Khuthbah Jum'ah
AN NIDA'
 

 

 


AN NIDA'
Kumpulan Khuthbah Jum'ah
AN NIDA'

 

 

 

 

AN NIDA'
Kumpulan Khuthbah Jum'ah

AN NIDA'
Khuthbah Jum'ah
AN NIDA'AN NIDA'

 

Lembaran Enggal Wulan Muharram *

Hijrah Era Baru * Antara Muharram lan Sura

Hayatan Thoyyibah 1 * Fadhlul 'Asyura

Hayatan Thoyyibah 2 * Hijrah * Istiqamah * Mushibah * Ngupakara Iman Khuthbah Tsaniyah

 

 

Khuthbah Jum'ah
,AN NIDA'
 

 

 


Edisi Wulan Muharram

 

 

,

 

Lembaran Enggal Wulan Muharram

Hijrah Era Baru

Antara Muharram lan Sura

Hayatan Thoyyibah 1

Hayatan Thoyyibah 2

 

Fadhlul 'Asyura

Hijrah Nggayuh Karidlan

Istiqamah

Mushibah Apa Sebabe?

Ngupakara Iman

Khuthbah Tsaniyah

 

Khutbah Wulan Muharram

1

 

Lembaran Enggal Wulan Muharram

* * * * * * * * * *

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita tansah samiya taqwa lan thaat dumateng Allah kanti taqwa ingkang sak estu, sarana tansah nindakaken sedaya dawuh lan perintahipun, saha nilar ingkang dados awisanipun, Wonten ing sak dengah kawontenan, nuju bingah utawi sisah, sugih utawi miskin, sepi utawi rame, tansaha saget netepi iman lan amal shalih, supados kita tansah pinaringan rahmat lan kanugrahan saking ngayunan Dalem Allah Subhanahu wa Taala.

Allah sampun janji bilih sok sintena tansah netepi iman lan amal shalih bade kaparingan pagesangan ingkang sae, ayem tentrem dunya dumugi akhirat, kanti dawuhipun :

Sing sapa wonge amal shalih nindak ake kebecikan, lanang utawa wadon, ing mangka wong iku beriman, mesti wae wong iku tak paringi panguripan kang makmur.

(QS. An-Nahl : 97)

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Saklajengipun, dinten menika kita sampun lumebet ing warsa enggal, lan ing wulan enggal ingkang kebak kanugerahan lan kamulyan. Pengadatan masyarakat kita sami mahargya warsa enggal mekaten menika kanti lampah ingkang maneka warna. Tumrap kita ingkang langkung wigatos mboten sekedar ngetutaken lampahing adat, nanging kerana dawuh syariat agami. Mboten kerana tahun baru, nanging kerana mulyanipun wulan Muharram, langkung langkung wonten ing sedasa dinten ing awalipun wulan Muharram menika ingkang dipun wastani Asyrul Muharram, langkung langkung malih ing dinten kaping sedasanipun ingkang kawentar dipun wastani dinten Asyura . Menapa mawon ingkang kita tindakaken kangge mulyaaken dinten kasebat, sedayanipun adedasar tuntunan syariat agami kita. Malah ampun ngantos tumandang ngamal ingkang mboten kita mangertosi dasar tuntunanipun. Supados amal kita punika mboten sia sia.

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Pramila wonten ing wulan Muharram inggih warsa enggal punika , kita dadosaken wulan kangge gumbregah kanti semanget enggal kangge nggayuh kawontenan ingkang langkung sae katimbang mangsa ingkang sampun kepengker, ampun ngantos kita kedlarung wonten ing swasana sungkawa nggetuni kawontenan. Kita melai kanti babak enggal lan semangat ingkang enggal. Kangge ngadepi mangsa ngajeng ingkang kebak harapan enggal. Ngeblat dateng tindak dalem Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam nalika jengkar nilaraken kita Makkah nuju dateng Nagari Madinah kanti swasana enggal lan pagesangan ingkang enggal. Dene perkawis ingkang kawitan dipun tindakaken dening Kanjeng Nabi inggih menika mbangun Masjid. Sinerat wonten ing sejarah masjid ingkang kawitan kabangun dening Kanjeng Nabi punika masjid Quba . Inggih masjid Quba menika ingkang minangka pusat kegiatan sosial masyarakat kala semanten, ingkang sedayanipun kagem nglahiraken ketaqwaan dateng ngarsa dalem Allah Taala. Kados dawuhipun ing Al Quran

,

Yekti temenan masjid iku dijumenengake atas taqwa wiwit dina kawitan, lan iku luwih hak nggonira njumenengi shalat ing masjid iku. Ing sak jerone masjid kuwi wong wong kang pada seneng bebersih nucekake diri, lan Allah iku tresna marang wong kang pada bebersih (QS.At Taubah 108).

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Kalih perkawis ingkiang wigatos ingkang kawengku ing sak lebetipun ayat kasebat, taqwa minangka asas pondasinipun lan ikhtiyar mbersihaken diri saking pendamel awon.

Mila saking masjid punika mangga kita gumbregah, bangkit ngadepi mangsa ngajeng kanti ningkataken taqwa kita, mekaten ugi mbersihaken diri kita saking lampah duraka. Kita tilaraken lan kita bucal tebih samu kawis lampah awon, kita gantos kanti ingkang enggal lan sae wiwit ing purwakaning warsa enggal inggih wulan Muharram punika. Supados tahun baru lan warsa enggal punika, sakestu dumugi mbeta hikmah lan harapan baru ugi dateng kawontenan ingkang langkung sae ing mangsa ngajeng.

Mugi mugi Allah tansaha ngluberaken rahmat lan hidayahipun dateng kita sedaya kangge ngadepi mangsa ngajeng kanti langkung sae, tambah thaat lan ibadah ipun saha rineksa saking samu kawis lampah makshiyat lan duraka, wusananipun manggih kabekjan dunya lan akhirat ipun Amiin

. * * : * * *

*

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

2

Hijrah Era Baru

* * * * * ;

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Langkung rumiyin kula ngajak dateng panjenengan sedaya lan ugi dateng awak kula piyambak mangga kita samiya nambahi taqwa lan thaat kita dateng Allah, kanti tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun Allah, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, wonten ing pundi kemawon kawontenan kita, lan wonten ing swasana kados menapa kemawon, nuju bingah utawi sisah, kawontenan jembar longgar utawi rupeg, ing kawontenan rame utawi sepi , tansah netepana taqwa dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat saking ngarsa Dalem Allah Taala. Langkung langkung wonten ing swasana warsa enggal punika samiya ngenggalaken semangat anggenipun kumawula dateng Allah lan sesambetan dateng sesamining agesang, Kanti semanget hijrah kados ingkang kadawuhaken dening Allah menapa dene kacontokaken dening utusanipun inggih Junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam.

Dawuh dalem Allah Taala :

*

Sejatine wong wong kang pada iman lan wong wong kang pada hijrah lan wong wong kang pada jihad ing dedalane Allah iku wong wong kang pada ngarep arep rahmate Allah, lan Allah iku Dzat kang akeh pangapurane lan akeh kawelasane (QS. Al Baqarah 218)

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Hijrah kangge kita ing mangsa punika mboten kedah kanti hijrah badaniyah utawi hijrah secara fisik, ananging hijrah kedah kita tindak aken paling mboten hijrah wonten ing perkawis sekawan .

1.Hijrah mental..

Inggih menika hijrah kanti ngendaleni nafsu. saking nafsu amarah tumuju dateng nafsul lauwwamah lan nafsul muthmainnah . Jalaran nafsu amarah punika tentu tansah ngajak tumuju dateng pendamel awon, kados dawuhipun Allah :

Temenan nafsu iku tansah perintah kelawan penggawe ala (QS.Yusuf : 53)

Tiyang ingkang tansah nuruti nafsu amarah punika tentu tumuju dateng pendamel awon ingkang tansah kedah keturutan pepinginanipun, mboten nggagas nuwuhaken kapitunaning liyan, akalipun sampun tunduk lan nyengkuyung dateng pikajenganing nafsu..

Dene nafsul lauwamah menika kesadaran kangge negur pribadi lan diri sendiri, nafsu ingkang sampun mawas diri, inggih kesadaran kangge merubah pribadi sak derengipun dipun tegur dining Allah. Dawuhipun Allah :

Lan Ingsun sumpah demi jiwa kang akeh olehe nggetuni (QS. Al Qiyamah : 2)

Dene nafsul muthmainnah punika kados ingkang kadawuhaken dening Allah :

Hai jiwa kang anteng , baliya marang Pangeranmu kelawan ridla lan diridlani Pangeranmu. Mlebua ing golongane kawulaKu, lan ingndalem swargaku (QS. Al Fajr : 27-30).

 

Hijrah mental kita kedah ngantos saget tumuju nggayuh jiwa ing kang muthmainnah supados kita kalebet golonganipun kawula ingkang pikantuk karidlan saking ngarsa dalem Allah Taala..

 

2. Hijrah kultural.

Inggih menika hijrah saking keterbelakangan tumuju dateng kemajengan. Kawontenan kita ingkang tasih katah katilar dening kemajengan, kedah dipun ikhtiyari supados langkung saget nggayuh kawontenan ingkang langkung sae. Kados dene kawontenan lare lare ingkang cekap katah mboten saget sinau lan menempuh pendidikan, mekaten ugi jumlah tenaga kerja ingkang langkung ageng katimbang wontenipun lapangan pakaryan,

Mekaten ugi kabudayan ingkang saya ngrisak dateng akhlaq lan moralipun masyarakat kanti dalih kebebasan ber kreasi, lan sak pinunggalanipun. Punika kedah kita budidaya aken amrih mboten ngobro ombro, syukur saget gumantos pengadatan lan dados kabudayan ingkang laras kaliyan tuntunan agami Islam.

 

3.Hijrah Sosial.

Inggih menika hijrah saking saking kondisi sosial kita ingkang nembe ketaman bencana, jalaran mboten namung fisik ingkang dados korban nemahi kerisakan, nanging kawontenan sosial ugi nemahi katah kerisakan. Hubungan pasederekan, tetanggan lan sesrawungan katah risak dados korban musibah, Punika kedah dipun usahani kanti hijrah tumuju dateng konndisi sosial ingkang langkung sae. Tiyang pinter pirang pirang, nanging tiyang bener arang arang. Mila semanget hijrah kedah tumanem wonten ing manahipun saben saben tiyang Islam sepanjang zaman.

 

4.Hijrah Material.

Hijrah Material. Punika upaya perubahan kangge nggayuh kawontenan ingkang langkung sae ing babagan ekonomi, kita kedah gumbregah kedah cancut tali wanda, mboten kenging kedlarung, berlarut larut ing swasana sungkawa nggetuni dateng kawontenan, kedah semangat makarya kangge nggayuh kebahagyaan dunya lan akhirat, dunyane nggayuh baldatun thayyibatun warabbun ghafur, akhirate beja mulya slamet saking siksa akhire mlebet swarga. Aminn.

 

* * * * * *

*

 

3

 

Antara Muharram lan Sura

$ $ $ $ $ $ $ $

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita tansah samiya ningkataken iman lan taqwa kita dumateng Allah kanti taqwa ingkang sak estu, sarana tansah nindakaken sedaya dawuh lan perintahipun, saha nilar ingkang dados awisanipun, supados kita tansah pinaringan rahmat lan kanugrahan saking ngayunan Dalem Allah Subhanahu wa Taala.

Sak lajenipun mangga kita sak wetawis menggalih kanti wening dateng gumantosing tahun ingkang nembe kita lampahi, Bilih pergantian tahun miderek agami kita punika mboten ngrupekaken perkawis ingkang luar biasa, lan ugi mboten mengku perkawis ingkang asifat mistik, ugi mboten minangka isyarat lan sasmita ingkang saget diramal ramal.. Prastawa gumantosing tahun estu minangka prastawa alami ingkang sampun lazim mesti dumados jalaran lumampahing wekdal ingkang sampun dumugi wancinipun. Ingkang sakestunipun kalebet saweneh saking bukti tanda tanda panguwaosipun Allah Taala.

