AN NIDA'

 


: .
.
: : .
.
.
.
.
.
.
.
.
: - .
: - : : .
: .
: : : : : : : .
: .
: .
: .
: : .
: .
.
: : .. : : - - : : : .
: : : .
: : : : .
: : : : .
.
: : .
: : .
: : .
: .
.
: - - - - - - - - : : : .
: : : :
: : : : : : : : : : : : .
: : : :
: : : : : : .
: : : - - : - .
: : .
- .
: : . - : : .
: .
: - - - - .
: : : .


: .
: . .


: : .
: .
: .
: : : .


: : .
: .

: .
: : : .


: .


: : : : .
: : :
.


: : : : .


: : : : :


: :


: .
.
: : : .


: : : : : .
: : .


: : : :
xx : xx.


: : : : .
.


: : : : .
: : : .
: : .
: .


: : : : .
: : : .


:


: : : .

: : :

: : : :


: : .



Adang adang Rohmate Allah

Ngati ati, Klompok Sempalan !

Sholat Sakane Agama

Haji Mabrur

Kwajibane Kawula

Amar Ma'ruf Nahi Munkar

Shidqul Qashdi

Shalat Jamaah

Thalabul Ilmi

Khutbah Tsaniyah

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

1Khutbah Wulan Dzul Qo'dah

1

Adang adang Rohmate Allah

, * * * * * * * * , * * * *

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita sesarengan nambahi taqwa kita dateng Allah, kanti estu estu tansah netepi taat dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun. Ampun ngantos kumawantun nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos nerjang palang awisan ipun Allah.wonten ing kawontenan kados menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit ing alam dunya punika ngantos dumugining akherat, Amiin. Ringkesipun tansah nertepi iman lan taqwa, Inggih namung kanti sarana mekaten, kita bade manggihaken kawilujengan gesang dunya dumugining akhirat.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Gilir gumantosing mangsa mboten kraos sampun ndumugekaken kita dateng satunggaling mangsa ingkang kalebet wulan mulya menggah ipun Allah, jalaran wulan punika kalebet Asyhurul hajj. Kados ingkang sinebat wonten dawuhipun Allah ;

Hajji iku ing wulan wulan kang wis kinaweruhan

Dawuh menika kersanipun bilih wulan ingkang kangge

nindaken ibadah haji punika sampun katentokaken dening Allah wonten tiga wulanipun, inggih punika Syawal, Dzul Qodah lan awal Dzul Hijjah dumugi dinten Arofah. Menika kawastanan bulan hajji tegesipun ibadah hajji namung saget katindakaken wonten ing wulan wulan menika. Pramila mangga kita mulyaaken wulan menika kanti amal ibadah sinaosa mbok bilih kita dereng saget nindakaken ibadah ingkang mila namung mligi saget katindakaken ing wulan wulan menika, inggih punika ibadah hajji. Ananging kita kedah tetep khurmat dateng wulan punika, malah wulan punika ugi kalebet Asyhurul hurum, kados dawuhipun Allah :

Sejatine wilangane wulan mungguhe Allah iku ana rolas wulan ang wis ditetepake ingdalem kitabe Allah ing dinane Allah nitahake bui lan langit, saka 12 wulan au ana patang wulan kang mulya (Dzul Qodah, Dzul Hijjah lan Muharram) kang mengono iku agama kang jejeg mula aja pada tumindak aniaya sira marang awak dewenira ing wulan wulan mau .

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Pramila mangga kita samiya ngatahaken panyuwun ing wulan punika dateng ngarsa dalem Allah, langkung langkung panyuwunan pangapunten supados kita pikantuk rahmat lan pangapunten saking ngarsanipun Allah. Kanti ngatah ngatahaken istighfar nyuwun pangapunten dateng Allah, sinaosa katah lan ageng dosa lepat kita dateng Allah kita mboten kenging putus asa kedah ngagengaken roja kita dateng rahmatipun Allah inggih namung panyuwunan pangapunten punika ingkang langkung trep kita kunjuk aken wonten ngarsanipun Allah. Agengipun dosa lepatipun kawula mboten sepintena kabanding rahmat lan maghfirah ipun Allah. Sepinten mawon ageng lan katahipun dosa kita. Dawuh dalem Kanjeng Nabi ngriwayataken saking ngarsanipun Allah :

: , , , .

Allah Taala ngendika :

He, tedak turun Adam , selagine sira nyuwun marang Ingsun lan ngarep arep rahmat Ingsun, mesti wae Ingsun paring pangapura marang dosa dosa ira ora perduli. He anak putu Adam, kok umpama dosa ira iku nganti ngebaki awang awanging langit, nuli sira nyuwun pangapura marang Ingsun, Ingsun paring pangapura marang dosa dosa ira.

He anak putu Adam, kok umpama sira sowan ing ngarsa Ingsun kelawan nggawa kaluputan sak kebake bumi, nuli sira sowan ing ngarsa Ingsun kelawan tanpa nyekutokake ing Ingsun kelawan sawiji wiji, mesti Ingsun bakal paring marang sira kelawan pangapura sak kebake bumi uga (HR. At Turmudzi).

Maasyiral Muslmin Rahimakumullah ,

Minangka tiyang mukmin kita tentu tansah adang adang lan ngagengaken roja, harapan kita dateng rahmatipun Allah, jalaran inggih namung tiyang tiyang kafir mawon ingkang putus asa mboten wonten pangajeng ajengipun dateng rahmatipun Allah. Kados dawuhipun :

Ora putus harapan saka rahmate Allah kejaba wong wong kang pada kafir

Pramila kanti dumuginipun wulan punika mangga kita ngatahaken istighfar saha ngaturaken donga panyuwunan dateng Allah.

Mugi Mugi Allah maringana pitedah lan pitulung dateng kita saget nindakaken dawuh lan printahipun, nambahi thaat lan ibadah kita ing wulan mulya punika , ugi tansah kaparingan rahmat lan maghfirah saking ngarsa dalem Allah Taala.

$ $ $ : $ $: $ $

 

 

 

 

2

Ngati ati, Klompok Sempalan !

* * , * * * * * * *

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga tansah sami netepi ajrih lan taqwa dateng Allah Taala , kanti tansah nindakaken dawuh lan perintahipun Allah saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun Allah , supados gesang kita tansah pikantuk kanugerahan saking ngarsa dalem Allah wiwitdunya ngantos akherat.Amiin.

Allah sampun njanjekaken kanti dawuhipun :

lan pada nindakake amal shalih, tumrap wong wong mahu bakal oleh pangapura lan ganjaran kang agung saka ngarsane AllahAllah wus paring janji marang wong wong kang pada iman (Al Maidah : 9).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Kita mangertosi ing mangsa akhir punika tiyang Islam ingkang werni werni golonganipun sami ngaken bilih golonganipun ingkang paling leres lan sahe. Malah mboten sekedik ingkang ngantos ngowah owahi kitab sucinipun Al Quran, kerana dianggep sampun mboten cocok malih kaliyan kawontenan sak menika, wonten ingkang nolak lan ngingkari dateng hadits Nabi, wonten malih ingkang ngowahi rukun Islam, shalat mboten kedah gangsal wekdal, malah wonten ingkang ngaken dados Nabi lan rosul, ngowahi shahadat, ngantos wonten ingkang ngaken malaikat Jibril ingkang ngasto wahyu, dangu dangu kongang wonten tiyang ingkang ngaku pengeran kados dene Firaun.

Pramila wigatos sanget tumrap kita sami mangertosi kanti ingkang sak estu, saha ngiyataken dateng aqidah lan keyakinan kita, ingkang pancen minangka pondasi tumrap anggen kita ngrungkebi agami Islam punika. Jalaran mila katah tiyang ingkang tata lahir syariatipun sahe, nanging kasunyatan aqidahipun sanget ringkih, amergi mboten nate ngaos lan mangertosi ilmi lan kawruh babagan aqidah lan keimanan, ingkang minangka dasar lan pondasinipun agami Islam. Ibarat bangunan ingkang sae, katingalanipun indah, mewah lan megah, nanging menawi mboten dipun dasari kanti pondasi ingkang kiyat, tentu sanget ringkih.. Pramila mangga samiya purun nyinaoni ilmi agami babakan keimanan lan ketauhidan kita, supados iman kita kiyat lan rosa mboten gampil risak ambruk katerak bebaya lan prahara pengaruhing pagesangan.

