkung langkung ibadah fardlu, langkung langkung malih ingkang harian, kadosta shalat fadlu gangsal wekdal, ingkang saben dinten kita tindakaken. Kita dandosi lan kita ikhtiyari amrih langkung sae, ampun ngantos malah sewalike. Saya dangu saya sak enake, saya tua saya nyepelekke. Jalaran shalat fardlu punika dados barometer tumrap ibadah sanesipun, Menawi shalatipun sae amal ibadah sanesipun bade dados sae, mekaten ugi sak wangsule. Cara ndandosi lan ningkataken shalat kita kanti open lan tlaten nindakaken sunnah sunnahipun lan nilar makruhipun. Antawisipun nindakaken shalat fardlu kanti jamaah. Amergi kathah sanget fadlilah lan kautamenipun shalat ber jamaah . Malah Nabi anggenipun paring tulada mboten nate nindaken shalat kejawi kanthi jamaah, ngantos wonten ing swasana ingkang sanget genting kemawon Kanjeng Nabi lan para shahabat punika tetep nindakaken shalat fardlu kanti jamaah. Kados ingkang dipun contokake wonten ing shalat khauf, inggih shalat wonten ing swasana perang ngadepi mengsah, kanjeng Nabi tetep shalat tetep kanti jamaah. Menggah fadlilah ipun shalat jamaah katah sanget dawuh pangandika ingkang nganjurahen. Antawisipun dawuh dalem Kanjeng Nabi :

: . . . .

 

Sing sapa wonge shalat limang wektu kanti jamaah tur ajeg, mangka tumrap wong iku bakal di paringi limang perkara :

  1. Ora bakal ketaman faqir urip ana dunyane,
  2. Bakal di slametake dining Allah sangka siksa kubure.
  3. Bakal diparingi buku catetan amale ditampa kelawan tangan tengene.
  4. Bakal liwat ing shirat kelawan cepet kaya kilat kang nyamber.
  5. Allah bakal nglebokake swarga kelawan tanpa landrat lan tanpa ngrasakke siksa

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Ningali kanugerahan paring inpun Allah ingkang mekaten wau, estu kabetahan kita wiwit gesang ing dunya, dumugi alam kubur ngantos dumugi akhirat Allah bade maringi kacekapan. Dunyane mboten ketaman faqir, ing alam kubur wilujeng saking pasiksan, akhiratipun mlebet swarga. Menapa malih kirangipun tumrap kita ? Wontenipun kita gesang ing ndunya punika kok tansah nandang fakir lan kekirangan, tentu shalat fardlunipun mboten nate kanti jamaah, umpami jamaah tentu dereng ajeg. Tasih sak kongange mboten nate merlokke. Pancen sing kepengin ora fakir pirang pirang , nanging sing sregep jamaah arang arang, mula nyatane sing tetep fakir uripe ya pirang pirang. Najan katone cukup lan sugih, nyatane sugih utang. Mila mangga kangge nggayuh kanugerahan peparingipun Allah, kita kanti andandosi lan ningkataken shalat fardlu kita . Allah dawuh ing Al Quran :

Pada nyuwuna pitulung sira kabeh kelawan sabar lan shalat. (QS.Al Baqarah : 45)

Menawi shalat kita sampun sae, Insya Allah gesang kita ugi kaparingan langkung sae, sebab Allah mboten bade niyak niyak aken ganjaranipun tiyang ingkang tumindak sae, Mekaten ugi kanti jamaah punika, mbok menawi wonten ingkang kirang keleresan shalat kita, bade ketambelan kanti anggenipun jamaah. Malah ugi sanget kawentar bilih salat jamaah ganjaranipun tikel 27 katimbang shalat piyambak tanpa jamaah . Ampun ngantos kita nglirwakaken kwajiban shalat gangsal wekdal punika jalaran ketungkul dening urusan kadunyan kita, sami ugi urusan pakaryan menapa dene urusan keluwarga. Supados mboten kalebet tiyang ingkang nandang kapitunan. Dawuhipun Allah :

He wong wong kang pada iman, aja nganti banda bandamu lan anak anakmu nglalekake sangka nglakoni shalat fardlu limang wektu, sing sapa wonge ketungkul harta bendane lan anak anake nganti ninggalake shalat fardlune, mangka wong wong kang mengkono iku wongkang pada nandang kapitunan

(QS.Al Munafiqun : 9)

Wusanaipun mangga tansah nenuwun mugi kita kaparingana rahmat lan pitulunipun Allah tansah saget rumeksa dateng kwajiban shalat fardlu punika, akhiripun manggih kabegjan dunya ngantos akhirat . Amiin.

$ $

$

 

 

7

 

 

Khutbah Jumah Tsaniyah

* * * * * * * * * : * * *

* : * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * *

* *