Kaprahipun wonten ing swasana gumantosing warsa mekaten punikam, kita nembe sami enget dateng umur ingkang sampun dipun liwati. Inggih jalaran keribetan, kesibukan, lan problem gesang ingkang gilir gumantos mboten wonten rampungipun, sahingga ngantos nyupekaken dateng Pangeranipun, ingkang sampun maringaken samukawis kanikmatan lan kanugrahan. Wusananipun tentu kita piyambak ingkang bade manggihaken jawabanipun ayat menika :

He eling eling manungsa, apata kang wus mbujuk marang sira nganti sira duraka marang Pangeranira Kang Maha mulya? (QS. Al Infithar : 6).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Kita sedaya tentu sadar bilih wekdal terus obah lumampah, nilaraken pagesangan kita wiwit detik demi detik, dinten demi dinten, ngantos tahun gumantos tahun. Saben detik wekdal lumampah umur kita saya tambah. Saya tambah umur kita, saya caket kita _ating wates umur kita. Rumaos utawi mboten, sadar utawi mboten, kita menika nembe sami antri tumuju garis finish. Mila wonten ing kawontenan mekaten, kita nembe rumaos bilih sangu ingkang kita kempalaken kangge akherat mbenjang tasih sanget sekedikipun. Ing mangka ajal kita menawi dumugi sak mangsa mangsa tanpa taliwara, tanpa sraba sraba, wusananipun nuwuhaken raos getun keduwung pinamggih wingking , kados ingkang dipun isyarataken dening Allah wonten ing Al Quran :

Duh Gusti Pangeran kula, mbok inggiha Panjenengan tunda ajal (pejah) kula sekedap kemawon, supados kula saget sedekah lan dados golonganipun tiyang ingkang sami shalih shalih (QS. Al Munafiqun : 10).

Raos getun keduwung lan penyesalan mekaten kok dumuginipun tentu randat, nalika sampun telas kesempatanipun kangge ndandosi diri. Mila tumrap kita ingkang tasih kongang tumandang, ampun ngantos nengga dumuginipun wekdal ingkang mbeta penyesalan mekaten . Mumpung tasih padang rembulane, tasih jembar kalangane. Wonten ing swasana warsa enggal punika sami gumbregah ngadepi mangsa ngajeng kanti semangat ingkang enggal, niyat ingkang enggal kagem nggayuh kawontenan ingkang langkung sae.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Ananging tumrap kita tiyang jawi asring dumuginipun mangsa warsa enggal ingkang kapurwakan kanti wulan Muharram, ingkang kita mestani wulan Sura punika, sering dipun tampi kanti sikap ingkang mawerni werni. Mekaten ugi dipun pahargya kanti lampah ingkang neka neka. Ingkang sedayanipun tanpa dasar ingkang gumathok, kejawi dateng ngetutaken dateng pengangen angen utawi nalurekaken para leluwur ingkang mboten saget dipun teges jluntrungipun.

Pramila tumrap kita nalika lumebet wonten ing swasana mekaten, menawi bade mulyaaken lan ngegungaken wulan Muharram punika, kanti nambahi thaat lan ngibadah dateng ngarsa dalem Allah, sarana nindakaken pangibadahan ingkang dipun dawuhaken dening agami kita, minangka pengatos atos ampun ngantos kita tumandang ngibadah kanti lampah lampah ingkang mboten jelas tuntunanipun. Dene cara kita mulyaaken wulan Muharram punika antawisipun nindakaken ibadah shiyam, langkung langkung wonten ing dinten Asyura jalaran shiyam ingkang langkung utami sak sampunipun shiyam Ramadlon, punika shiyam wonten ing wulan Muharram, kados ingkang kadawuhaken dening Kanjeng Nabi mekaten :

( )

Luwih utama utamane pasa sak wise pasa Ramadlon, iku pasa ana ing wulan Muharram (HR.Muslim).

Mugi mugi Allah tansah maringaken rahmat lan hidayahipun dateng kita, kanti pinaringan panjang umur ingkang manfaat lan wilujeng dunya akhirat. Amin

* * * * * *

*

 

4

 

 

Hayatan Thoyyibah 1

, * * * * * * * * * * * * : : *

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita samiya tansah nambahi taqwa lan thaat kita _ating Allah, kanti sarana tansah nderek sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar sedaya cegah lan awisanipun, wonten ing _ating kemawon kawontenan kita, swasana kados menapa kemawon, kapan mawon, enjang lan sonten, rinten lan dalu, nuju bingah utawi sisah, nuju sulit utawi gampil, ing kawontenan sepen utawi rame , tansah netepana taqwa lan thaat _ating Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit ing alam dunya punika ngantos dumugining akherat, Amiin. Ringkesipun tansah nertepi iman lan taqwa, Inggih _ating kanti sarana mekaten, kita bade manggihaken kawilujengan gesang. Kados ingkang sampun kajanjeaken dening Gusti Allah kanti dawuhipun :

Lan Ingsun Allah bakal nylametake wong wong kang pada iman lan tansah pada taqwa (QS.Fushshilat : 18)

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Saben tiyang gesang jaler uitawi estri tentu nggadahi pepinginan pagesangan ingkang sae, mboten wonten setunggal tiyang mawon ingkang kepengin sewalikipun. Tiyang ingkang wiwit alit pados ilmu ngantos dewasa kepara ngantos lanjut usia, tiyang ingkang makarya rinten dalu adus kringet, ingkang alus utawi kasar, pedamel negri, utawi swasta, buruh petani, wiraswasta, pedagang utawi juragan, sedayanipun mboten lepas saking pepinginan gesang ingkang sae. Mung mawon saben saben tiyang anggadahi pandangan ingkang mawerni werni babagan hakikat gesang ingkang sae punika. Wonten tiyang ingkang anggadahi pemanggih bilih gesang ingkang sae punika dumunung wonten ing harta benda ingkang katah, wonten ingkang nganggep bilih gesang ingkang sae punika dumunung derajat pangkat lan kedudukan ingkang mulya, ilmu kawruh lan keturunan lan sak pinunggalipun jumbuh kaliyan kecenderunganipun piyambak piyambak.

Tumrap kita tiyang mukmin kenging mawon anggadahi pandangan mekaten ananging sedayanipun minangka sarana kumawula dateng Allah, kangge nindakaken amal shalih miturut bidang kemampuanipun, Insya Allah kanti mekaten saget nggayuh pagesangan ingkang sae, adedasar dalem Allah Taala :

*

Sing sapa wonge amal shalih nindak ake kebecikan, lanang utawa wadon, ing mangka wong iku beriman, mesti wae wong iku tak paringi panguripan kang makmur.

(QS. An-Nahl: 97).

Miturut lahiripun dawuh punika, secara sederhana Allah bade maringaken hayatan thayyibah pagesangan ingkang sae dateng kawulanipun kanti kalih syarat,

1. Tiyang mukmin 2. Amal shalih.

Bebasan iman minangka pondasinipun, amal shalih minangka bangunanipun. Tentu mboten wonten tegesipun pondasi ingkang tanpa bangunan, lan ugi bangunan ingkang tanpa pondasi. Mekaten ugi tumrap tiyang mukmin saening pagesangan punika mboten cekap wonten ing dunya menika kemawon, ananging gegayuhan lan pepinginanipun lestantun lan langgeng ngantos dumugi ing akhirat.

Pramila ing bab menika Imam Qurthuby ngendikakaken bilih pagesangan ingkang sae punika kedah netepi 5 perkawis.

1. Rizki ingkang halal, tur sinarengan shifat qanaah.

2. Dipun paesi kanti kawruh ilmi lan pangertosan.

3. Bebuden lan amal ingkang sae.

4. Pinaringan hidayah iman lan taufiq.

5. Anggadahi simpenan investasi kangge akherat.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Rizki ngrupekaken kebutuhan ingkang mutlak minangka sarananing pagesangan, nanging kedah ingkang halal, amergi menawi mboten halal tentu nuwuhaken raos gelisah, mboten nate tenang lan tansah kuwatos, jalaran kebak bebaya dunya ngantos akhirat, nanging rizki ingkang halal nuwuhaken ketenangan mboten nate ngaos kuwatos, lan tentrem ayem ing saklebetipun manah. Nanging ugi kedah sinarengan sifat qanaah, nrima ing pandum, sepinten rizki peparingipun Allah katampi kanti syukur. Dene tiyang ingkang mboten anggadahi qanaah, sinaosa melimpah katah rizki peparingipun Allah, tetep mawon ngraos kirang lan tansah mboten marem. Sahingga mboten nate purun bersyukur, malah kepara ingkar lan sansaya ngangsa anggenipun nggayuh banda dunya .

Rasulullah nggambaraken tiyang ingkang mekaten kanti dawuhipun :

,

Sak umpama sawijining anak Adam nduweni rong njurang kang kebak mas, mesti kepinging jurang mas kang kaping 3, sak umpama deweke wis duwe telung njurang mas , mesti kepengin jurang mas kang kaping pat, lan ora bakal ngrasa cukup kejaba yen wis di uruk lemah (HR.Ahmad).

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Pramila sifat qanaah punika sanget wigatos tumrap tiyang mukmin supados saget tansah sami bersyukur _ating peparingipun Allah. Malah mujudaken kabekjan tumrap tiyang ingkang pinaringan sifat qanaah. Kados dawuh Nabi :

Beja kemayaangan wong kang oleh pituduh agama Islam, lan panguripan kang cukup lan bisa tansah nrima (HR.Turmudzi).

Mekaten rumiyin syarat gangsal nembe setunggal, kasambet candakipun, mugi mugi Allah maringana pitedah lan pitulung kangge nggayuh hayatan thayyibah, saadah fiddunya wal akhirah. Amin.

 

$ $ $ : $ $

$ $

 

 

 

 

 

 

 

 

 

5

 

Hayatan Thoyyibah 2

, * * * * * * * , * : $ $

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita sesarengan tansah netepi ajrih lan taqwa dateng Allah, kanti tansah netepi lan nuhoni dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nebihi sedaya awisanipun. Ampun ngantos kumawantun nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos kumo wanton nerjang awisanipun Allah.wonten ing kawontenan kados menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan ajrih dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit ing dunya ngantos dumugining akherat, Amiin.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Imam Qurthuby ngendikakaken bilih pagesangan ingkang sae punika kedah netepi 5 perkawis.

Sepisan : Rizki halal tur sinarengan shifat qanaah.

Rizki ngrupekaken kebutuhan ingkang mutlak minangka sarananing pagesangan, nanging kedah ingkang halal tur sinartan sifat qonaah tegesipun nrima pandumaning Pangeran, menapa peparingipun tinampi kanti syukur.

 

Kaping 2. Dipun paesi kanti kawruh ilmi lan pangertosan.

Ilmu lan kawruh pangertosan punika minangka tanda kamulyaning manungsa atas makhluq sanes, Ngantos kamulyanipun Nabi Adam AS. Ngungkuli para Malaikat, amergi ilmunipun, lan inggih karana ilmi punika berhak di taati lan dipun hormati.

Tiyang ingkang berhasil gesangipun wonten ing bidang menapa kemawon, antawisipun inggih jalaran kawruh lan ilminipun ingkang cekap kepara mumpuni. Mboten namung urusan kadonyan kemawon, nanging ugi urusan akhirat wajib dipun dasaraken ilmi, amal tanpa ilmi hampa sia sia, lan ugi Allah ngangkat derajat kawulanipun jalaran kaparingan ilmi, kados dawuhipun :

Allah bakal ngangkat derajat kaluhurane wong wong kang pada iman lan kang pada di paringi ilmu

(QS.Al Mujadalah : 11) .

Perkawis ingkang kaping 3 : Bebuden lan amal ingkang sae.