Pramila prayogi iman punika tansah kita bangun lan kita enggalaken, amergi iman punika sanget cinging gampil risak lan amoh kepara kongang oncat lan lecek amergi pengaruh awon. Dawuh Nabi :

:

Pada nganyar nganyar na sira ing iman ira,

Nabi lajeng dipun suwuni pirsa :

Kados pundi anggen kita ngenggalaken iman kita duh Rasulullah ?

Jawabipun Kanjeng Nabi : Pada ngakehna sira ing wacan Laa ilaha illallah . (HR.Ahmad lan Al Hakim).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Keyakinan ingkang mboten kanti dasar ilmi punika sanget rentan dateng pengaruh, gampil owah gingsir amergi kenging pengaruh. Mila prayogi sanget anak anak kita ugi kita modali ilmi aqoid , iman ingkang kiyat, samiya dipun arahna ngaos aqoid kados ta aqidatul awam, ingkang sak menika saya langka dipun sinaoni dening para putra, ing mangka pengaruh kawontenan san saya pepak lan rosa, sanget bahaya tembe wingkingipun menawi anak anak kita ngadepi kawontenan banjiring pengaruh lan perkembangan pengetahuan, saha mobaling kebebasan pemikiran, menawi tanpa kita modali pondasi aqidah ingkang kiyat, inggih aqidah Ahlus Sunnah wal Jamaah, tentu kita bade getun keduwung tembe wingking. Mila Ngatos atos dateng para putra ing bab sesrawunganipun, menapa dene pendidikanipun. Ampun ngantos sembarang maringaken kesempatan dateng putra sami sinahu babagan agami saking golongan lan tiyang ingkang mboten gamblang silsilah perguruannipun, langkung langkung organisasi ingkang mbeta misi penyiaran kelompok enggal. Mila wajib tumrap njagi dateng awak kita, putra lan sedaya keluarga kita, ampun ngantos kejlomprong ing juranging kesesatan. Allah paring pepenget :

,

He wong wong kang pada iman, jaganen awakmu lan keluargamu saka genining neraka, kang urub urube neraka iku watu lan manungsa (QS.At Tahrim : 6).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Mbok bilih sampun dados kasunyatan menapa ingkang dipun prediksi dening Kanjeng Nabi bilih Umat Islam menika bade pecah belah dados pinten pinten golongan. Kados dawuhipun :

, , : : , : :

Bakal pecah ummatku besok dadi 73 golongan, saka kabeh golongan mau kang slamet mung sak golongan, dene liyane kabeh cilaka,.

Kanjeng Nabi disuwuni pirsa :

Golongan ingkang wilujeng punika ingkang pundi ?

Dawuhipun Nabi : Ya iku Ahlus sunnah wal jamaah.

Kanjeng Nabi disuwuni pirsa malih : Ahlussunnah wal jamaah punika menapa ? Nabi njawab :

Yaiku itiqad kang ingsun tetepi sartane para shabat ingsun

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Pramila lajeng sedaya golongan ngaken bilih golonganipun minangka Ahlus sunnah wal Jamaah. Mila ingkang wigatos tumrap kita mangga sami nindakaken tolabulilmi, langkung langkung ilmu aqaid, ingkang nyinaoni perkawis perkawis ingkang magayutan kaliyan iman kita. Supados iman kita saya kiyat lan kekah.

Mugi kita tansah pinaringana pangreksa, saking pengaruhing kahanan ingkang tansah ngancam dateng aqidah lan itikad kita, pinaringana pitedah wonten ing margi ingkang leres, kanti rahmat lan pitulungipun Allah Taala.

$ $

$ $

3

 

Sholat Sakane Agama

* * * * * * * * * * * * *

Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,

Minangka purwakaning atur keparenga kula ngunjukaken puji lan syukur wonten ngarsa dalem Allah Taala awit peparingipun rahmat lan kanugerahan kawilujengan dateng kita sedaya, sahingga ngantos dinten punika kita saget sesarengan makempal ing papan minulya punika,. Panyuwun kita mugi sedaya amal ibadah kita tinampi wonten ngarsa dalem Allah Taala. Amin.

Sak lajengipun kula ngajak dateng awak kula lan panjenengan sedaya, mangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun, lan nebihi sedaya awisanipun, Inggih kanti taqwa dumateng Allah punika kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin. Jalaran inggih namung kanti iman lan taqwa punika kita sedaya bade manggih kawilujengan , Allah sampun njanjekaken kanti dawuhipun :

Lan Ingsun nyelametake marang wong wong kang pada iman lan wong kang pada tansah netepi taqwa.(QS. Fushshilat: !8).

Para sederek kaum muslimin rahimakumullah

Sampun sesarengan kita maklumi bilih kwajiban tumrap kita tumanduk ing ngarsanipun Allah Taala ingkang asifat harian lan mboten saget tinilar babar pindah inggih punika kwajiban shalat gangsal wekdal.

Pramila kita tansah ngupaya lan mbudi daya amrih tumandang ibadah shalat tansah dipun tingkataken, kanti tansah nyinaoni ilminipun saha tata cara shalat ingkang langkung sae. Jalaran mboten sekedik antawis kita ingkang nindakaken shalat, nanging mboten kanti mangertosi ilmi ilminipun, syarat rukunnipun, makruh lan sunatipun lan ugi batalipun shalat. Tumindakipun namung sarana apalan lan kulinan, nanging tuntunan lan piwucalipun shalat mboten dipun mangertosi. Eman sanget tuwas kangelan wusananipun mboten keleresan, shalat kita menika mila tansah perlu dipun dandosi. Sinten mawon tiyangipun tetep perlu ningkataken kwalitas ibadah shalatipun. Menapa tiyang menawi sampun lawas anggenipun nindak aken shalat mesti shalatipun sampun sae ? Mboten. Malah kadang kadang nyatanipun langkung mboten kantenan tumandangipun. Amergi shalat mboten sekedar apal waosan saha gerakanipun, nanging kados pundi sagetipun nggaota lan manah saget manunggal kumadep, kumawula dateng ngarsanipun Allah. Ampun ngantos badanipun tumandang shalat, ruku sujud, lisanipun ndremimil maos lafadlipun waosan shalat, nanging manahipun suwung mboten nderek shalat, utawi malah kluyuran kesah ngetutaken pengangen angenipun. Sahingga katingalipun tiyang shalat, nanging piyambakipun supe menawi nembe shalat. Bab menika Allah maringaken pepenget :

* *

Saktemene neraka wail iku kanggo wongkang pada shalat, yaiku wong kang pada lali karo shalate ( QS.Al Maun : 4-5 ).

 

Manah sageta dipun kencang ampun wonten pundi pundi, kanti angen angen dateng makna lafadlipun shalat ingkang dipun waos. Menawi shalat saget katindakaken kanti sahe, tentu bade mbeta hikmah lan faedah ingkang katah, Mekaten ugi shalat menawi kanti sahe lan rajin kita tindak aken saben dintenipun Insya Allah dosa lepat kita inggih tansah pinaringan pangapura dening Allah Taala.

Mila kangge nggayuh kasampurnanipun ibadah shalat kita, sanget wigatos nyinaoni kanti ngaos, dateng sukaraos lafal ingkang sak lebetipun shalat kita waos, jalaran shalat minangka sakanipun agami . Kanjeng Nabi paring dawuh :

Shalat iku minangka cagake agama, sapa wonge njejekake shalat, mangka ateges njejekake agama, Lan sapa wonge tinggal shalat ateges wong iku ngrubuhake agama (HR. Muslim).

Para sederek kaum muslimin rahimakumullah

Shalat ingkang dados inti lan pokokipun agami Islam mila

mboten kenging dipun sepelekaken, kedah tansah kita jagi lan kita reksa, syukur saget katindakaken kanti jamaah, amergi langkung enteng tanggung jawab kita, ugi ganjaran ingkang cetha kita mangertosi dipun tikel tikelaken dening Allah. Mugi kita kalebetna kawula ingkang tansah nuhoni kwajiban shalat kanti ajeg lan jejeg, pikantuk ridlanipun Allah Taala.

*

* * * * * *

*

 

4

Haji Mabrur

* * * * * * * * : * *

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Mangga tansah samiya netepi taqwa lan taat dateng ngarsa Dalem Allah kanti ambudi daya amrih saget nindakaken sedaya dawuh lan printahipun, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, sarana tansah angrungkebi Iman lan Islam ing saklebetipun gesang punika, ngantos pejah netepana Iman lan Islam sahingga pungkasan kita pinaringan khusnul khatimah.

Kados dawuhipun Allah :

 

He wong wong kang pada iman, Pada wediya sira kabeh

ing Gusti Allah kelawan sak nyatane wedi ing Gusti Allah, lan aja mati temenan sira kabeh kejaba sira kabeh minangka wong Islam .(QS. Ali Imran 102).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Wekdal punika kita wonten ing sak lebetipun wulan mulya inggih wulan ingkang sinebat wulan haji, wancinipun para umat Islam ingkang nindakaken ibadah haji sami njungkung tumandang nindakaken amalipun haji lan umrah. Sebab ibadah haji punika saget katindakaken inggih wonten ing wekdal wekdal ingkang sampun katemtokaken dening Allah, kados dawuhipun :

Hajji iku ing wulan wulan kang wis kinaweruhan, sing sapa wonge wus netepake haji ing wulan wulan mau, mangka ora kena guneman kang ala, nglakoni penggawean kang ala, lan ora kena pepadon ing sak jerone nglakoni haji, Apa wae kebecikan kang dilakoni Allah mesti mirsani, Lan pada nggawea sangu sira, Sak becik becike sangu iku taqwa, Mula pada wedia sira marang Ingsun Allah. He wong kang pada nduweni akal pikiran

(QS.Al Baqarah :197 )

Wedal ingkang kangge nindakaken ibadah haji punika wonten ing wulan tiga, inggih punika Syawal, Dzul Qodah lan awal Dzul Hijjah dumugi dinten Arofah. Menika kawastanan bulan hajji tegesipun ibadah hajji namung saget katindakaken wonten ing wulan wulan menika.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Ibadah haji punika ibadah badaniyah, maliyah lan qolbiyah, ibadah ingkang kedah ngginakaken tenaga fisik, harta benda lan manah ingkang ikhlas wening lan sabar. Shingga tiyang ingkang nindakaken ibadah haji punika prasasat sampun nglilakaken samudayanipun ingkang dipun miliki, mila sak mestinipun menawi Allah paring piwales ingkang pol polan kangge tiyang ingkang nindakaken ibadah haji ingkang mabrur. Mboten wonten ganjaran ingkang nglangkungi mulyanipun haji mabrur inggih punika swarga. Dawuh dalem Kanjeng Nabi :

: . : , : ,

Hadits dipun Riwayataken saking sahabat Jabir saking Rasulullah Sallallahu alaihi wa sallam, panjenenganipun dawuh :

Hajji mabrur ora ona piwlese kejaba suarga

Para shahabat sami tanglet : Duh Rasulullah, menapa kemabruran hajji punika ?

Rasulullah njawab: Seneng aweh pangan lan nyebarake salam. (HR.Imam Ahmad).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Semantena kita ingkang wonten ing nggriya, ampun ngantos ketilaran sageta ngalap kanugerahanipun Allah kanti nindakaken amal shalih wonten ing wulan punika. Katah cara lan amal ingkang saget kita tindakaken ing dinten lan wulan ingkang mulya punika. Kanti ngatahaken ibadah, maos maos kalimahipun Allah, saha nindakaken shiyam sunnah , kados dawuh dalem kanjeng Nabi :

Mula pada ngakeh akehna sira kabeh ing dina kuwi kanti maca tahlil, takbir lan dzikir marang Allah, dene pasa sedina ing dina kuwi bisa mbanding pasa setahun, lan ngamal bagus ing dina kuwi ditikelake ganjarane 700 tikelan. ( HR. Al Baihaqi ).

Semanten agunging kautamen nindakaken ibadah ing dinten kasebat. Langkung langkung shiyam dinten Arofah saget kagem nebusi kalepatan kalih tahun, junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW. nate paring dawuh :

Pasa dina Arofah iku bisa nebusi setahun sing kepungkur lan setahun kang bakal teka (HR. Muslim).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Dumugi wancinipun para jamaah haji mangke wangsul kempal alih kaliyan kita ampun ngantos kita lirwakaken kita samiya nyuwun pandonga dateng para tamunipun Allah ingkang nembe kundur, jalaran donganipun haji ingkang nembe kundur punika ijabah. Mekaten ugi haji punika saget nyafaati dateng tiyang ingkang dipun dungaaken, mila ampun ngantos katilaran ngalap dunganipun para haji ingkang nembe kundur, Dawuhipun Kanjeng Nabi :

Sing sapa wonge teka saka haji, kang olehe haji kerana murih ridlane Allah, mangka wong iku diapura dosane lan bisa nyafaati marang wong kang di dungakake

Mugi mugi sederek kita ingkang sami nindakaken ibadah haji sami wilujeng ngantos kundur pinaringan hajji mabrur. Amiin.

Lan ugi kita kaparingana rahmat lan pitulunipun Allah, saget enggal sumusul nindakaken kwajiban kanti mergi gampil,. Ziarah Baitullah nindakaken haji lan umrah Amiin.

* * *

 

 

 

Kwajibane Kawula

* * * * * * * : * *

 

Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,

Minangka purwakaning atur keparenga kula ngakjak dateng awak kula lan panjenengan sedaya, mangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun , lan nebihi sedaya awisanipun, Inggih namung kanti taqwa dumateng Allah punika kita bade kaparingan pitedah saget mbentenaken perkawis ingkang sae lan awon, leres lan lepat, hak lan batil, halal lan haram mekaten ugi kita bade pikantuk pangapunten kalepatan kita saking ngarsa dalem Allah Ta'ala. . Kados dawuhipun :

He wong kang pada iman menawa sira kabeh pada taqwa marang Allah, mangka Allah Ta'ala bakal maringi furqan tegese pituduh kanggo sira kabeh kang sira kabeh banjur bisa mbedakake antarane perkara kang ala lan becik, bener lan luput, lan Allah bakal nglebur ngamal ala ira kabeh lan uga ngapura dosa dosa ira kabeh (QS.Al Anfal : 29).

 

Bapak-bapak, lan para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah

Kita tentu sampun uninga bilih sak estunipun taat dateng Allah kanti nindakaken sedaya perintahipun Allah, saha nilar lan nebihi awisanipun Allah punika kangge kesahenan kita piyambak, Kosok wangsulipun nilar lan nglirwakaken dawuhipun Allah saha nerjang awisan lan nerak wewaleripun Allah punika dados sumbering karisakkan lan kasengsaraning gesang kita,wiwit dunya ngantos dumugining akhirat.

Bab menika Allah sampun paring pepenget dateng kita kanti dawuhipun :

"Sapa wonge mengo sangka eling Ingsun, mesti bakal nemahi panguripan kang rupeg, lan bakan Ingsun giring wong kuwi besuk dina qiyamat kanti kahanan wuta"

( QS.Thaha : 124 )

Dawuh menika minangka pangemut tumrap kita ampun ngantos kita nglirwakaken dawuhipun Allah saha ampun ngantos kumawantun nerjang awisanipun Allah. Pagesangan kita bade nemahi samsara dunya ngantos dumugining akhirat.