Banda ingkang melimpah lan ilmi ingkang katah, bade ndadosaken kamulyanipun tiyang ingkang miliki menawi anggadahi bebuden ingkang mulya saha amal ingkang sae. Mulyanipun tiyang ingkang anggadahi banda lan ilmi menawi saget netepi sifat loman lan andap asor, Sinaosa sugih lan pinter nanging mboten ndadosaken sifat kumalungkung lan takabur, nanging malah loman dermawan lan andap asor, ngormati dateng sesami. Amergi tiyang kanti loman remen sedekah mboten bade suda bandanipun ngantos fekir, mekaten ugi andap asor mboten ndadosaken tiyang saya ina , nanging kepara malah saya mulya, kanjeng Nabi paring dawuh :

,

Shadaqah ora bakal ndadekake suda banda kesugihan sitik wae, Allah ora nambah marang kawulane sebab ngapura kejaba nambahi kamulyan, lan ora andap asor sewijining uwong kerana Allah, kejaba Allah mesti ngluhurake derajate wong mau (HR. Al Bukhari).

 

Pramila beja sanget tiyang ingkang kaparingan rizki lan ilmi ingkang cekap, lajeng manfaataken lan nasarufaken banda lan ilminipun kanti sae .

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Kaping 4 : Pinaringan hidayah iman lan taufiq.

Sak sampunipun kita pinaringan iman kita kedah tansah njagi lan ngreksa supados iman kita tetep manteb ngantos pejah tetepa kanti khusnul khotimah. Lajeng kita ugi tansah ngadang adang taufiq lan pitulunganipun Allah. Kados dawuhipun :

lan ora ana pitulungan tumrapku kejaba pitulungane Allah, Lan mung ing Allah aku pasrah, lang mung marang Allah aku bakal bali. (QS. Hud : 88).

Kaping 5 : Anggadahi simpenan investasi kangge akherat.

Agami kita ngajaraken bilih pagesangan ing ndunya punika minangka sarana kangge nggayuh kamulyan ingkang langgeng wonten ing alam akhirat, mila samu kawis ingkang kita lampahi dadosa tanduran lan simpenan kangge akherat mbenjang , wonten pangandika ; bilih dunya menika minangka sawah utawi ladangipun akhirat, pramila ampun ngantos kita nandang kapitunan jalaran mboten anggadahi simpenan kangge akherat kerana mbujung keremenan dunya. Dawuhipun Allah :

:

Mangka sak perangane manungsa ana kang ndunga : Duh Pangeran kula mugi maringana Paduka dateng kula ing dunya punika lan ora ana bagian kanggo wong kuwi ing akhirat (QS.Al Baqarah : 200).

Pramila selagi kita kongang, ampun ngantos kita lirwakaken tabungan kita kangge kebahagyaan akhirat, kanti ngamal ingkang kita seja murih ridlanipun Allah. Mugi mugi kita tansah pinaringan pitedah kangge nggayuh kabekjaning gesang wiwit dunya ngantos dumugining akhirat. Amin

* * : * * * *

 

 

 

6

 


Fadhlul 'Asyura

$ $ $ $ $ $ $ $

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita tansah samiya ningkataken iman lan taqwa kita dumateng Allah kanti taqwa ingkang sak estu, sarana tansah nindakaken sedaya dawuh lan perintahipun, saha nilar ingkang dados awisanipun, supados kita tansah pinaringan rahmat lan kanugrahan saking ngayunan dalem Allah Subhanahu wa Taala.

Para sederek sedaya, sampun sesarengan kita kawuningani bilih wekdal punika kita sampun wonten ing sak lebetipun warsa enggal, ingkang kawiwitan kanti wulan Muharram punika, kita tiyang jawi mestani wulan Sura. Kalebet wulan ingkang mulya lan agung menggahipun Allah. Kamulyanipun wulan punika mboten jalaran anggenipun dados purwakanipun tahun, ananging jalaran mila wulan ingkang mengku sejarah ingkang sekelangkung wigatos tumrap sejarah perjuangan Islam, kagem nggayuh kejayaan lan sumiyaripun agami Islam. Mekaten ugi jalaran wulan menika mengku setunggaling dinten ingkang langkung mulya menggahipun Allah, inggih punika dinten Asyura dinten kaping sedasa saking wulan Muharram punika.

Pramila samiya kersa mulyaaken lan ngegungaken wulan Muharram punika kanti nambahi taat lan ngibadah dateng ngarsa dalem Allah, sarana nindakaken pangibadahan ingkang dipun dawuhaken dening agami kita, minangka pengatos atos ampun ngantos kita tumandang ngibadah kanti lampah-lampah ingkang mboten jelas tuntunanipun. Dene cara kita mulyaake wulan Muharram punika antawisipun nindakaken ibadah shiyam, langkung-langkung wonten ing dinten Asyura jalaran shiyam ingkang langkung utami sak sampunipun shiyam Ramadlon punika shiyam wonten ing wulan Muharram kados ingkang kadawuhaken dening Kanjeng Nabi mekaten:

 

Luwih utama-utamane pasa sak wise pasa Ramadlon, iku pasa ana ing wulan Muharram (HR.Muslim).

 

Langkung-langkung shiyam woten ing dinten Asyura inggih dinten tanggal kaping sedasawulan punika, menggah fadlilahipun saget minangka nebusi dosa lepat setahun ingkang sampun kepengker. Panjenengan dalem kanjeng Nabi nate dipun suwuni pirsa bab punika, kados ing haditst riwayat Imam Muslim:

 

:

 

Rasulullah Sallallahu alaihi wa sallam nate disuwuni pirsa sangka kautamane pasa dina Asyura, nuli Panjenengane Rasulullah Sallallahu alaihi wa sallam paring dawuh: Pasa ing dina Asyura iku bisa nglebur dosa setahun kang wis kepungkur. (HR. Muslim).

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Prayoginipun anggenipun shiyam ampun namung sedinten ing dinten tanggal sedasa, nanging kasambeta kaliyan dinten tasua, dinten tanggal kaping sanga, kerana tiyang Yahudi ugi sami shiyam ing dinten Asyura, mila supados mboten nyerupani tiyang Yahudi prayogi samiya shiyam wiwit tanggal sanga wulan Muharram punika. Kados dawuh dalem kanjeng Nabi:

Padha pasaha sira kabeh ing dina kang kaping sanga lan kaping sepuluhe wulan Muharram, lan aja pada nyerupani sira kabeh ing lelakone wong Yahudi

(HR. Al-Baihaqi).

Kejawi ibadah shiyam, ugi wonten amal ingkang sanget dipun anjuraken, inggih punika shadaqah wonten ing dinten Asyura. Mila mangga sami ngatahna amal sosial ingkang saget minangka sarana nyambet katresnan saha silaturrahim antawis kita, lan ugi ageng sanget ganjaran paringipun Allah, Kados keterangan ingkang kasebat ing kitab Irsyadul Ibad, Abu Musa Al Madini ngriwayataken hadits saking sahabat Abdullah bin Umar, bilih Rasulullah Sallallahu alaihi wa sallam sampun paring dawuh:

 

Sapa wonge pasa ing dina Asyura, mangka kaya-kaya deweke pasa setahun, lan sapa wonge aweh sedekah ing dina Asyura, mangka kaya-kaya wong kuwi aweh sedekah sak jerone setahun

Langkung-langkung nglahiraken kawelasan lan andum katresnan dateng sederek kita kaum dluafa lan lare-lare yatim, punika sanget dipun anjuraken dening agami kita.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mekaten ugi ing dinten Asura kita dipun prayogekaken damel longgar lan kajembaran nafkah kangge sedaya kaluarga. Kanti tanpa lelangkungan lan tetep kanti niyat syukur dateng Allah awit peparingipun kanugrahan rizki, saha niyat damel bingah sedaya keluarga. Tindakan mekaten ugi dipun dawuhaken dening Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu alaihi wasallam :

Sapa wonge nggawe kajembaran nafkah marang keluargane ana ing dina Asyura, mangka Allah Taala bakal paring kajembarane rizki tumrap wong mahu ana ing sak jerone zaman setahun

(HR. At-Thabrani lan Al-Baihaqi).

 

Para sederek Kaum Muslimin

Paring nafkah dateng keluarga kanti longgar, menika ampun ngantos dipun wastani boros lan ngliwati bates, nanging ampun ngantos ugi dipun wastani ngirit-irit. Allah paring pepenget:

Sira aja ndadekake tanganira, sira belenggu ing guluira, tegese aja medit, ora infaq babar pisan, lan sira aja mbeberake tanganira , lan sira aja nggelar tanganira byak byuk, tegese boros, bandane di infaqake kabeh. Mengko mundak dicacat tur kapitunan ( QS. Al Isra 29).

 

Mugi-mugi Allah maringaken rahmat lan pitulungipun, kita sageta mulyaaken wulan Muharram punika kanti tambah thaat lan taqwanipun. Wasana manggih kabekjan dunya ngantos mbenjang dumugining akherat. Amiin

 

: $ $ $ $ $ $ $

 

 

 

7

 

Hijrah Nggayuh Karidlan

$ $ $ $ $ $ : $

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita samiya nambahi taqwa lan taat kita dateng Allah, kanti mbudi daya amrih saget tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun Allah, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, wonten ing pundi kemawon kawontenan kita, lan wonten ing swasana kados menapa kemawon, nuju bingah utawi sisah, kawontenan jembar longgar utawi rupeg, ing kawontenan rame utawi sepi, tansah netepana taqwa dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat saking ngarsa dalem Allah Taala.

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Kita sedaya sami ngawuningani bilih wulan Muharram punika minangka kawitanipun tahun hijriyah, inggih tahun Islam, Wulan Muharram mila mengku sejarah ingkang sanget wigatos tumrap perkembangan dakwah Islam. Jalaran awal kemenangan Islam lan kejayaan Islam punika kapurwakan kanti prastawa jengkar dalem Rasulullah Sallallahu alaihi wa sallam, saking kita Makkah tumuju dateng Madinah ingkang kala semanten tasih dipun wastani kita Yatsrib.

Hijrahipun Rasulullah SAW. lan para shahabatipun nilar negari Makkah mboten jalaran ajrih ngadepi mengsah tiyang-tiyang kafir Quraisy saha ancamanipun, ugi mboten jalaran kalah perang, melarikan diri tinggal glanggang colong playu punika mboten, nanging jalaran nindakaken dawuhipun Allah Taala. Prastawa hijrah punika mila mbetahaken bebanten lan pangorbanan ingkang ageng tumrap Nabi lan para shahabatipun, mboten sekadar nilar setunggaling papan tumuju dateng panggenan sanes. Bidalipun para sahabat punika kanti kebak ancaman, intimidasi lan terror. Ananging tekat ingkang sampun bulat, manah manteb lan ikhlash, para sahabat nilaraken sanak keluarga ingkang sanget dipun tresnani, arta banda ingkang katah, bale griya lan sedaya hak milik ipun, sedayanipun dipun tilaraken lan kalilakaken jalaran mundi dawuhipun Allah lan Rasulipun. Tekad ingkang mekaten kerana ugi dipun semangati lan dipun sugesti dening dawuh Dalem Allah Taala:

Sapa wonge hijrah ing dalane Allah, mangka deweke mesti bakal nemu bumi iki minangka panggonan kang jembar, lan rizki kang akeh, lan sapa wonge metu sangka omahe kerana hijrah tumuju marang karidlane Allah lan utusane tumuli pati sumusul ing deweke, mangka temen-temen ganjarane ing ngarsane Allah. Lan Allah iku Dzat Kang akeh pangapurane lan Dzat Kang akeh kawelasane (QS.An Nisa : 100).

 

Lan wusananipun terang lan nyata bilih hijrahipun Rasulullah SAW. punika mengku hikmah lan piwucal ingkang sanget wigatos. Inggih punika mujudaken setunggaling strategi perjuangan lan siasat kangge nggayuh cita-cita perjuangan Islam.