Mboten wonten sarana kangge nggayuh kabegjaning gesang punika kejawi namung nderek dateng pranatan lan tuntunan syari'at agaminipun Gusti Allah, mekaten ugi mboten wonten margi kangge nggayuh kawilujengan lan kalis saking bebaya kejawi namung kanti sarana nyaket lan taqarrub dateng ngarsa dalem Allah Ta'ala . Dene margi lan sarana taqarrub dateng Allah punika katah sanget cara ingkang saget kita tempuh, ananging ingkang langkung utami lan prayogi kita tindakken tentu kanti nuhoni dateng kwajiban lan ibadah fardlu langkung rumiyin. Ampun ngantos ingkang fardlu dipun lirwakaken, ingkang dawah sunnat malah dipun tengenaken. Kados wekdal kapengker shalat tarowih sewulan muput dipun ayahi, shalat fardlu gangsal wekdalipun malah alasan prei. Shalat riyaya nganti dinggo sulaya, nanging shalat fardlu limang wektu malah ora tahu. Pramila ibadah sunnat utami dipun tindakaken nanging ibadah fardlu kedah dipun rumiyinaken. Rasulullah sampun paring dawuh ing hadits Qudsi :

"Ora tumindak ngibadah keparek kawulaningsun marang Ingsun kelawan sawijining penggawe ibadah kang luwih Ingsun tresnani katimbang ngelakoni perkara kang Ingsun wajibake tumrap deweke" ( HS.Al Bukhari ).

 

Bapak-bapak, jama'ah Jum'ah rahimakumullah

Ibadah fardlu ingkang dipun tindakaken saget minangka sarana taqarrub kita dateng Allah tentu menawi sampun netepi tata cara ingkang leres menggah tuntunan syari'at, kanti netepi syarat lan rukun saha katindak aken kanti ikhlash murih karidlanipun Allah. Ampun ngantos tumindak ibadah nanging kecampuran niyat lan tujuan sanes, amergi namung bade ngrisakaken dateng ibadah kita. Allah dawuh ing Al Qur'an :

"Lan manungsa iku ora di perintah kejaba supaya ngibadah marang Allah kelawan murniake agama kerana Allah" (QS.Al Bayyinah : 5).

Pramila mangga samu kawis tuminndak ibadah kita kaniyatana ingkang ikhlas kangge nggayuh karidlanipun Allah, sahingga wusananipun cinaket wonten ngarsanipun Allah. Lajeng menawi cinaket kaliyan Allah tentu kita manggih kabekjaning gesang dunya lan akhirat, ugi kalebet kekasih menggahipun Allah Ta'ala; Kados dawuhipun :

........., tumerape wong wong mau oleh kebungahan urip ana ing dunya lan ing akhirate. (QS. Yunus 64).

Mugi kita kalebetna kawula ingkang tansah nuhoni kwajiban kumawula dateng Allah kanti istiqamah wusananipun pikantuk ridlanipun Allah Taala.

$ $ : : $ $

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

2

 

Amar Ma'ruf Nahi Munkar

, * * * * * * * * * *

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita sesarengan nambahi taqwa kita dateng Allah, kanti estu estu tansah netepi taat dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun. Ampun ngantos kumawantun nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos nerjang palang awisan ipun Allah.wonten ing kawontenan kados menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit ing alam dunya punika ngantos dumugining akherat, Amiin. Ringkesipun tansah nertepi iman lan taqwa, Inggih namung kanti sarana mekaten, kita bade manggihaken kawilujengan gesang.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Perkawis ingkang sekelangkung wigatos wonten ing tuntunaning agami kita, nanging katah dipun lirwakaken dining umumipun kita, amergi rumaos mboten wewenangipun, inggih punika amar ma'ruf nahi mungkar. Amergi kaprahipun kita nganggep bilih kangge nindakaken bab menika sampun wonten petugasipun. Ing mangka kita sak estunipun anggadahi kwajiban nindak aken amar ma'ruf nahi mungkar punika, menawi kita kepengin nggayuh kabekjan, Allah paring dawuh :

,

"Lan becik anaha sangka sira kabeh sak golongan kang kang ajak ajak marang kabecikan, lan perintah nglakoni penggawe apik lan nyegah sangka penggawe mungkar, ya wong wong kang kaya mengkono iku wongkang merkoleh kabekjan"

Pancen nindakaken dawuh menika mila mboten enteng, menawi sekedar ajak ajak nindakaken kesaenan tasih langkung gampil, sebab tiyang menika dipun ajak tumindak sae sinaosa mboten sanggup, nanging mboten nuwuhaken mankelipun tiyang wau. Nanging elik elik pendamel awon punika mila langkung awrat, amergi tiyang ingkang tumindak awon menika menawi dipun elikaken, langkung langkung menawi dipun cegah lan dipun alang alangi saget nesu lan muring muring , minggahipun ngantos mengsahi, lan kadang kala mboten nggega ning malah saya ndadra awonipun. Sinaosa awrat, kedah kita upayaaken amrih nahi mungkar saget ngimbangi dateng amar m'aruf ipun, Mila kasunyatan kita saget mirsani bilih katah tiyang remen nindakaken amal sae, nanging tumindak awonipun inggih tetep dipun lampahi. Menika jalaran katah tiyang ngraos ewet elik elik tiyang sanes tumindak awon, utawi ajrih ngadepi resiko dipun mengsahi dening tiyang ingkang dipun elikaken wau. Sinten mawon estunipun kedah nindakaken dawuh menika, miturut kemampuan lan kongangipun, dateng kemungkaran kedah ingkar, Nabi paring dawuh :

, ,

" Sing sapa wonge sangka sira kabeh weruh barang kang mungkar, mangka wong kui kudu ngowahi kelawan kekuasaanne, menawa ora mampu mula nggo lisane, lamun ora mampu nganggo lisane, nganggo atine, lan kang ngono iku apes apes iman".

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Elik elik, nyegah lampah lan tumindak awonipun tiyang, mila kedah kanti kawicaksanan lan ngatos atos, ampun ngantos tiyang wau sakit manahipun, sageta tiyang punika ngraos lan menyadari bilih pendamelipun klentu lan awon., wusananipun saget mareni karana kesadaran saking tumindak awonipun. Kanti mekaten ateges nedahaken dateng tiyang wau tumuju lampah ingkang sae, Sahingga ingkang nedahaken ugi pikantuk kauntungan ganjaran saking ngarsanipun Allah. Kados dawuh Nabi :

"Sing sapa wonge nuduhake marang kabecikan, mangka wong mau bakal oleh ganjaran pada karo ganjarane wongkang nglakoni kebecikan mau" (HR.Muslim).

Wusananipun paling mboten, mangga kita amar ma'ruf lan nahi mungkar dateng awakipun piyambak piyambak, lajeng dateng lingkungan kita, supados nalika ngajak kita sampun tumindak , nalika nyegah kita mboten di sanggah, jalaran kita sampun nyontoni. Mugi mugi kita pinaringana pitedah pitulung saget nuhoni dawuhipun Allah nindakaken amar ma'ruf saha nahi mungkar, kanti patuladan lampah kita pribadi anggenipun tumindak sae menapa dene nilar kemungkaran lan awisanipun Allah Ta'ala supados mboten cinacat dening masyarakat . Amiin.

* * : $ $ $ $ $ $

 

 

 

 

 

 

 

 

3

 

Shidqul Qashdi

, * * * * * * * * * * : $

:

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita sedaya samiya tansah netepi taqwa dhumateng Allah wonten ing sadengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan rame utawi sepi, nuju bingah utawi sisah, sami ugi nuju cekap utawi kirang, nuju sugih utawi miskin. Ampun ngantos kita pejah kejawi tetep minangka Muslim ingkang taqwa. Jalaran inggih namung kanthi taqwa kita sedaya badhe saged nggayuh kabegjan wiwit dunya punika ngantos mbenjang wonten ing akhirat Mekaten ugi taqwa punika ngrupeaken perkawis ingkang saget ndorong dateng kesaenan ingkang rosa. Lan saget minangka rem ingkang saged mekak saking mblandhanging pendamel awon lan lampah dosa. Ringkesipun namung kanti iman lan taqwa kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan saking ngarsa dalem Allah Taala .