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Sak sampunipun hijrah kirang langkung 8 tahun, tetela dados kasunyatan bilih Umat Islam ngraosaken hikmah saking prastawa hijrah punika, kasunyatan pangorbananipun mboten sia-sia, umat Islam saya ngrumbaka, ketingal sanget kemajengan lan perkembangan Islam. Sahingga Umat Islam kepengin sanget ngrebat kita Makkah minangka tanah kelahiran tumrap kaum Muhajirin, saha papan suci tumrap sedaya kaum muslimin. Sak estu pepinginanipun Umat Islam dados kasunyatan, kanti pitulunganipun Allah, kita Makkah ingkang dipun kuaosi tiyang kafir Quraisy, saget karebat dening kanjeng Nabi lan sedaya shahabatipun ingkang wicalanipun mboten kirang saking sedasa ewu tiyang. Tentu tiyang kafir Quraisy miris ngadepi Kanjeng Nabi ingkang kaderek aken wadyia bala umat Islam segelar sepapan. Kanti tanpa pangorbanan lan pertumpahan darah kita Makkah sampun kasil kabedhah. Abu Sufyan benggolipun tiyang Quraisy teluk lan tundhuk, menyerah dateng ngarsa dalem kanjeng Nabi lan ngikraraken mlebet Islam. Mekaten ugi tiyang-tiyang sanes berbodong-bondong same nelakaken syahadat lumebet Islam.

Prastawa bedhahipun Nagari Makkah punika kados ingkang kagambaraken wonten ing dawuhipun Allah:

$ $ $

 

Nalika wus tumurun pitulunge Allah, lan kamenangan, lan sira nyawang para manungsa pada mlebu marang agamane Gusti Allah kelawan grombol-grombol. Mula macaha tasbih sira kelawan pujine Pangeranira, lan sejatine Allah iku Dzat Kang akeh anggone nerima taubat. (QS.An Nashr 1-3).

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Prastawa hijrahipun Rasulullah punika kedah kita damel piwucal lan patuladan, semanget hijrah kedah tansah tumanem ing saben saben manahipun tiyang Islam. Dene hijrah punika wonten werni kalih:

Sepisan : hijrah qalbiyah, hijrah secara mental.

Kaping kalih : hijrah badaniyah, hijrah secara fisik.

Wondene hijrah ingkang kedah kita tindak aken punika hijrah ingkang sepisan, inggih hijrah secara mental tegesipun nilar pendamel lan lelampah awon tumuju dateng kesahenan. Kados ingkang kadawuhaken ing Al-Quran :

Lan ing perkara kang ala, mangka sira ninggalna (QS. Al-Muddatstsir : 5).

Dawuh ipun Allah kasebat ugi kadawuhaken dening Rasulullah Sallallahu alaihi wasallam :

Kang aran wong Islam sejati yaiku wong kang lisane lan tangane orang ngganggu wong liya (tegese, wong liya aman sangka gangguan penggaweane lan lisane), dene wong kang hijrah yaiku wongkang ninggalake perkara kang dilarang dening Allah.

(HR. Bukhari, Muslim).

 

Hijrah secara mental mekaten tentu wajib tumrap sedaya umat Islam sepanjang zaman, kangge hijrah tumuju kesaenan saha nggayuh kemenangan.

Wusananipun mangga kita samiya mawas ing pribadi kita, punapa kita sampun nderek tindak Rasul hijrah menapa dereng? Mugi swasana warsa enggal hijriyah punika sageta nyemangeti dateng kita nindakaken hijrah secara mental, kultural, sosial lan material tumuju dateng kawontenan ingkang langkung sae, nggayuh kemenangan lan kejayaan Islam ing masa depan. Mugi-mugi Allah tansah mitulungi lan ngijabahi.

$ $ * : $ $ $ $ $ $

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

8

 

Istiqamah

$ $ $ $ $ $ $ : $ : $

Para sederek jamaah Jumah rahilakumullah

Mangga sesarengan kita tingkataken taqwa kita dumateng Allah SWT. injih kanti berusaha nindakaken dawuh dawuhipun lan nebihi awisan awisanipun, mugi-mugi kita sedaya saget kalebet golonganipun tiyang ingkang beja wonten dunya lan akhiratipun.

Saklajengipun, miturut Imam Ghazaliy: sama sekali mboten wonten artosipun kesaenan ingkang mboten langgeng. Malah lampah awon ingkang mboten langgeng punika kepara langkung sae katimbang kesaenan ingkang mboten langgeng. Bab menika mbok bilih sami kaliyan unen-unen ing masyarakat, bilih: bekasgali utawi maling punika langkung sae katimbang bekassantri utawi kyai.

Satunggaling hadits ingkang nggadahi pangertosan meh sami kaliyan unen unen kasebat injih punika:

 

Tiyang ingkang tobat saking dosa punika kadosdene tiyang ingkang mboten nggadahi dosa

 

Satunggaling tiyang kenging mawon nglampahi kemaksiyatan, nanging ampun ngantos sak laminipun. Setunggal wekdal, lampah awon punika kedah mandeg, prayoginipun mandeging lampah awon kasebat sak derengipun konangan tiyang katah, sampun mboten pun tutupi malih dening Gusti Allah.

 

Para sederek jamaah Jumah rahilakumullah

Miturut Kanjeng Nabi lampah maksiyat utawi dosa punika wonten ngarsanipun Allah wonten macem-macem bentuk ipun,

Setunggal: dosakasebat pun tutupi (mastur) : ngantos dumugi satunggal wekdal dosa kasebat pinaringan pangampunan.

Kaping kalih: dosakasebat pun tutupi (mastur) wonten ing dunya punika, nanging wonten ing akhirat mangke badepun bikak lan pun wales sesuai ageng alitipun.

Kaping tiga: dosa kasebat pun bikak nalika ingkang nglampahi tasih gesang wonten ing dunya punika ananging pikantuk pangapunten ing akhirat mangke.

Kaping sekawan: dosa kasebat pun bikak nalika ingkang nglampahi tasih gesang wonten ing dunya punika ananging mboten pikantuk pangapunten ing akhirat ipun.

Kagem dosaingkang terakhir punika biasanipun pun lampahi dening tiyang tiyang ingkang nekad lan berusaha sekuat tenaga ndamel alas an kangge pembenar kelakuan awonipun. Utawi minimal berusaha nutup nutupi kelakuan awonipun, walaupun estunipun sampun umbras, sampun dados rahasia umum.

 

Para sederek jamaah Jumah rahilakumullah

Kagem tiyang ingkang sadar bilih manungsa punika mboten saget lepas saking pergaulan masyarakat wonten ing kehidupannipun ingkang sawang sinawang punika, tentu bade ngraos sisah lan sedih menawi keawonanipun konangan lan msyahur pun ngertosi dening masyarakat, piyambakipun lajeng terkucil, sedaya solah bawanipun pun tebihi dening masyarakat, lan sampun mboten pun pitados malih. Gesangipun mboten tenang lan mboten tentrem. Piyambakipun tersiksa sakderengipun pun sengsarakaken dening siksa ingkang sejati.

Pramila punika, terus menerus lan tansah nindakaken lampah sae, tentu bakal mbekta satunggaling tiyang dateng katenangan lan katentreman. Piyambakipun bakal tansah pikantuk perlindungan lan penjagaan malaikat wonten duna lan akhirat. Sedaya panuwunan bade pun kabulaken dening Allah, lan swarga ingkang penuh nikmat bade dados panggonan akhiripun. Terus menerus tansah wonten ing kasaenan punika ingkang sak lajengipun pun wastani istiqamah, Istiqamah ingkang khoirun min alfi karamah, ingkang langkung sae katimbang sewu keramat, ketersanjungan lan kehormatanipun.

Tiyang-tiyang ingkang istiqamah mboten bade khawatir pun ngertosi punapa kemawon ingkang wonten ing sak lebetipun pribadinipun.

Istafti qalbak, tsummas taqim : mekaten ngendikan-ipun Rasulullah SAW.

Mugi-mugi kita saget pinaringan sifat ingkang istiqamah. Amiin.

$ $ $

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

9

 

Musibah Opo Sebabe ?

$ $ $ $ $ $ $ $ $ $ $ $ $

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita samiya nambahi taqwa lan taat kita dateng Allah, kanti tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh-dawuhipun Allah, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, wonten ing swasana kados menapa kemawon, nuju bingah utawi sisah, kawontenan jembar longgar utawi rupeg, ing kawontenan rame utawi sepi, tansah netepana taqwa dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat saking ngarsa Dalem Allah Taala.

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Ing titi wanci punika bangsa kita nembe berkabung lan kita prihatos jalaran kathahipun mushibah lan bencana ingkang kedadosan wonten ing bangsa kita. Kita mangertos lumantar pawartos, ing pundit-pundi papan tansah gilir gumantos, katah prastawa mushibah ingkang dumados. Kita sanget prihatos, jalaran mboten sekedik tuwuh bebanten lan korban lahir lan batos. Malah kepara korban jiwa ingkang mboten sekedik saking warga masarakat ingkang mboten dosa nampi pacobenipun Ingkang Maha Kuwaos.

Sambet sinambet mboten kendel-kendel, malah kepara sesarengan setunggal daerah kaliyan daerah sanes. Ingkang pungkasan kita mireng banjir bandang ing pundit-pundi papan. Mekaten ugi tanah longsor lan gunung jugrug mbeta korban atusan jiwa, jalaran dumuginipun mushibah tanpa kanyana-nyana, lan wonten ing saatipun tiyang sami lena tilem ing wanci lingsir dalu, kedadosan mekaten kok jumbuh kaliyan dawuhipun Allah:

Apata penduduk desa-desa kuwi mau pada ngrasa aman saka tumekane pasiksan Ingsun marang wong-wong kuwi mau, ing wektu bengi nalika wong-wong kuwi mau pada turu? (QS.Al Araf : 97).

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Menawi kita urutaken Allah paring dawuh mekaten punika wau, Allah sampun paring pepenget langkung rumiyin wonten ing ayat sak derengipun, kandi dawuhipun :

"Sekirane punduduk desa-desa kuwi mau pada iman lan taqwa, mesti wae bakal Ingsun bukak tumrap wong-wong mau barakah sangka langit lan bumi, nanging wong-wong mau pada nggorohake, mula Ingsun tatrapi pasiksan wong-wong mau sebab olehe pada tumindak(QS.Al Araf : 97).

 

Saking pungkasanipun ayat kasebat, bilih Allah maringaken bala lan mushibah punika tentu jalaran saking lampahipun menungsa piyambak. Pramila mangga kita samiya mawas dateng awak kita, samiya purun metani piyambak lepat kita, katimbang mankeh kita nampi bebendunipun Allah jalaran anggen kita nandang lepat nanging mboten rumaos lepat. Jalaran nalika dumados mushibah katahipun tiyang lajeng sami komentar lan nuding fihak ingkang dipun lepataken. Ing mangka sinten estunipun ingkang lepat? Prayoginipun kita mawas dateng awak kita piyambak-piyambak, saklajengipun kita wangsul dateng dawuhipun Allah, jalaran Allah mila sampun maringi pepenget dateng kita kanti dawuhipun:

Apa wae mushibah kang ngenani ing sira kabeh iku sabab perbuatannira dewe, Allah wus ngapura sangka sebagian akeh sira kabeh (QS. Asy Syura : 30).

 

Dados menapa kemawon kedadosan ingkang tumempuh dateng kita, tentu jalaran akibat saking pendamel kita piyambak. Pramila ampun ngantos kita pados kambing hitam, madosi kesalahaning liyan, kito padosi kesalahan kita piyambak, katimbang kita dipun welehaken dening Allah kanti mushibah ingkang ngenani dateng kita piyambak. Jalaran menawi Allah ngersakaken maringi mushibah dateng kawulanipun mboten wonten ingkang saget nduwa kersanipun Allah, ing mangka bala menawi dumados mboten namung tumatrap khusus kangge tiyang-tiyang ingkang dholim kemawon. Kados dawuhipun Allah ing Al-Quran :

Lan sira pada wediya ing siksane Allah, Kang temenan ora mung khusus ngenani wong-wong kang pada dholim wae sangka sira kabeh, lan sira kabeh pada ngertiya sejatine pasiksane Allah iku banget abote

(QS. Al Anfal : 25).

Mila kita ugi kedah ikhtiyar lan mbudidaya amrih kita, keluarga saha masyarakat kita sami tansah nuhani darmaning kawula thaat lan ngibadah dateng ngarsa dalem Allah Taala, supados tansah pikantuk karidlanipun Allah lan tebih saking duka lan bendunipun Allah.

 

$ $ $

 

 

 

10

 

Nupakara Iman

$ $ $ $ $ $ : : $ $

Para sederek jamaah Jumah Rahima kumullah,

Sesarengan mangga tansah kita tingkataken iman lan taqwa kita dumateng Allah Subhanahu wa Taala, injih kanti nindakaken dawuh dawuhipun lan nebihi awisan awisanipun, Kanti mekaten mugi-mugi kita kalebet golonganipun tiyang ingkang beja dunya lan akhiratipun Amiin.

Sak lajengipun mangga kita tingkataken iman kita supados dados iman ingkang sampurna. Satunggaling hadits Rasulullah SAW. riwayat Ibnu Asyakir saking sahabat Abi Hurairah Radliyallahu anhu ngendikakaken:

 

:

Sampurnaning iman satunggaling tiyang punika menawi

: Setunggal: Nalika nindakaken lampah ibadah dateng Allah SWT. piyambakipun mboten ajrih sekedik mawon dateng penacatipun tiyang ingkang nacat. Kanti tembung sanes, piyambakipun mboten miyur, mboten mutungan lan mboten semple, awit wontenipun pasemon punapa dene kritik tiyang sanes, kados dene piyambakipun mboten lengah lan lena awit wontenipun pengalem lan pujiyan tiyang sanes.

Kaping Kalih: Mboten riya lan pamer, wontenipun amal-amal ibadah ingkang sampun katindakaken. Nalika nindakaken lampah pangibadahan: niyat, tujuan lan tata ara nglaksanakaken amal mligi karana murih karidlanipun Allah SWT. lan kanti cara ingkang dipun ridlani Allah. Mboten ngawur.

 

Bapak bapak lan para sederek sedaya,

Menawi riya dateng amalipun piyambak kemawon mujudaken perkawis ingkang tercela, punapa malih riya lan pamer dateng amalipun tiyang sanes, riya dateng amalipun leluhuripun. Kados dene tiyang ingkang riya, umuk, lan bangga diri awit leluhuripun tiyang ingkang sami sae, dados Kyai, lan tiyang ingkang terhormat, sementara piyambakipun mboten niru lampah lan amalipun leluhuripun, namung cukup umuk lan bangga diri.

Kaping tiga: Nalika ngadepi kalih perkawis, ingkang setunggal rusan dunya, lan sanesipun urusan akhirat, piyambak ipun purun ninggal urusan dunya lan milih saha mentingaken urusan akhiratipun.

Mugi mugi Allah SWT. tansah maringi taufiq hidayah alan inayahipun dumateng kita sedaya, sahingga kita saget nyampurnakaken iman lan taqwa kita dumateng Allah SWT. Ingkang akhiripun mbeta dumateng kebahagiaan kita wonten ing dunya lan akhirat. Amiin.

 

$ $ $

 

 

11

 

Khutbah Jumah Tsaniyah

* * * * * * * : . * * * *

* * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * * *

* *

 

Khuthbah Jum'ah
,AN NIDA'
 


AN NIDA'

Edisi Wulan Sofar

 

,

Taubat

Ikhlas

Duraka

Rizki

Sabar

Nimat Islam

Njhggegampang sholat

Pacobaning urip

Istighfar

Taqwa

Khuthbah Tsaniyah

 

Khutbah Wulan Shofar

1.

Taubat

 

$ $ $ $ $ $ $ $ : : $

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Minangka bebukaning atur sumangga kita sareng sareng tansah samiya nambahi taqwa lan thaat dumateng Allah kanti taqwa ingkang sak estu, sarana tansah nindakaken sedaya dawuh lan perintahipun, saha nilar ingkang dados awisanipun, Wonten ing sak dengah kawontenan, nuju bingah utawi sisah, sugih utawi miskin, sepi utawi rame, tansaha saget netepi iman lan amal shalih, supados kita tansah pinaringan rahmat lan kanugrahan saking ngayunan Dalem Allah Subhanahu wa Taala.

Saklajengipun mangga kita sadari bilih saklebetipun gesang kita ing ngalam praja punika kita tentu mboten saget uwal saking lepat lan dosa, khilaf lan klentu, menika pancen ngrupekaken sifatipun manungsa, Kosokwangsulipun, Allah Taalapangeran kita punika Dzat ingkang Maha welas lan Asih dateng kawulanipun. Langkung langkung dateng kita sedaya minangka makhluq ingkang langkung mulya kabanding makhluq sanes. Mila amrih manungsa tetep mulya Allah tansah mbika korining taubah, jalaran kanti taubat nashuha punika saget kangge nggayuh pangapunten lan maghfirahipun Allah, saha ing tembe tetep mulya wanten ngarsanipun Allah kanti pinaringan swarga. Kados ingkang dipun dawuhaken Allah Ta,ala :

,

He wong wong kang pada iman, pada trobata sira kabeh marang Allah, kelawan taubat nashuha, taubat kang temenan jalaran taubat iku muga muga Pangeranira bakal nglebur kabeh kaluputanira. Lan bakal nglebokake swarga kang sangka ngisore bengawan kang mili

(QS. At Tahrim : 8) .

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mboten wonten manungsa ingkang mboten anggadahi lepat lan dosa, pramila taubat tumrap kita wajib katindakaken, sahingga njangkepaken Sifat Ghafuripun Allah,mekaten ugi kita tetep minangka kawula ingkang utami sinaosa nandang lepat lan dosa selaginipun purun nglengggana lan rumangsa lajeng nyuwun pangapura. Dawuh dalem kanjeng Nabi :

:

Kabeh manungsa anak putu Adam iku mesti nduweni kaluputan, lan sak becik becike wong kangnduweni kesalahan iku wong kang gelem taubat. (HR. )

Dados kita mboten kenging alit manah sinaosa katah kados menapa, lan sepinten kemawon agenging dosa lan lepat kita, tetep Gusti Allah bade ngapunten dosa lepat kita. Mekaten ugi kita mboten kenging remesik rumaos mboten gadah dosa lan kalepatan, jalaran Kanjeng nabi Muhammad SAW. ingkang sampun sifat mashum tegesipun rineksa saking Allah kemawon tetep nindakaken taubat, malah mboten kendel kendel Panjenenganipun taubat dateng Allah sedinten sedalu ngantos kaping 100 ambalan. Menapa malih kita ingkang mboten wonten sifat kareksanipun, rinten dalu mboten kendel tumindak duraka, tentu kita kedah langkung katah anggenipun istighfar lan taubat dateng Allah. Kanjeng nabi paring dawuh :

He eling eling para manungsa, pada taubata sira kabeh ing Allah, mangka sejatine Ingsun taubat marang Allah ing ndalem sedinane 100 ambalan ( HR : Muslim ).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Taubat ingkang bade tinampi wonten ngarsanipun Allah menika menawi netepi tigang perkawis, kados dawuh Mandhumah Hidayatul Adzkiya :

*

*

1. Neja tobat kanti nglahiraken istighfar nyuwun pangapunten.

2. Anggetuni lampah ingkang sampun kelajeng lan njabel saking sedaya lampah dosa .

3. Neja nilar lampah dosa kanti mboten ambangsuli ing wekdal ingkang bade dumugi.

Mugi mugi kita pinaringana pitedah saget tansah netepi taubat saha tambah thaay ibadah kanti istiqamah wekasan pinaringan husnul khatimah, Amiin.

* * : * * *

*

 

 

 

 

 

 

 

2

 

Ikhlas

* * * * * * * , * : * * ,

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita sesarengan tansah netepi ajrih lan taqwa dateng Allah, kanti tansah netepi taat dateng sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nebihi sedaya awisanipun. Ampun ngantos kuma wantun nilar kwajiban lan nglirwaaken dawuh dawuhipun Allah, lan ugi ampun ngantos kumo wanton nerjang awisanipun Allah.wonten ing kawontenan kados menapa kemawon, tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit ing dunya ngantos dumugining akherat, Amiin.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Saklajengipun mangga ihtiyar ngikhlasaken sedaya amal ibadah kita, bilih sedaya amal ibadah ingkang kita tindakaken sageta bersih saking sedaya seja lan pamrih sanes, kejawi murih ridlanipun Allah. Jalaran ikhlas punika minangka jiwanipun amal, artosipun amal ingkang katindakaken tanpa ikhlas punika bebasan jasad ingkang mboten wonten ruh ipun tentu mboten wonten ginanipun. Dados amal ingkang bade katampi dateng ngarsa dalem Allah inggih naming amal ingkang linandesan ikhlas . Kados dawuh dalem kanjeng Nabi Muhammad SAW. :

Gusti Allah ora bakal kersa nampa amal kang disertani ikhlas kerana murih ridlane Allah (HR.Ibnu Majah).

Wondene titik tolakipun amal punika wonten ing niyat, niyat ingkang ikhlas bade ndadosaken amal ingkang alit dados ageng, kosok wangsul, niyat ingkang mboten ikhlas saget ndadosaken amal ingkang ageng dados alit utawi kepara malah ndadosaken amal lebur tanpa gina. Sawenehing Ulama paring pengendika

: ,

Pirang pirang amal kang katone mung cilik, nanging ganjarane nuli dadi gede jalaran sangka becike niyat, lan pirang pirang amal kang katone gede, nanging wusanane dadi cilik ganjarane amerga luput olehe niyat

Ningali semanten perananipun niyat sak lebetipun amal, pramila menapa kemawon amal ingkang saget kita tindakaken eman sanget menawi mboten kaniyatan kanti ikhlas, jalaran wujudipun amal sami kemawon ikhlas utawi mboten, nanging labet saha ganjaran lan tinampinipun amal wonten ngarsanipun Allah inggih namung menawi saget katindakaken kanti niyat ingkang ikhlas murih ridlanipun Allah Taala.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Langkung langkung amal ibadah ingkang anggadahi dimensi sosial, punika langkung rentan dateng lumebetipun seja ingkang ngirangi, utawi kepara ngrisak dateng amal kita. Kados dene sedekah, tetulung dateng sesami lan sanesipun punika langkung gampil kecampuran niyat lan seja seja kamanungsan. Ing mangka miderek dawuh hadits ingkang sanget kawentar kanjeng Nabi ngengetaken kanti dawuhipun :

Bilih, tumrapipun satunggaling tiyang, punika bade pikantuk ganjaran miturut niyatipun . Lan Kanjeng Nabi mboten ngendika :

Bilih : tiyang menika mboten pikantuk ganjaran miturut amale, Nanging sepisan malih miturut niyate .

Ing ngajeng ugi sampun dipun aturaken dawuhipun Allah ing Al Quran :

Lan manungsa ora pada diperintah kejaba supaya ibadah marang Allah kelawan ikhlas murnekake taat marang Allah kerana nindakake dawuh agama kelawan lurus , lan pada njumenengake shalat lan pada aweh zakat, ya mengkono iku agama kang jejeg

(QS.Al Bayyinah: 5).

Wusananipun mugi mugi kita tansaha kaparingan pitedahipun Allah tansah saget nindakaken amal ibadah kanti ikhlas namung kerana nggayuh karidlan saking ngarsa dalem Allah Taala. Amin

* * *

 

 

 

 

 

 

3

 

Duraka

* * * * * * * * : : *

Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,

Minangka purwakaning atur keparenga kula ngakjak dateng awak kula lan panjenengan sedaya, mangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun , lan nebihi sedaya awisanipun, Inggih namung kanti taqwa dumateng Allah punika kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin. Jalaran inggih namung kanti iman lan taqwa punika kita sedaya bade manggih kawilujengan , Allah sampun njanjekaken kanti dawuhipun :

Lan Ingsun nyelametake marang wong wong kang pada iman lan wong kang pada tansah pada netepi taqwa.