Sak lajengipun kita sampun sami ngawuningani bilih kwajiban tumrap kita gesang ing ngalam praja punika mboten wonten sanes kejawi ngumawula dateng ngarsa dalem Allah Taala kanti tata cara ingkang sampun katentok aken dening Allah lumantar tuntunanipun Nabi lan Rasul utusanipun Allah. Inggih kanti netepi syariat agami Islam. Mboten cekap menawi manungsa punika nglahiraken raos kumawulanipun dateng Allah Pangeranipun kanti miturut pengangen angenipun. Ananging kedah miderek dateng tuntunanipun ingkang kaasta dening para utusanipun. Allah sampun dawuh wonten Al Quran :

,

Apa kang diasta dening Rasul marang sira kabeh , mangka pada ndereka, lan apa kang di larang tumrap sira kabeh pada tinggalna ( QS.Al Hasyr : 7)

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Wondene pendamel saget dumunung ibadah menggahipun Allah punika ugi sanget gumantung dateng seja lan niyatipun. Niyat tumrapipun ibadah punika minangka ruh ingkang bade nentokaken ibadah wau. Satunggaling pendamelan punika bade dumunung ibadah menawi kaniyatan ibadah dateng Allah. Sak wangsulipun satunggaling pendamel ibadah mboten bade dumunung minangka ibadah menawi mboten kaniyati ibadah. Sahingga satunggaling pendamel ibadah ingkang dipun tindakaken dening tiyang kalih umpaminipun, punika dereng mesti lajeng nuwuhaken ganjaran ingkang sami, gumantung niyatipun tiyang ingkang nindakaken. Dawuh dalem kanjeng Nabi :

Sampurnane amal iku mung kelawan niyat.

Hadits dawuhipun Nabi punika estunipun panjang , ingkang nyariosaken tindakipun para shahabat kala semanten nalika nderek hijrah dateng Kanjeng Nabi. Miturut lahiripun dawuh para shahabat nderek hijrah punika niyatipun warni warni , wonten ingkang pancen hijrah nderek dateng Allah lan Rasulipun , wonten ingkang kerana ngasilaken kadunyan, wonten ingkang kerana tiyang estri ingkang kepengin dipun nikahi, lan sanes sanesipun. Dados pendamelipun setunggal hijrah nderek jengkaripun kanjeng Nabi, nilar nagari Makkah tumuju dateng tanah Madinah Al Munawwarah, nanging niyat lan sejanipun para sahabat macem macem kados kasebat ngajeng. Kesimpulanipun :

Bilih tumrap satunggaling tiyang punika bade pikantuk miturut napa niyatipun

Pramila mangga samukawis tumindak kita kaniyatana kanti ingkang sahe, langkung langkung tumindak ingkang lahiripun rupi amal ibadah, supados kita mboten kapitunan tembe wingkingipun. Perkawis ingkang lahiripun amal dunya kemawon, sauger mboten dipun awisi dening Allah, menawi dipun niyati sae bade tampi ganjaran saking ngarsanipun Allah, menapa malih ingkang pancen kawontenanipun arupi amal akherat, ampun ngantos dipun slewengaken kanti niyat ingkang mboten sae, mindak kita kecelik akheratipun mboten tampi piwales kanugrahan ganjaran saking ngarsa dalem Allah Taala. Mugi mugi kita sageta tumindak ingkang tansah saget dumunung ibadah menggahipun Allah, sahingga gesang kita punika saget jumbuh kados dawuhipun Allah :

Lan Ingsun Allah ora anitahake jin lan manungsa kejaba supaya pada ngibadah ngumawula marang ngarsa Ingsun

(QS.Adz Dzariyat : 56)

Wusananipun mugi Allah tansah maringana pitedah lan pitulungipun dateng kita saget tansah nindakaken dawuhipun lan nilar awisanipun, kaparingana wilujeng dunya nganrtos dumugi akhirat. amiin.

$ $

$

 

 

 

4

 

Shalat Jamaah

$ $ $ $ $ $ $ $ $ $ : : $

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga tansah sami netepi ajrih lan taqwa dateng Allah Taala , kanti tansah nindakaken dawuh lan perintahipun Allah saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun Allah , supados gesang kita tansah pikantuk kanugerahan saking ngarsa dalem Allah wiwitdunya ngantos akherat.

Sak lajengipun mangga kita tingkataken ibadah kita dateng Allah, langkung langkung ibadah fardlu, langkung langkung malih ingkang harian, kadosta shalat fadlu gangsal wekdal, ingkang saben dinten kita tindakaken. Kita dandosi lan kita ikhtiyari amrih langkung sae, ampun ngantos malah sewalike. Saya dangu saya sak enake, saya tua saya nyepelekke. Jalaran shalat fardlu punika dados barometer tumrap ibadah sanesipun, Menawi shalatipun sae amal ibadah sanesipun bade dados sae, mekaten ugi sak wangsule. Cara ndandosi lan ningkataken shalat kita kanti open lan tlaten nindakaken sunnah sunnahipun lan nilar makruhipun. Antawisipun nindakaken shalat fardlu kanti jamaah. Amergi kathah sanget fadlilah lan kautamenipun shalat ber jamaah . Malah Nabi anggenipun paring tulada mboten nate nindaken shalat kejawi kanthi jamaah, ngantos wonten ing swasana ingkang sanget genting kemawon Kanjeng Nabi lan para shahabat punika tetep nindakaken shalat fardlu kanti jamaah. Kados ingkang dipun contokake wonten ing shalat khauf, inggih shalat wonten ing swasana perang ngadepi mengsah, kanjeng Nabi tetep shalat tetep kanti jamaah. Menggah fadlilah ipun shalat jamaah katah sanget dawuh pangandika ingkang nganjurahen. Antawisipun dawuh dalem Kanjeng Nabi :

: . . . .

 

Sing sapa wonge shalat limang wektu kanti jamaah tur ajeg, mangka tumrap wong iku bakal di paringi limang perkara :

1.    Ora bakal ketaman faqir urip ana dunyane,

2.    Bakal di slametake dining Allah sangka siksa kubure.

3.    Bakal diparingi buku catetan amale ditampa kelawan tangan tengene.

4.    Bakal liwat ing shirat kelawan cepet kaya kilat kang nyamber.

5.    Allah bakal nglebokake swarga kelawan tanpa landrat lan tanpa ngrasakke siksa

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Ningali kanugerahan paring inpun Allah ingkang mekaten wau, estu kabetahan kita wiwit gesang ing dunya, dumugi alam kubur ngantos dumugi akhirat Allah bade maringi kacekapan. Dunyane mboten ketaman faqir, ing alam kubur wilujeng saking pasiksan, akhiratipun mlebet swarga. Menapa malih kirangipun tumrap kita ? Wontenipun kita gesang ing ndunya punika kok tansah nandang fakir lan kekirangan, tentu shalat fardlunipun mboten nate kanti jamaah, umpami jamaah tentu dereng ajeg. Tasih sak kongange mboten nate merlokke. Pancen sing kepengin ora fakir pirang pirang , nanging sing sregep jamaah arang arang, mula nyatane sing tetep fakir uripe ya pirang pirang. Najan katone cukup lan sugih, nyatane sugih utang. Mila mangga kangge nggayuh kanugerahan peparingipun Allah, kita kanti andandosi lan ningkataken shalat fardlu kita . Allah dawuh ing Al Quran :

Pada nyuwuna pitulung sira kabeh kelawan sabar lan shalat. (QS.Al Baqarah : 45)

Menawi shalat kita sampun sae, Insya Allah gesang kita ugi kaparingan langkung sae, sebab Allah mboten bade niyak niyak aken ganjaranipun tiyang ingkang tumindak sae, Mekaten ugi kanti jamaah punika, mbok menawi wonten ingkang kirang keleresan shalat kita, bade ketambelan kanti anggenipun jamaah. Malah ugi sanget kawentar bilih salat jamaah ganjaranipun tikel 27 katimbang shalat piyambak tanpa jamaah . Ampun ngantos kita nglirwakaken kwajiban shalat gangsal wekdal punika jalaran ketungkul dening urusan kadunyan kita, sami ugi urusan pakaryan menapa dene urusan keluwarga. Supados mboten kalebet tiyang ingkang nandang kapitunan. Dawuhipun Allah :

He wong wong kang pada iman, aja nganti banda bandamu lan anak anakmu nglalekake sangka nglakoni shalat fardlu limang wektu, sing sapa wonge ketungkul harta bendane lan anak anake nganti ninggalake shalat fardlune, mangka wong wong kang mengkono iku wongkang pada nandang kapitunan

(QS.Al Munafiqun : 9)

Wusanaipun mangga tansah nenuwun mugi kita kaparingana rahmat lan pitulunipun Allah tansah saget rumeksa dateng kwajiban shalat fardlu punika, akhiripun manggih kabegjan dunya ngantos akhirat . Amiin.

$ $

$

 

 

 

 

 

 

 

5

 

Thalabul Ilmi

* * * , * * * * * * * * : $

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Mangga tansah samiya netepi taqwa lan taat dateng ngarsa Dalem Allah, kanti berusaha amrih saget nderek sedaya peraturanipun, nindakaken dawuh lan printahipun, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, Kanti tansah netepi taqwallah ing saklebetipun gesang punika, pangajab kita mugi tansah kaparingan kabekjan wiwit gesang ing ngalam dunya punika, ngantos dumugi ing ngalam akhirat. Amiin.

Mekaten ugi samu kawis kesulitan lan keribetan kita kaparingana jalan keluar saking ngarsanipun Allah, jalaran Allah mila sampun paring dawuh,

Lan sing sapa wonge taqwa marang Allah, mangka Allah mesti ndadek ake dalan metu tumrap wong mau (QS.Ath Thalaq :2).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Mangga samiya mbudi daya amrih usada kagem ngicali sifat bhodho kita kanthi thalabul ilmi, pados ngelmi lantaran para ulama, Amergi kita mila dipun dawuhi dening Gusti Allah supados sami pados ilmi dateng para ulama, kanti dawuhipun ing kitab Al Quran :

Pada takona sira ing ahli dzikir (para ulama) lamun sira iku isih pada bhodo

Kanti ilminipun para ulama punika ingkang bade dados obat lan jampinipun penyakitipun para manungsa. Sarana ilminipun para ulama bade anjalari dados saenipun kawontenan gesang punika. Kawontenan baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur namung saget tercapai menawi ilminipun para ulama kadamel pedoman lan pitedah salebetipun gesang punika.

Ananging kasunyatan mangsa punika sampun katah manungsa ingkang mlajar nilaraken para ulama, amergi ulama dipun anggep ngrepoti, ngewuh ewuhi tumrap kemajengan, apa apa ra kena, iki ra oleh, ngene ra entuk, ngono haram, iki dilarang, lan sak pinunggalanipun. Agama cukup diakoni, ra perlu dilakoni. Menawi sampun mekaten sikapipun tiyang dateng agami, menika sanget mbebayani bade nuwuhaken pendangkalan agama, inggih saking pola hidup ingkang sampun terpengaruh kaliyan faham kebendaan lan glamor materialisme. Nabi sampun nate paring pepenget kanti dawuhipun :

: , , .

Bakal tumeka sawijining mangsa marang ummatku, ing mangsa iku ummatku pada mlayu ninggal para ulama lan fuqaha, mangka nuli Allah bakal maringi pacoban marang ummat kui kelawan telung pacoban ,

Sepisan : Allah bakal ngilangi berkahe sangka nyambut gawene.

Kapindo : Allah bakal nguwasakake marang ummat kui panguasa kang dlolim.

Kaping telu : Ummat kuwi bakal metu sangka dunya kelawan tanpa iman

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Mangga dadosa kawigatosan dawuh Nabi kasebat, supados kita pinaringan pangreksa dening Allah saking tigang pacoben kasebat. Mboten sanes kita samiya caket kaliyan para ulama kanti tolabul ilmi ngalap ngilmu saking para ulama, supados gesang kita anggenipun ngumawula dateng Allah saha gesang sesrawungan wonten ing mdyaning masyarakat tansah netepi pranataning agami. Ampun ngantos dados tiyang Islam namung asal katingalanipun sregep lan aktif tumandang, nanging nyatanipun cara gesang , cara ngibadah ngawur tanpa dasar ilminipun para ulama, ingkang nyumber saking Al Quran lan Hadits. Allah mboten kersa nampi ngamalipun kawula ingkang tanpa dasar ilmi. Kita ngibadah namung kagem Allah, mboten betah biji lan nilai saking manungsa. Amergi ing mangsa punika mboten sekedik tiyang Islam ingkang namung mentingaken penampilan. Sajake sarwa ngerti, ngalor ngidul macak santri. Mila ampun ngantos kita ngraos lingsem kangge nindakaken kwajiban thalabul ilmi, supados amal kita jangkep adedasar ilmi. Syukur saben dinten saget ngalap faedah tambah tambahe kawruh ilmi. Satunggaling pujangga paring pangandika :

*

Anaha sira ngalap faedah, saben dina ilmune tambah,, lan nglangia sira ing segaraning faedah (Talimul Mutaalim)

Pramila menapa kemawon ngamal ingkang kita tindak aken kedah dipun dasari kanti ngilmi ingkang cekap, langkung langkung ibadah wajib ingkang kita tindakaken, kadosta shalat ferdlu kita, kados pundi caranipun sesuci wudlu ingkang leres, kados pundi syarat lan rukunipun shalat ingkang kita tindak aken, wajib tumrap kita mangertosi sedayanipun, caranipun mutlak mesti kedah kangti tholabul ilmi lan ngaji.

Wusananipun mangga samiya migatosaken dateng kewajiban pados ilmi punika, ampun ngantos dados tiyang Islam babar pindah mboten nate nindakaken jejibahan tholabul ilmi. Mugi mugi Allah maringaken pitedah lan pitulung dateng kita, saget nindakaken kwajiban ibadah kanti istiqamah. Amiin.

$ $

$

 

4

 

Khutbah Jumah Tsaniyah

, * * * * * * * *

* * : * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * *

* *

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 
, AN NIDA' 
,  Edisi Wulan Sya'ban
 

 


H.Abu Royhan

 


 Khuthbah Jum'ah
H.Abu Royhan
H.Abu Royhan

Fadhilatusy Syaban

Tradisi ing Wulan Syaban

Nishfu Syaban

Marhaban Ya Ramadhan

Khutbah Jumah Tsaniyah

Khutbah Wulan Syaban 1428 H

1

Fadhilatusy Syaban

* * * * * * * * * * *

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang-terangan utawi sesideman, kanthi tansah nindakaken sadengah perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan dunya ngantos akhirat saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Taala, Amiin.

Ringkesipun tansah nertepi iman lan taqwa, Inggih namung kanti sarana mekaten, kita bade manggihaken kawilujengan gesang. Kados ingkang sampun kajanjeaken dening Gusti Allah kanti dawuhipun :

Lan Ingsun Allah bakal nylametake wong wong kang pada iman lan tansah pada taqwa (QS.Fushshilat : 18)

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Kita sedaya sampun sami ngawuningani bilih wekdal punika sampun lumebet ing wulan Syaban , kalebet wulan ingkang mulya menggahipun Allah, Kados dawuhipun Allah ing surat At Taubah:

 

Sejatine wilangane sasi sak jerone setahun, mungguhe Allah Taala iku ana rolas sasi mengkono iku wus katulis ing sak jerone lauh mahfudh nalika Allah nitahake pira-pira langit lan bumi, saking rolas sasi mahu ana sasi papat kang di mulyakake, (yaiku sasi Dzul Qodah, Dzulhijjah, Muharram lan Rajab), mulyaake sasi papat mahu kalebu katetepane agama kang jejeg. Mula sira aja pada nganiaya awake ana ing wulan-wulan mulya mahu kanti tumindak mashiyat (QS.At Taubah 36).