(QS : Fushshilat : !8).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Ndadosna kauningan bilih lampah makshiyat, duraka dateng Allah punika ngrupekaken perkawis ingkang mahanani dumawahipun pinten pinten pasiksan dunya lan akhirat, lan ugi bade nglabeti awon tumrap para kawula lan negari, Allah nggambaraken wonten ing Al Quran pinten mawon ummat lan bangsa ingkang dipun tumpes tapis, mboten wonten balak lan musibah, penyakit lan pagebluk, lan sak warnining pasiksan kejawi naming kanti jalaran perbuatan dosa lan maksiyat. Dene mashiyat punika pendamel duraka tegesipun pembangkangan dateng Allah, sami ugi sebab mboten taat dateng perintah, utawi sebab kumawantun nerjang awisan saking ngarsanipun Allah. Contonipun kados dene iblis laknatullah, dipun laknat lan dipun berat dening Allah jalaran anggenipun mbangkang dateng dawuhipun Allah, mboten purun sujud dateng Nabi Adam Alaihis salam kerana takabbur. Qarun ingkang brewu, sugih mblegedu sugih banda bandu, diuntal bumi sak banda dunyane jalaran anggenipun mabangkang lan ingkar dateng kwajiban zakat, malah ndamel fitnah dateng Nabi Musa Alaihis salam. Mekaten ugi kaum Tsamud bangsanipun Nabi Shalih Alaihis salam sami dipun samber bledek, sabab anggenipun syirik lan nggorohaken Nabi Shalih. KaumAd bangsanipun Alaihis salam dipun tumpes kanti cleret tahun, angin niup kanti banter sanget, saha hawa ingkang sanget asrep lan suwanten ingkang gemuruh anggegirisi ingkang dipun wastani angin Shor shor. Pasiksan dunya ingkang mekaten wau sedaya mboten sanes amergi anggenipun mashiyat lan duraka dating Allah kanti takabur lan nggorohaken dateng Nabinipun. Kados dawuhipun Allah :

Ingsun Allah wis niyupake angin shor shor marang kaum Ad ana ing sak jerone dina dina siyal, supaya bangsa Ad mau pada ngrasakake inane pasiksan sak jerone urip ana ing dunya, lan yekti siksa akhirat iku luwih banget olehe nginakake, lan bangsa mau ora bakal ana kang mitulungi (QS. Fushshilat : 16).

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Ningali kasunyatan ing mangsa punika kita ugi sanget prihatos, amergi katahipun bencana lan mushibah ingkang dumados , raosipun manah mboten nate tentrem kebak raos kuatos. Pramila kanti tulada wonten ing dawuh dawuhipun Al Quran ingkang saget kita waos, tentunipun kita lajeng sami mangertos, sak lajengipun kita langkung ngatos atos , nambahi thaat ibadah lan anggen kita bektos, dateng ngarsa dalem Allah Taala ingkang Maha Kuwaos. Lan ugi ngirangi kepara mareni lampah mashiyat lan duraka supados Allah mboten ndawahaken bebendu dumateng bangsa kita punika. Miderek dawuh ke lajengipun ayat kados ingkang sampun kasebat ngajeng, sagetipun pikantuk margining kawilujengan mboten wonten sanes kejawi namung kanti nambahi iman lan taqwa kita dateng Allah, Sarana nambahi thaat lan ibadahipun, nuhoni dawuh lan perintahipun, mekaten ugi nilar lan nebihi saking samukawis awisanipun Allah, ampun ngantos kumawantun nerjang palang nerak wewaler lan cegahipun Allah. Mugi mugi kita tansah pinaringanna tetepipun iman, ugi saget netepi taqwa supados wilujeng saking sedaya bendunipun Allah Taala.

* * : * * * *

 

 

 

 

 

4

 

 

Rizki

* * * * * * * * : : *

Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,

Minangka purwakaning atur keparenga kula ngajak dateng awak kula lan panjenengan sedaya, mangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun , lan nebihi sedaya awisanipun, Inggih namung kanti taqwa dumateng Allah punika kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin.

Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,

Allah Taala menika Maha Mirah, sedaya makhluk ingkang gesang pinaringan rizki, langkung langkung kita para manungsa tentu dipun cawisi rizki dening Gusti Allah, amergi manungsa punika makhluk ingkang langkung mulya katimbang makhluk sanesipun. Allah dawuh wonten ing Al Quran :

Demi yekti temenan Ingsun mulyakake anak Adam, Ingsun angkat ana ing darat lan laut, lan Ingsun paringi rizki kang apik apik (QS. Al Isra 75)

Kemirahan lan welas asihipun Allah dateng kita para manungsa ugi kanti anggenipun Allah mulyakaken manungsa lan maringi rizki ingkang sae sae. Syaikh Qadli Baedlawi ngendikaaken bilih anggenipun Allah mulyaaken manungsa punika kanti perkawis lahir lan batin. Tegesipun tatalahiripun manungsa ingkang secara fisik anggadahi bentuk lan wewangunan ingkang langkung sae katimbang makluq sanes. Dene ingkang batin tegesipun ingkang mboten kawistara wujudipun inggih punika wujudipun akal, Inggih kanti akal punika manungsa saget faham mangertosi dateng perkawis ingkang dipun tampi dening panca ndriya.. Mekaten ugi kanti akal punika manungsa kaparingan pitedah kangge nggayuh pagesangan ingkang sae dunya lan akhirat. Lan ugi kanti akal punika manungsa saget nguwasani lan nggulawentah menapa mawon ingkang wonten ing bumi punika kangge lantaran pagesanganipun. Sahabat Ibnu Abas RA. ngisyarataken kanti dawuhipun :

,

Bilih sedaya khewan punika mendet tetedanipun langsung kanti cangkemipun, kejaba manungsa, dene manungsa punika ngangkat tetedan dating tutukipun punika kanti tanganipun.

Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,

Dawuh kasebat ngisyarataken bilih kamulyanipun manungsa menika dumunung wonteng ing akalipun. Bilih hewan nedi kanti langsung, nisbat hewan bangsa burung nggih kanti cucukipun, hewan bangsa rumangkang inggih kanti cunguripun, tanpa dipun rekadayani, nedinipun hewan langsung mawon tanpa di onceki, tanpa di matengi, mila manungsa sanget ina menawi dipun poyoki kados khewan,

Wondene manungsa nedi kanti tanganipun, punika ngisyarataken bilih manungsa kanti akalipun anggadahi reka daya, nedi ingkang eca eca, menawi kulitan dipun onceki, mentah dimatengi, dipun masak, dipun bumboni amrih saget lagkung eca lan nikmat, kanti reka daya tanganing manungsa. Menika sedaya bukti kamulyaning manungsa ngungkuli makhluk sanesipun. Emanipun kanugrahan punika sering dipun supekaken dening katahipun manungsa, sahingga kanti nafsunipun manungsa katah ingkang kecalan sifat kamanungsanipun ingkang sanget mulya punika. Wusananipun malah dados ina lan remeh katimbang makhluk hewani, lantaran anggenipun rakus, ngangsa, srakah, ngantos mboten merduleni awon sae, leres lepat, halal lan haram, sing penting keturutan karepe. Pramila kanti akal kita sageta ngendaleni dateng kekarepaning nafsu, mboten malah sewalikipun, akalipun nyengkuyung dateng pikajenganipun nafsu. Wusanaipun mangga kita sami makarya ngupaya boga kanti tetep gondelan pranataning agama. Kangge nggayuh kawilujengan lan kebahagyaaning gesang ing dunya, menapa dene akhirat. Kanjeng Nabi paring dawuh :

,

Sing sapa wonge golek dunya kanti halal lan ngreksa sangka njejaluk, tur kanggo nyukupi keluargane, kanggo tetulung marang tanggane, mangka Allah bakal nangekake wong mau besuk dina kiyamat, ing hale rahine wong mau padang trawangan berseri seri lir kadya rembulan tanggal purnama, lan sing sapa wonge golek dunya kanti halal, nanging tujuane kanggo akeh akehan numpuk banda, unggul unggulan, umuk umukan lan pameran, mangka besuk dina kiyamat sowan ing ngarsane Allah, kanti kahanane Gusti Allah duka lan mbendoni marang dewekke

Para sederek jama'ah Jum'ah rahimakumullah,

Pramila mangga samiya gumbregah makarya kanti niyat lan seja nempuh sarana nyadong rizki kanti niyat lan cara ingkang utami, Insya Allah sinaosa tata lahir kita makarya pados rizki guna kaya, nanging bade kalebet amal sae ingkang wonten piwales ganjaran saking ngarsa dalem Allah Taala , minangka nggayuh labekjan gesang wiwit dunya punika ngantos mbenjabng dumugi ing akhirat. Mugi mugi Allah maringana pitedah lan pitulungipun, kita kaparingana gesang ingkang sae, bekja mulya dunyan wa ukhra. Amin

.

* * : * * * *

 

5

 

 

Sabar

* * * * * * * * * * * : * *

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita samiya tansah netepi taqwa dateng Allah, kanti taqwa ingkang sakestu sarana tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun , wonten ing swasana kados menapa kemawon, kapan mawon, lan wonten ing pundi kemawon, nuju suka utawi berduka, kawontenan sulit utawi gampil, ing kawontenan sepen utawi rame , tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah, supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang saking ngarsa Dalem Allah Taala, wiwit gesang ing alam dunya punika ngantos mbenjang dumugining akherat, Amiin Allah sampun njanjekaken kanti dawuhipun :

Sejatine wong wong kang pada iman lan pada taqwa marang Allah, tumrape wong wong mau oleh kebungahan urip ana ing dunya lan ing akhirate.

(QS. Yunus 63-64).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Allah sampun paring dawuh :

Temenan Ingsun bakal nyoba marang sira kabeh kelawan pacoban kang rupa rasa wedi, luwe, suda bandane, suda nggaota keluargane, suda hasil bumine, lan mbebungaha sira ing wongkang pada sabar(QS.Al Baqarah : 155 ).

Kita gesang ing alam praja menika tentu tansah manggihi kerepotan lan masalah pagesangan ingkang mawerni werni. Sinten mawon tiyang menika mboten pandang bulu mesti nandang kerepotan. Tiyang sugih nggadahi kekuatiran menawi suda bandanipun, kuatos menawi dipun colong lan dipun rampas tiyang, langkung langkung ingkang miskin kuatos mboten saget neda. Tiyang ingkang pangkat inggil , kuatos menawi dipun paeka, dipun fitnah lan lengser saking pangkatipun, tiyang ndusun ingkang olah tetanen kuatos menawi gagal panenipun, utawi paling mboten suda pulu wetunipun, pedagang ageng kuatos rugi kirang untungipun, tiyang ingkang sehat, kuatos kirang kesehatanipun . Langkung langkung ingkang sakit. Kuatos pepisahan kaliyan perkawis ingkang dipun tresnani, inggih banda dunya hak milikipun, menapa dene nggaota keluarga ingkang dipun tresnani. Mekaten sak panunggalanipun , pacoben tentu temama dateng sinten kemawon. Wonten ingkang sanget ajrih lan kuatosipun , wonten ingkang mboten patos dipun raosaken. Wonten ingkang dangu lan wonten ingkang sekedap anggenipun ngraosaken. Sedaya punika minangka bunga rampai lan dinamika kehidupan.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Supados kita saget ngalap hikmah saking pacoben lan mushibah ingkang kita tampi, samiya tansah ngugemi lan netepi dawuh pangandikanipun Allah :

,

Lan wenehana kabar gembira tumrap wong kang pada sabar, yaiku wong wong kang nalika ketaman musibah pada ngucap : Inna lillahi wa inna ilaihi rajiun

(QS.Al Badarah : 156 ).