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Wulan mulya punika mboten wonten tegesipun, menawi kita mboten mulya aken kanti tumandang ngamal ibadah, piwalesipun rupi ganjaran ugi bade dipun tikel-tikelaken dening Allah Taala.

Mulyakaken wulan Sya'ban punika mboten wonten ingkang langkung sae ngungkuli amal sholeh, langkung langkung ibadah shalat fardlu kita , samiya dipun gatosaken ampun ngantos dipun lirwaaken. Jalaran kamulyanipun wulan punika sambet kaliyan kwajiban shalat fardlu. Inggih anggenipun Allah netepaken arah nalika kita madep nindakaken shalat. Pramila shalat fardlu kta jejegaken lan kita tingkataken, ampun ngantos sekedar tumandang, nanging sageta kita dadosaken sarana sesambetan kita dateng ngarsanipun Allah. Minangka pasowanan kita dateng ngarsanipun Allah, mboten sekedar absen, nanging sakestu dados sarana kumawula kita dateng Allah Ta'ala. Kanti tansah migatosaken dateng tata cara , syarat rukun lan purun ngopeni dateng sunnah sunnahipun langkung langkung wekdalipun. Sahingga shalat kita, saget minangka shalat ingkang jejeg. Menawi shalat sampun jejeg, Allah tentu bade nuhoni paring piwales saha ngicalaken raos ajrih lan kuwatos ingkang tansah ngebaki manahipun tiyang ing mangsa punika. Kados dawuhipun :

.

"Sejatine wong kang pada iman lan pada ngamal shalih, lan pada njejegake shalat, lan pada aweh zakat, tumrap wong wong mau ganjaran ing ngarsane Pangerane, lan ora ana rasa kuwatir tumrap wong wong mau, lan uga wong wong mau ora bakal pada susah". ( QS. )

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,

Minangka mulyaaken wulan Syaban ingkang agung menika kejawi kita nambahi taat nanging kita ugi kedah ngeker lan mekak nafsu kita saking lampah makshiyat lan duraka dating Allah supados Allah tansah paring pangreksa dateng kita saking samukawis balak lan coba ing saklebetipun gesang punika. Jalaran Kanjeng Nabi sampun paring dawuh mekaten :

Sing sapa wonge ngegungake wulan Syaban sarana taqwa marang Allah Taala, lan ngamal thaat marang Allah, uga nahan nafsune sangka mashiyat, mangka Allah bakal paring pangapura marang dosa dosane, lan Allah bakal paring slamet sekabehe bala bencana lan pirang pirang penyakit kang kedadean ing tahun kuwi .

Ningali semanten peparing kanugerahanipun Allah dateng tiyang ingkang mulyakaken wulan Syaban, eman sanget menawi kita mboten nampi kanugerahan punika. Langkung langkung ing mangsa punika mushibah kongang dumados sak wanci wanci, seget temama dateng sinten kemawon, sahingga raos ajrih lan kuatos tansah sliweran ing manah kita. Pramila kagem sarana wilujengan nyuwun pangreksan mboten wonten ingkang paling leres kejawi namung dateng ingkang kagungan , inggih Allah Taala. Saweneh caranipun nderek lan nindak aken dawuh Nabi kasebat, nambahi thaat lan nyuda mashiyat ing wulan Syaban menika. Mekaten ugi minangka sarana panyuwunan pangreksa dateng Allah saking sak wernining penyakit, ingkang sinaosa mboten ganas ndumugekaken seda nanging nguras duit, sinaosa mboten nggondol nyawa nanging nelasaken banda, punika sedaya kongang dumugi saben wanci.

Para sederek kaum Muslimin ingkang minulya,

Pramila mangga sami gumbregah kanti taat ngibadah ing wulan Syaban menika kangge nyadong rahmatipun Allah langkung langkung ing dalu tengahipun wulan menika ingkang dipun wastani Nisfu Syaban, wancinipun Allah ngesokaken rahmat lan katah maringi ijabah dateng sedaya panyuwunanipun kawula. Jalaran dalu niku kalebet dalu ijabah miderek dawuhipun Kanjeng Nabi Muhamad Sallallahu alaihi wa sallam wonten ing satunggaling hadist ngengingi bab menika :

, , ,

Ora bakal di tolak dunga ingdalem limang wektu,

1.     Malem jumah, 2. Malem sepuluh sangka wulan Muharram. 3. malem Nishfu Syaban, 4. Malem riyaya Fithrah, 5. Malem riyaya Adha.

Mila ampun ngantos dipun liwataken dalu minulya menika tanpa kita ginaaken kagem ngatahaken pandunga panyuwunan dateng Allah Taala. Mugi mugi Allah maringana pitedah lan pitulung dateng kita, segeta tansah nuhoni dawuh nebihi pepacuh, gumbregah ngibadah dateng Allah Taala kanti istiqomah, wekasan manggih khusnul khatimah. Amiin.

* * * * * * * * *

2

Tradisi ing Wulan Syaban

, * * * * * * * * * * * * * *

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya

Mangga kita samiya tansah netepi taqwa dateng Allah, kanti taqwa ingkang sakestu sarana tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun , wonten ing swasana kados menapa kemawon, kapan mawon, lan wonten ing pundi kemawon, , tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin . Jalaran Allah mila sampun paring dawuh :

Lan sejatine Allah iku tansah anyertani marang wong kang

pada taqwa lan pada agawe becik (QS. An Nahl 128).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Kita wedal punika wonten ing sak lebetipun wulan Syaban, wulan ingkang dipun mulyaaken dening Allah, ugi wulan ingkang katah mbekta kesaenan tumrap para kawulanipun. Jumbuh kaliyan naminipun Syaban ingkang maknanipun cawang cawanging kebecikan. Masyarakat kita swasana pangibadahipun ing wulan punika benten sanget kaliyan wulan wulan sanesipun. Menika minangka bukti katahipun kesaenan ingkang tuwuh ing wulan Syaban punika. Laras kaliyan dawuhipun Nabi nalika ndangu dateng para Shahabatipun

, :

 

Apa sira kabeh pada ngerti ngapa sasi iki diarani Syaban? Para shahabat nuli matur : Inggih naming Allah lan utusanipun ingkang langkung pirsa. Kanjeng Nabi nuli ngendika : Sasi iki disebut Syaban kang artine cabang, jalaran ing sasi iki kebecikane bercabang cabang dadi akeh

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Kasunyatan ingkang dumados ing masyarakat kita mila mekaten, sinaosa ing masyarakat sanes mbok bilih benten malih. Wonten ing masyarakat kita sampun dados kabudayan ingkang sae secara turun tumurun ngantos sak menika, ingkang mboten nate dumados ing wulan sanesipun Syaban. Wujudipun upacara nyadran. Tujuan awalipun estunipun setunggal, inggih punika Birrul walidain, bektos dateng tiyang sepuh kalih. Menika jelas ngrupekaken kwajiban tumrap sedaya manungsa. Ingkang dipun dawuhaken dening Allah wonten ing Al Quran, sami ugi tiyang sepuh tasih sugeng utawi sampun seda. Ing antawisipun kanti cara nyuwunaken pangapunten lan ndungakaken nyuwunaken rahmat kangge tiyang sepuh kalih. Langkung langkung kagem tiyang sepuh ingkang sampun seda, kanti dipun ziarahi ing makamipun, dipun suwunaken pangapunten saha dipun suwunaken rahmat kawelasan dateng Allah. Ngaten menika antawisipun bekti dateng tiyang sepuh, kados dawuh dalem Allah Taala :

Sira kabeh pada nyembaha ing Gusti Allah, lan aja pada nyekutokake sira ing Allah kelawan apa wae . lan bada bektiya sira ing wong tuwa loro ( An Nisa : 36 ).