Dawuh punika ngagengaken manah kita, jalaran dumuginipun musibah bade mbeta bebingah saking ngarsanipun Allah, menawi sami saget nampi kanti kesabaran saha ngunduraken samu kawis dateng ngarsanipun Allah. Langkung perwaca malih dawuh sak lajengipun :

Wong wong kuwi mau bakal kaparingan keberkahan lan rahmat sangka Pangerane, ya wong wong kang mengkono iku wongkang pada oleh pituduh (QS.Al Baqarah : 156 ).

Dados lahiripun musibah mila nuwuhaken kasengsaran lan keprihatosan, nanging estu bade nuwuhaken hikmah ingkang sanget ageng menawi saget nampi musibah kanti sabar , saha nyikapi bilih musibah estu namung minangka pacoben lan ujian tumrap kita sedaya. Sak lajengipun kita kedah faham bilih ujian menika mila mboten tumatrap kagem tiyang ingkang lepat kemawon, nanging sumrambah wrata dateng tiyang katah. Lajeng kados pundi wusananipun anggenipun nampi, sanget gumantung dateng cara anggenipun nampi lan nyikapi dateng kawontenan punika . Tumrap kita minangka jejering tiyang muslim, ampun kok musibah ingkang sanget awrat, sedeng ingkang sanget sepele kemawon, bade mbeta hikmah, minangka tebusan saking kalepatan ingkang sampun kelajeng. Kados dawuh dalem Kanjeng Nabi :

Ora ana sawijining wong Islam kang lagi ketaman coba rupa payah, lara utawa susah, nganti eri kang ngenani marang deweke, kejaba Allah mesti bakal nebusi dosa lupute sebab pacoban mau .

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Menika wau menawi sedaya mushibah lan pacoben tinampi kanti sabar lang sedaya kawangsulaken saking kuasa lan kersanipun Allah Taala.

Mugi mugi samu kawis kedadosan ingkang matumpa tumpa tansah gilir gumantos, mboten kendel kendel punika , sedayanipun sageta tinampi kanti sabar, tundonipun nuwuhaken hikmah ingkang ageng tumrap kita, saya tambah taat lan ibadahe, saya suda makshiyate, saya kandel lan tebel imane, wekasan kaparingan pungkasan ingkang sae, kanti ridlanipun Allah Subhanahu wa Taala Amiin.

* * *

 

6

 

Nimat islam

$ $ $ $ $ $ $ $ $

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Mangga tansah samiya netepi taqwa lan taat dateng ngarsa Dalem Allah kanti ambudi daya amrih saget nindakaken sedaya dawuh lan printahipun, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, sarana tansah angrungkebi Iman lan Islam ing saklebetipun gesang punika, ngantos pejah netepana Iman lan Islam sahingga pungkasan kita pinaringan khusnul khatimah.

Kados dawuhipun Allah :

 

He wong wong kang pada iman, Pada wediya sira kabeh ing Gusti Allah kelawan sak nyatane wedi ing Gusti Allah, lan aja mati temenan sira kabeh kejaba sira kabeh minangka wong Islam .(QS. Ali Imran 102)

Inggih pejah ingkang netepi Islam mekaten, minangka sampurnane nikmat peparingipun Allah ingkang rinten lan dalu tansah kita suwun, Sayyidina Ali nate paring dawuh:

 

Sampurnane nikmat yaiku mati netepi Islam

 

 

Pramila kita kedah tansah berusaha kangge nggayuh sampurnane nikmat menika, sarananipun saklebetipun gesang punika samu kawis lampah kita sak wetahipun kedah tansah miderek menapa ingkang sampun katentokaken dening tuntunan agami kita. Ampun ngantos Islamipun namung nalika wonten masjid, langgar musholla, kemawon. Anggen kita makarya, srawung bermasyarakat adat istiyadat, berbudaya kedah tansah miderek tuntunan syariat Islam. Sebab tuntunan agami kita punika sanget komplek lan lengkap, wiwit saking perkawis ingkang sanget sepele lan pribadi dipun atur lan dipun tata mawi pranatan agami, kadosta masalah kita ingkang sanget pribadi, kita sare, dahar ngunjuk ngantos bebucal lan sak panunggalanipun. Punika perkawis ingkang sangat pribadi, menapa malih perkawis ingkang sesambetan kaliyan tiyang sanes, kados pundi kita berkeluarga lan bermasyarakat tentu sedayanipun dipun atur dening agami kita. Ingkang sedayanipun supados gesang kita punika teratur mboten wonten ingkang nandang kapitunan. Malah kepara samukawis aktifitas gesang kita menawi saget miderek tuntunan agami bade dumunung ibadah wonten ngarsanipun Allah SWT. Pramila sejatosipun Allah maringaken agami Islam dateng para manungsa punika yektosipun supados gesangipun manungsa saget nggayuh kawilujengan lan kauntungan dunya lan akhiratipun. Ampun ngantos kita kenging pengaruh faham sekularisme, faham ingkang nganggep bilih Islam punika namung ngatur urusan hubungan kaliyan Allah kemawon, kados ingkang kaemot ing rukun Islam ingkang gangsal, syahadat, shalat zakat pasa lan haji kemawon, sanesipun punika dipun anggep sanes urusan agami. Faham mekaten bade nyasaraken dateng kita, jalaran urusan gesang kita punika sanget komplek mboten namung urusan ibadah mahdloh mawon ingkang dipun atur dening agami, nanging kados pundi kita nyambet hubungan dateng tiyang sanes, ugi dipun tata lan dipun tuladani dening Nabi kita. Sahingga sak wetahipun gesang kita punika kedah nderek dateng tuntunan syariat lan ajaran agami kita Islam punika. Kados dawuhipun Allah :

 

He wong wong kang pada iman, Pada mlebua sira kabeh ing ndalem Agama Islam secara sampurna, lan aja pada manut sira kabeh ing lakune syetan, sejatine syetan iku mungsuh kang cetha tumrap sira kabeh.

(QS.Al-Baqarah 208).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Samu kawis lelampah kita menawi kepengin wilujeng lan manggih kauntungan kedah tansah nderek tuntunaning agami, sae perkawis ingkang katingal sepele, menapa malih ingkang wigatos, urusan ingkang sanget pribadi menapa dene ingkang sesambetan kaliyan tiyang sanes, ampun ngantos nyebal saking pranatan agami.

Mugi-mugi Allah SWT. tansah maringi taufiq hidayah lan inayahipun dumateng kita sedaya, sahingga kita saget nyampurnakaken iman lan taqwa kita dumateng Allah SWT. Ingkang akhiripun mbeta dumateng kebahagiaan kita wonten ing dunya lan akhirat. Amiin.

$

$ $

 

7

 

Nggegampang Sholat.

 

$ $ $ $ $ $ $ $ : : $

Para sederek jamaah Jumah Rahimakumullah,

Sesarengan mangga tansah kita tingkataken iman lan taqwa kita dumateng Allah Subhanahu wa Taala, injih kanti nindakaken dawuh-dawuhipun lan nebihi awisan-awisanipun, kanti mekaten mugi-mugi kita kalebet golonganipun tiyang ingkang beja dunya lan akhiratipun, Amiin.

Sak lajengipun sesarengan mangga kita kiyataken pangertosan lan kesadaran kita bilih shalat fardlu ingkang dados sakaning agami Islam lan sarana kagem kita nglaksanaken munajat dumateng Allah SWT. estu mujudaken kwajiban saking Allah ingkang sampun dipun tentokaken wekdalipun. Ngakhiraken shalat ngantos mbrojol saking wekdalipun termasuk dosa ageng.

Tafsir saking pangandikanipun Allah wonten ing Al Quran :

 

 

Saktemene neraka wail iku kanggo wongkang pada shalat, yaiku wong kang pada lali karo shalate

( QS. Al-Maun: 4-5)

 

Rasulullah SAW. ngendika:

 

 

Yo iku wong-wong kang ngakhirake shalat nganti mbrojol wektune

 

 

Wail yo iku bangete siksa, setengah pangandika nerangaken bilih wail yo iku sawijining jurang ana ing neraka Jahannam, kang lamuna gunung-gunung dunya dijegurake ana jurang mau, mesti bakal ajur remuk amerga bangeting panase wail mau. Lan Wail iku bakal dadi panggonane wong-wong kang pada ngakherake shalat nganti mbrojol sangka wektune.

 

Bapak-bapak, para sederek jamaah Jumah Rahimakumullah,

Sampun dados kwajiban tumrap kita sedaya ingkang asifat harian, lan sanget umum sumrambah wajib tumrap sedaya tiyang Islam. Kwajiban sanesipun sami-sami rukun Islam mboten sami kaliyan shalat fardlu. Shiyam namung saben wulan Ramadlan, tiyang ingkang mboten mampu kenging mboten shiyam. Kwajiban zakat inggih namung setahun sepisan, mligi kangge tiyang Islam ingkang sampun kuwaos, sugih bandanipun jangkep setunggal nishab. Tiyang Islam ingkang miskin mboten wajib ngedalaken zakat, malah kenging nampi lan diparingi zakat. Mekaten ugi ibadah haji langkung mligi kangge tiyang Islam ingkang sampu anggadahi kemampuan lampahipun menapa dene tenaganipun. Ananging kwajiban shalat tumatrap kangge sedaya tiyang Islam ingkang mukallaf, tur kedah katindakaken saben dinten, sinaosa nuju kesahan tebih utawi sakit lan sanes sanes ipun. Keribetan menapa kemawon mboten saget dados alasan nilaraken shalat.

Pramila mangga kita langkung ngatos atos anggenipun njagi shalat fardlu langkung-langkung shalat shubuh, supados kita tebebas saking sebagian sifatipun tiyang-tiyang munafiq ingkang tansah mbrojolaken wekdal subuhipun, amergi ngraos awrat nindakaken sholat isak lan shubuh. Kados dawuhipun Rasulullah:

 

Abot-abote shalat mungguhing wong munafiq yaiku shalat isak lan shubuh.

Mugi Allah tansah paring pitedah lan pitulung dateng kita, saget tansah njagi kwajiban shalat gangsal wekdal saha wilujeng saking sifatipun tiyang munafiq Amin.

 

$

$ $

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

8

 

Pacobaning urip

 

 

$ $ $ $ $ $ $ $ $

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Mangga kita samiya nambahi taqwa lan taat kita dateng Allah, kanti tansah nindakaken sedaya perintah lan dawuh-dawuhipun Allah, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, wonten ing swasana kados menapa kemawon, nuju bingah utawi sisah, kawontenan jembar longgar utawi rupeg, ing kawontenan rame utawi sepi, tansah netepana taqwa dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat saking ngarsa Dalem Allah Taala.

Para sederek, Menawi kita penggalih sak estunipun kanugrahan peparingipun Allah dateng kita punika katah lan ageng sanget, bumi dipun titahaken mboten sanes inggih kangge kita sedaya, langkung-langkung bumi kita nuswantara punika bumi ingkang ijo royo-royo, subur makmur loh jinawi. Ananging kenging menapa kasunyatan kita kirang pangan, kabukten negari kita impor beras saking negari monco, lare-lare katah ingkang menderita gizi buruk, sahingga katah nuwuhaken korban jiwa, prasasat kados tetembungan tikus mati di lumbung padi. Mekaten ugi mushibah lan bencana alam dumados ing pundi-pundi papan, banjir, tanah longsor, angin ribut, cleret tahun lan sak pinunggalipun katah nuwuhaken bebanten. Lahan pertanian katah ingkang risak katerak mushibah sahingga gagal panen, tundonipun larang tetedan. Raos kuwatos lan raos ajrih tansah menghantui manahipun warga masyarakat. Dereng malih reregan barang barang kebutuhan saya awis, san saya damel prihatosing bangsa kita. Raosipun gesang punika saya awrat lan saya sulit mboten nate ngraos tentrem kebak raos kuwatos. Menapa jalaranipun?