Inggih kangge tujuan birrul walidain menika asal usul upacara nyadran . Karena kasunyatan katahipun masyarakat anggadahi tujuan lan seja ingkang sami, wonten ing wekdal lan papan ingkang sami sahingga wonten mufakatan ngleksanaaken tujuan menika kanti sesarengan. Lajeng dipun adani upacara wonten ing wedal lan papan ingkang dipun mufakati. Wonten ing riku tuwuh kesaenan kesaenan ingkang katah, antawisipun saget sami silaturrahim, sami saget ngedalaken shodakohan, maos maos kalimah dzikir lan Quran, kadang kadang wonten pengaosan beberipun ilmi saking ulama lan tasih katah kesaenan sanes sanes ipun. Sedaya punika terang minangka dawuh agami kita. Pramila estu makna Syaban dados jumbuh kaliyan kasunyatan, jalaran sampun dados tradisi lan pengadatan mila prayogi kita uri uri lan kita jagi, ampun ngantos dipun kotori kanti kemakshiyatan ingkang ngrisakaken dateng tujuan utami upacara adat nyadran punika.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Wondene ndungakaken dateng ahli kubur saking sederek sederek kita langkung langkung leluwur kita ingkang mukmin, sanget gamblang dawuhipun Allah wonten ing Al Quran :

Lan wong wong kang tumeka sak wuse wong kang pada ndisiki (Muhajirin lan Anshar), wong wong kuwi pada ndonga Duh pangeran kula mugi ngapuntena Paduka dateng kula lan sederek sederek kula ingkang sami iman langkung rumiyin katimbang kula .(QS.Al Hasyr : 10).

Lan malih dawuhipun :

Lan nyuwuna ngapura sira kanggo dosanira lan dosane wong wong mukmin lanang lan wadon . (QS. Muhammad : 19).

Kekalih ayat kasebat kanti terang Allah ndawuhaken dateng kita supados nyuwun ngapura kangge kita piyambak lan ugi sederek sederek kita tiyang tiyang mukmin ingkang sampun ngrumiyini seda.

Mekaten ugi hadits hadits dawuh Nabi katah sanget ingkang ndawuhaken ita supados nyuwunaken pangapunten dateng sederek sederek mukmin ingkang sampun seda, antawisipun hadits ingkang dipun riwayataken saking shahabat Utsman bin Affan RA.:

:

Nalika Nabi Sallallahu alaihi wa sallam wis rampung saka ngubur sawijining mayit, Panjenengane jumeneng ana ing sak pinggire kubur nuli ngendika Nyuwuna ngapura sira kabeh kanggo sedulur ira, lan suwunna tetepe iman, amerga ing saat iki deweke lagi didangu dening Malaikat(HR.Abu Daud).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Sedaya ingkang lumampah ing masyarakat ingkang sampun dados pengadatan wonten ing wulan Syaban punika, sakestu sedayanipun wonten dawuh tuntunanipun, tentu sifatipun umum mboten dawuh ingkang sifatipun khusus kedah lumampah ing wulan Syaban punika mboten.

Mugi mugi niyat lan seja ingkang sae, lan ugi kanti amaliyah ingkang sampun lumampah punika, sageta tinampi maqbul saha pikantuk karidlan wonten saking ngarsa dalem Allah Taala.

* * *

*

3

 

Nishfu Syaban

 

* * * * * *

: * *

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita sesarengan nambahi taqwa kita dateng Allah, kanti tansah netepi taat dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nebihi sedaya awisanipun. Ampun ngantos kuma wantun nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos nerjang palang awisan ipun Allah.Wonten ing kawontenan kados menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit ing alam dunya punika ngantos dumugining akherat, Amiin. Ringkesipun tansah nindakaken amal shaleh kanti tansah netepi iman, Inggih namung kanti sarana mekaten, kita bade manggihaken kebahagyaan gesang. Kados ingkang sampun kajanjeaken dening Gusti kanti dawuhipun :

Sing sapa wonge amal shalih nindak ake kebecikan, lanang utawa wadon, ing mangka wong iku beriman, mesti wae wong iku tak paringi panguripan kang makmur. (QS. An-Nahl : 97)

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Kita sedaya sami ngawuningani bilih wulan Syaban menika kalebet wulan ingkang mulya lan agung, inkang mekaten menika nitik tindakipun Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad katah nindakaken prihatosan shiyam ing wulan Syaban ngaten punika . Kados dawuh hadits riwayat saking Siti Aisyah, Panjenenganipun ngendika :

Aku durung tahu ngerti Rasulallahu Sallallahu alaihi wa sallam nyampurnaake pasa sewulan natas sak liyane wulan Romadlon, lan aku durung tahu weruh Panjenengane Kanjeng Nabi pasa ing sawijining wulan kang luwih akeh saka wulan Syaban (HR.Bukhari Muslim).

Saking dawuh menika saget dipun fahami bilih wulan Syaban menika sanget istimewa menggah Kanjeng Nabi ngantos mboten wonten wulan sanesipun Wulan Ramadhan ingkang katah dipun pasani dining Panjenenganipun kados dene wulan Syaban. Menapa jalaranipun ? Wonten sawenehing shahabat ingkang nyuwun pirsa dateng Kanjeng Nabi babakan menika, inggih anggenipun Kanjeng Nabi katah shiyam ing wulan Syaban. Panjenenganipun lajeng paring dawuh :

Wulan Syaban iku wulan kang akeh dilalek ake dening akehe manungsa, manggone ing antarane wulan Rojab lan Ramadhan, ya ing wulan Syaban kuwi ngamale manungsa diaturake ing ngarsane Allah Kang Mangerani kabeh alam. Mula aku seneng menawa ngamalku diaturake lan wektu kuwi aku lagi pasa

(HR. Abu Dawud lan Nasai).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Nabi mboten sekedar ndawuhi nanging ugi nyontoni, mila sakmestinipun kita nderek dateng tindakipun, inggih amergi tindakipun kanjeng Nabi menika lajeng kita dipun sunnataken shiyam ing wulan Syaban menika. Ananging kita ugi kedah faham pranatan syariat, jalaran shiyam wulan Syaban ngaten punika kedah saderengipun tanggal setengah, bakda nisfu Syaban ita dipun haramaken shiyam sunnat kejawi menawi anggenipun shiyam wiwit sak derengipun, utawi sampun ngadataken ing saben wulanipun kadosta upaminipun ingkang sampun mbiyasakaken shiyam sunnat Senen Kemis .

Mekaten ugi amaliyah amaliyah sanes ingkang prayogi dipun tindakaken, langkung langkung ing wekdal malem Nishfu Syaban. Ingkang ugi dipun dawuhaken dening Rasulullah Sallallahu alaihi wa sallam :

,

: ,

Nalika tengahe wulan Syaban wis tumeka , mangka pada tangiha tumandang ngibadah sira kabeh ing wektu bengine, lan pada pasaha ing rinane. Jalaran Allah Taala ing wengi kuwi nurunake rahmat ing langit dunya nalikane surup serngenge, nuli paring dawuh ; Sapa sing nyuwun mesti Ingsun paringi apa panyuwunane. Sapa sing nyuwun apura , mesti Ingsun paringi pangapura, sapa sing nyuwun rizki mesti Ingsun paringi, mengono iu nganti tumeka mletekke fajar.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Pramila mangga kita dereki dawuh lan tindakipun Kanjeng Nabi, samiya mulyaaken wulan Syaban punika kados ingkang dipun contokaken Panjenenganipun. Ampun ngantos kita tumandang ngibadah nanging mboten mangertos jluntrungipun. Amergi namung sami ngginakaken caranipun piyambak piyambak, lan ngetutaken angen angenipun piyambak. Sedaya amaliyah kita kedah kita mangertosi tata caranipun saha tuntunanipun , supados amaliyah kita punika ilmiyah, lan ilmu kita amaliyah, sahingga ibadah kita tinampi wonten ngarsanipun Allah Subhanahu wa Taala. Amiin .

 

* * * * * *

*

 

 

 

Khutbah Jumah Tsaniyah

 

, * * * * * * * *

* * : * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * *

* *