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Mbok bilih perkawisipun jalaran anggen kita sedaya mboten sami pinter syukur dateng nikmat kanugrahan peparingipun Allah dateng bangsa kita punika. Ateges kita sami kufur tegesipun ingkar mboten syukur nikmat paringipun Allah. Kaparingan bumi ingkang subur, toya ingkang melimpah, sumberdaya alam ingkang ageng, nanging mboten dipun gula wentah lan dipun kelola kanti sae, malah kosok wangsulipun dipun ekploitasi kanti ngliwati bates, ngruda peksa dateng kawontenan alam tanpa metang dateng bebaya ingkang dipun timbulaken. Wusananipun lantaran alam punika ugi, Allah maringaken pacoben dateng kita. Kawontenan mekaten jumbuh kaliyan dawuhipun Allah ing Al-Quran

$

 

Allah wis maringi conto, sawijining negeri kang makmur, aman, tentrem ayem, rizqine melimpah ruah teka sangka kabeh arah. Nanging penduduke banjur pada ngufuri marang nikmat nikmate Allah, akibate Allah nimpakake larang pangan lan rasa wedi, amerga tumindak kang wus pada dilakoni

(QS. An Nahl: 112).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Miderek dawuh kasebat jawabipun sampun terang bilih bangsa kita punika sami kafarat bi anumillah, mila kesuburaning bumi punika mboten mbeta kesejahteraan lan katenangan, jalaran salah urus minangka bukti anggenipun mboten syukur dateng nikmat peperingipun Allah. Pramila kita kedah pinter ngelola lan nggula wentah lan mbudi daya alam punika, kanti tetep njagi keseimbanganipun, menapa dene kelestarianipun, mboten malah damel risak ingkang tundanipun nuwuhaken bebaya lan bencana ingkang tansah ngancam dating kita sedaya.

Mekaten ugi samukawis kanugrahan peparingipun Allah kita syukuri, kanti kita ginakaken ingkang sak mestinipun, minangka sarana kumawula lan ngibadah kita dateng ngarsanipun Allah. Dene kawontenaning prastawa musibah ingkang katah kedadosan sageta kita alap tepa tulada lan piwucal, amrih kita langkung ngatos atos lan mawas dateng lelampah kita ingkang sampun kelajeng, samiya katah istighfar nglenggana awit dosa lan lepat kita, sahingga Allah maringaken hikmah saking sedaya mushibah punika minangka pepenget dateng kita. Jalaran tentu Allah mboten bade nimpakaken mushibah dateng kawulanipun penduduk negari punika ngantos tuwuh kerisakan, menawi pancen kita sedaya penduduk negri punika tansah nindakaken amal kesaenan. Kados dawuhipun Allah:

Pangeranmu ora pisan-pisan bakal ngrusak negara-negara kelawan aniaya, ing mangka penduduke negara kuwi wong wong kang pada nggawe becik. (QS. Hud 117).

Wusananipun kawontenan prihatos punika enggal gumantasa kanugerahan lan kebingahan ingkang nuwuhaken kesejahteraan tumrap kita sedaya. Ndadosaken saya taat lan caket kita dateng ngarsa dalem Allah Taala. Mugi-mugi Allah ngijabahi panyuwun kita. Amin .

$ $ $ $

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

9

 

Istighfar

 

 

$ $ $ $ $ $ $ $ : : $

 

Para sederek jamaah Jumah Rahimakumullah,

Sesarengan mangga tansah kita tingkataken iman lan taqwa kita dumateng Allah Subhanahu wa Taala, injih kanti nindakaken dawuh-dawuhipun lan nebihi awisan-awisanipun, kanti mekaten mugi-mugi kita kalebet golonganipun tiyang ingkang beja dunya lan akhiratipun Amiin.

Sak lajengipun mangga sesarengan tansah kita sadari bilih salah satunggaling amaliyah agami ingkang prayogi kita lampahi saben dinten, injih punika istighfar, nyuwun maghfirah lan pangapunten dateng Allah SWT. Awit sakatahing dosa lan kesalahan ingkang sampun kita lampahi.

Kagem kita Kaum muslimin, istighfar mujudaken satunggaling kanugerahan ingkang ageng saking ngarsanipun Allah SWT. Sebab kanti pengampunan pinika kita saget lepas saking adzab lan siksanipun Allah Taala. Wonten ing al-Quran katah ayat-ayat ingkang ndawuhaken supados kita tansah nindakaken istighfar. Malah sebagian saking dawuh istighfar kasebat, wonten ingkang pun dawuhaken langsung dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW. Kados ayat:

Maha nucekna sira Muhammad , kanti pujine Pangeranira, lan nyuwuna pangapura sira marang Pangeranira, Sak temene Pangeranira iku Dzat Kang Maha Nrima taubat. (An Nashr: 3)

 

Para sederek jamaah Jumah Rahimakumullah,

Dawuh istighfar dumateng Kanjeng Nabi punika estu mujudaken satunggaling perkawis ingkang prayogi kita renungaken. Sebab sebagai Nabi lan Rasul, Rasulullah Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam, mujudaken satunggaling piyantun ingkang mashum, pribadi ingkang terjagi saking dosa lan kalepatan. Ananging kenging menapa panjenenganipun tasih kadawuhan nindakaken istighfar?

Jawabipun mboten sanes kejawi kita kaum Muslimin langkung terdorong anggenipun nindakaken istighfar kasebat. Artosipun, menawi Rasulullah Muhammad Sallallahu alaihi wa sallam ingkang mashum kemawon tansah nindakaken istighfar, punapa malih kita sebagai tiyang biasa ingkang mboten lepas saking dosa lan kalepatan, tentu kemawon kedah langkung katah anggenipun nindakaken istighfar.

 

Para sederek jamaah Jumah Rahimakumullah,

Kejawi punika, nindakaken amaliyah istighfar ugi ngandung hikmah lan makna ingkang mendalam, antawisipun, istighfar ndidik lan ngarahaken kita sedaya supados anggadahi sikap andap asor, amergi wontenipun kesadaran bilih mboten wonten tiyang ingkang saget terlepas saking lampah maksiyat lan dosa.

Mekaten ugi kanti ngatahaken istighfar kita saget lepas saking sikap rumangsa suci. Satunggaling sikap ingkang pun benci dening Allah SWT,

Dawuhipun Allah ing Al Quran :

Mangka aja rumangsa suci awak ira kabeh, Sak temene Allah iku Dzat Kang Luwih pirsa marang wong kang taqwa.

Pramila, sesuai kaliyan kekiatan kita piyambak-piyambak, mangga kita tansah, ngatah-ngatahaken istighfar, supados kita kaparingan maghfirah lan pangapunten saking ngarsa Dalem Allah Taala, Dzat ingkang Ngapunten dosa dosa.

Mugi-mugi Allah Taala tansah paring pitedah lan pitulung dumateng kita sedaya. Amiin.

$ $ $

10

 

Taqwa

 

 

$ $ $ $ $ $ : $

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Mangga tansah samiya netepi taqwa lan taat dateng ngarsa Dalem Allah kanti ambudi daya amrih saget nindakaken sedaya dawuh lan printahipun, saha nilar lan nebihi sedaya awisanipun, Kanti tansah netepi taqwallah ing saklebetipun gesang punika, Insya Allah kita bade tansah kaparingan kabekjan wiwit gesang ing ngalam dunya punika ngantos mbenjang dumugi ing ngalam akhirat.

Para sederek,

Tembung taqwa punika mboten asing tumrap kita, sampun biasa kita pireng lan kita ucapaken, tembung lan kalimat menika enteng sanget kita ucapaken, ananging kangge nindakaken sakestu mboten gampil kados gampilipun kita ngucapaken. Menggah ringkesipun taqwa punika kedah mengku kalih perkawis ingkang langkung wigatos, Kados dawuhipun Imam Al Ghazali bilih taqwa punika:

Nderek sedaya perintah lan nebihi sedaya awisan

Kasunyatan mila katah kita raosaken bilih nindakaken dawuh lan perintah, punika langkung gampil katimbang nilar awisan, sahingga kita kedah mangertos dasar dasar taqwa ingkang sakestu. Mila taqwa mbetahaken dateng ilmi, tanpa ilmu mboten mungkin tiyang saget netepi taqwa. Para Ulama dawuh bilih taqwa punika rangkaian saking ilmu, amal lan istiqamah. Pramila wonten ing mriki dumunungipun kita wajib nindakaken tholabul ilmi. Jalaran ilmu minangka dasar taqwa lan ibadah kita dateng ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Taala.

Sak sampunipun kita mangertos kanti ilmi punika wau, menapa ingkang kedah katindakaken saking perintah perintahipun Allah, lan menapa ingkang kedah katilar lan dipun tebihi saking sedaya awisan-awisanipun Allah, kita dipun tuntut ngamalaken ilmu lan kaweruh kasebat. Sahingga mangertos kemawon dateng perintah perintah lan laranganipun Allah nanging mboten ngamalaken ilmunipun mboten saget kawastanan taqwa. Semanten ugi tiyang ingkang mangertosi ilmi, lan ngamalaken ilminipun dereng dipun wastani tiyang ingkang taqwa menawi dereng saget ngamalaken kanti istiqamah, tegesipun ajeg lan jejeg. Ingkang katah malih tiyang saget nindakaken perintahipun Allah, nanging kasunyatan dereng saget nilar awisan awisanipun. Kwajiban dipun tindakaken, nanging kesenengan nglampahi dosa lan awisan agami ugi jalan terus. Menika bukti bilih taqwa punika mila mboten enteng. Ananging menawi sakestu taqwa saget katindakaken sinaosa kanti awrat kados menapa, wonten jaminan saking ngarsanipun Allah kebahagiaan gesang dunya ngantos akhirat. Dawuhipun Allah:

$ $

Won-wong kang pada iman lan pada taqwa, tumrap wong-wong mahu kabungahan ing ndalem panguripan dunya lan akhirat, ora ana owah-owahan kanggo janjine Allah, Kang mengkono mau minangka kabegjan kang agung (QS.Yunus: 63-64)

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Dados taqwa sakestunipun ngrupekaken kebetahan kita, menawi kita kepengin nggayuh pagesangan ingkang bahagia dunya lan akhirat. Mekaten ugi saklebetipun pagesangan ingkang sarwa sulit lan kebak masalah punika sakestunipun taqwa ugi minangka jalan keluar kangge nggayuh pitulung lan kemudahan saking ngarsa dalem Allah. Kados dawuhipun Allah ing Al-Quran:

 

Lan sapa wae kang taqwa marang Allah, mangka mesti Allah bakal ndadekake perkara kang angel sangka wong kuwi dadi gampang (QS. At-Thalaq : 4)

 

Pramila kita kedah menyadari bilih taqwa menika sak yektosipun satunggaling amalan ingkang kangge sarana nggayuh kebahagiyaan gesang kita piyambak.

Nanging kosok wangsulipun menawi kita gesang menika rumaos repot menawi kedah netepi aturan aturan, sae ingkang arupi kwajiban menapa dene larangan, kanti alasan kepengen merdika lan bebas nuruti kekarepan lan pepinginan, tentu ing tembe bade mangertos piyambak kapitunanipun. Sahingga getun keduwung tembe wingkingipun, nampi akibat anggenipun nguja hawa kepengen merdika, nanging ternyata duraka dateng ngarsanipun Pangeran, wusananipun kesasar lampa-hipun wonten ing juranging kanistan lan kainan. Mila mangga-mangga samiya kersa menggalih kanti weninging manah, bilih samu kawis lampah kita temtu bade mbeta akibat ingkang kita piyambak ingkang bade nampi, awon utawi sae. Kanjeng Nabi ugi nate paring pepenget dateng kita kanti dawuhipun:

 

Uripa sak karepmu ngertiya sira mesti bakal mati, tumindaka sak karepmu ngertiya sira mesti bakal diwales sebab tumindakmu, senenga sak karepmu ngertiya sira mesti bakal pisah karo kang sira tresnani

 

Mugi-mugi kita tansah pinaringan pitedah lan pitulung saget nindakaken kwajiban kita ngumawula lan ngibadah dateng ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Taala. Amiin.

 

$ $

$

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

111

 

 

Khuthbah Tsaniyah

$ $ $ $ $

$ $ : . $ $ $ $

$ $ $ $ $ $ $ $ $ $ $ $ $ $ $ $ . $